Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Yéhuwah Terus Nguwatké Kami Selama Masa Perang lan Masa Damai

Yéhuwah Terus Nguwatké Kami Selama Masa Perang lan Masa Damai

Paul: Kami seneng banget. Wektu kuwi sasi November 1985. Kami lagi numpak pesawat arep lunga ing Liberia, Afrika Barat, kanggo penugasan pertama kami dadi utusan injil. Pesawaté kami mandheg sik ing Senegal. Anne ngomong, ”Sak jam manèh awaké dhéwé tekan Liberia.” Tapi, ngerti-ngerti ana pengumuman nèk ing Liberia lagi ana pembrontakan nglawan pamréntah. Dadi, kabèh penumpang sing arep ing Liberia kudu mudhun saka pesawat. Selama sepuluh dina, kami manggon karo utusan injil ing Senegal. Ing berita dicritakké nèk ing Liberia ana akèh banget sing dipatèni. Pamréntah nglarang wong-wong metu saka omahé pas bengi, lan nèk metu bakal ditémbak.

Anne: Kami dudu wong sing seneng berpetualang. Malah, kèt cilik aku dikenal Si Tukang Panik. Bahkan, arep nyebrang dalan waé aku ndhredheg. Tapi kami wis bertékad tetep mangkat ing Liberia meskipun isa waé ngadhepi bahaya.

Paul: Aku karo Anne padha-padha saka dhaérah ing Inggris bagéan barat. Omahku karo omahé Anne jaraké mung wolung kilomèter. Wong tuwaku selalu nyemangati aku kanggo merintis. Ibuné Anne ya kaya ngono karo Anne. Dadi bar lulus sekolah, kami padha-padha mulai merintis. Meréka seneng banget nèk anak-anaké isa nglayani sepenuh waktu. Pas umur 19, aku diundang nglayani ing Bètel. Terus bar aku nikah karo Anne taun 1982, Anne ya mèlu nglayani ing Bètel.

Wisuda Giléad, 8 September 1985

Anne: Kami seneng nglayani ing Bètel, tapi kami ya péngin ngluaské pelayanan. Pas ing Bètel, merga kerja sama karo para sedulur sing tau dadi utusan injil, kami dadi tambah péngin nglayani ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Selama telung taun, saben bengi kami ndonga karo Yéhuwah bèn isa dadi utusan injil. Kami seneng banget, pas taun 1985, kami diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-79. Terus, kami ditugaské ing Liberia, Afrika Barat.

DIKUWATKÉ PARA SEDULUR

Paul: Sakwisé penerbangan ing Liberia diijinké manèh, kami langsung numpak penerbangan sing pertama. Ing kana, suasanané isih mencekam, lan pas bengi ya isih durung éntuk metu saka omah. Bahkan saking kewedèné, swara ledakan saka knalpot mobil waé marakké wong-wong padha kagèt, terus mlayu kocar-kacir. Bèn isa tenang, saben bengi kami bareng-bareng maca buku Mazmur. Meskipun ngalami kesulitan, kami tetep menikmati nglayani ing kono. Anne saben dina nginjil, nèk aku mbantu ing Bètel. Aku kerja sama karo Sedulur John Charuk. a Aku akèh belajar saka dhèwèké, soalé dhèwèké wis suwé ing Liberia lan ngerti tenan apa waé tantangan lan situasiné para sedulur ing Liberia.

Anne: Sing marakké kami seneng nglayani ing Liberia kuwi merga para sedulur ing kono setya karo Yéhuwah. Meréka ya ramah lan seneng nyambut. Kami langsung akrab karo meréka kaya keluarga dhéwé. Meréka ya seneng ngekèki naséhat sing nyemangati kami. Terus, nginjil ing kono ya nyenengké banget. Wong-wong seneng nampa tamu, lan ora seneng nèk tamuné ndang cepet-cepet bali. Bahkan ing dalan-dalan, wong kerep ngobrol soal Alkitab, dadi biasané kami langsung mèlu nimbrung. Ana akèh banget sing gelem sinau Alkitab nganti kami kewalahan. Nglayani ing kono bener-bener nyenengké.

DIKUWATKÉ YÉHUWAH WEKTU WEDI

Nulungi para sedulur sing ngungsi ing Bètel Liberia, 1990

Paul: Sakwisé patang taun suasanané aman-aman waé, taun 1989 ngerti-ngerti ana perang sipil. Tanggal 2 Juli 1990, dhaérah ing sekitar Bètel wis dikuwasani para pembrontak. Selama telung sasi, kami ora isa ngubungi sapa-sapa, termasuk keluarga lan kantor pusat. Ing endi-endi ana akèh kekerasan, kekacauan, kurang pangan, lan pemerkosaan. Situasi kaya ngono kelakon nganti 14 taun.

Anne: Beberapa suku padha padu lan patèn-patènan. Ing dalan-dalan ana akèh pembrontak sing bersenjata lengkap. Meréka nganggo pakaian sing anèh lan padha njarah omah-omah. Meréka matèni wong kaya matèni pitik. Ing cedhak kantor cabang, ana pos pemeriksaan, lan ing kono ana tumpukan mayaté wong-wong sing dipatèni para pembrontak. Beberapa sedulur ya dipatèni, termasuk loro utusan injil.

Ana suku-suku tertentu sing diincer lan mesthi bakal dipatèni para pembrontak. Nah, para sedulur gelem toh nyawa kanggo nglindhungi sedulur seimané. Sing melakukan kuwi ya termasuk para utusan injil lan anggota keluarga Bètel. Ing Bètel, para sedulur sing ngungsi turuné ing lorong lan ing ruangan-ruangan lantai siji. Terus ya ana wong pitu sing turuné ing kamar kami ing lantai loro.

Paul: Saben dina, para pembrontak ngupaya nrobos mlebu ing Bètel soalé curiga nèk kami ndhelikké wong ing Bètel. Saben ana sing teka, loro sedulur lanang bakal metu ing gerbang kanggo nemoni para pembrontak kuwi. Terus, siji sedulur lanang lan siji sedulur wédok ngawasi saka jendhéla. Nèk keadaané aman, loro sedulur sing ing gerbang bakal ngekèki isyarat tangané ing ngarep. Tapi nèk para pembrontak meksa mlebu, loro sedulur kuwi bakal ngekèki isyarat tangané ing mburi. Terus, loro sedulur sing ngawasi saka jendhéla bakal cepet-cepet mlayu, ngandhani para sedulur liyané bèn ndhelik.

Anne: Beberapa minggu bar kuwi, ana sak kelompok pembrontak sing ngamuk sing berhasil nrobos Bètel. Aku karo siji sedulur wédok ndhelik ing kamar mandi. Ing kono ana lemari sing ana ruang rahasiané. Sedulur wédok kuwi ndhelik ing ruang rahasia kuwi. Para pembrontak sing bersenjata ngetutké aku ing lantai ndhuwur, terus nggedhor-nggedhor lawang kamar mandi. Paul berupaya nyegah meréka lan ngomong, ”Bojoku isih ing njero.” Nah, pas aku nutup lawang lemari sing dienggo ndhelik sedulur wédok mau, swarané rada berisik. Terus, aku kan ya kudu mbalèk-mbalèkké barang-barang sing mauné ditokké. Kuwi marakké para pembrontak dadi curiga. Aku dadi ndhredheg banget. Nèk aku ndhredheg, mengko para pembrontak kuwi mesthi tambah curiga. Makané, aku ndonga. Bar kuwi aku mbukak lawang, lan embuh piyé, perasaanku dadi tenang. Aku dikon minggir, terus salah siji pembrontak kuwi langsung mbukak lemari lan ngglédhah isiné. Tapi dhèwèké ora nemokké apa-apa. Bar kuwi, meréka ngglédhah lotèng lan ruangan-ruangan liyané, tapi ya ora nemokké apa-apa.

DADI KUWAT MERGA NGERTI HARAPAN ING ALKITAB

Paul: Selama berbulan-bulan, kami kekurangan panganan. Bahkan kanggo sarapan waé ora ana. Tapi, ibadah ésuk ing Bètel kuwi kaya sarapan. Merga maca lan mempelajari Alkitab, kami dadi kuwat lan isa terus setya.

Kami kuwatir nèk nganti kentèkan panganan lan ombé. Soalé nèk kuwi nganti entèk, berarti kami kudu metu lan ora isa nglindhungi para sedulur sing ndhelik ing kantor cabang. Tapi, bola-bali Yéhuwah terbukti nyukupi kebutuhan kami ing wektu sing pas lan nganggo cara sing luar biasa. Yéhuwah selalu nggatèkké kami lan nggawé kami tetep tenang.

Keadaan ing Liberia saya suwé saya parah. Tapi, kami isa tetep kuwat merga ngerti harapan ing Alkitab. Para sedulur bola-bali kudu mlayu bèn ora dipatèni. Tapi, meréka terus beriman lan tetep tenang. Ana sing ngomong nèk kuwi kaya ”latihan kanggo ngadhepi sengsara gedhé”. Para pinituwa lan sedulur-sedulur lanang enom padha ngupayakké apa waé kanggo nulungi para sedulur liyané. Wektu melarikan diri kuwi, para sedulur terus saling nulungi, ngupaya sak isa-isané nggawé panggonan bèn isa ngibadah, lan ya nginjil ing dhaérah kono. Meskipun keadaané angèl kaya ngono, para sedulur isa tetep semangat lan tetep kuwat merga terus ngibadah lan nginjil. Wektu arep dikèki bantuan kemanusiaan, sing meréka jaluk dudu klambi, tapi malah tas dienggo nginjil. Kami dadi terharu. Akèh wong sing susah lan trauma merga perang dadi padha gelem ngrungokké kabar apik. Meréka kagum ndelok Seksi Yéhuwah tetep bahagia lan semangat. Para sedulur kuwi kaya cahaya sing bersinar ing petengan. (Mat. 5:​14-16) Merga para sedulur semangat banget, para pembrontak sing kejem kuwi ana sing akhiré dadi Seksi Yéhuwah.

DIKUWATKÉ YÉHUWAH WEKTU KUDU NINGGALKÉ PARA SEDULUR

Paul: Selama 14 taun, kami kudu lunga ninggalké Liberia kuwi nganti ping lima. Sing ping telu mung sedhéla, terus sing ping loro setaun-setaun. Kami ngrasakké kaya sing diomongké siji sedulur wédok sing dadi utusan injil. Dhèwèké ngomong, ”Ing sekolah Giléad, kami dikon menyayangi para sedulur ing tempat penugasan. Dadi wektu kudu ninggalké para sedulur sing lagi ngalami kesulitan, rasané sedhih banget.” Untungé, kami ditugaské ing negara-negara cedhaké Liberia, dadi kami isih isa mbantu para sedulur ing Liberia.

Seneng isa balik ing Liberia, 1997

Anne: Sasi Mei 1996, kami karo loro sedulur liyané numpak mobil duwèké Bètel, lunga ing dhaérah sing luwih aman, sing jaraké 16 kilomèter saka Bètel. Kami nggawa dokumèn-dokumèn penting sing isiné informasi soal kegiatan nginjil ing Liberia. Tapi ngerti-ngerti dhaérah kuwi diserang. Para pembrontak némbakké pistol ing langit, ngendhegké mobil kami, terus nyèrèt aku lan loro sedulur kuwi metu saka mobil. Terus mobilé digawa lunga karo meréka, padahal Paul isih ing mobil. Kami meneng waé saking kagèté. Ngerti-ngerti kami ndelok Paul sing bathuké getihen mlaku marani kami. Kami mikir, ’Adhuh, dhèwèké mesthi ketémbak. Tapi nèk ketémbak, mosok isa mlaku?’ Jebulé, sakdurungé dijorogké metu saka mobil, dhèwèké diantem. Untungé, lukané ora parah.

Ing cedhak kono, ana truk tentara sing isiné kebak wong-wong sing lagi kewedèn. Truk kuwi wis arep mangkat. Kami mèh mèlu, tapi merga wis kebak, kami mung isa nggandhul. Sopiré ngebut banter banget, lan kami mèh tiba. Kami wis mbengok-mbengok njaluk bèn mandheg sedhéla, tapi merga sopiré ya kewedèn, dhèwèké ora gelem mandheg. Untungé, kami isa slamet tekan tujuan. Tapi, kami kesel banget lan sak awak ya gemeteran.

Paul: Klambiné kami reged banget lan ya suwèk-suwèk. Kami ora nyangka nèk isih urip. Benginé, kami turu ing lapangan, cedhak hèlikopter sing kebak bekas témbakan. Sésuk ésuké, kami numpak hèlikopter kuwi ing Sierra Leone. Pas wis tekan, kami bersyukur banget merga isih urip, tapi kami ya kuwatir karo keadaané para sedulur ing Liberia.

DIKUWATKÉ WEKTU NGADHEPI TANTANGAN LIYANÉ

Anne: Ing Sierra Leone, kami manggon ing Bètel ing kutha Freetown. Ing kono, kami aman lan kecukupan. Tapi aku kebayang-bayang terus peristiwa medèni sing tak alami ing Liberia. Bahkan pas awan, aku isa kewedèn banget, ora isa mikir jernih, lan kabèh dadi kétok burem. Pas bengi, aku kerep ngerti-ngerti tangi karo ndhredheg lan gembrobyos. Aku wedi nèk bakal ana sesuatu sing medèni. Aku nganti ora isa ambegan. Pas kuwi, Paul mesthi meluk aku lan ndonga karo aku. Kami nyanyi lagu Kerajaan nganti aku ora ndhredheg manèh. Aku ngrasa nèk kayané aku mèh édan lan ora isa nglayani dadi utusan injil manèh.

Aku ora nyangka nèk minggu kuwi kami nampa loro majalah anyar. Sing pertama, Sedarlah! 8 Juni 1996. Ing kono ana artikel sing judhulé ”Menghadapi Serangan Panik”. Bar maca artikel kuwi, aku dadi ngerti nèk kuwi sing tak alami. Sing keloro, Menara Pengawal 15 Mei 1996. Ing kono ana artikel sing judhulé ”Dari Manakah Mereka Mendapatkan Kekuatan?” Ing artikel kuwi ana gambar kupu-kupu sing sayapé rusak parah. Ing artikel kuwi dijelaské nèk merga bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep nyemangati wong liya meskipun émosiné wis terluka. Kuwi kaya kupu-kupu sing tetep isa mabur lan nggolèk pangan meskipun sayapé rusak parah. Liwat artikel-artikel kuwi, Yéhuwah bener-bener nguwatké aku ing wektu sing pas. (Mat. 24:45) Aku nggolèki artikel-artikel sing kaya ngono, terus kuwi tak kumpulké dadi siji. Suwé-suwé, keadaanku dadi luwih apik.

DIKUWATKÉ WEKTU NGADHEPI PERUBAHAN

Paul: Saben balik ing Liberia, kami seneng banget. Nganti akhir taun 2004, kami wis nglayani ing kono mèh 20 taun. Perangé wis mandheg, lan rencanané, kantor cabang ing Liberia bakal dirénovasi. Tapi ngerti-ngerti, kami éntuk tugas anyar.

Iki perubahan sing ora gampang. Para sedulur ing Liberia wis kaya keluarga kami, lan kami ora péngin ninggalké meréka. Tapi mbiyèn wektu arep mèlu Sekolah Giléad, kami ya kudu ninggalké keluarga, lan wektu kuwi kami wis ngrasakké nèk Yéhuwah mberkahi. Dadi, kami mutuské kanggo nampa tugas anyar iki. Kami ditugaské ing Ghana, negara cedhaké Liberia.

Anne: Kami nangis-nangis wektu arep ninggalké Liberia. Tapi terus ana sedulur lanang lansia sing jenengé Frank sing ngomong nèk kami kudu nglalèkké para sedulur ing Liberia. Maksudé apa? Dhèwèké ngomong, ”Kami ngerti nèk kalian ora bakal nglalèkké kami. Tapi merga Yéhuwah wis nugaské kalian ing Ghana, fokusé kalian saiki kuduné ya sak tulusé ati sayang karo para sedulur ing Ghana.” Mémang, kami durung akèh kenal para sedulur ing Ghana. Tapi omongané Frank marakké kami siap nampa tugas kuwi.

Paul: Ora butuh wektu suwé kanggo akrab karo para sedulur ing Ghana. Ing kana ana akèh banget Seksi Yéhuwah sing setya lan kuwat imané. Kami isa akèh belajar saka meréka. Bar nglayani ing Ghana selama 13 taun, kami éntuk tugas anyar manèh. Kami dikon nglayani ing kantor cabang Afrika Timur ing Kenya. Kami kangen karo para sedulur ing Liberia lan Ghana, tapi kami ya langsung akrab karo para sedulur ing Kenya. Terus, kaya ing Liberia lan Ghana, ing Kenya ya ana akèh banget kegiatané organisasi sing kudu dilakukan.

Karo kanca-kanca anyar ing wilayah cabang Afrika Timur, 2023

SING KAMI PELAJARI SELAMA NGLAYANI SEPENUH WAKTU

Anne: Sakjegé uripku, ana akèh banget kesulitan lan perasaan wedi sing tau tak alami. Nèk pas ngadhepi situasi sing berbahaya lan marakké tertekan, sing lara kuwi ora mung awakku, tapi ya émosiku. Awaké dhéwé ora isa berharap Yéhuwah bakal nggawé mukjijat kanggo nglindhungi awaké dhéwé saka kuwi. Nganti saiki waé, saben krungu swara témbakan, wetengku langsung mual, terus tanganku dadi mati rasa. Tapi aku dadi ngerti nèk aku kudu memanfaatkan kabèh bantuan saka Yéhuwah, termasuk dhukungané para sedulur. Aku ya dadi ngerti nèk aku kudu terus sinau Alkitab, ndonga, ngibadah, lan nginjil. Kuwi carané Yéhuwah nguwatké aku bèn isa terus nglakoni tugasku.

Paul: Kadhang ana sing takon, ”Apa sing paling kalian senengi saka penugasané kalian?” Ana negara sing apik, tapi isa waé ngerti-ngerti keadaané berubah lan dadi berbahaya. Dadi, sing paling kami senengi kuwi dudu negarané, tapi para sedulur ing kana sing dadi kaya keluarga kami. Meskipun latar belakangé béda-béda, merga dadi umaté Yéhuwah, kami padha-padha niru Yéhuwah. Wektu éntuk penugasan, kami pikir nèk kami sing bakal nguwatké para sedulur ing kana, tapi kenyataané malah meréka sing nguwatké kami.

Umaté Yéhuwah sing bersatu ing sak donya kuwi kaya mukjijat saka Yéhuwah. Ora soal ing endi waé, selama isih dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngrasakké suasana sing aman, nyenengké, lan nduwé sedulur sing kaya keluarga. Awaké dhéwé isa yakin nèk terus ngendelké Yéhuwah, Yéhuwah bakal terus nguwatké awaké dhéwé kanggo ngadhepi apa waé.—Flp. 4:13.

a Pengalamané John Charuk ditulis ing The Watchtower 15 Maret 1973.