Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 47

LAGU 103 Gembala Kuwi Hadiah saka Yéhuwah

Apa Njenengan Péngin Dadi Pinituwa?

Apa Njenengan Péngin Dadi Pinituwa?

”Nèk wong lanang ngupaya dadi pengawas, kuwi berarti dhèwèké péngin nindakké gawéan sing apik.”1 TIM. 3:1.

INTI

Persyaratan ing Alkitab nèk péngin nglayani dadi pinituwa.

1-2. Apa waé tugasé pinituwa?

 NÈK njenengan wis nglayani dadi abdiné jemaat selama beberapa waktu, sakjané wis ana akèh persyaratan kanggo dadi pinituwa sing wis njenengan upayakké. Apa njenengan péngin nglayani luwih akèh dadi pinituwa?—1 Tim. 3:1.

2 Mémangé nèk dadi pinituwa kuwi tugasé apa waé? Dhèwèké kudu dadi conto soal semangat nginjil. Dhèwèké ya kerja keras kanggo nguwatké lan mulang para sedulur. Terus, omongan lan tingkah lakuné dadi conto kanggo para sedulur. Menurut Alkitab, para pinituwa kuwi wong-wong lanang sing ”dadi hadiah” saka Yéhuwah lan Yésus.—Éf. 4:8.

3. Bèn sedulur lanang isa memenuhi syarat dadi pinituwa kuwi kudu piyé? (1 Timotius 3:​1-7; Titus 1:​5-9)

3 Bèn isa memenuhi syarat dadi pinituwa kudu piyé? Kuwi ora padha kaya nglamar gawéan ing perusahaan. Biasané, bèn isa ditampa ing perusahaan, kudu nduwé ketrampilan sing digolèki karo perusahaan kuwi. Tapi nèk dadi pinituwa, meskipun njenengan nduwé ketrampilan mulang lan nginjil, kuwi ora cukup. Njenengan kudu memenuhi persyaratan sing disebutké ing 1 Timotius 3:​1-7 lan Titus 1:​5-9. (Wacanen.) Nah, ing artikel iki bakal dibahas beberapa syarat sing disebutké ing kono. Ayo mbahas piyé bèn sedulur lanang isa nduwé réputasi sing apik, dadi kepala keluarga sing bertanggung jawab, lan isa bahagia wektu nglayani para sedulur.

NDUWÉ RÉPUTASI SING APIK

4. ’Njaga tumindak tetep apik bèn ora ana sing nyalahké’ kuwi maksudé apa?

4 Bèn isa memenuhi syarat dadi pinituwa, kudu ’njaga tumindak tetep apik bèn ora ana sing nyalahké’. Maksudé, para sedulur ora bakal ana sing isa ngomong nèk njenengan berbuat salah, soalé tingkah lakuné njenengan wis terbukti apik. Terus ya kudu ”nduwé réputasi sing apik ing antarané wong-wong sing dudu anggotané jemaat”. Mémang, wong liya isa waé ora setuju karo kepercayaané njenengan, tapi nèk soal kejujuran lan tingkah lakuné njenengan, kuduné meréka ora bakal meragukan kuwi. (Dan. 6:​4, 5) Coba pikirna, ’Ing antarané para sedulur lan wong-wong sing dudu umaté Yéhuwah, apa aku nduwé réputasi sing apik?’

5. ”Seneng karo apa sing apik” kuwi maksudé apa?

5 Njenengan kudu ”seneng karo apa sing apik”. Kuwi maksudé seneng nggolèki lan muji sifat-sifat apiké wong liya. Njenengan ya kudu apikan lan nduduhké kuwi liwat perbuatan, bahkan melakukan sing luwih saka sing diharapké. (1 Tés. 2:8) Lha ngapa kok pinituwa kudu kaya ngono? Soalé, nèk dadi pinituwa, wektuné bakal akèh dienggo ngurusi para sedulur lan tugas-tugas liyané ing jemaat. Makané nèk meréka ”seneng karo apa sing apik”, meréka bakal tetep bahagia wektu nglayani para sedulur.—1 Ptr. 5:​1-3; Kis. 20:35.

6. Apa waé contoné nèk ”murah hati”? (Ibrani 13:​2, 16; deloken gambar.)

6 Nèk ”murah hati”, berarti njenengan bakal apikan karo wong liya, termasuk karo sing ora akrab karo njenengan. (1 Ptr. 4:9) Ana réferènsi sing nyebutké nèk wong sing murah hati kuwi ramah lan apikan karo wong sing ora dikenal, bahkan gelem ngundang meréka ing omahé. Coba pikirna, ’Apa selama iki aku dikenal dadi wong sing ramah, apikan, lan seneng nyambut para tamu ing jemaat?’ (Wacanen Ibrani 13:​2, 16.) Ora soal tamuné kuwi wong sing mlarat, pengkhotbah tamu, utawa pinituwa wilayah, wong sing murah hati bakal nyambut lan apikan karo meréka kabèh.—PD. 18:​2-8; WB. 3:27; Luk. 14:​13, 14; Kis. 16:15; Rm. 12:13.

Suami istri sing murah hati seneng nyambut pinituwa wilayah lan bojoné (Deloken paragraf 6)


7. ”Ora ngutamakké harta” kuwi maksudé apa?

7 ”Ora ngutamakké harta.” Ora soal njenengan sugih utawa mlarat, sing dadi fokusé kuwi kuduné dudu dhuwit utawa kekayaan, tapi nglayani Yéhuwah. (Mat. 6:33) Wektu, tenaga, lan sumber dayané njenengan digunakké kanggo nglayani Yéhuwah, ngopèni keluarga, lan mbantu para sedulur ing jemaat. (Mat. 6:24; 1 Yoh. 2:​15-17) Coba pikirna, ’Apa aku nduwé pandhangan sing bener soal dhuwit? Apa aku puas karo sing tak duwèni? Utawa, apa aku malah péngin nggolèk dhuwit lan harta sing luwih akèh?’—1 Tim. 6:​6, 17-19.

8. ’Isa ngendhalèni kebiasaan’ lan ”isa ngendhalèni dhiri” kuwi maksudé apa?

8 Njenengan kudu ’isa ngendhalèni kebiasaan’ lan ”isa ngendhalèni dhiri”. Kuwi berarti wektu arep nggawé pilihan soal mangan, ngombé, pakaian, dandanan, lan hiburan, njenengan ngerti batesané sing sesuai karo pathokan ing Alkitab. Njenengan ora mèlu-mèlu apa sing lagi populèr ing donya iki. (Luk. 21:34; Yak. 4:4) Terus wektu diperlakukan ora adil, njenengan ya tetep tenang lan ora kepancing. Terus ya ”ora seneng mabuk”. Kuwi berarti ora dikenal dadi wong sing seneng ngombé-ngombé. Coba pikirna, ’Apa aku dikenal dadi wong sing isa ngendhalèni kebiasaan lan ngendhalèni dhiri?’

9. ”Nduwé pertimbangan sing apik” lan ”tertib” kuwi maksudé apa?

9 Nèk ”nduwé pertimbangan sing apik”, mesthi bakal mikirké sik pathokané ing Alkitab, paham apa sing kudu dilakukan, lan nggawé keputusan sing bener. Terus ya ora kesusu nggawé keputusan nèk durung ngerti kabèh faktané. (WB. 18:13) Hasilé, mengko njenengan isa nggawé keputusan sing wicaksana, sing sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Nèk ”tertib”, berarti kabèh sing dilakukan terencana lan njenengan wongé tepat waktu. Njenengan ya dikenal wong sing isa diendelké lan selalu manut arahan. Nèk ngetrapké kabèh sing dibahas saka paragraf 4 nganti 9, njenengan bakal nduwé réputasi sing apik. Lha terus, piyé bèn isa dadi kepala keluarga sing bertanggung jawab? Ayo dibahas.

DADI KEPALA KELUARGA SING BERTANGGUNG JAWAB

10. ”Isa mimpin keluargané” kuwi maksudé apa?

10 Nèk njenengan wis nikah utawa nduwé anak-anak, élinga nèk réputasiné anggota keluargané njenengan kuwi ya isa mempengaruhi njenengan memenuhi syarat dadi pinituwa utawa ora. Mulané, njenengan kudu ’isa mimpin keluarga’. Njenengan kudu dikenal dadi kepala keluarga sing penyayang lan bertanggung jawab karo keluarga. Njenengan ya kudu mandhu ibadah keluarga, mastèkké keluargané rajin teka ngibadah, lan mbantu bèn keluargané trampil nginjil. Kuwi hal sing penting. Rasul Paulus ngomong, ”Nèk wong lanang ora isa mimpin keluargané dhéwé, apa dhèwèké isa ngurus jemaaté Gusti Allah?”—1 Tim. 3:5.

11-12. Sedulur lanang memenuhi syarat dadi pinituwa apa ora kuwi ya isa dipengaruhi karo tingkah lakuné anak-anaké. Kok isa? (Deloken gambar.)

11 Nèk njenengan nduwé anak sing isih dibawah umur, meréka kudu ”manut lan tumindaké apik” lan ”serius”. Mémang, kaya bocah umumé, meréka mesthi isih seneng dolanan lan gojèkan. Tapi, merga wis didhidhik lan dilatih njenengan lan carané ora kasar, meréka dadi bocah sing manut, sopan, lan tingkah lakuné apik. Sakliyané kuwi, njenengan ya kudu ngupaya tenanan bèn meréka isa nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah, manut pathokan ing Alkitab, lan nggawé kemajuan nganti dibaptis.

12 ”Anak-anaké kudu seiman lan ora ditudhuh bejat utawa seneng mbrontak.” Nèk anaké wis nggawé kemajuan utawa wis dibaptis, terus nggawé dosa gedhé, apa pengaruhé kanggo bapaké? Nèk ternyata selama iki bapaké ora ndhidhik utawa ndisiplin anaké, kemungkinan bapaké ora memenuhi syarat dadi pinituwa.—Deloken Menara Pengawal 15 Oktober 1996, halaman 21, paragraf 6-7.

Kanggo nglatih anak-anak, bapak isa nglibatké meréka ing kegiatan-kegiatan rohani (Deloken paragraf 11)


NGLAYANI PARA SEDULUR ING JEMAAT

13. Wong sing ”seneng ngalah” lan ”ora tumindak sak karepé dhéwé” kuwi maksudé apa?

13 Para sedulur lanang sing nduwé sifat-sifat sing apik kuwi dibutuhké banget ing jemaat. Merga meréka ”seneng ngalah”, para sedulur liyané ya dadi rukun. Nèk péngin dikenal dadi wong sing seneng ngalah utawa masuk akal, ya kudu gelem ngrungokké lan memahami pikiran, pendapat, lan perasaané wong liya. Misalé, pas rapat, terus keputusan sing disetujui akèh-akèhé wong kuwi ora padha kaya sing njenengan karepké, tapi kuwi ora nglanggar pathokan ing Alkitab, apa njenengan gelem ngalah lan ndhukung keputusan kuwi? ”Ora tumindak sak karepé dhéwé” kuwi maksudé ora meksa wong liya melakukan sesuatu menurut karepé njenengan. Njenengan gelem ngrungokké pendapaté wong liya. (PD. 13:​8, 9; WB. 15:22) Terus ya ”ora seneng padu” lan ”ora gampang nesu”. Kuwi berarti ora kasar utawa ngejak debat, tapi kudu alus lan apikan. Terus nèk seneng rukun, njenengan bakal berjuang tenanan bèn kabèh isa rukun meskipun kuwi angèl. (Yak. 3:​17, 18) Bahkan, nèk misalé ana sing nentang utawa nesu-nesu, wong kuwi isa dadi tenang nèk omongané njenengan tetep alus.—PH. 8:​1-3; WB. 20:3; 25:15; Mat. 5:​23, 24.

14. ”Dudu wong sing lagi waé dadi wong Kristen” lan ”setya” maksudé apa?

14 Sedulur lanang sing péngin nglayani dadi pinituwa kuwi ya ”dudu wong sing lagi waé dadi wong Kristen”. Kuwi ora berarti kudu wis dibaptis bertaun-taun, tapi sing penting kudu wis dadi wong Kristen sing déwasa. Kaya Yésus, njenengan ya kudu rendah hati lan siap dikèki tugas apa waé ing jemaat. Terus ya kudu sabar lan gelem nunggu nganti mengko dikèki tugas ing jemaat. (Mat. 20:23; Flp. 2:​5-8) Nèk ”setya” karo Yéhuwah, ya bakal selalu manut pathokané Yéhuwah lan petunjuk saka organisasiné.—1 Tim. 4:15.

15. Apa pinituwa kudu pinter banget ceramah? Jelasna.

15 Ing Alkitab jelas disebutké nèk para pengawas kuwi kudu ”trampil wektu mulang”. Apa kuwi berarti meréka kudu pinter banget ceramah? Ora. Ora kabèh pinituwa pinter ceramah. Tapi wektu nginjil lan kunjungan penggembalaan, pinituwa kudu isa mulang lan nguwatké para sedulur nganggo ayat ing Alkitab. (Bandhingna 1 Korintus 12:​28, 29 lan Éfésus 4:11.) Tapi tetep, nèk saiki rumangsa ora pinter ceramah, ya kudu ngupaya bèn luwih trampil manèh. Lha carané piyé?

16. Piyé carané bèn isa luwih trampil wektu mulang? (Deloken gambar.)

16 ”Kudu manut karo ajaran sing isa dipercaya.” Trampil mulang kuwi nèk wektu mulang ing ngarepé wong akèh utawa ngekèki naséhat, dhasaré mesthi saka Alkitab. Makané, kudu rajin mempelajari Alkitab lan publikasi saka organisasi. (WB. 15:28; 16:23) Selama belajar, pikirna tenanan carané ngetrapké ayat-ayat sing lagi diwaca. Wektu mulang, ngupayaa bèn mengko akhiré para sedulur luwih sayang karo Yéhuwah lan ngetrapké sing dipelajari. Njenengan ya isa takon karo para pinituwa sing luwih berpengalaman, terus ngetrapké sarané. (1 Tim. 5:17) Para pinituwa kudu ”isa nguwatké” para sedulur. Tapi, kadhang meréka ya kudu ngekèki naséhat utawa malah ”ngélikké” para sedulur. Tapi wektu melakukan kuwi, para pinituwa mesthi bakal apikan, alus, pengasih, lan dhasar naséhaté saka Alkitab. Nèk ngupayakké kuwi kabèh, meréka bakal niru Yésus lan bakal isa trampil mulang.—Mat. 11:​28-30; 2 Tim. 2:24.

Wektu kerja sama karo pinituwa sing luwih berpengalaman, abdiné jemaat isa nggunakké kesempatan kuwi kanggo belajar carané mulang saka Alkitab. Dhèwèké ya latihan nyampèkké ceramah ing ngarep cermin. (Deloken paragraf 16)


TERUS NGUPAYA MEMENUHI PERSYARATAN

17. (a) Nèk ngrasa persyaratan kanggo dadi pinituwa kuwi terlalu angèl, apa sing isa diéling-éling para abdiné jemaat? (b) Wektu ngusulké sedulur lanang bèn dadi pinituwa, apa sing kudu diéling-éling badan pinituwa? (Deloken kothak ” Sing Kudu Diéling Wektu Ngusulké Sedulur Lanang Bèn Dadi Pinituwa”.)

17 Bar mempelajari persyaratan dadi pinituwa, mungkin ana abdiné jemaat sing ngrasa nèk ora bakal isa memenuhi persyaratan kuwi. Tapi élinga, Yéhuwah lan organisasiné ora tau nuntut njenengan kudu sampurna wektu memenuhi persyaratan kuwi. (1 Ptr. 2:21) Terus, élinga nèk ana roh suciné Yéhuwah sing bakal mbantu njenengan isa memenuhi persyaratan kuwi. (Flp. 2:13) Nèk ana hal sing péngin njenengan luwih upayakké manèh, ndongaa karo Yéhuwah, riset soal kuwi, terus njaluk saran saka para pinituwa.

18. Apa sing perlu diupayakké kabèh abdiné jemaat?

18 Kabèh sedulur lanang, termasuk sing wis nglayani dadi pinituwa, terus upayakna kabèh sing wis dibahas ing artikel iki. (Flp. 3:16) Nèk saiki njenengan nglayani dadi abdiné jemaat, terusa nggawé kemajuan. Bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah lan para sedulur ing jemaat, njaluka Yéhuwah nglatih njenengan. (Yés. 64:8) Yéhuwah mesthi bakal mberkahi upayané njenengan kanggo memenuhi syarat dadi pinituwa.

LAGU 101 Rukun Dadi Umaté Yéhuwah