Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

COBANEN IKI

Carané Bèn Isa Konsèntrasi Wektu Pelajaran Pribadi

Carané Bèn Isa Konsèntrasi Wektu Pelajaran Pribadi

Bèn isa éntuk luwih akèh manfaat saka pelajaran pribadi, njenengan kudu konsèntrasi tenanan. Nah bèn isa luwih konsèntrasi, carané piyé? Cobanen tips iki:

  • Milih panggonan sing cocog. Nèk isa, miliha panggonan kanggo sinau sing resik, rapi, lan padhang. Njenengan isa sinau ing njero ruangan sing ana méja karo kursiné, utawa ya isa sinau ing panggonan terbuka sing nyaman.

  • Nggolèk panggonan sing sepi bèn isa dhèwèkan. Bèn isa ndonga, Yésus milih ndongané ”ésuk-ésuk, pas isih peteng” ing ”panggonan sing sepi”. (Mrk. 1:35) Nèk ora memungkinkan kanggo dhèwèkan, kandhanana keluarga utawa kancané njenengan sing manggon sak omah nèk njenengan arep sinau lan pas sinau aja diganggu.

  • Berupaya terus fokus. Aja gampang tersimpangkan. Pas sinau, HP utawa tablèté isa disetèl bèn ora metu swarané. Nèk ngerti-ngerti kepikiran sesuatu pas lagi sinau, kuwi dicathet sik, lagi dilakukan mengko bar sinau. Nèk wis mulai ora konsèntrasi, mendhing istirahat sik, mlaku-mlaku, utawa peregangan.