Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 41

LAGU 13 Ayo Niru Yésus

Sing Dilakukan Yésus Selama 40 Dina Sakdurungé Munggah Swarga

Sing Dilakukan Yésus Selama 40 Dina Sakdurungé Munggah Swarga

”Dhèwèké nemoni murid-muridé saksuwéné 40 dina lan ngomongké soal Kerajaané Gusti Allah.”—KIS. 1:3.

INTI

Niru hal-hal sing dilakukan Yésus selama 40 dina sakdurungé dhèwèké munggah swarga.

1-2. Ana peristiwa apa pas loro muridé Yésus lagi mlaku arep ing Émaus?

 WEKTU kuwi tanggal 16 Nisan 33 M. Murid-muridé Yésus isih padha sedhih banget lan ya wedi merga bar ditinggal mati Yésus. Ana loro muridé Yésus sing lunga saka Yérusalèm arep ing Émaus. Désa Émaus kuwi jaraké kira-kira 11 kilomèter saka Yérusalèm. Meréka kecéwa merga Yésus dipatèni padahal meréka wis berharap nèk Mésias bakal mbébaské wong Yahudi. Tapi ngerti-ngerti, ana sesuatu sing marakké meréka ora sedhih manèh.

2 Pas lagi mlaku, ana wong lanang sing ora meréka kenal sing nyedhaki lan mlaku bareng meréka. Terus, meréka crita soal peristiwa sing bar dialami Yésus. Pertemuan kuwi ora bakal meréka lalèkké. Lha ngapa? Wong lanang kuwi njelaské ”saka tulisané Musa lan kabèh Tulisané Para Nabi” soal ngapa kok Mésias kudu menderita lan mati. Nah, bar tekan Émaus, loro murid kuwi lagi sadhar nèk wong lanang kuwi Yésus sing wis diuripké manèh. Meréka mesthi seneng banget merga Mésias wis urip manèh.—Luk. 24:​13-35.

3-4. (a) Apa sing dilakukan Yésus kanggo murid-muridé, lan apa hasilé? (Kisah 1:3) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Selama 40 dina sakdurungé munggah swarga, Yésus ping bola-bali nemoni murid-muridé. (Wacanen Kisah 1:3.) Selama 40 dina kuwi, Yésus nguwatké murid-muridé sing lagi padha sedhih lan wedi. Akhiré, meréka dadi seneng lan kendel martakké lan mulangké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. a

4 Selama 40 dina sakdurungé munggah swarga, Yésus (1) nyemangati murid-muridé, (2) mbantu meréka luwih paham isiné Kitab Suci, lan (3) nglatih meréka bèn siap nampa tanggung jawab sing luwih gedhé. Awaké dhéwé isa niru contoné Yésus kuwi. Nah, kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.

NYEMANGATI PARA SEDULUR

5. Ngapa kok murid-muridé Yésus butuh disemangati?

5 Murid-muridé Yésus butuh disemangati. Soalé, kanggo dadi muridé Yésus, ana sing kudu ninggalké omahé, keluargané, lan usahané. (Mat. 19:27) Sing liyané ya ana sing diedohi wong-wong ing sekitaré. (Yoh. 9:22) Meréka réla melakukan kuwi kabèh merga percaya nèk Yésus kuwi Mésias sing dijanjèkké. (Mat. 16:16) Tapi wektu Yésus dipatèni, meréka dadi sedhih banget lan patah semangat merga ngrasa nèk sing diharapké ora kelakon.

6. Bar diuripké manèh, Yésus ngapa?

6 Yésus maklum nèk murid-muridé sedhih wektu dhèwèké mati. Yésus ya ngerti nèk meréka sedhih kuwi dudu merga ora nduwé iman. Makané, bar diuripké manèh, Yésus langsung nguwatké murid-muridé. Misalé, dhèwèké nemoni Maria Magdaléna sing lagi nangis ing kuburan. (Yoh. 20:​11, 16) Kaya sing dicritakké ing paragraf awal, Yésus ya nemoni loro muridé sing lagi mlaku ing Émaus. Terus, Yésus ya nemoni Rasul Pétrus. (Luk. 24:34) Nah, apa sing dilakukan Yésus wektu nemoni Maria Magdaléna, lan piyé awaké dhéwé isa niru contoné Yésus?

7. Kaya sing dicritakké ing Yohanes 20:​11-16, Yésus ndelok Maria lagi ngapa, terus Yésus ngapa? (Deloken gambar.)

7 Wacanen Yohanes 20:​11-16. Tanggal 16 Nisan, wektu isih ésuk banget, ana wong-wong wédok sing mara ing kuburané Yésus. (Luk. 24:​1, 10) Salah sijiné kuwi Maria Magdaléna. Pas Maria tekan ing kuburan, jebulé kuburané kosong. Maria langsung mlayu ngandhani Pétrus lan Yohanes. Terus bar kuwi, wong telu kuwi mlayu ing kuburan. Bar ndelok nèk mayaté Yésus mémang ora ana tenan ing kono, Pétrus karo Yohanes bali. Tapi, Maria tetep ing kono karo nangis. Maria ora ngerti nèk Yésus lagi ndeloki dhèwèké. Merga ndelok Maria nangis, Yésus péngin menghibur dhèwèké. Dadi, Yésus langsung nemoni Maria, terus ngekèki dhèwèké tugas sing penting yaiku ngandhani sedulur-seduluré nèk Yésus wis urip manèh. Meskipun tugas kuwi kétoké sepélé, tapi Maria mesthi ngrasa dikuwatké.—Yoh. 20:​17, 18.

Awaké dhéwé isa niru Yésus nèk nggatekké lan berupaya nyemangati para sedulur sing lagi patah semangat (Deloken paragraf 7)


8. Piyé carané niru Yésus?

8 Carané niru Yésus. Wektu nyemangati para sedulur, sakjané awaké dhéwé lagi niru Yésus. Bèn isa kaya ngono, kudu nggatèkké, berupaya memahami perasaané, lan menghibur meréka. Gatèkna pengalamané Sedulur Jocelyn, sing adhiné wédok mati merga kecelakaan tragis. Jocelyn ngomong, ”Selama berbulan-bulan, aku sedhih terus.” Tapi, ana sedulur lanang karo bojoné sing ngundang Jocelyn ing omahé, ngrungokké tenanan wektu Jocelyn crita, lan ngyakinké nèk Jocelyn berharga kanggo Yéhuwah. Jocelyn crita manèh, ”Sakjané aku wis putus asa banget, kaya tenggelam ing laut sing kena badai. Tapi liwat meréka, Yéhuwah seolah-olah nylametké aku. Meréka mbantu bèn aku semangat manèh.” Awaké dhéwé ya isa nyemangati para sedulur nèk gelem menghibur lan ngrungokké tenanan wektu meréka nyritakké perasaané. Hasilé, meréka isa tetep semangat nglayani Yéhuwah.—Rm. 12:15.

MBANTU WONG LIYA MIKIR BERDASARKAN AYAT ALKITAB

9. Apa sing lagi diadhepi murid-muridé Yésus, lan piyé Yésus mbantu meréka?

9 Murid-muridé Yésus percaya karo Kitab Suci lan ngupaya tenanan ngetrapké isiné. (Yoh. 17:6) Tapi, meréka bingung ngapa kok Yésus matiné kaya penjahat. Yésus ngerti nèk meréka dadi ragu-ragu kuwi dudu merga ora nduwé iman, tapi merga durung bener-bener paham isiné Kitab Suci. (Luk. 9:​44, 45; Yoh. 20:9) Makané, Yésus mbantu meréka bèn isa paham tenan. Nah, Yésus mbantuné piyé? Gatèkna sing dhèwèké lakukan wektu nemoni loro murid sing arep ing Émaus.

10. Piyé carané Yésus mbantu murid-muridé bèn paham nèk Yésus kuwi bener-bener Mésias? (Lukas 24:​18-27)

10 Wacanen Lukas 24:​18-27. Bar ketemu loro murid kuwi, Yésus ora langsung ngomong nèk dhèwèké kuwi Yésus, tapi malah takon-takon. Lha ngapa? Mungkin Yésus péngin ngerti apa sing lagi meréka pikirké utawa rasakké. Terus, murid-murid kuwi crita nèk meréka sakjané wis berharap Yésus bakal mbébaské bangsa Israèl saka wong Romawi. Sakwisé meréka rampung crita, Yésus nerangké saka Kitab Suci bèn meréka paham ramalan-ramalan sing wis kelakon. b Terus benginé, Yésus nemoni murid-murid liyané lan ya njelaské soal kuwi karo meréka. (Luk. 24:​33-48) Apa pelajarané?

11-12. (a) Piyé carané niru Yésus wektu ngajari soal Alkitab? (Deloken gambar.) (b) Piyé carané guru Alkitabé Nortey mbantu Nortey?

11 Carané niru Yésus. Wektu mbantu sing sinau Alkitab, kèkana pertanyaan-pertanyaan bèn ngerti perasaané lan sing lagi dipikirké. (WB. 20:5) Bar wis ngerti perasaané, ajarana carané nggolèki ayat sing cocog karo situasiné. Tapi kudu éling, aja ngongkon-ngongkon dhèwèké kudu piyé. Bantunen dhèwèké mikir berdasarkan ayat-ayat Alkitab lan mikirké carané ngetrapké. Gatèkna pengalamané Sedulur Nortey saka Ghana.

12 Nortey mulai sinau Alkitab umur 16. Meskipun ditentang keluargané, dhèwèké tetep sinau Alkitab. Apa sing marakké dhèwèké terus sinau Alkitab? Guru Alkitabé ngejak Nortey mbahas Matius bab 10 sing njelaské nèk wong Kristen bakal dianiaya. Nortey ngomong, ”Dadi wektu keluargaku mulai nentang, aku malah yakin nèk iki sing bener.” Guru Alkitabé ya ngejak Nortey mikir berdasarkan Matius 10:​16, bèn Nortey ngerti nèk wektu njelaské kepercayaané karo keluargané kuwi kudu alus, ngajèni, lan aja nganti marakké padu. Bar baptis, Nortey péngin merintis, tapi bapaké ngongkon dhèwèké kuliah. Guru Alkitabé ora ngongkon-ngongkon Nortey kudu piyé, tapi ngekèki pertanyaan-pertanyaan bèn Nortey mikirké pathokan ing Alkitab. Apa hasilé? Nortey akhiré milih merintis, meskipun diusir saka omahé. Bar ngalami kuwi kabèh, Nortey ngomong, ”Aku yakin nèk wis nggawé keputusan sing bener.” Dadi, nèk mbantu wong liya mikir berdasarkan Alkitab, awaké dhéwé mbantu dhèwèké bèn dadi wong Kristen sing imané kuwat.—Éf. 3:​16-19.

Awaké dhéwé isa niru Yésus nèk mbantu wong liya mikir berdasarkan ayat Alkitab (Deloken paragraf 11) e


NGLATIH SEDULUR-SEDULUR LANANG BÈN NDUWÉ TANGGUNG JAWAB ING JEMAAT

13. Bèn tugas-tugas saka Yéhuwah isa tetep dirampungké sakwisé Yésus munggah swarga, apa sing dilakukan Yésus? (Éfésus 4:8)

13 Selama ing bumi, Yésus terbukti isa ngrampungké tugas-tugas saka Bapaké. (Yoh. 17:4) Tapi, Yésus ora tau mikir nèk kabèh tugas kuwi mung bakal isa berhasil nèk dhèwèké sing ngerjakké. Selama telung taun setengah, Yésus nglatih sing liyané. Sakdurungé munggah swarga, Yésus mercayakké murid-muridé tugas kanggo martakké kabar apik lan ngopèni domba-dombané Yéhuwah, padahal murid-muridé kuwi ana sing umuré isih 20-an. (Wacanen Éfésus 4:8.) Meréka wis kerja keras lan terbukti setya karo Yésus. Tapi, selama 40 dina sakdurungé munggah swarga, Yésus nglatih meréka bèn meréka akhiré isa dadi kaya ”hadiah” saka Yéhuwah. Nglatihé piyé?

14. Selama 40 dina sakdurungé munggah swarga, apa waé sing dilakukan Yésus kanggo ngajari murid-muridé? (Deloken gambar.)

14 Yésus terus terang lan apikan wektu ngekèki naséhat murid-muridé. Misalé, Yésus ngekèki naséhat wektu murid-muridé ana sing isih ragu-ragu nèk Yésus wis diuripké manèh. (Luk. 24:​25-27; Yoh. 20:27) Yésus ya ngandhani nèk nggatèkké domba-dombané Yéhuwah kuwi luwih penting timbang ngurusi bisnis. (Yoh. 21:15) Yésus ya ngélingké bèn meréka ora seneng mbandhing-mbandhingké upayané meréka kanggo Yéhuwah karo upayané wong liya. (Yoh. 21:​20-22) Terus, wektu murid-muridé nduwé pandhangan sing salah soal Kerajaané Gusti Allah, Yésus ngélikké meréka lan ngandhani bèn meréka luwih fokus ing kegiatan nginjil. (Kis. 1:​6-8) Piyé para pinituwa niru Yésus?

Para pinituwa isa niru Yésus nèk nglatih sedulur-sedulur lanang bèn isa nampa luwih akèh tanggung jawab (Deloken paragraf 14)


15-16. (a) Piyé carané para pinituwa niru Yésus? Terangna. (b) Apa manfaat naséhaté pinituwa kanggo Patrick?

15 Carané pinituwa niru Yésus. Para pinituwa kudu nglatih sedulur-sedulur lanang, termasuk sing isih enom, bèn sedulur-sedulur kuwi mengko akhiré isa nduwé luwih akèh tanggung jawab ing organisasi. c Wektu nglatih, para pinituwa ya kudu éling nèk sedulur-sedulur kuwi mungkin isih akèh kurangé. Makané, meréka kudu kerep ngekèki naséhat, tapi carané sing apikan. Dadi, sedulur-sedulur kuwi isa belajar rendah hati, isa diendelké, lan réla nglayani sedulur-sedulur liyané.—1 Tim. 3:1; 2 Tim. 2:2; 1 Ptr. 5:5.

16 Sedulur Patrick éntuk manfaat saka naséhat. Pas remaja, dhèwèké kuwi kasar, bahkan karo sedulur-sedulur wédok. Ana pinituwa sing nggatèkké, terus ngekèki naséhat sing terus terang, tapi carané apikan. Patrick crita, ”Aku bersyukur pinituwa kuwi naséhati aku. Mbiyèn, nèk ana sedulur lanang sing éntuk tugas tambahan sing tak péngini, aku ora seneng. Tapi, pinituwa kuwi ngekèki naséhat bèn aku rendah hati lan luwih sayang karo para sedulur. Aku dadi ngerti nèk hal-hal kuwi luwih penting timbang tugas-tugas tambahan utawa tanggung jawab ing organisasi.” Merga ngetrapké naséhat kuwi, pas umuré 23 taun, Patrick akhiré isa dadi pinituwa.—WB. 27:9.

17. Apa buktiné nèk Yésus yakin karo para muridé?

17 Tugas saka Yésus kanggo murid-muridé kuwi ora mung kanggo martakké kabar apik thok, tapi ya mulang. (Deloken keterangan tambahan ”ajarlah mereka” ing Matius 28:20 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru Edisi Pelajaran.) Para murid isa waé ngrasa ora trampil melakukan tugas kuwi. Tapi, Yésus yakin nèk meréka isa. Malah saking yakiné Yésus nganti ngomong, ”Kaya Bapak wis ngutus aku, aku ya bakal ngutus kowé.”—Yoh. 20:21.

18. Apa manèh carané pinituwa niru Yésus?

18 Carané pinituwa niru Yésus. Para pinituwa sing berpengalaman isa mercayakké beberapa tugas utawa tanggung jawab bèn dikerjakké sedulur liya. (Flp. 2:​19-22) Misalé, isa ngejak cah-cah enom ngresiki lan ngrawat Balai Ibadah. Bar ngekèki tugas, para pinituwa isa ngandhani carané, terus percaya nèk sing dikèki tugas kuwi isa ngrampungké tugasé. Pinituwa anyar sing jenengé Matthew ngomong nèk dhèwèké wis ngrasakké dhéwé manfaaté pelatihan saka pinituwa sing wis berpengalaman. Dhèwèké diajari macem-macem tugas ing jemaat lan dipercaya ngrampungké tugas kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Wektu aku nggawé salah, meréka nganggep nèk kuwi carané aku isa belajar lan mengko isa dadi luwih apik manèh.” d

19. Apa tékadé awaké dhéwé?

19 Selama 40 dina sakdurungé munggah swarga, Yésus wis nyemangati, mulang, lan nglatih wong liya. Ayo bertékad kanggo niru contoné Yésus. (1 Ptr. 2:21) Yésus mesthi bakal mbantu awaké dhéwé, soalé dhèwèké wis janji, ”Aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman”.—Mat. 28:20.

LAGU 15 Muji Anaké Yéhuwah

a Ing Injil lan beberapa buku Alkitab liyané, ditulis nèk Yésus bola-bali nemoni murid-muridé bar diuripké manèh. Misalé, Maria Magdaléna (Yoh. 20:​11-18), wong-wong wédok liyané (Mat. 28:​8-10; Luk. 24:​8-11), 2 murid (Luk. 24:​13-15), Pétrus (Luk. 24:34), para rasul kecuali Tomas (Yoh. 20:​19-24), para rasul termasuk Tomas (Yoh. 20:26), 7 murid (Yoh. 21:​1, 2), luwih saka 500 murid (Mat. 28:16; 1 Kor. 15:6), Yakobus seduluré (1 Kor. 15:7), kabèh rasul (Kis. 1:4), lan rasul-rasulé sing ana ing cedhak Bétani. (Luk. 24:​50-52) Sakliyané peristiwa-peristiwa kuwi, mungkin Yésus ya tau nemoni murid-muridé tapi peristiwané ora ditulis ing Alkitab.—Yoh. 21:25.

b Nèk péngin ngerti ramalan-ramalan liyané soal Mésias, deloken artikel ing jw.org sing judhulé ”Apa Yésus Kuwi Mémang Mésias sing Diramalké?

c Sedulur-sedulur lanang sing memenuhi syarat, sing umuré 25-30 taun, ya isa dadi pinituwa wilayah. Tapi, meréka kudu nduwé pengalaman sik dadi pinituwa.

d Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh soal nglatih sedulur-sedulur lanang enom bèn isa éntuk tanggung jawab ing jemaat, deloken Warta Penting Agustus 2018 halaman 13-14, paragraf 15-17, lan Menara Pengawal 15 April 2015, halaman 3-8, 9-13.

e PENJELASAN GAMBAR: Bar dijak mikir berdasarkan ayat ing Alkitab, sing sinau Alkitab mutuské kanggo mbuwang pernak pernik Natalé.