Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 44

LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu karo Yéhuwah

Kudu Piyé Wektu Diperlakukan Ora Adil?

Kudu Piyé Wektu Diperlakukan Ora Adil?

”Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan. Ning, kalahna kejahatan nganggo apa sing apik.”RM. 12:21.

INTI

Kudu piyé wektu diperlakukan ora adil bèn masalahé ora dadi tambah ruwet.

1-2. Perlakuan ora adil apa sing isa waé awaké dhéwé alami?

 PAS jamané Yésus, ana akèh wong sing diperlakukan ora adil. Makané, wektu Yésus nyritakké perumpamaan soal randha, sing bola-bali njaluk karo hakim bèn nggawèkké keputusan sing adil kanggo dhèwèké, para murid isa ngerti perasaané randha kuwi. (Luk. 18:​1-5) Awaké dhéwé mesthi ya tau diperlakukan ora adil, makané mesthi isa memahami perasaané randha kuwi.

2 Akèh wong saiki seneng mbédak-mbédakké, jahat, lan srakah. Makané, awaké dhéwé isa waé diperlakukan ora adil. (Pkh. 5:8) Nèk sing memperlakukan kaya ngono sedulur seiman, mesthi rasané lara banget. Tapi élinga nèk para sedulur kuwi ora sampurna. Dadi mesthi meréka ora sengaja. Wektu diperlakukan ora adil karo para penentang, Yésus tetep sabar. Awaké dhéwé péngin niru Yésus. Nèk karo para penentang waé kudu sabar, apamanèh karo sedulur seiman. Wektu umaté diperlakukan ora adil, embuh karo sedulur seiman utawa karo wong liya, piyé perasaané Yéhuwah? Apa Dhèwèké perduli?

3. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé diperlakukan ora adil?

3 Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé diperlakukan ora adil. Menurut Mazmur 37:​28, ”Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil.” Yésus ya ngomong nèk Yéhuwah bakal ”cepet mènèhi keadilan” ing wektu sing wis Yéhuwah tentokké. (Luk. 18:​7, 8) Terus ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing marakké awaké dhéwé susah lan ngrasa diperlakukan ora adil.—Mzm. 72:​1, 2.

4. Saiki, Yéhuwah ngekèki bantuan apa waé?

4 Mémang, awaké dhéwé isih ngentèni wektuné Yéhuwah nyingkirké kabèh masalah. Tapi, wektu awaké dhéwé diperlakukan ora adil saiki, Yéhuwah ya ngekèki bantuan. (2 Ptr. 3:13) Misalé, Yéhuwah ngajari kudu piyé tanggepané awaké dhéwé wektu diperlakukan ora adil bèn masalahé ora tambah gedhé. Salah siji carané liwat contoné Anaké. Terus, ya ana saran-saran ing Alkitab soal kudu piyé wektu diperlakukan ora adil.

TANGGEPANÉ AJA NGANTI PIYÉ?

5. Wektu diperlakukan ora adil, ngapa kok kudu ngati-ati soal carané nanggepi?

5 Diperlakukan ora adil kuwi isa marakké lara ati lan susah banget. (Pkh. 7:7) Umaté Yéhuwah sing setya, misalé Ayub lan Habakuk ya tau ngrasa kaya ngono. (Ayb. 6:​2, 3; Hab. 1:​1-3) Mémang, perasaan kaya ngono kuwi wajar. Tapi, aja nganti kuwi marakké awaké dhéwé akhiré nggawé keputusan sing salah.

6. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Absalom? (Deloken gambar.)

6 Wektu awaké dhéwé utawa kanca lan keluarga diperlakukan ora adil, mungkin awaké dhéwé dadi péngin mbales. Tapi, kuwi isa marakké masalahé dadi tambah gedhé. Contoné Absalom, anaké Raja Daud. Absalom nesu banget wektu Tamar adhiné, diperkosa Amnon sedulur tiriné. Menurut Hukum Musa, Amnon kuduné dipatèni. (Km. 20:17) Mémang, wajar nèk Absalom nesu. Tapi, dhèwèké kuduné ora éntuk matèni Amnon.—2 Sam. 13:​20-23, 28, 29.

Wektu Tamar adhiné diperkosa, Absalom kepancing dadi nesu (Deloken paragraf 6)


7. Wektu ndelok ana akèh sing diperlakukan ora adil, awalé sing nulis mazmur dadi ngrasa piyé?

7 Wektu wong jahat kétoké ora ndang dihukum, awaké dhéwé isa waé mulai mikir nèk nglakoni sing bener kuwi ora ana gunané. Wektu ndelok wong jahat njahati wong apik tapi uripé malah makmur, sing nulis mazmur ngomong, ”Ya kaya ngono kuwi wong sing jahat, sing ora tau nduwé masalah”. (Mzm. 73:12) Merga ana akèh sing diperlakukan ora adil, dhèwèké ya dadi ora trima, terus mulai mikir nèk nglayani Yéhuwah kuwi ora ana gunané. Dhèwèké ngomong, ”Nèk kuwi kabèh tak pikirké tenanan, aku malah mumet.” (Mzm. 73:​14, 16) Bahkan, dhèwèké ya ngomong, ”Aku kaya mèh nyimpang saka dalan sing bener. Aku kaya mèh keplèsèt.” (Mzm. 73:2) Kuwi ya sing dialami Sedulur Alberto. a

8. Merga diperlakukan ora adil, Alberto akhiré dadi piyé?

8 Alberto tau ditudhuh nyolong dhuwité jemaat. Akibaté, dhèwèké ora dadi pinituwa manèh. Terus, sedulur-sedulur sing ngerti masalahé ya dadi ora ngajèni dhèwèké. Alberto crita, ”Wektu kuwi, aku nesu lan kecéwa banget.” Merga nesu banget, dhèwèké ora gelem teka ing pertemuan ibadah lan malah dadi ora aktif nganti limang taun. Pengalaman kuwi nduduhké apa akibaté nèk ora isa ngendhalèni perasaan wektu diperlakukan ora adil.

NIRU YÉSUS WEKTU DIPERLAKUKAN ORA ADIL

9. Perlakuan ora adil apa waé sing dialami Yésus? (Deloken gambar.)

9 Soal kudu piyé wektu diperlakukan ora adil, awaké dhéwé isa niru Yésus. Dhèwèké kerep diperlakukan ora adil karo akèh wong, termasuk karo keluargané. Keluargané nudhuh dhèwèké édan. Para pemimpin agama nudhuh dhèwèké nduwé kuwasa saka hantu-hantu. Terus, tentara Romawi ngécé, nganiaya, bahkan matèni dhèwèké. (Mrk. 3:​21, 22; 14:55; 15:​16-20, 35-37) Tapi wektu ngalami kuwi kabèh, Yésus ora mbales. Apa pelajarané?

Yésus dadi conto sing apik soal carané nanggepi wektu diperlakukan ora adil (Deloken paragraf 9-10)


10. Piyé tanggepané Yésus wektu diperlakukan ora adil? (1 Pétrus 2:​21-23)

10 Wacanen 1 Pétrus 2:​21-23. b Yésus ngekèki conto sing paling apik soal tanggepan wektu diperlakukan ora adil. Yésus ngerti kapan wektuné kudu ngomong lan kapan wektuné kudu meneng. (Mat. 26:​62-64) Kadhang bahkan Yésus ora njawab apa-apa wektu ditudhuh. (Mat. 11:19) Wektu ngomong, Yésus ora tau ngrèmèhké utawa ngancem wong-wong sing nganiaya dhèwèké. Yésus selalu isa ngendhalèni dhiri merga dhèwèké ”masrahké kabèh marang Hakim sing adil”. Yésus ngerti nèk Yéhuwah ndelok dhèwèké wektu diperlakukan ora adil. Yésus ya yakin nèk wis wektuné, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh perlakuan sing ora adil.

11. Nèk niru Yésus, piyé tanggepané awaké dhéwé wektu diperlakukan ora adil? (Deloken gambar.)

11 Nèk niru contoné Yésus, awaké dhéwé ngerti kapan wektuné kudu meneng lan kapan kudu ngomong wektu diperlakukan ora adil. Misalé, ora perlu njawab utawa nanggepi nèk masalahé mung sepélé. Utawa, pilih meneng bèn masalahé ora dadi tambah gedhé. (Pkh. 3:7; Yak. 1:​19, 20) Tapi kadhang, awaké dhéwé mungkin kudu ngomong wektu ndelok wong liya diperlakukan ora adil, utawa wektu kudu njelaské kepercayaané awaké dhéwé. (Kis. 6:​1, 2) Nah wektu ngomong, carané ya kudu sing sopan lan alus.—1 Ptr. 3:15. c

Wektu diperlakukan ora adil, isa niru Yésus sing ngerti kapan lan piyé cara sing apik kanggo ngomong (Deloken paragraf 11-12)


12. Apa buktiné nèk percaya karo Yéhuwah ”Hakim sing adil”?

12 Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ya bakal percaya karo Yéhuwah ”Hakim sing adil”. Wektu wong liya salah paham utawa memperlakukan ora adil, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah ngerti tenan kejadian sing sak beneré. Awaké dhéwé ya isa tetep kuwat merga ngerti nèk Yéhuwah bakal ngrampungké masalah kuwi. Nèk kabèh dipasrahké Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal terus-terusan nesu utawa sengit. Perasaan kaya ngono isa marakké awaké dhéwé dadi salah bertindak, ora bahagia manèh, lan malah hubungané karo Yéhuwah dadi rusak.—Mzm. 37:8.

13. Piyé bèn isa terus sabar wektu diperlakukan ora adil?

13 Mémang, awaké dhéwé ora isa selalu persis niru contoné Yésus. Malah, kadhang awaké dhéwé melakukan utawa ngomong sesuatu sing akhiré marakké gela. (Yak. 3:2) Terus, merga diperlakukan ora adil, kadhang isa dadi trauma utawa nduwé bekas luka sing ora isa ilang. Nèk kuwi sing njenengan alami, yakina nèk Yéhuwah ngerti tenan sing lagi njenengan adhepi. Yésus isa paham perasaané njenengan merga dhèwèké ya tau ngalami kaya ngono. (Ibr. 4:​15, 16) Sakliyané contoné Yésus, Yéhuwah ngekèki bantuan apa manèh? Ayo nggatèkké loro ayat saka buku Roma sing isiné saran-saran soal kudu piyé wektu diperlakukan ora adil.

NGEJARKÉ ”GUSTI ALLAH SING NDUDUHKÉ NESUNÉ”

14. Apa maksudé ngejarké ”Gusti Allah sing nduduhké nesuné”? (Roma 12:19)

14 Wacanen Roma 12:19. Rasul Paulus ngongkon wong Kristen, ”Bèn waé Gusti Allah sing nduduhké nesuné.” Kuwi berarti, wektu diperlakukan ora adil ya bèn Yéhuwah waé sing nentokké kapan lan piyé carané nyingkirké perlakuan sing ora adil kuwi. Sedulur John sing tau diperlakukan ora adil ngomong, ”Aku kudu berjuang aja nganti kepancing nesu bèn ora nggawé keputusan sing salah. Tapi kuwi ora gampang. Sing marakké aku tetep sabar lan percaya Yéhuwah kuwi Roma 12:19.”

15. Ngapa kok sing paling apik kuwi ngentèni Yéhuwah sing ngrampungké masalah?

15 Nèk gelem sabar ngentèni Yéhuwah ngrampungké masalah, awaké dhéwé isa éntuk manfaat. Awaké dhéwé ora dadi strès, kecéwa, utawa nduwé beban merga ngupaya ngrampungké masalahé dhéwé. Yéhuwah wis janji bakal nulungi. Dhèwèké seolah-olah ngomong, ’Masalah kuwi pasrahna waé karo Aku, mengko Tak urusé.’ Yéhuwah ya wis janji nèk ”bakal mbales” wong-wong sing jahat. Nèk percaya janji kuwi, awaké dhéwé ya ora bakal terus-terusan nesu. John, sing disebutké mau, melakukan kuwi. John ngomong, ”Nèk sabar ngentèni Yéhuwah sing ngrampungké masalahku, hasilé mesthi luwih apik timbang nèk tak rampungi dhéwé.”

’NGALAHKÉ KEJAHATAN NGANGGO APA SING APIK’

16-17. Apa hubungané ndonga karo ’ngalahké kejahatan nganggo apa sing apik’? (Roma 12:21)

16 Wacanen Roma 12:21. Paulus ya ngongkon wong Kristen bèn ’ngalahké kejahatan nganggo apa sing apik’. Terus wektu Ceramah ing Gunung, Yésus ngomong, ”Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé”. (Mat. 5:44) Awaké dhéwé mungkin ora isa mbayangké piyé menderitané Yésus wektu disiksa tentara Romawi, terus dipaku ing cagak. Tapi kenyataané, Yésus ngetrapké sing dhèwèké omongké kuwi.

17 Meskipun menderita banget, Yésus tetep setya karo Yéhuwah lan tetep apikan karo wong-wong sing wis njahati dhèwèké. Yésus ora ndonga bèn para prajurit kuwi dihukum. Tapi malah ndonga, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” (Luk. 23:34) Nèk ndongakké wong-wong sing njahati, kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi luwih tenang, ora nesu, lan malah dadi ngrasa mesakké karo meréka.

18. Apa manfaaté donga kanggo Alberto lan John?

18 Donga bermanfaat banget kanggo Alberto lan John, sing dicritakké mau. Alberto ngomong, ”Aku ndongakké sedulur-sedulur sing wis nudhuh aku. Aku bola-bali njaluk tulung karo Yéhuwah bèn mbantu aku ora nesu terus.” Saiki, AIberto setya nglayani Yéhuwah manèh. John ngomong, ”Aku bola-bali ndongakké sedulur sing wis njahati aku kuwi. Aku ya ndonga bèn Yéhuwah mbantu aku isa ngampuni dhèwèké. Kuwi marakké aku dadi ora terus-terusan mikir sing èlèk soal dhèwèké. Pikiranku ya dadi luwih tenang.”

19. Sakdurungé donya sing jahat iki disingkirké, apa sing kudu terus diupayakké? (1 Pétrus 3:​8, 9)

19 Sakdurungé Yéhuwah nyingkirké donya sing jahat iki, awaké dhéwé isa waé diperlakukan ora adil. Tapi ora soal apa sing diadhepi, aja nganti mandheg ndonga njaluk tulung karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa niru carané Yésus nanggepi wektu diperlakukan ora adil, lan ngetrapké saran-saran ing Alkitab. Hasilé, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé.—Wacanen 1 Pétrus 3:​8, 9.

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b Ing 1 Pétrus bab 2 lan 3, Pétrus nyritakké nèk ana wong-wong Kristen wektu kuwi sing diperlakukan ora adil karo majikan sing kasar utawa bojo sing ora seiman.—1 Ptr. 2:​18-20; 3:​1-6, 8, 9.

c Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Isa Ayem Nèk . . .