Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 32

Percaya Nèk Pencipta Kuwi Ana

Percaya Nèk Pencipta Kuwi Ana

”Iman kuwi . . . bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana.”​—IBR. 11:1.

LAGU 11 Kabèh sing Digawé Ngluhurké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Njenengan wis diajari apa waé soal Yéhuwah?

NÈK wong tuwané njenengan Seksi Yéhuwah, njenengan mesthi wis ngerti soal Yéhuwah kèt cilik. Njenengan wis diajari nèk Yéhuwah kuwi Sang Pencipta, Gusti Allah sing apikan, lan sukmbèn bakal nggawé bumi iki dadi Firdaus.​—PD. 1:1; Kis. 17:24-27.

2. Wong-wong sing percaya karo Gusti Allah isa waé dianggep apa?

2 Tapi, akèh sing ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Wong-wong kuwi percaya nèk makhluk hidup sing ana saiki asalé saka sesuatu sing cilik banget. Tapi, kuwi ora ana sing nyiptakké lan ujug-ujug ana dhéwé. Terus, kuwi berkembang lan suwé-suwé dadi akèh jenisé kaya saiki. Malah, wong-wong sing sekolahé dhuwur ya akèh sing percaya karo pandhangan kuwi. Wong-wong kuwi kandha nèk ilmu pengetahuan wis nduduhké nèk Alkitab kuwi klèru. Wong-wong kuwi ya nganggep nèk wong-wong sing percaya karo Gusti Allah kuwi wong sing bodho lan gampang diapusi.

3. Kenapa awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn bener-bener yakin nèk Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé?

3 Apa pandhangan kuwi nggawé awaké dhéwé dadi ragu-ragu nèk Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé? Bèn ora ragu-ragu, awaké dhéwé isa mikirké iki: Kenapa awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah kuwi Sang Pencipta? Apa merga awaké dhéwé diajariné kaya ngono utawa merga wis mbuktèkké dhéwé? (1 Kor. 3:12-15) Ora soal wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn bener-bener yakin nèk Yéhuwah kuwi Sang Pencipta. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal terpengaruh karo wong-wong sing ora percaya karo Alkitab. (Kol. 2:8; Ibr. 11:6) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: (1) Kenapa akèh wong sing ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana? (2) Piyé carané bèn awaké dhéwé percaya nèk ana Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé? (3) Piyé carané bèn tetep nduwé iman sing kuwat karo Gusti Allah?

KENAPA AKÈH WONG ORA PERCAYA NÈK GUSTI ALLAH KUWI ANA

4. Nurut Ibrani 11:1, iman kuwi butuh apa?

4 Ana sing ngira nèk wong sing nduwé iman kuwi pokoké ya kudu percaya waé. Tapi nèk nurut Alkitab, iman kuwi ora kaya ngono. (Wacanen Ibrani 11:1.) Alkitab kandha nèk iman kuwi kudu ana dhasaré. Dadi, meskipun awaké dhéwé ora isa ndelok Yéhuwah, Yésus, utawa Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé nduwé bukti nèk kuwi kabèh bener-bener ana. (Ibr. 11:3) Ana ilmuwan sing dadi Seksi Yéhuwah sing kandha kaya ngéné, ”Kabèh sing dipercayani Seksi Yéhuwah kuwi ana dhasaré, lan Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi sakjané ya percaya karo ilmu pengetahuan.”

5. Kenapa akèh sing ora percaya nèk kabèh kuwi ana sing nyiptakké?

5 Nèk wis ana bukti sing jelas, kenapa akèh sing ora percaya nèk kabèh kuwi ana sing nyiptakké? Wong-wong kuwi ora percaya merga ora mriksa dhéwé bukti-buktiné. Robert sing saiki dadi Seksi Yéhuwah kandha, ”Kèt cilik, aku ngertiné kabèh sing ana ing donya iki ora ana sing nyiptakké. Kuwi sing diajarké ing sekolahku. Tapi pas umurku 22, ana Seksi Yéhuwah sing njelaské saka Alkitab nèk kabèh sing ana iki diciptakké karo Gusti Allah. Penjelasan kuwi masuk akal. Akhiré, aku dadi yakin nèk Pencipta kuwi ana.” *—Deloken kothak ” Wong Tuwa Kudu Mbantu Anak-anaké”.

6. Kenapa akèh wong ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana?

6 Ana wong-wong sing percaya nèk Gusti Allah kuwi ora ana merga Gusti Allah ora kétok. Tapi, wong-wong kuwi percaya nèk angin kuwi ana, padahal kuwi ya ora kétok. Sakjané, awaké dhéwé isa percaya nèk Gusti Allah kuwi ana merga wis ana ”bukti sing nyata”. (Ibr 11:1) Mémang, butuh wektu lan upaya bèn isa ngerti bukti-bukti kuwi. Tapi, akèh wong biasané males sinau lan akhiré nganggep nèk Gusti Allah kuwi ora ana.

7. Apa kabèh ilmuwan ora percaya nèk Gusti Allah sing nyiptakké alam semesta? Jelasna.

7 Sakwisé nggatèkké bukti-buktiné, ana ilmuwan sing yakin nèk alam semesta iki diciptakké karo Gusti Allah. * Kaya Robert sing disebutké mau, wong-wong kuwi awalé nganggep nèk Pencipta kuwi ora ana merga kuwi ora diajarké pas kuliah. Senajan ngono, wong-wong kuwi akhiré isa kenal lan cedhak karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Ora soal apa latar belakang pendidikané, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa percaya nèk Gusti Allah kuwi ana.

CARANÉ BÈN PERCAYA NÈK GUSTI ALLAH KUWI ANA

8-9. (a) Apa sing bakal dirembug? (b) Apa manfaaté nèk nggatèkké ciptaan sing ana ing sekitaré awaké dhéwé?

8 Piyé bèn njenengan percaya nèk Gusti Allah kuwi ana? Carané ana papat. Saiki ayo ngrembug siji-siji.

9 Nggatèkké sing ana ing sekitaré awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa percaya nèk Gusti Allah kuwi ana nèk nggatèkké kéwan-kéwan, tanduran, lan bintang-bintang. (Mzm. 19:1; Yés. 40:26) Semakin akèh sing dipelajari, awaké dhéwé isa semakin yakin nèk Yéhuwah kuwi Penciptané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa maca artikel-artikel saka organisasiné awaké dhéwé sing mbahas soal ciptaan. Nèk ora isa langsung paham, ora apa-apa. Njenengan isa nyoba maca kuwi alon-alon. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ndelok vidéo-vidéo soal ciptaan sing tau disetèl ing pertemuan gabungan wilayah. Vidéo-vidéo kuwi ana ing jw.org.

10. Wènèhana conto sing mbuktèkké nèk Pencipta kuwi ana. (Roma 1:20)

10 Wektu nggatèkké kabèh sing ana ing sekitaré awaké dhéwé, awaké dhéwé isa ngerti akèh soal Sang Pencipta. (Wacanen Roma 1:20.) Contoné matahari. Mémang, panas lan sinar matahari kuwi ana manfaaté kanggo manungsa. Tapi, sinar kuwi isa bahaya nèk kena langsung ing manungsa. Makané, ing bumi iki ana lapisan gas sing isa nglindhungi bumi saka sinar kuwi, sing disebut ozon. Semakin akèh sinar matahari sing mlebu ing bumi, lapisan ozon ya saya akèh. Nurut njenengan, apa ya mungkin nèk kuwi kabèh ujug-ujug ana dhéwé? Mesthiné ora, ta? Kabèh kuwi mesthi ana sing ngrancang. Terus, sing ngrancang kuwi mesthi pinter lan sayang karo manungsa.

11. Piyé carané bèn isa éntuk informasi sing isa mbantu awaké dhéwé bèn percaya nèk Pencipta kuwi ana? (Deloken kothak ” Informasi sing Mbantu Bèn Percaya Nèk Pencipta Kuwi Ana”.)

11 Ana akèh informasi sing isa mbantu awaké dhéwé bèn percaya nèk Pencipta kuwi ana. Kuwi isa digolèki ing Indeks Publikasi Menara Pengawal. Njenengan ya isa maca artikel utawa nonton vidéo ing jw.org ing bagian ”Apa Iki Dirancang?” Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk saben kéwan lan tanduran kuwi nduwé kemampuan sing hébat. Ing kono ya dijelaské nèk para ilmuwan péngin niru kemampuané kéwan lan tanduran kuwi bèn isa nggawé alat-alat sing luwih canggih.

12. Pas sinau Alkitab, awaké dhéwé isa ngrenungké apa waé?

12 Sinau Alkitab. Ilmuwan sing disebutké ing paragraf 4 mau awalé ora percaya nèk kabèh kuwi ana merga diciptakké Gusti Allah. Tapi akhiré, pandhangané berubah. Kok isa? Dhèwèké kandha, ”Sing nggawé aku percaya kuwi ora mung saka ilmu pengetahuan sing tak pelajari thok, ning ya merga aku sinau Alkitab tenanan.” Mungkin njenengan wis ngerti soal Alkitab. Tapi, njenengan kudu terus sinau Alkitab bèn yakin nèk Gusti Allah kuwi Penciptané awaké dhéwé. (Yos. 1:8; Mzm. 119:97) Pas sinau Alkitab, coba gatèkna bukti-bukti sing nduduhké nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah. Misalé, meskipun sing nulis Alkitab kuwi béda-béda tapi isiné ora ana sing bertentangan. Terus, pas maca kisah-kisah ing Alkitab, gatèkna keterangan sing lengkap sing disebutké ing kana. Sakliyané kuwi, coba renungna ramalan-ramalané Alkitab sing wis kelakon. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah lan nèk Gusti Allah kuwi Pencipta sing wicaksana lan sayang karo awaké dhéwé. *2 Tim. 3:14; 2 Ptr. 1:21.

13. Sebutna conto sing nduduhké nèk manut karo naséhaté Alkitab kuwi ana manfaaté.

13 Pas sinau Alkitab, awaké dhéwé ya perlu mikirké apa manfaaté nèk manut karo naséhaté Alkitab. Misalé, ing Alkitab disebutké nèk wong sing péngin banget dadi sugih bakal ngalami ”akèh kesusahan”. (1 Tim. 6:9, 10; WB. 28:20; Mat. 6:24) Apa naséhat kuwi isih cocog kanggo jaman saiki? Ana buku sing mbahas soal sikapé wong-wong jaman saiki sing nyebutké ngéné, ”Wong-wong sing nganggep nèk dhuwit kuwi sing paling penting biasané malah strès lan ora bahagia. Terus, wong-wong sing péngin nduwé dhuwit luwih akèh ya isa lara-laranen.” Dadi, awaké dhéwé isa éntuk manfaat nèk urip sederhana kaya naséhaté Alkitab. Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa njenengan ya wis ngrasakké dhéwé manfaaté merga ngetrapké naséhaté Alkitab? Nèk mikirké manfaaté ngetrapké naséhaté Alkitab, awaké dhéwé isa ngrasakké nèk Gusti Allah kuwi perduli karo awaké dhéwé, lan awaké dhéwé ya bakal gelem manut karo naséhat-naséhaté. (Yak. 1:5) Hasilé, uripé awaké dhéwé bakal bahagia.​—Yés. 48:17, 18.

14. Nèk sinau Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

14 Pas sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu nduwé tujuan sing bener, yaiku bèn luwih kenal karo Yéhuwah. (Yoh. 17:3) Pas nggatèkké ciptaan sing ana ing sekitaré awaké dhéwé, awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Padha kaya ngono, pas sinau Alkitab, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan lan sayang karo awaké dhéwé. Sipat-sipaté Yéhuwah kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah bener-bener ana. (Pa. 34:6, 7; Mzm. 145:8, 9) Nèk wis kenal karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal percaya, tambah sayang, lan dadi sahabaté Yéhuwah.

15. Apa manfaaté nèk nyritakké apa sing wis dipelajari?

15 Sakwisé sinau, apa sing dipelajari kuwi kudu dicritakké karo wong liya. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi semakin percaya karo Yéhuwah. Tapi piyé nèk wong sing dikandhani ora percaya karo Gusti Allah, lan awaké dhéwé ora ngerti kudu njelaské piyé? Awaké dhéwé isa nggolèk penjelasan sing dhasaré Alkitab saka bacaané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa takon karo sedulur sing luwih pengalaman. Terus nèk wis ngerti jawabané, awaké dhéwé isa nyampèkké karo wongé. (1 Ptr. 3:15) Ora soal piyé tanggepané wong kuwi, awaké dhéwé tetep éntuk manfaat merga isa tambah yakin nèk Gusti Allah kuwi ana. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal percaya karo wong sing kétoké pinter tapi kandha nèk Gusti Allah ora ana.

TETEP NDUWÉ IMAN SING KUWAT KARO GUSTI ALLAH

16. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn nduwé iman sing kuwat?

16 Ora soal sepira suwéné wis nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn nduwé iman sing kuwat. Apa sebabé? Kaya sing wis dirembug mau, awaké dhéwé butuh bukti nèk Gusti Allah kuwi bener-bener ana merga Gusti Allah kuwi ora kétok. Nèk ora nduwé bukti sing kuwat, awaké dhéwé suwé-suwé isa ragu-ragu nèk Gusti Allah kuwi bener-bener ana. Kuwi sebabé, Paulus kandha nèk perasaan ragu-ragu utawa kurang iman kuwi ”dosa sing isa njerat awaké dhéwé”. (Ibr. 12:1) Dadi, piyé carané bèn imané awaké dhéwé tetep kuwat?​—2 Tés. 1:3.

17. Apa salah siji cara bèn isa nduwé iman sing kuwat?

17 Pertama, kudu kerep njaluk roh suciné Yéhuwah. Kenapa kuwi penting? Alkitab kandha nèk wong sing dituntun roh suci bakal nduwé iman. (Gal. 5:22, 23) Dadi, awaké dhéwé ora isa nduwé iman nèk ora njaluk bantuané roh suci. Yéhuwah ya janji nèk awaké dhéwé njaluk, Dhèwèké bakal mènèhi roh suciné. (Luk. 11:13) Mula pas ndonga, awaké dhéwé isa ngomong, ”Tulung bantunen bèn imanku isa luwih kuwat.”​—Luk. 17:5.

18. Kaya sing disebutké ing Mazmur 1:2, 3, awaké dhéwé wis diwènèhi hadiah apa karo Yéhuwah?

18 Keloro, rajin sinau Alkitab. (Wacanen Mazmur 1:2, 3.) Pas jamané bangsa Israèl, sing isa nduwé salinan Hukum Taurat kuwi mung raja lan para imam. Tapi saben pitung taun, ”wong lanang, wong wédok, bocah-bocah”, lan wong asing sing manggon ing Israèl dikumpulké bèn isa ngrungokké wektu Hukum kuwi diwacakké. (PT. 31:10-12) Pas jamané Yésus, gulungan Kitab Suci mung ana ing sinagogé, lan ora kabèh wong isa nduwé kuwi. Ning saiki béda, merga kabèh wong isa maca Alkitab. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga wis diwènèhi hadiah iki karo Yéhuwah. Terus, piyé carané nduduhké rasa syukuré awaké dhéwé?

19. Piyé carané bèn isa nduwé iman sing kuwat?

19 Kanggo nduduhké rasa syukuré awaké dhéwé, awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina. Tapi, awaké dhéwé ora péngin maca Alkitab nèk pas nduwé wektu thok. Awaké dhéwé kudu nduwé jadwal kanggo maca lan sinau Alkitab. Nèk maca Alkitab saben dina lan sinauné teratur, awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat.

20. Awaké dhéwé kudu nduwé tékad apa?

20 Ora kaya wong-wong sing ”wicaksana lan pinter” ing donya iki, awaké dhéwé isa percaya karo Gusti Allah merga sinau Alkitab. (Mat. 11:25, 26) Merga sinau Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti kenapa ana semakin akèh masalah ing donya iki lan piyé carané Yéhuwah nyingkirké kuwi kabèh. Mula, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn isa nduwé iman sing kuwat lan mbantu sak akèh-akèhé wong bèn isa kenal karo Sang Pencipta. (1 Tim. 2:3, 4) Awaké dhéwé mesthi péngin terus nglayani Yéhuwah bèn isa ndelok pas sukmbèn kabèh wong ngluhurké Yéhuwah lan kandha, ”Oh Yéhuwah, Gusti Allahku, mung Njenengan sing pantes nampa kemuliaan . . . merga Njenengan sing nyiptakké kabèh.”​—Why. 4:11.

LAGU 2 Yéhuwah Asma-Mu

^ par. 5 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nyiptakké kabèh sing ana ing donya iki. Tapi, akèh wong sing ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Wong-wong kuwi mikir nèk donya iki ana dudu merga diciptakké tapi merga ujug-ujug ana dhéwé. Awaké dhéwé ora bakal kepengaruh karo pandhangan sing kaya ngono nèk bener-bener percaya karo Gusti Allah lan karo Alkitab. Piyé carané?

^ par. 5 Ana sekolah-sekolah sing guru-guruné ora ngandhani murid-muridé nèk kabèh iki ana sing nyiptakké. Guru-guru kuwi ngrasa nèk ngajarké kuwi berarti meksa murid-muridé bèn percaya karo Gusti Allah.

^ par. 7 Ing Indeks Publikasi Menara Pengawal, ana koméntaré luwih saka 60 ahli, termasuk para ilmuwan, sing percaya nèk Pencipta kuwi ana. Deloken ing bagian ”Sains”, ing subjudhul ”ilmuwan yang percaya akan penciptaan”. Ing Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa, ya ana hasil wawancara karo beberapa ahli kuwi. Deloken ing bagian ”Sains dan Teknologi” ing subjudhul ”’Wawancara’ (Artikel berseri di Sadarlah!)”.

^ par. 12 Deloken artikel ”Apakah Alkitab Selaras dengan Sains?” ing Sedarlah! Februari 2011 lan artikel ”Apa yang Yehuwa Nubuatkan Menjadi Kenyataan” ing Menara Pengawal 1 Januari 2008.