Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 45

LAGU 138 Uwan Kaya Mahkota

Pelajaran saka Naséhat Terakhiré Wong-Wong Lanang sing Setya

Pelajaran saka Naséhat Terakhiré Wong-Wong Lanang sing Setya

”Jaréné, wong sing wis akèh umuré kuwi wicaksana, lan wong sing wis tuwa akèh pengetahuané.”AYB. 12:12.

INTI

Nèk manut karo Yéhuwah, saiki isa nampa berkah lan sukmbèn isa urip saklawasé.

1. Ngapa kok kudu gelem nampa naséhaté para lansia?

 BÈN isa nggawé keputusan sing bener, awaké dhéwé butuh naséhat lan saran-saran. Kuwi isa saka para pinituwa utawa para sedulur liyané sing luwih berpengalaman. Nèk meréka wis lansia, aja nganggep nèk naséhaté meréka wis ketinggalan jaman. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nampa naséhaté para lansia. Meréka luwih berpengalaman, nduwé akèh pengetahuan, lan luwih wicaksana timbang awaké dhéwé.—Ayb. 12:12.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Kanggo nguwatké lan nuntun umaté jaman mbiyèn, Yéhuwah nggunakké para lansia sing setya, misalé Musa, Daud, lan Rasul Yohanes. Meskipun situasi, latar belakang, lan jamané béda-béda, pas arep mati, meréka padha-padha ngekèki naséhat soal pentingé manut karo Yéhuwah. Nah bèn kabèh umaté saiki, ora soal enom utawa tuwa, ya isa éntuk manfaat, Yéhuwah nulis naséhat kuwi ing Alkitab. (Rm. 15:4; 2 Tim. 3:16) Meréka ngekèki naséhat apa? Terus, apa sing isa dipelajari? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.

”KOWÉ [BAKAL] MANGGON SUWÉ ING TANAH SING DIWÈNÈHKÉ YÉHUWAH”

3. Selama nglayani Yéhuwah, apa waé perané Musa?

3 Sakjegé uripé, Musa sepenuh hati nglayani Yéhuwah. Dhèwèké dadi nabi, hakim, pemimpin, lan penulis. Musa nduwé akèh banget pengalaman. Dhèwèké mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir lan ndelok dhéwé akèh mukjijaté Yéhuwah. Yéhuwah ya ngongkon dhèwèké nulis buku Purwaning Dumadi nganti Pangandharing Torèt lan Mazmur 90. Kétoké Musa ya dikon nulis Mazmur 91 lan buku Ayub.

4. Musa nguwatké sapa, lan ngapa?

4 Wektu kuwi, Musa arep mati, umuré 120. Musa nglumpukké kabèh wong Israèl kanggo ngélingké soal mukjijat-mukjijat saka Yéhuwah sing wis tau meréka delok lan alami. Wong Israèl sing ngrungokké Musa wektu kuwi ana sing wektu enomé tau ndelok dhéwé mukjijaté Yéhuwah pas ngukum wong Mesir. (Pa. 7:​3, 4) Meréka ndelok Yéhuwah mbelah Laut Merah, lan meréka mlaku ing tanah sing garing. Meréka ya ndelok piyé Yéhuwah matèni Firaun lan pasukané. (Pa. 14:​29-31) Ing padhang belantara, meréka ngrasakké dhéwé piyé Yéhuwah nglindhungi lan ngopèni meréka. (PT. 8:​3, 4) Nah saiki, bangsa Israèl wis arep mlebu Tanah Perjanjian. Dadi, Musa péngin nguwatké bangsa kuwi. a

5. Menurut kata-katané Musa ing Pangandharing Torèt 30:​19, 20, apa sing mesthi bakal dinikmati bangsa Israèl?

5 Musa ngekèki naséhat apa? (Wacanen Pangandharing Torèt 30:​19, 20.) Dhèwèké ngélingké nèk bangsa Israèl nduwé masa depan sing cerah. Merga diberkahi Yéhuwah, meréka isa manggon suwé ing tanah sing wis dijanjèkké Yéhuwah. Tanah sing dijanjèkké kuwi kaya apa? Musa ngandhani meréka, ”Yaiku kutha-kutha sing gedhé lan apik sing ora mbok bangun, omah-omah sing kebak karo barang-barang sing apik sing dudu hasil kerja kerasmu, sumur sing ora mbok gali, lan kebon anggur lan wit zaitun sing ora mbok tandur.” (PT. 6:​10, 11) Tanah sing dijanjèkké kuwi bener-bener apik lan hasil tanahé berlimpah.

6. Ngapa kok Yéhuwah ngejarké bangsa Israèl dikalahké bangsa liya?

6 Tapi saka kata-katané kuwi, Musa ya ngélikké bangsa Israèl nèk meréka bakal isa terus manggon ing tanah kuwi mung nèk manut préntahé Yéhuwah. Musa ngongkon meréka ”milih urip”. Carané, ’ngrungokké omongané Yéhuwah lan setya karo Yéhuwah’. Wong Israèl ternyata ora manut Yéhuwah. Dadi akhiré Yéhuwah ngejarké wong Asiria lan wong Babilonia ngalahké meréka, terus meréka didadèkké tawanan.—2 Raj. 17:​6-8, 13, 14; 2 Bb. 36:​15-17, 20.

7. Apa sing isa dipelajari saka kata-katané Musa? (Deloken gambar.)

7 Apa pelajarané? Nèk manut Yéhuwah, isa urip saklawasé. Kaya bangsa Israèl, awaké dhéwé sedhéla manèh ya bakal mlebu ing donya anyar, yaiku ing bumi Firdaus. (Yés. 35:1; Luk. 23:43) Sétan lan para malaékat jahat ora bakal ana ing kono. (Why. 20:​2, 3) Ora ana manèh agama palsu sing marakké wong-wong adoh saka Yéhuwah. (Why. 17:16) Ora ana manèh pamréntahan manungsa sing nindhes rakyaté. (Why. 19:​19, 20) Ora ana manèh wong-wong sing nggawé masalah. (Mzm. 37:​10, 11) Kabèh sing manggon ing Firdaus bakal manut hukumé Yéhuwah. Hasilé, kabèh damai lan bersatu. Terus, meréka ya bakal saling menyayangi lan saling percaya. (Yés. 11:9) Kuwi bener-bener masa depan sing luar biasa. Nèk terus manut Yéhuwah, awaké dhéwé ora mung isa menikmati kuwi nganti atusan taun, tapi nganti saklawasé.—Mzm. 37:29; Yoh. 3:16.

Nèk terus manut Yéhuwah, awaké dhéwé isa urip ing Firdaus nganti saklawasé (Deloken paragraf 7)


8. Apa manfaaté ngéling-éling janji soal urip saklawasé kanggo siji sedulur sing wis suwé dadi utusan injil? (Yudas 20, 21)

8 Nèk terus ngéling-éling janji soal urip saklawasé, ora soal apa sing lagi diadhepi, awaké dhéwé bakal berupaya manut Yéhuwah. (Wacanen Yudas 20, 21.) Éling janji kuwi ya isa nyemangati awaké dhéwé bèn berjuang ngatasi kelemahan. Ana sedulur sing wis suwé dadi utusan injil ing Afrika ya berjuang ngatasi kelemahané. Dhèwèké ngomong, ”Aku isa terus berjuang ngatasi kelemahanku lan terus ndongakké kuwi soalé ngerti nèk aku ora manut Yéhuwah, mengko aku kélangan harapan kanggo urip saklawasé. Merga dibantu Yéhuwah, akhiré aku ora nglakoni kebiasaan kuwi manèh.”

”KABÈH SING MBOK LAKONI BAKAL SUKSÈS”

9. Apa waé kesulitan sing tau diadhepi Daud?

9 Daud kuwi raja sing dipilih Yéhuwah. Dhèwèké ya setya karo Yéhuwah. Daud kuwi pemain musik, penyair, pejuang, lan nabi. Dhèwèké wis ngadhepi akèh kesulitan. Selama bertaun-taun, Daud dadi buronan merga dioyak-oyak arep dipatèni Raja Saul. Bar dadi raja, Daud ya kudu mlayu merga Absalom anaké péngin ngrebut takhtané. Meskipun ngadhepi kesulitan-kesulitan kuwi lan ya tau nggawé dosa gedhé, Daud terus setya nganti mati. Yéhuwah nyebut Daud ’wong sing nyenengké atiné’. Naséhaté Daud mesthi bener-bener bermanfaat.—Kis. 13:22; 1 Raj. 15:5.

10. Ngapa kok Daud ngekèki naséhat kanggo anaké?

10 Misalé, gatèkna naséhaté Daud kanggo Salomo, anaké sing bakal dadi raja Israèl berikuté. Salomo sing isih enom wis dipilih Yéhuwah kanggo mbangun bait bèn wong-wong isa nyembah Yéhuwah. (1 Bb. 22:5) Ana akèh kesulitan sing bakal diadhepi Salomo. Ayo nggatèkké naséhaté Daud kanggo Salomo.

11. Ing 1 Para Raja 2:​2, 3, Daud ngekèki naséhat apa kanggo Salomo, lan apa manfaaté wektu Salomo manut naséhat kuwi? (Deloken gambar.)

11 Daud ngekèki naséhat apa? (Wacanen 1 Para Raja 2:​2, 3.) Daud ngandhani Salomo, nèk manut Yéhuwah, Salomo bakal dadi suksès. Kenyataané, selama bertaun-taun Salomo suksès tenan. (1 Bb. 29:​23-25) Dhèwèké mbangun bait sing megah, nulis beberapa buku ing Alkitab, bahkan kata-katané ana sing dikutip ing buku-buku liyané. Dhèwèké terkenal merga kawicaksanan lan kekayaané. (1 Raj. 4:34) Tapi, kaya sing dijelaské Daud, Salomo mung bakal suksès selama dhèwèké manut karo Yéhuwah. Sayangé pas wis tuwa, Salomo malah mulai nyembah déwa-déwa. Yéhuwah ora seneng, makané Salomo ora dikèki kawicaksanan manèh. Akhiré, Salomo ora isa dadi raja sing apik lan adil manèh.—1 Raj. 11:​9, 10; 12:4.

Saka naséhat terakhiré Daud kanggo Salomo, awaké dhéwé isa ngerti nèk manut karo Yéhuwah, Yéhuwah bakal ngekèki kawicaksanan bèn isa nggawé keputusan sing bener (Deloken paragraf 11-12) b


12. Apa sing isa dipelajari saka naséhaté Daud?

12 Apa pelajarané? Nèk manut Yéhuwah, mesthi bakal suksès. (Mzm. 1:​1-3) Mémang, sing dijanjèkké Yéhuwah dudu kekayaan utawa dadi terkenal kaya Salomo. Tapi nèk manut Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dikèki kawicaksanan liwat pathokan ing Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 2:​6, 7; Yak. 1:5) Hasilé, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener soal gawéan, sekolah, hiburan, lan dhuwit. Terus, ya bakal tetep nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan isa urip saklawasé. (WB. 2:​10, 11) Awaké dhéwé bakal nduwé kanca-kanca sing apik lan keluarga sing bahagia.

13. Critakna apa waé sing marakké Carmen akhiré ngerti apa maksudé bener-bener suksès.

13 Carmen, sing manggon ing Mozambik, tau mikir nèk bèn suksès kuwi ya kudu kuliah. Makané, dhèwèké kuliah jurusan arsitèktur. Dhèwèké crita, ”Aku seneng sing tak pelajari. Tapi merga kuliah, aku dadi ora nduwé wektu kanggo liyané, terus aku ya kekeselen. Aku kuliah saka jam setengah wolu ésuk nganti jam enem soré. Aku dadi kesulitan kanggo teka ing pertemuan ibadah, lan hubunganku karo Yéhuwah dadi adoh. Aku sadhar nèk kayané aku lagi berupaya nyenengké loro majikan.” (Mat. 6:24) Bar kuwi dhèwèké ndonga, terus riset saka publikasi. Carmen crita manèh, ”Bar éntuk naséhat saka para pinituwa lan saka ibuku, aku akhiré mandheg kuliah, terus mulai nglayani sepenuh waktu. Kuwi keputusan sing paling apik sing tau tak gawé lan aku ora menyesal.”

14. Apa inti naséhaté Musa lan Daud?

14 Musa lan Daud sayang Yéhuwah lan ngerti nèk kudu manut Yéhuwah. Makané sakdurungé mati, meréka ngandhani wong-wong bèn padha setya karo Yéhuwah kaya meréka. Meréka ya ngélingké nèk ora setya manèh karo Yéhuwah, mengko ora isa dadi kancané Yéhuwah manèh lan ora ngrasakké berkahé. Naséhat kuwi ya bermanfaat kanggo awaké dhéwé saiki. Atusan taun bar kuwi, ana manèh abdiné Yéhuwah sing ya nandheské pentingé terus setya.

”AKU BAHAGIA BANGET”

15. Apa waé pengalamané Rasul Yohanes?

15 Yohanes kuwi salah siji rasul sing paling akrab karo Yésus. (Mat. 10:2; Yoh. 19:26) Yohanes ngancani Yésus nginjil ing endi-endi, ndelok dhéwé Yésus nggawé mukjijat, lan pas Yésus ngadhepi kesulitan, dhèwèké ya ora ninggalké Yésus. Yohanes ndelok pas Yésus dihukum mati lan sakwisé Yésus diuripké manèh. Yohanes ya ndelok dhéwé piyé jemaat-jemaat Kristen dadi tambah akèh lan kabar apik diwartakké nganti tekan ing endi-endi.—Kol. 1:23.

16. Sapa sing isa éntuk manfaat saka surat-suraté Yohanes?

16 Wektu wis tuwa banget, Yohanes éntuk kehormatan kanggo nulis buku Wahyu sing isiné menakjubkan. (Why. 1:1) Dhèwèké nulis Injil Yohanes lan telu surat liyané. Suraté sing ketelu kuwi kanggo sedulur seiman sing jenengé Gayus, sing disayangi Yohanes kaya anaké dhéwé. (3 Yoh. 1) Wektu kuwi, mesthi ana akèh sedulur seiman sing ya disayangi Yohanes kaya anaké dhéwé. Tulisané Yohanes kuwi mesthi marakké murid-muridé Yésus, termasuk awaké dhéwé saiki, ngrasa dikuwatké.

17. Menurut 3 Yohanes 4, apa sing marakké bahagia?

17 Apa sing ditulis Yohanes? (Wacanen 3 Yohanes 4.) Ing suraté sing ketelu, Yohanes nyebutké nèk dhèwèké bahagia wektu ndelok para sedulur manut karo Yéhuwah. Wektu kuwi, ana wong-wong sing nyebarké ajaran palsu lan marakké jemaat ora rukun. Tapi, ana sedulur-sedulur sing ”terus manut karo apa sing bener”. Meréka manut Yéhuwah lan ”terus nindakké préntah-préntahé”. (2 Yoh. 4, 6) Merga meréka setya, sing bahagia ora mung Yohanes, tapi ya Yéhuwah.—WB. 27:11.

18. Apa sing isa dipelajari saka kata-katané Yohanes?

18 Pelajarané apa? Terus setya kuwi marakké bahagia. (1 Yoh. 5:3) Kok isa? Merga awaké dhéwé wani nolak apa sing jahat lan manut karo Yéhuwah, Yéhuwah seneng. Terus, merga ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé ya seneng. (WB. 23:15) Para malaékat ing swarga ya seneng. (Luk. 15:10) Awaké dhéwé ya seneng wektu ndelok para sedulur padha tetep setya meskipun dianiaya utawa digodha. (2 Tés. 1:4) Terus wektu donya sing dikuwasani Sétan iki disingkirké, awaké dhéwé bakal seneng merga wis tetep setya karo Yéhuwah.

19. Apa sing dirasakké Rachel wektu mbantu wong-wong sinau Alkitab? (Deloken gambar.)

19 Awaké dhéwé khususé bahagia wektu ngandhani wong liya soal Yéhuwah. Kanggoné Rachel, sing manggon ing Republik Dominika, isa ngajari wong liya soal Yéhuwah kuwi kehormatan sing luar biasa. Wektu nyritakké soal wong-wong sing dhèwèké bantu sinau Alkitab, Rachel ngomong, ”Aku seneng banget wektu ndelok meréka dadi tambah sayang lan ngendelké Yéhuwah lan berupaya nggawé Yéhuwah seneng. Kebahagiaan sing tak rasakké kuwi ngluwihi kabèh upaya lan pengorbananku kanggo ngajari meréka.”

Wektu ngajari wong liya bèn sayang lan manut Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bahagia (Deloken paragraf 19)


MANFAAT NGETRAPKÉ NASÉHATÉ WONG-WONG LANANG SING SETYA

20. Apa sing padha saka awaké dhéwé karo Musa, Daud, lan Yohanes?

20 Jaman lan situasiné Musa, Daud, lan Yohanes mémang béda karo awaké dhéwé. Tapi kaya meréka, awaké dhéwé saiki ya nglayani Gusti Allah sing bener, ndonga karo Yéhuwah, ngendelké Dhèwèké, lan nggolèk tuntunané. Terus kaya meréka, awaké dhéwé ya beriman nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing manut karo Dhèwèké.

21. Apa waé berkahé nèk ngetrapké naséhaté Musa, Daud, lan Yohanes?

21 Ayo manut naséhaté Musa, Daud, lan Yohanes, yaiku terus manut karo Yéhuwah. Nèk ngetrapké kuwi, ana akèh berkah sing bakal ditampa. Awaké dhéwé bakal suksès lan isa urip saklawasé. (PT. 30:20) Awaké dhéwé ya bakal bahagia merga ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng. Yéhuwah bakal ngekèki berkah sing ngluwihi apa sing isa awaké dhéwé bayangké.—Éf. 3:20.

LAGU 129 Terus Setya

a Akèh-akèhé wong Israèl sing ndelok mukjijaté Yéhuwah ing Laut Merah ora mlebu Tanah Perjanjian. (Wi. 14:​22, 23) Yéhuwah wis ngomong nèk kabèh wong lanang sing umuré 20 taun munggah sing wis kedaftar, bakal mati ing padhang belantara. (Wi. 14:29) Tapi, cah-cah enom sing umuré durung nganti 20, terus Yosua, Kalèb, lan wong-wong Lèwi bakal nyabrang Kali Yordan lan mlebu Tanah Perjanjian.—PT. 1:​24-40.

b PENJELASAN GAMBAR: Kiwa: Pas arep mati, Daud ngekèki naséhat kanggo Salomo. Tengen: Ngrasakké kawicaksanané Yéhuwah wektu mèlu Sekolah kanggo Perintis.