Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pertanyaan saka Pembaca

Pertanyaan saka Pembaca

Dhuwuré serambi ing bait sing dibangun Salomo kuwi pira?

Sakdurungé mlebu Ruang Suci, ing bagéan ngarep bait, ana sing jenengé serambi. Menurut édhisi Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar sing terbit sakdurungé taun 2023, ”serambi ing ngarep omah kuwi dawané 20 hasta, padha kaya ambané omah kuwi, lan dhuwuré 120”. (2 Bb. 3:4) Terjemahan liya ya nyebutké nèk serambi kuwi dhuwuré ”120 hasta”, utawa kira-kira 53 mèter.

Tapi, ing Terjemahan Donya Anyar cétakan taun 2023 disebutké nèk ’dhuwuré 20 hasta’, utawa kira-kira 9 mèter. a Ngapa kok terjemahané disesuaikké kaya ngono? Ana beberapa alesané.

Ing 1 Raja 6:3 ora disebutké dhuwuré serambi kuwi. Yérémia, sing nulis ayat kuwi, mung nyebutké dawané lan ambané serambi kuwi, tapi ora nyebutké dhuwuré. Terus ing bab 7, Yérémia nyritakké rincian-rincian saka bagéan liyané ing bait kuwi, termasuk Laut Tembaga, grobag sepuluh, lan loro cagak tembaga sing ana ing ngarep serambi bait. (1 Raj. 7:​15-37) Nèk serambi kuwi dhuwuré mémang luwih saka 50 mèter, ngluwihi kabèh bagéan ing bait, Yérémia ya mesthi bakal nyebutké kuwi. Atusan taun bar kuwi, para ahli sejarah Yahudi nulis nèk serambi kuwi dhuwuré ora ngluwihi bagéan-bagéan liyané saka bait.

Para ahli mikir nèk ora mungkin témboké bait isa nopang serambi sing dhuwuré 120 hasta. Jaman mbiyèn, bangunan saka watu lan bata sing dhuwur banget, kaya gerbang kuil ing Mesir, kuwi bagéan ngisoré mesthi luwih amba timbang ndhuwuré. Tapi, bait sing dibangun Salomo ora kaya ngono. Menurut para ahli, témboké bait kuwi kandelé mung 6 hasta, utawa 2,7 mèter. Makané, ahli sejarah soal bangunan sing jenengé Theodor Busink nyimpulké, ”Nèk ndelok kandelé témbok [pintu masuk bait], [dhuwuré] serambiné ora mungkin 120 hasta.

Isa waé, tau ana kesalahan wektu nyalin kata-kata ing 2 Babad 3:4. Meskipun ing beberapa naskah kuna nyebuté ”120”, tapi ing naskah-naskah liyané sing isa dipercaya, kaya Kodeks Aleksandrinus saka abad kelima lan Kodeks Ambrosianus saka abad keenem, ing ayat kuwi disebuté ”20 hasta”. Ngapa kok para penyalin isa salah nulis dadi ”120”? Soalé, ing basa Ibrani, kata ”atus” lan ”hasta” kuwi mirip banget. Dadi, penyalin isa waé salah nulis dadi ”120”, padahal kuduné ”20 hasta”.

Ya mémang, awaké dhéwé péngin memahami rincian-rincian soal bagéan-bagéan ing baité Salomo. Tapi sakjané, sing luwih penting kuwi isa memahami apa sing digambarké karo bait kuwi, yaiku bait rohaniné Yéhuwah. Awaké dhéwé bersyukur banget merga Yéhuwah ngundang kabèh umaté kanggo ngibadah ing bait rohaniné.—Ibr. 9:​11-14; Why. 3:12; 7:​9-17.

a Ing ayat kuwi, ana cathetan ngisor sing isiné, ”Menurut beberapa naskah kuna, ukurané ’120’. Tapi ing naskah lan terjemahan liyané ukurané ’20 hasta’.”