Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 33

Tetep Seneng Wektu Nglayani Yéhuwah

Tetep Seneng Wektu Nglayani Yéhuwah

”Luwih apik ndelok apa sing ana ing ngarepé mata, timbang ngoyak kepénginan sing ora bakal kelakon.”​—PKH. 6:9.

LAGU 111 Bungah Dadi Umaté Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa buktiné nèk sedulur-sedulur péngin mènèhké sing paling apik wektu nglayani Yéhuwah?

 MERGA sedhéla manèh donya sing jahat iki bakal disingkirké, mula umaté Yéhuwah nduwé akèh tugas sing kudu dirampungké. (Mat. 24:14; Luk. 10:2; 1 Ptr. 5:2) Awaké dhéwé mesthi péngin isa mènèhké sing paling apik wektu nglayani Yéhuwah. Buktiné, ana sing péngin dadi perintis, nglayani ing Bètel, utawa mèlu mbangun Balé Ibadah. Sedulur-sedulur lanang ing jemaat mungkin ya ana sing ngupaya bèn isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat. (1 Tim. 3:1, 8) Yéhuwah mesthi seneng banget wektu ndelok umaté semangat nglayani Dhèwèké.​—Mzm. 110:3; Yés. 6:8.

2. Piyé perasaané awaké dhéwé nèk cita-citané durung kelakon?

2 Nduwé cita-cita dadi perintis, nglayani ing Bètel, utawa éntuk tugas tambahan ing jemaat kuwi pancèn apik. Ning, nèk cita-citané durung kelakon padahal wis suwé ngentèni, kuwi isa waé nggawé sedhih. Terus, nèk cita-cita kuwi ora isa kelakon merga awaké dhéwé wis tuwa utawa keadaané kurang mendukung, kuwi ya isa nggawé dadi kurang semangat. (WB. 13:12) Kuwi sing dialami Sedulur Melissa. * Dhèwèké péngin nglayani ing Bètel utawa mèlu Sekolah bagi Penginjil Kerajaan, ning ora isa. Dhèwèké kandha, ”Merga wis tuwa, aku ora isa nglayani ing Bètel utawa mèlu Sekolah bagi Penginjil Kerajaan. Aku dadi sedhih nèk mikirké soal kuwi.”

3. Apa sing kudu diupayakké bèn isa éntuk tugas-tugas tambahan ing jemaat?

3 Nèk péngin éntuk tugas tambahan ing jemaat, sedulur-sedulur sing isih enom perlu ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing apik. Misalé, mungkin sedulur-sedulur kuwi pinter, isa cepet nggawé keputusan, lan gelem nampa tugas apa waé. Tapi, sedulur-sedulur kuwi ya kudu ngupaya bèn luwih sabar, luwih tliti, lan ngajèni wong liya. Nèk cah-cah enom ngupayakké sipat-sipat kuwi, sukmbèn isa waé éntuk tugas sing dipéngini. Gatèkna pengalamané Nick. Pas umuré 20, dhèwèké péngin banget dadi abdiné jemaat. Tapi merga ora dilantik, dhèwèké dadi sedhih. Nick kandha, ”Aku nganti mikir, ’Salahku apa ya kok aku ora dilantik dadi abdiné jemaat?’” Tapi, Nick ora putus asa. Dhèwèké tetep ngupayakké sing paling apik pas éntuk tugas-tugas ing jemaat lan ngupaya bèn luwih trampil wektu nginjil. Saiki, Nick wis nglayani dadi anggota Panitia Cabang.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Apa njenengan saiki lagi sedhih merga cita-citané durung kelakon? Nèk ngono, njenengan isa nyritakké kuwi karo Yéhuwah. (Mzm. 37:5-7) Njenengan ya isa njaluk saran karo sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Terus, coba trapna saran-saran kuwi. Nèk ngupayakké kuwi, mungkin sukmbèn cita-citané njenengan isa kelakon. Ning kaya Melissa sing disebutké mau, mungkin cita-citané njenengan ora bakal isa kelakon. Terus, piyé bèn njenengan isa tetep seneng wektu nglayani Yéhuwah? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: (1) Apa sakjané sing isa nggawé bahagia? (2) Piyé carané bèn isa tetep seneng meskipun cita-citané durung kelakon? (3) Cita-cita apa sing isa nggawé seneng?

APA SAKJANÉ SING NGGAWÉ BAHAGIA?

5. Bèn isa seneng wektu nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu fokus karo apa? (Pengkhotbah 6:9)

5 Pengkhotbah 6:9 ngandhani carané bèn isa bahagia. (Wacanen.) Wong sing fokus karo apa ”sing ana ing ngarepé mata” bakal puas karo apa sing wis diduwèni. Tapi, wong sing ngoyak kepénginan sing ora bakal kelakon ora bakal puas. Dadi bèn isa bahagia, awaké dhéwé kudu puas karo tugas-tugas sing saiki isa dikerjakké lan nduwé cita-cita sing sesuai karo kemampuané awaké dhéwé.

6. Perumpamaan apa sing bakal dirembug, lan apa manfaaté?

6 Tapi, biasané kan awaké dhéwé seneng nèk isa belajar sesuatu sing anyar. Nèk ngono, apa isa awaké dhéwé puas karo tugas-tugas sing dikerjakké saiki? Isa. Ayo nggatèkké perumpamaané Yésus soal talènta sing dicathet ing Matius 25:14-30. Saka perumpamaan kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti piyé carané bèn isa tetep seneng meskipun cita-citané durung kelakon.

TETEP SENENG MESKIPUN CITA-CITANE DURUNG KELAKON

7. Critakna perumpamaané Yésus soal talènta.

7 Ing perumpamaan soal talènta, Yésus nyritakké nèk ana wong lanang sing arep lunga ing luar negri. Sakdurungé lunga, wong kuwi ngundang budhak-budhaké lan masrahké hartané bèn diurusi budhak-budhak kuwi. Merga ngerti kemampuané budhak-budhaké, wong kuwi mènèhi budhak sing pertama limang talènta, budhak sing keloro rong talènta, lan budhak sing ketelu sak talènta. * Merga rajin, budhak sing pertama karo budhak sing keloro isa éntuk untung. Tapi, budhak sing ketelu ora éntuk untung apa-apa merga dhuwité majikané malah dikubur. Akhiré, budhak sing ketelu kuwi diusir karo majikané.

8. Budhak sing pertama mesthi seneng merga apa?

8 Budhak sing pertama mesthi seneng banget merga diwènèhi limang talènta karo majikané. Kuwi bukti nèk majikané percaya karo dhèwèké. Tapi, budhak sing keloro mung diwènèhi rong talènta. Terus piyé tanggepané? Apa dhèwèké kecéwa merga ora diwènèhi talènta sing jumlahé padha karo budhak sing pertama?

Apa sing isa dipelajari saka sikapé budhak sing keloro ing perumpamaané Yésus? (1) Dhèwèké éntuk rong talènta saka majikané (2) Dhèwèké nganggep tugasé penting lan kerja keras kanggo nglayani majikané (3) Dhèwèké éntuk untung rong talènta manèh (Deloken paragraf 9-11)

9. Piyé tanggepané budhak sing keloro meskipun mung éntuk rong talènta? (Matius 25:22, 23)

9 Wacanen Matius 25:22, 23. Yésus ora ngomong nèk budhak sing keloro dadi nesu merga mung éntuk rong talènta. Budhak kuwi ya ora ngeluh, ’Kok aku mung éntuk sakméné thok, ta? Aku ki ya kerja keras kaya budhak sing pertama lho. Nèk majikanku ora menghargai aku, mendhing dhuwité tak kubur waé lan aku tak nggolèk untung kanggo aku dhéwé.’

10. Piyé pandhangané budhak sing keloro kuwi karo tugasé?

10 Kaya budhak sing pertama, budhak sing keloro kuwi ngerti nèk tugasé penting lan gelem kerja keras kanggo nglayani majikané. Hasilé, dhèwèké isa éntuk untung rong talènta manèh. Merga rajin, dhèwèké dipuji karo majikané. Terus, majikané ya mènèhi dhèwèké tanggung jawab sing luwih gedhé manèh.

11. Piyé carané bèn isa tetep seneng meskipun cita-citané durung kelakon?

11 Kaya budhak sing keloro mau, awaké dhéwé isa tetep seneng meskipun cita-citané durung kelakon. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu kerja keras nglayani Yéhuwah ora soal apa tugasé awaké dhéwé. Njenengan isa ’sibuk nggunakké akèh wektu’ kanggo nginjil lan ndhukung kabèh kegiatan ing jemaat. (Kis. 18:5; Ibr. 10:24, 25) Njenengan ya perlu persiapan bèn isa mènèhi koméntar sing nguwatké ing pertemuan ibadah. Terus, nèk éntuk tugas siswa, kuwi ya kudu disiapké tenanan. Nèk njenengan diwènèhi tugas-tugas tambahan ing jemaat, aja nganggep nèk tugas kuwi ora penting utawa mung ngentèkké wektu. Pas ngerjakké tugas kuwi, njenengan ya kudu ngupaya bèn luwih trampil lan ngrampungké kuwi tepat waktu. (WB. 22:29) Nèk wis kerja keras, njenengan isa nyenengké Yéhuwah, lan kuwi nggawé njenengan dadi cedhak karo Dhèwèké. (Gal. 6:4) Njenengan ya bakal tetep bahagia meskipun wong liya sing éntuk tugas sing njenengan péngini.​—Rm. 12:15; Gal. 5:26.

12. Piyé carané Melissa lan Nick isa tetep semangat?

12 Melissa, sing disebutké mau, ngupaya bèn tetep semangat meskipun ora isa nglayani ing Bètel utawa mèlu Sekolah bagi Penginjil Kerajaan. Dhèwèké kandha, ”Aku ngupaya bèn isa dadi perintis sing luwih trampil. Aku ya nyoba cara-cara nginjil liyané. Kuwi nggawé aku bener-bener bahagia.” Nick ya ora terus-terusan kecéwa merga ora dilantik dadi abdiné jemaat. Dhèwèké kandha, ”Aku ngupaya bèn tetep semangat nginjil lan ngupaya mènèhi koméntar sing isa nguwatké liyané. Terus, aku ndaftar bèn isa nglayani ing Bètel, lan taun ngarepé aku diundang nglayani ing kana.”

13. Apa hasilé nèk njenengan kerja keras wektu ngerjakké tugas-tugasé njenengan? (Pengkhotbah 2:24)

13 Kaya Nick, nèk saiki njenengan kerja keras wektu ngerjakké tugas-tugasé njenengan, mungkin sukmbèn njenengan isa éntuk tugas tambahan sing dipénginké. Tapi meskipun cita-citané ora isa kelakon, nèk njenengan kerja keras, njenengan bakal tetep isa puas lan bahagia kaya Melissa. (Wacanen Pengkhotbah 2:24.) Njenengan mesthi ya seneng merga ngerti nèk kerja kerasé njenengan wis nyenengké Yésus Kristus, Majikané awaké dhéwé.

CITA-CITA SING ISA NGGAWÉ SENENG

14. Nèk puas karo tugas-tugas sing isa dikerjakké saiki, apa kuwi berarti ora éntuk nduwé cita-cita? Jelasna.

14 Nèk kudu puas karo tugas-tugas sing isa dikerjakké saiki, apa kuwi berarti ora éntuk nduwé cita-cita? Ora. Awaké dhéwé kudu tetep nduwé cita-cita. Nèk nduwé cita-cita, awaké dhéwé bakal ngupaya bèn dadi penginjil sing luwih trampil lan luwih semangat mbantu sedulur-sedulur. Tapi bèn cita-citané isa kelakon, awaké dhéwé kudu rendah hati lan nduwé tujuan kanggo mbantu wong liya.​—WB. 11:2; Kis. 20:35.

15. Cita-cita apa waé sing mungkin cocog kanggo njenengan?

15 Bèn isa ngerti cita-cita apa sing sesuai karo kemampuané njenengan, njenengan perlu ndonga karo Yéhuwah. (WB. 16:3; Yak. 1:5) Cita-cita apa waé sing mungkin cocog kanggo njenengan? Kaya sing disebutké ing  paragraf 1, njenengan mungkin isa dadi perintis, nglayani ing Bètel, utawa mèlu mbangun Balé Ibadah. Njenengan mungkin ya isa sinau basa liya utawa pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Bèn isa ngerti apa waé sing perlu diupayakké, njenengan isa maca buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa bab 10 utawa takon karo para pinituwa. * Nèk njenengan terus ngupaya bèn cita-citané kelakon, sedulur-sedulur bakal ndelok nèk njenengan péngin mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah, lan njenengan dhéwé bakal bahagia.

16. Piyé nèk cita-cita sing wis disebutké mau jebulé ora cocog karo keadaané njenengan?

16 Tapi, piyé nèk cita-cita sing wis disebutké mau jebulé ora cocog karo keadaané njenengan? Njenengan ora perlu kuwatir merga isih ana akèh sing isa diupayakké. Gatèkna beberapa contoné.

Apa waé sing isa njenengan upayakké? (Deloken paragraf 17) *

17. Nurut 1 Timotius 4:13, 15, piyé carané bèn sedulur lanang isa luwih trampil mulang?

17 Wacanen 1 Timotius 4:13, 15. Nèk njenengan sedulur lanang sing wis dibaptis, njenengan isa ngupaya bèn luwih trampil wektu mulang. Nèk njenengan ”ngupaya tenanan” bèn luwih apik wektu maca, nyampèkké ceramah, lan mulang, sedulur-sedulur liyané ing jemaat bakal éntuk manfaat. Njenengan isa éntuk saran-saran sing apik ing buku Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang. Tapi, njenengan ora perlu langsung maca kabèh pelajaran ing buku kuwi. Njenengan isa maca siji-siji. Sakwisé maca siji pelajaran, njenengan isa latihan sik. Terus pas éntuk ceramah, njenengan isa nyoba ngetrapké saran-saran sing ana ing kana. Njenengan ya isa njaluk saran-saran saka penaséhat èkstra utawa pinituwa liyané sing ”kerja keras kanggo ngomongké lan mulangké omongané Gusti Allah”. * (1 Tim. 5:17) Tapi, njenengan kudu éling nèk tujuané njenengan kuwi ora mung ngetrapké saran-saran sing ana ing buku kuwi. Njenengan kudu mbantu sedulur-sedulur bèn imané luwih kuwat lan gelem manut karo naséhaté Alkitab. Hasilé, njenengan lan sedulur-sedulur sing ngrungokké njenengan isa bahagia.

Apa waé sing isa njenengan upayakké? (Deloken paragraf 18) *

18. Piyé carané bèn isa luwih trampil wektu nginjil?

18 Umaté Yéhuwah nduwé tugas kanggo nginjil lan mbantu wong liya bèn isa dadi muridé Yésus. (Mat. 28:19, 20; Rm. 10:14) Dadi, njenengan isa ngupaya bèn luwih trampil wektu nginjil. Piyé carané? Njenengan isa maca lan ngupaya ngetrapké saran-saran sing ana ing buku Maca lan Mulang. Njenengan ya isa éntuk saran-saran saka Urip lan Nginjilé Wong Kristen—Jadwal Kagiyatan utawa saka vidéo conto carané ngomong sing dirembug ing pertemuan ibadah. Njenengan isa nyoba saran-saran kuwi bèn isa ngerti endi sing cocog kanggo dhaérahé njenengan. Nèk kuwi kabèh wis ditrapké, njenengan bakal luwih trampil wektu nginjil lan dadi luwih bahagia.​—2 Tim. 4:5.

Apa waé sing isa njenengan upayakké? (Deloken paragraf 19) *

19. Piyé carané bèn njenengan isa nduwé sipat-sipat sing nyenengké Gusti Allah?

19 Njenengan ya kudu éling nèk awaké dhéwé kudu ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing nyenengké Gusti Allah. (Gal. 5:22, 23; Kol. 3:12; 2 Ptr. 1:5-8) Piyé carané bèn isa nduwé sipat-sipat sing kaya ngono? Misalé, njenengan mungkin péngin nduwé iman sing luwih kuwat. Nèk ngono, njenengan isa maca artikel-artikel sing ngrembug soal kuwi ing bacaané awaké dhéwé. Ing JW Broadcasting®, ana vidéo-vidéo sing nyritakké pengalamané sedulur-sedulur sing tetep kuwat imané meskipun ngadhepi masalah sing abot. Sakwisé nonton vidéo-vidéo kuwi, njenengan isa mikirké piyé carané bèn isa niru imané sedulur-sedulur kuwi.

20. Piyé carané bèn tetep seneng wektu nglayani Yéhuwah?

20 Awaké dhéwé mesthi péngin mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Sukmbèn ing donya anyar, ana akèh sing isa dikerjakké kanggo nglayani Yéhuwah. Saiki, mungkin cita-citané awaké dhéwé durung isa kelakon. Ning, awaké dhéwé kudu tetep kerja keras kanggo nglayani Yéhuwah ora soal apa tugasé awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal kecéwa lan tetep bahagia. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé bakal ngluhurké Yéhuwah, ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Tim. 1:11) Dadi, ayo awaké dhéwé ngupaya bèn tetep seneng wektu nglayani Yéhuwah.

LAGU 82 ”Duduhna Pepadhangmu”

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi sayang karo Yéhuwah lan péngin mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Mula, mungkin ana sing dadi perintis, utawa pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké. Terus, sing liyané mungkin péngin nduwé tugas tambahan ing jemaat. Tapi piyé nèk kuwi durung isa kelakon meskipun wis ngupaya tenanan? Piyé carané bèn isa tetep semangat lan seneng wektu nglayani Yéhuwah? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké perumpamaané Yésus soal talènta.

^ par. 2 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 7 KATRANGAN: Sak talènta kuwi jumlahé padha karo upah kerja kira-kira 20 taun.

^ par. 15 Sedulur-sedulur lanang sing wis dibaptis kudu ngupaya bèn isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat. Bèn isa ngerti syarat-syaraté, deloken buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa bab 5 lan 6.

^ par. 17 KATRANGAN: Penaséhat èkstra kuwi pinituwa sing ditugasi mènèhi naséhat kanggo pinituwa lan abdiné jemaat sing nyampèkké bagian ing pertemuan ibadah.

^ par. 64 GAMBAR: Bèn isa luwih trampil wektu mulang, sedulur lanang iki sinau saka buku Maca lan Mulang.

^ par. 66 GAMBAR: Sakwisé nggawé rencana, sedulur wédok iki mènèhi kartu kontak karo pelayan rèstoran.

^ par. 68 GAMBAR: Merga péngin dadi wong sing apikan, sedulur wédok iki mènèhi panganan kanggo sedulur wédok liyané.