Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 30

Seneng Dadi Umaté Yéhuwah

Seneng Dadi Umaté Yéhuwah

”Njenengan nggawé dhèwèké luwih rendhah sithik timbang malaékat, lan Njenengan nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati.”​—MZM. 8:5.

LAGU 123 Setya Manut marang Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Pas nggatèkké kabèh ciptaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngrasa piyé?

DAUD tau ndonga ngéné, ”Wektu aku ndelok langit sing mbok gawé, bulan lan bintang sing mbok gawé, aku mikir, ’Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké? Kok nganti Njenengan gelem nggatèkké manungsa?’” (Mzm. 8:3, 4) Pas ndelok alam semesta sing diciptakké Yéhuwah, mungkin awaké dhéwé nduwé perasaan sing padha kaya Daud. Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk ora ana apa-apané lan nggumun kenapa kok Yéhuwah perduli karo manungsa. Tapi sakjané, Yéhuwah kuwi mémang perduli lan sayang karo manungsa. Kuwi kétok kèt Adam lan Hawa diciptakké. Ayo nggatèkké bukti-buktiné.

2. Yéhuwah mènèhi tugas apa karo Adam lan Hawa?

2 Adam lan Hawa kuwi manungsa pertama sing diciptakké Yéhuwah. Yéhuwah nganggep Adam lan Hawa kaya anaké dhéwé. Yéhuwah ya mènèhi tugas sing nyenengké kanggo wong loro kuwi. Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi.” (PD. 1:28) Adam, Hawa, lan keturunané ya dikongkon ngurus Taman Èden lan nggawé bumi dadi Firdaus. Nèk manut, Adam, Hawa, lan keturunané isa terus nglayani Yéhuwah lan urip bahagia saklawasé.

3. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang banget karo Adam lan Hawa?

3 Yéhuwah sayang banget karo Adam lan Hawa. Buktiné, ing Mazmur 8:5, Daud ngomong ngéné soal manungsa, ”[Gusti Allah] nggawé [manungsa] luwih rendhah sithik timbang malaékat, lan [Gusti Allah] nggawé [manungsa] diajèni lan dihormati.” Mémang, manungsa ora nduwé kekuwatan, kemampuan, utawa kepinteran sing padha kaya malaékat. (Mzm. 103:20) Tapi, manungsa kuwi mung ”luwih rendhah sithik” timbang malaékat. Dadi sakjané, manungsa kuwi salah siji ciptaané Yéhuwah sing luar biasa.

4. Apa akibaté merga Adam lan Hawa ora manut, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 4 Sayangé merga ora manut, Adam karo Hawa nggawé Yéhuwah kecéwa lan ora isa nglayani Yéhuwah manèh. Mengko, awaké dhéwé ya bakal ngerti nèk sing susah kuwi ora mung Adam karo Hawa thok, ning ya keturunané. Senajan ngono, Yéhuwah ya tetep péngin keturunané Adam lan Hawa manut karo Dhèwèké. Saiki, ayo ngrembug apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé seneng nglayani Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa berkahé nèk manut lan nglayani Yéhuwah.

YÉHUWAH SAYANG KARO AWAKÉ DHÉWÉ

Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé? (Deloken paragraf 5-11) *

5. Piyé carané awaké dhéwé ngluhurké Yéhuwah?

5 Yéhuwah nyiptakké manungsa mirip kaya Dhèwèké. (PD. 1:26, 27) Merga digawé mirip kaya Yéhuwah, awaké dhéwé sakjané isa manut karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah. Contoné, awaké dhéwé isa apikan, gampang mesakké, nduduhké katresnan, lan adil karo wong liya. (Mzm. 86:15; 145:17) Nèk niru Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah lan nduduhké nèk awaké dhéwé seneng isa nglayani Dhèwèké. (1 Ptr. 1:14-16) Awaké dhéwé ya isa puas lan bahagia.

6. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo manungsa?

6 Yéhuwah nggawé bumi sing indah kanggo manungsa. Sakdurungé manungsa ana, Yéhuwah wis nyiapké bumi kanggo manungsa. (Ayb. 38:4-6; Yér. 10:12) Merga Yéhuwah apikan, Yéhuwah nyiptakké kabèh sing ana ing bumi bèn manungsa isa bahagia. (Mzm. 104:14, 15, 24) Wektu ndelok kabèh sing diciptakké kuwi, Yéhuwah nganggep nèk ”kuwi apik”. (PD. 1:10, 12, 31) Terus, Yéhuwah mènèhi manungsa tugas sing penting, yaiku ”nguwasani kabèh” sing ana ing bumi. (Mzm. 8:6) Kuwi kabèh bukti nèk Yéhuwah sayang karo manungsa. Sukmbèn, manungsa sing sampurna bakal bahagia merga isa nggawé bumi dadi Firdaus. Apa njenengan kerep bersyukur karo Yéhuwah merga harapan sing istiméwa kuwi?

7. Kenapa Yosua 24:15 isa dadi bukti nèk manungsa isa nggawé keputusan sesuai karo sing dipénginké?

7 Manungsa isa nggawé keputusan sing sesuai karo sing dipénginké. Yéhuwah ora meksa awaké dhéwé kudu nglayani Dhèwèké. (Wacanen Yosua 24:15.) Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé milih nglayani Dhèwèké. (Mzm. 84:11; WB. 27:11) Terus, awaké dhéwé ya bébas nèk arep nggawé keputusan-keputusan liyané. Pas nggawé keputusan, awaké dhéwé isa niru Yésus sing ngupaya nyenengké Yéhuwah. Ayo digatèkké salah siji contoné.

8. Apa buktiné nèk Yésus ngutamakké kepentingané wong liya?

8 Wektu kuwi, Yésus karo rasul-rasulé lagi kesel lan lunga ing panggonan sing sepi bèn isa istirahat sedhéla. Pas arep istirahat, akèh wong teka marani Yésus lan péngin ngrungokké ajarané. Ning, Yésus ora nesu. Merga ngrasa mesakké, Yésus ”mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi”. (Mrk. 6:30-34) Saka kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus gelem ngutamakké kepentingané wong liya. Awaké dhéwé niru Yésus nèk gelem ngorbanké wektu lan tenaga kanggo mbantu wong liya. Kuwi isa ngluhurké jenengé Yéhuwah. (Mat. 5:14-16) Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé gelem nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah.

9. Yéhuwah mènèhi manungsa tanggung jawab istiméwa apa?

9 Manungsa isa nduwé anak lan diwènèhi tanggung jawab ndhidhik anaké. Malaékat mémang luwih hébat ketimbang manungsa. Tapi, sing diwènèhi kemampuan kanggo nduwé anak kuwi manungsa, dudu malaékat. Nèk ngrenungké kuwi, para wong tuwa mesthi seneng merga isa nduwé anak lan diwènèhi tanggung jawab ndhidhik anak-anaké. Yéhuwah péngin wong tuwa ndhidhik anak-anaké sesuai karo ”pathokan lan petunjuké Yéhuwah”. (Éf. 6:4; PT. 6:5-7; Mzm. 127:3) Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké bahan-bahan sing dhasaré Alkitab, termasuk bacaan, vidéo, lagu, lan artikel-artikel ing situs wèbé awaké dhéwé, kanggo mbantu wong tuwa ndhidhik anak-anaké. Kuwi bukti nèk Yéhuwah lan Yésus nganggep anak-anak berharga. (Luk. 18:15-17) Nèk wong tuwa ngrawat lan nggunakké Alkitab wektu ndhidhik anak-anaké, kuwi nggawé Yéhuwah seneng. Terus, anak-anak sing didhidhik nganggo cara kaya ngono sukmbèn ya bakal nglayani Yéhuwah.

10-11. Apa hasilé merga Yéhuwah mènèhi tebusan?

10 Yéhuwah ngorbanké Anaké bèn dadi tebusan. Kaya sing wis disebutké ing  paragraf 4, Adam karo Hawa wis nggawé Yéhuwah kecéwa. Ning ora mung kuwi. Adam karo Hawa nggawé kabèh keturunané dadi dosa lan akhiré mati. (Rm. 5:12) Merga sengaja ora manut, Adam karo Hawa ora isa nglayani Yéhuwah manèh. Tapi piyé keturunané? Merga sayang karo manungsa, Yéhuwah gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, yaiku Yésus Kristus, bèn isa dadi tebusan. (Yoh. 3:16; Rm. 5:19) Hasilé, ana 144.000 wong sing isa dadi anak-anaké Gusti Allah lan bakal mréntah dadi raja bareng karo Yésus.​—Rm. 8:15-17; Why. 14:1.

11 Sakliyané kuwi, ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, ana jutaan wong sing bakal dibébaské bèn ora dadi budhaké dosa lan kematian. Wong-wong kuwi ya bakal nduwé kebébasan kaya anak-anaké Gusti Allah. (Mzm. 25:14; Rm. 8:20, 21) Merga nduwé harapan kuwi, mula wong-wong kuwi isa nyebut Yéhuwah, ’Bapak.’ (Mat. 6:9) Terus, wong-wong sing diuripké manèh ya bakal nduwé kesempatan kanggo kenal Yéhuwah. Nèk gelem manut, wong-wong kuwi bakal isa urip saklawasé.

12. Apa sing bakal dirembug ing paragraf-paragraf berikuté?

12 Awaké dhéwé wis ngrembug bukti-bukti nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah wis mènèhi harapan sing luar biasa. Ana wong-wong sing bakal munggah swarga lan mréntah dadi raja bareng karo Yésus. Sukmbèn, ”kumpulan gedhé” ya isa urip saklawasé ing Firdaus. (Why. 7:9) Ing paragraf-paragraf berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé seneng nglayani Yéhuwah.

DUDUHNA NÈK NJENENGAN SENENG NGLAYANI YÉHUWAH

13. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé seneng nglayani Yéhuwah? (Markus 12:30)

13 Nresnani lan nglayani Yéhuwah saktulusé ati. (Wacanen Markus 12:30.) Yéhuwah kuwi bener-bener apikan. Buktiné, Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kesempatan kanggo nglayani Dhèwèké. Nèk nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ”nindakké préntah-préntahé”. (1 Yoh. 5:3) Liwat Yésus, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé nginjil lan mulang wong-wong bèn dadi muridé Yésus. (Mat. 28:19) Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nresnani wong liya. (Yoh. 13:35) Nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah, kuwi nggawé Yéhuwah seneng.​—Mzm. 15:1, 2.

14. Apa buktiné nèk awaké dhéwé sayang karo wong liya? (Matius 9:36-38; Roma 12:10)

14 Nresnani wong liya. Katresnan kuwi sipaté Yéhuwah sing paling utama. (1 Yoh. 4:8) Yéhuwah wis sayang karo awaké dhéwé malah sakdurungé awaké dhéwé kenal karo Dhèwèké. (1 Yoh. 4:9, 10) Awaké dhéwé niru Yéhuwah nèk sayang karo wong liya. (Éf. 5:1) Nèk sayang karo wong liya, awaké dhéwé gelem mbantu wong-wong bèn kenal Yéhuwah. (Wacanen Matius 9:36-38.) Nèk wis kenal Yéhuwah, wong-wong kuwi isa nglayani Yéhuwah. Nèk wongé wis dibaptis, awaké dhéwé kudu tetep sayang lan ngajèni dhèwèké. (1 Yoh. 4:20, 21) Awaké dhéwé ya bakal percaya lan ora mikir sing èlèk-èlèk soal dhèwèké. Terus, merga ngajèni dhèwèké, awaké dhéwé bakal nganggep dhèwèké luwih unggul ketimbang awaké dhéwé.​—Wacanen Roma 12:10; Flp. 2:3.

15. Awaké dhéwé kudu apikan karo sapa waé?

15 Apikan karo kabèh wong. Nèk péngin terus nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu manut karo kabèh préntahé Yéhuwah sing ditulis ing Alkitab. Misalé, ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu apikan karo kabèh wong, termasuk sing sengit karo awaké dhéwé. (Luk. 6:32-36) Mémang, kadhang kuwi ora gampang. Ning, awaké dhéwé kudu terus niru Yésus. Nèk manut karo Yéhuwah lan niru Yésus, kuwi berarti awaké dhéwé seneng nglayani Yéhuwah.

16. Piyé carané bèn Yéhuwah lan organisasiné ora dièlèk-èlèk?

16 Njaga tingkah laku tetep apik. Biasané, adhi kuwi niru kakangé. Nèk kakangé manut karo pathokané Alkitab, dhèwèké bakal dadi conto sing apik kanggo adhiné. Tapi nèk kakangé ora manut, adhiné ya isa mèlu-mèlu. Ing jemaat ya kaya ngono. Nèk ana sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah, terus dhèwèké dadi murtad utawa nindakké hubungan sèks sing ora pantes, sedulur liya ya isa kepengaruh. Kuwi mesthi isa ngèlèk-èlèk Yéhuwah lan organisasiné. (1 Tés. 4:3-8) Mula, awaké dhéwé mesthi ora péngin mèlu-mèlu wong sing kaya ngono, bèn awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah.

17. Pandhangan apa sing kudu dihindari, lan apa sebabé?

17 Luwih percaya karo Yéhuwah timbang bandhané awaké dhéwé. Yéhuwah wis janji nèk wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah lan manut karo apa sing bener bakal dicukupi kebutuhané. Kuwi termasuk panganan, pakaian, lan tempat tinggal sing dibutuhké. (Mzm. 55:22; Mat. 6:33) Nèk percaya karo janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal nganggep nèk harta kuwi isa nggawé awaké dhéwé bener-bener bahagia. Awaké dhéwé isa bener-bener bahagia nèk manut karo Yéhuwah. (Flp. 4:6, 7) Mungkin, awaké dhéwé nduwé dhuwit kanggo tuku barang-barang sing dipénginké. Tapi nèk barangé akèh, awaké dhéwé isa waé ora nduwé wektu lan tenaga kanggo nginjil merga kudu ngrawat barang-barang kuwi. Élinga nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngutamakké gawéan nginjil, dudu bandhané awaké dhéwé. Mbiyèn, ana wong lanang sing dikongkon ngedol hartané bèn isa dadi muridé Yésus. Tapi wong kuwi ora gelem. Padahal nèk gelem, dhèwèké isa dadi muridé Yésus lan sukmbèn bakal dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. Awaké dhéwé mesthi ora gelem kaya wong lanang kuwi.​—Mrk. 10:17-22.

BERKAHÉ NÈK MANUT KARO YÉHUWAH

18. Apa berkahé Yéhuwah kanggo wong-wong sing manut karo Dhèwèké?

18 Kabèh wong sing manut karo Yéhuwah bakal nglayani Yéhuwah saklawasé. Wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah, wong-wong kuwi isa mèlu nggawé bumi iki dadi Firdaus sing indah. Saiki, mémang ana akèh masalah merga Adam karo Hawa mbrontak karo Yéhuwah. Tapi, sukmbèn Yésus bakal nyingkirké kabèh masalah kuwi. Terus, Yéhuwah ya bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati. Wong-wong kuwi bakal isa urip saklawasé ing bumi Firdaus. (Luk. 23:42, 43) Kabèh wong bakal dadi sampurna, lan akhiré manungsa bakal ”diajèni lan dihormati” kaya sing diomongké Daud.​—Mzm. 8:5.

19. Njenengan kudu nduwé tékad apa?

19 Nèk njenengan bagian saka ”kumpulan gedhé”, njenengan nduwé harapan sing luar biasa. Yéhuwah sayang karo njenengan lan péngin njenengan isa terus nglayani Dhèwèké. Mula, ngupayaa bèn isa nyenengké Yéhuwah lan terus pikirna janji-janjiné Yéhuwah. Yéhuwah wis mènèhi njenengan kesempatan bèn isa nglayani Dhèwèké. Mula, njenengan kudu menghargai kesempatan kuwi lan nduduhké nèk njenengan seneng nglayani Yéhuwah.

LAGU 107 Niru Katresnané Yéhuwah

^ par. 5 Bèn keluarga isa bahagia, kabèh anggota keluarga kudu ngerti tanggung jawabé dhéwé-dhéwé lan kudu gelem kerjasama karo anggota keluarga liyané. Misalé, suami kudu dadi kepala keluarga sing apik, istri kudu ndhukung suaminé, lan anak-anak kudu manut karo wong tuwané. Yéhuwah kuwi kaya bapaké awaké dhéwé. Nèk manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dadi umaté sing bahagia nganti saklawasé.

^ par. 55 GAMBAR: Merga nduwé sipat-sipat sing padha karo Gusti Allah, suami istri iki saling menyayangi lan sayang karo anak-anaké. Wong loro kuwi ya sayang karo Yéhuwah. Merga nganggep nèk anak-anaké kuwi hadiah saka Yéhuwah, suami istri kuwi ndhidhik anak-anaké bèn sukmbèn isa nglayani Yéhuwah. Suami istri kuwi nggunakké vidéo kanggo njelaské kenapa Yéhuwah gelem mènèhké Yésus dadi tebusan. Suami istri kuwi ya njelaské nèk sukmbèn bumi bakal dadi Firdaus lan manungsa bakal bahagia.