Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 46

LAGU 49 Nyenengké Atiné Yéhuwah

Apa Njenengan Péngin Dadi Abdiné Jemaat?

Apa Njenengan Péngin Dadi Abdiné Jemaat?

”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”KIS. 20:35.

INTI

Nyemangati sedulur-sedulur lanang sing wis dibaptis bèn péngin lan berupaya memenuhi syarat dadi abdiné jemaat.

1. Piyé pendapaté Rasul Paulus soal para abdiné jemaat?

 PARA abdiné jemaat nduwé peran penting ing jemaat. Rasul Paulus menghargai banget sedulur-sedulur kuwi. Misalé, ing suraté kanggo wong Kristen ing Filipi, Paulus nyebutké nèk surat kuwi ora mung kanggo para pinituwa, tapi ya kanggo para abdiné jemaat.—Flp. 1:1.

2. Critakna apa sing dirasakké Luis merga nglayani dadi abdiné jemaat.

2 Ora soal isih enom utawa wis tuwa, ana akèh sedulur lanang sing ngrasakké seneng merga isa nglayani dadi abdiné jemaat. Devan dilantik dadi abdiné jemaat wektu umur 18. Luis dilantiké wektu umur 50. Luis crita, ”Aku seneng banget isa nglayani dadi abdiné jemaat merga aku dadi isa nglayani para sedulur. Meréka wis sayang karo aku, dadi aku péngin nduduhké rasa sayangku karo meréka.”

3. Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas?

3 Nèk njenengan sedulur lanang sing wis dibaptis, tapi durung nglayani dadi abdiné jemaat, apa kuwi isa dadi cita-citané njenengan? Nèk iya, kuduné kepéngin nduwé cita-cita kuwi merga apa? Terus, apa syarat-syaraté ing Alkitab? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki. Tapi sakdurungé, ayo mbahas sik apa waé tugasé abdiné jemaat.

TUGASÉ ABDINÉ JEMAAT

4. Apa waé tugasé abdiné jemaat? (Deloken gambar.)

4 Abdiné jemaat kuwi sedulur lanang terbaptis sing dipilih nganggo roh suci kanggo ngurusi akèh tugas penting ing jemaat kanggo ndhukung para pinituwa. Tugasé apa waé? Ana sing ngurusi dhaérah nginjil lan publikasi, ana sing resik-resik lan ngrawat Balai Ibadah, terus ya ana sing dadi petugas tata tertib lan operator audio vidéo. Akèh-akèhé tugasé meréka kuwi sing ana hubungané karo tèknis. Tapi tetep meréka kuwi wong-wong sing rohaniné apik, tingkah lakuné sesuai karo pathokan ing Alkitab, sayang Yéhuwah, lan ya sayang karo para sedulur. (Mat. 22:​37-39) Nah, apa sing kudu diupayakké sedulur lanang sing wis terbaptis nèk péngin dadi abdiné jemaat?

Kaya Yésus, para abdiné jemaat réla nglayani liyané (Deloken paragraf 4)


5. Apa sing kudu dilakukan nèk péngin dadi abdiné jemaat?

5 Ing Alkitab ana persyaratan bèn isa nglayani dadi abdiné jemaat. (1 Tim. 3:​8-10, 12, 13) Njenengan isa mempelajari lan ngupayakké tenanan kanggo memenuhi syarat-syarat kuwi. Tapi sakliyané kuwi, sing paling penting, njenengan kudu mastèkké sik alesané njenengan péngin dadi abdiné jemaat.

ALESANÉ KUDUNÉ MERGA APA?

6. Gelem nglayani para sedulur kuwi alesané kuduné merga apa? (Matius 20:28; deloken gambar.)

6 Gatèkna contoné Yésus. Apa waé sing dhèwèké lakukan kuwi alesané mesthi merga sayang Yéhuwah lan wong liya. Kuwi sing marakké dhèwèké gelem kerja keras, bahkan gelem nglakoni tugas-tugas sing biasané dianggep rèmèh. (Wacanen Matius 20:28; Yoh. 13:​5, 14, 15) Nèk alesané njenengan gelem nglayani kuwi kaya Yésus, Yéhuwah bakal mberkahi lan mbantu bèn njenengan isa memenuhi syarat dadi abdiné jemaat.—1 Kor. 16:14; 1 Ptr. 5:5.

Yésus ngekèki conto bèn para rasulé rendah hati gelem nglayani, dudu péngin dianggep penting (Deloken paragraf 6)


7. Nèk péngin dadi abdiné jemaat, ngapa kok alesané ora éntuk merga péngin menonjol?

7 Wong-wong saiki padha ngupaya dadi sing paling apik, lan wong-wong kaya ngono kuwi sing biasané malah dikagumi. Tapi nèk umaté Yéhuwah ora kaya ngono. Kaya Yésus, nèk péngin nglayani kuwi alesané kuduné merga sayang wong liya, dudu merga péngin nduwé jabatan, wewenang, utawa dianggep luwih penting. Coba bayangna piyé nèk misalé wong sing péngin dianggep penting, dilantik ing jemaat. Merga ngrasa nèk dhèwèké wong penting, dhèwèké mungkin ora gelem nglakoni tugas-tugas sing dianggep rendah, padahal kuwi dienggo kepentingané umaté Yéhuwah. (Yoh. 10:12) Yéhuwah ora bakal mberkahi upayané wong-wong sing melakukan sesuatu merga sombong utawa péngin menonjol.—1 Kor. 10:​24, 33; 13:​4, 5.

8. Yésus ngekèki naséhat apa kanggo para rasulé?

8 Kanca-kanca cedhaké Yésus ya ana sing tau péngin éntuk tugas tertentu, tapi alesané ora bener. Misalé, Rasul Yakobus lan Yohanes. Meréka tau njaluk bèn Yésus ngekèki meréka kedudukan istiméwa ing Kerajaané Gusti Allah. Yésus ora muji kepénginané meréka. Malah kabèh rasulé diomongi ngéné, ”Sapa waé ing antaramu sing péngin dadi sing utama kudu nglayani liyané lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji kudu dadi budhak kanggo liyané.” (Mrk. 10:​35-37, 43, 44) Para sedulur lanang sing péngin dadi abdiné jemaat lan alesané merga péngin nglayani liyané, bakal dadi berkah kanggo jemaat.—1 Tés. 2:8.

PIYÉ BÈN TAMBAH PÉNGIN NGLAYANI PARA SEDULUR?

9. Piyé bèn nduwé kepénginan kanggo dadi abdiné jemaat?

9 Njenengan mesthi sayang Yéhuwah lan péngin nglayani liyané. Tapi isa waé njenengan ora péngin melakukan tugas tambahan dadi abdiné jemaat. Nah, piyé bèn isa nduwé kepénginan kuwi? Coba pikirna bahagiané njenengan nèk isa melakukan sesuatu kanggo para sedulur. Ing Kisah 20:35 Yésus ngomong, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.” Yésus dhéwé wis ngetrapké ayat kuwi lan ngrasa bahagia merga nglayani wong liya. Njenengan ya isa kaya ngono.

10. Apa buktiné nèk Yésus bahagia nglayani wong liya? (Markus 6:​31-34)

10 Apa buktiné nèk Yésus bahagia nglayani wong liya? (Wacanen Markus 6:​31-34.) Wektu kuwi, Yésus lan rasul-rasulé wis kesel. Meréka arep lunga ing panggonan sing sepi kanggo istirahat. Tapi pas wis tekan kana, ternyata ana akèh wong sing wis nunggu merga péngin diwulang Yésus. Sakjané, Yésus isa waé nolak. Apamanèh, wektu kuwi dhèwèké karo murid-muridé ”ora kober mangan”. Yésus ya isa waé mung mulangké siji utawa loro topik. Tapi, ternyata malah ana akèh sing diwulangké Yésus. Bahkan mulangé nganti ”soré”. (Mrk. 6:35) Yésus gelem kaya ngono merga ”ngrasa mesakké karo wong-wong kuwi”. Yésus péngin mulang meréka merga sayang karo meréka. Kuwi bukti nèk nglayani wong liya marakké Yésus bahagia.

11. Apa buktiné nèk Yésus ya nggatèkké kebutuhané wong liya? (Deloken gambar.)

11 Yésus ora mung mulang, tapi ya nggatèkké kebutuhané wong-wong kuwi. Yésus nyedhiakké panganan, terus ngongkon murid-muridé ngedumké panganan kuwi. (Mrk. 6:41) Sakjané, kuwi carané Yésus ngajari murid-muridé bèn nglayani wong liya. Yésus ya nduduhké nèk tugas-tugas tèknis kaya ngono, sing ya dilakukan abdiné jemaat jaman saiki, kuwi ya penting. Para rasul mesthi bahagia isa kerja sama karo Yésus lan ngedumké panganan kuwi nganti ”kabèh wong kuwi mangan nganti wareg”. (Mrk. 6:42) Ora mung pas kuwi thok, tapi selama uripé, Yésus selalu nglayani wong liya, ngutamakké kepentingané wong liya timbang kepentingané dhéwé. (Mat. 4:23; 8:16) Yésus puas lan bahagia banget isa mulang lan nggatèkké kebutuhané wong liya. Nèk nglayani dadi abdiné jemaat, njenengan ya bakal ngrasa bahagia kaya Yésus.

Njenengan mesthi dadi péngin melakukan sesuatu kanggo para sedulur nèk sayang karo Yéhuwah lan péngin nglayani meréka (Deloken paragraf 11) a


12. Ngapa kok aja nganti ngrasa ora berguna kanggo para sedulur?

12 Nèk rumangsa ora nduwé ketrampilan tertentu, aja cilik ati. Mesthi ana sifat apiké njenengan sing isa bermanfaat kanggo para sedulur. Coba njenengan ndonga, maca, lan ngrenungké kata-katané Paulus ing 1 Korintus 12:​12-30. Saka kata-katané Paulus, jelas nèk kabèh umaté Yéhuwah, termasuk njenengan, kuwi berharga lan nduwé peran penting ing jemaat. Nèk saiki durung memenuhi syarat dadi abdiné jemaat, aja putus asa. Tetep upayakna apa sing isa njenengan lakukan kanggo nglayani Yéhuwah lan para sedulur. Yakina nèk para pinituwa mesthi mikirké njenengan lan bakal ngekèki tugas sing sesuai karo kemampuané njenengan.—Rm. 12:​4-8.

13. Ngapa kok persyaratan kanggo dadi abdiné jemaat kuwi sakjané ora angèl?

13 Nèk rumangsa persyaratan kanggo dadi abdiné jemaat kuwi terlalu angèl, coba pikirna: Mèh kabèh persyaratan dadi abdiné jemaat kuwi hal-hal sing mémang kudu diupayakké kabèh wong Kristen. Misalé kudu akrab karo Yéhuwah, seneng ngekèki, lan manut pathokané Yéhuwah. Dadi, mungkin mèh kabèh persyaratan kuwi wis njenengan penuhi. Nah, apa sing khususé isa diupayakké para sedulur lanang bèn isa nglayani dadi abdiné jemaat?

APA WAÉ SING KUDU DIUPAYAKKÉ?

14. ”Wong sing serius” kuwi maksudé piyé? (1 Timotius 3:​8-10, 12)

14 Ayo mbahas beberapa persyaratan sing ditulis ing 1 Timotius 3:​8-10, 12. (Wacanen.) Abdiné jemaat kuwi kudu ”wong sing serius”. Istilah kuwi isa berarti ”pantes dihormati” utawa ”pantes diajèni”. Tapi ”serius” kuwi ora berarti ora isa dijak guyon. (Pkh. 3:​1, 4) Wektu dikèki tugas, wong sing ”serius” mesthi bakal bertanggung jawab lan tenanan ngerjakkéné. Hasilé, para sedulur bakal ngerti nèk njenengan isa diendelké lan bakal ngajèni njenengan.

15. ”Ora munafik”, ”ora srakah”, lan ”ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur” kuwi maksudé apa?

15 ”Ora munafik” kuwi berarti jujur, tulus, lan isa dipercaya. Terus ya nepati janji lan ora seneng ngapusi. (WB. 3:32) ”Ora srakah” lan ”ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur” kuwi berarti selalu jujur wektu urusan bisnis lan urusan soal dhuwit. Kuwi ya berarti ora seneng memanfaatkan para sedulur bèn éntuk keuntungan.

16. (a) ”Isa ngendhalèni dhiri pas ngombé anggur” kuwi maksudé apa? (b) ”Nduwé hati nurani sing resik” kuwi maksudé apa?

16 ”Isa ngendhalèni dhiri pas ngombé anggur” kuwi berarti ora kakèhan ngombé minuman keras lan ora dikenal dadi wong sing seneng mabuk. ”Nduwé hati nurani sing resik” maksudé selalu manut pathokané Yéhuwah. Meskipun ora sampurna, atiné isa terus ngrasa ayem merga hubungané karo Yéhuwah apik.

17. Apa maksudé ”diuji dhisik pantes apa ora nampa tugas”? (1 Timotius 3:10; deloken gambar.)

17 ”Diuji dhisik pantes apa ora nampa tugas” berarti kudu mbuktèkké nèk njenengan isa dipercaya lan bertanggung jawab. Makané wektu dikèki tugas pinituwa, kudu selalu manut petunjuk saka organisasi. Njenengan kudu ngerti tugasé njenengan kuwi apa lan ngerti kapan tugas kuwi kudu dirampungké. Nèk selalu rajin lan semangat nglakoni tugas, para sedulur bakal nggatèkké lan menghargai upayané njenengan kanggo nggawé kemajuan. Para pinituwa kudu selalu siap nglatih para sedulur lanang sing wis dibaptis. (Wacanen 1 Timotius 3:10.) Ing jemaaté njenengan, apa ana sedulur-sedulur lanang terbaptis sing umuré 10 nganti 14 utawa luwih enom manèh? Apa meréka rajin pelajaran pribadi lan persiapan pertemuan ibadah? Apa meréka seneng njawab ing pertemuan ibadah lan rajin nginjil? Nèk ana, kèkana meréka tugas-tugas sing sesuai karo umur lan kesanggupané. Kuwi carané meréka ”diuji dhisik pantes apa ora nampa tugas”. Nah mengko nèk wis umur 17-19 taun, mungkin meréka isa memenuhi syarat dadi abdiné jemaat.

Wektu para sedulur lanang terbaptis dikèki tugas karo pinituwa, kuwi berarti meréka lagi ”diuji dhisik pantes apa ora nampa tugas” (Deloken paragraf 17)


18. ”Bébas saka tudhuhan” kuwi maksudé apa?

18 ”Bébas saka tudhuhan” kuwi maksudé ora ana wong sing nudhuh njenengan melakukan pelanggaran serius. Mémang, awaké dhéwé isa waé éntuk tudhuhan palsu. Yésus wis ngalami kuwi, lan dhèwèké ya ngramalké nèk murid-muridé bakal ngalami kuwi. (Yoh. 15:20) Tapi nèk berupaya terus manut pathokan ing Alkitab kaya Yésus, njenengan bakal nduwé réputasi sing apik ing jemaat.—Mat. 11:19.

19. Apa maksudé ”kudu wong sing bojoné mung siji”?

19 ”Wong sing bojoné mung siji”. Nèk wis nikah, kudu manut pathokané Yéhuwah soal perkawinan, yaiku wong lanang siji lan wong wédok siji. (Mat. 19:​3-9) Terus, ya ora éntuk nglakoni hubungan sèks sing ora pantes. (Ibr. 13:4) Tapi ora mung kuwi thok. Kudu terus setya karo bojo lan ora éntuk nggodha wong wédok sing dudu bojoné.—Ayb. 31:1.

20. Apa buktiné nèk ”isa mimpin keluarga lan anak-anaké”?

20 ”Isa mimpin keluarga lan anak-anaké”. Nèk wis dadi kepala keluarga, njenengan kudu bener-bener bertanggung jawab ngurusi keluarga. Misalé rutin mandhu ibadah keluarga, kerep nginjil karo bojo lan anak-anak, lan mbantu bèn anak-anak nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. (Éf. 6:4) Nèk sedulur lanang isa ngurus keluargané dhéwé, berarti ya isa ngurus jemaat.—Bandhingna 1 Timotius 3:5.

21. Apa waé sing isa dilakukan nèk saiki durung dadi abdiné jemaat?

21 Nèk saiki njenengan durung nglayani dadi abdiné jemaat, pikirna tenanan isiné artikel iki lan dongakna soal kuwi. Pelajari lan upayakna tenanan persyaratan-persyaratané. Nèk semakin sayang karo Yéhuwah lan para sedulur, njenengan bakal semakin péngin nglayani. (1 Ptr. 4:​8, 10) Njenengan bakal ngrasa bahagia merga nglayani para sedulur. Muga-muga Yéhuwah mberkahi upayané njenengan kanggo memenuhi syarat dadi abdiné jemaat.—Flp. 2:13.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

a PENJELASAN GAMBAR: Ing sebelah kiwa, Yésus rendah hati nglayani murid-muridé; ing sebelah tengen, abdiné jemaat mbantu sedulur lansia.