Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Bèn Isa Rutin Pelajaran Pribadi

Carané Bèn Isa Rutin Pelajaran Pribadi

AKÈH wong kadhang ngrasa angèl kanggo rutin lan menikmati pelajaran pribadiné. Tapi, melakukan sesuatu sing rutin kuwi sakjané ana akèh manfaaté. Misalé, adus. Adus kuwi butuh upaya lan wektu. Tapi bar adus, awaké dhéwé mesthi ngrasa seger. Mempelajari Alkitab ya kaya ngono. Kuwi isa marakké atiné awaké dhéwé ngrasa ayem lan seneng. (Éf. 5:26) Coba gatèkna saran-saran iki:

  • Nggawé jadwal. Pelajaran pribadi kuwi salah siji hal sing ”penting” sing kudu dilakukan wong Kristen. (Flp. 1:10) Nah, bèn ora lali, tulisen dina lan jam kapan njenengan arep pelajaran pribadi, terus dèlèhna kuwi ing panggonan sing kerep njenengan delok. Misalé, ing pintu kulkas. Utawa, setèlen alarm ing HP kanggo pengingat arep sinau.

  • Nyesuaikké karo kesanggupan. Soal sepira suwéné njenengan isa konsèntrasi wektu belajar, kuwi sing ngerti njenengan dhéwé. Misalé, njenengan luwih konsèntrasi nèk belajaré sak jam utawa sedhéla-sedhéla tapi kerep? Dadi kèt awal, pikirna sepira suwéné arep sinau. Nèk ternyata pas jadwalé sinau, ngerti-ngerti ngrasa males, tetep cobanen sinau paling ora sepuluh menit waé. Kuwi luwih apik timbang babar blas ora sinau. Sapa ngerti bar mulai sepuluh menit, njenengan dadi péngin luwih suwé manèh sinauné.—Flp. 2:13.

  • Milih topik sik. Nèk arep sinau lagi mikirké topik apa sing arep dipelajari, berarti njenengan ora nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik. (Éf. 5:16) Makané, cobanen nggawé daftar artikel utawa topik-topik apa sing péngin dipelajari. Saben kepikiran suatu pertanyaan, langsung dicathet. Terus saben rampung sinau, tulisen topik apa manèh sing arep dipelajari berikuté.

  • Aja kaku. Kadhang-kadhang, kapan wektuné kanggo sinau, sepira suwéné sinau, utawa topik apa sing arep disinau isa disesuaikké. Sing paling penting, pelajaran pribadiné kudu rutin saben minggu.

Pelajaran pribadi sing rutin saben minggu kuwi ana akèh manfaaté. Awaké dhéwé isa luwih akrab karo Yéhuwah, isa nggawé keputusan sing bener, lan dadi tambah semangat.—Yos. 1:8.