Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 35

Terus ”Mbantu Liyané”

Terus ”Mbantu Liyané”

”Kowé kudu terus nguwatké lan mbantu liyané.”​—1 TÉS. 5:11.

LAGU 90 Nyemangati Liyané

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Nurut 1 Tésalonika 5:11, awaké dhéwé kudu piyé?

 APA njenengan tau mèlu mbantu proyèk pembangunan utawa ndandani Balai Ibadah? Nèk iya, mesthi rasané seneng banget pas pertama kali isa ngibadah ing kono. Saking senengé, mungkin njenengan nganti mèh nangis. Mémang nèk mbantu ing proyèk pembangunan, awaké dhéwé isa ngluhurké jenengé Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur. Mbiyèn, Paulus tau mènèhi naséhat kanggo sedulur-sedulur ing Tésalonika. Naséhat kuwi ditulis ing 1 Tésalonika 5:11 lan dadi ayat téma kanggo artikel iki.​—Wacanen.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Rasul Paulus kuwi wis akèh mbantu sedulur-sedulur. Dadi, dhèwèké kuwi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Dhèwèké bener-bener perduli karo sedulur-sedulur. Ing artikel iki awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Paulus mbantu sedulur-sedulur (1) sing ngadhepi masalah, (2) bèn isa tetep rukun lan bersatu, lan (3) bèn tetep kuwat imané. Terus awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané niru Paulus wektu mbantu sedulur-sedulur.​—1 Kor. 11:1.

PAULUS MBANTU SEDULUR-SEDULUR SING NGADHEPI MASALAH

3. Apa buktiné nèk Paulus ngerti endi sing kudu diutamakké?

3 Rasul Paulus sayang banget karo sedulur-sedulur. Dhèwèké ya tau ngadhepi akèh masalah. Dadi, dhèwèké ngerti apa sing dirasakké sedulur-sedulur lan ngerti piyé carané mbantu sedulur-sedulur. Misalé, Paulus tau ora nduwé dhuwit lan kudu nyambut gawé bèn isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan wong-wong sing ngancani dhèwèké. (Kis. 20:34) Paulus nyambut gawéné nggawé kémah. Pas ing Korintus, dhèwèké nyambut gawé bareng karo Akuila lan Priskila. Ning ”saben dina sabat”, Paulus nginjil marang wong-wong Yahudi lan Yunani. Terus pas Silas lan Timotius teka ing kutha kuwi, ”Paulus mulai sibuk nggunakké akèh wektuné kanggo martakké omongané Gusti Allah”. (Kis. 18:2-5) Paulus ngerti endi sing kudu diutamakké. Meskipun kudu kerja bèn isa nyukupi kebutuhané, Paulus ya tetep sibuk nginjil. Paulus ngutamakké ”endi sing luwih penting”. (Flp. 1:10) Mula, dhèwèké dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur.

4. Piyé carané Paulus lan Timotius mbantu sedulur-sedulur sing dianiaya?

4 Ora suwé sakwisé jemaat ing Tésalonika dibentuk, sedulur-sedulur ing kono ngadhepi masalah. Ana wong-wong sing ora seneng, terus wong-wong kuwi nyèrèt ”sedulur-sedulur kanggo digawa marang para penguasa kutha”. Wong-wong kuwi mbengok, ”Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar.” (Kis. 17:6, 7) Sedulur-sedulur ing kono mesthi wedi banget lan isa waé dadi ora semangat nglayani Yéhuwah. Tapi, Paulus ora péngin sedulur-sedulur dadi kaya ngono. Mula, dhèwèké ngongkon Timotius marani sedulur-sedulur ing Tésalonika. Timotius ’bakal nguwatké lan menghibur bèn imané [sedulur-sedulur kuwi] isa kuwat, supaya ora ana sing imané dadi lemah merga kesusahan iki’. (1 Tés. 3:2, 3) Pas isih ing Listra, Timotius mungkin ya tau dianiaya merga dadi muridé Yésus. Terus, Timotius ya ngerti piyé carané Paulus mbantu sedulur-sedulur wektu kuwi. Saiki, Timotius ya péngin mbantu sedulur-sedulur bèn isa tetep kuwat meskipun dianiaya.​—Kis. 14:8, 19-22; Ibr. 12:2.

5. Critakna pengalamané Sedulur Bryant sing dibantu pinituwa ing jemaaté.

5 Paulus ya terus nguwatké sedulur-sedulur. Wektu ngunjungi sedulur-sedulur ing Listra, Ikonium, lan Antiokhia, Paulus lan Barnabas ”nglantik pinituwa-pinituwa ing saben jemaat”. (Kis. 14:21-23) Para pinituwa kuwi mesthi isa nguwatké sedulur-sedulur. Sedulur-sedulur sing nglayani dadi pinituwa jaman saiki ya kaya ngono. Sedulur lanang sing jenengé Bryant tau ngrasakké dhéwé bantuané pinituwa. Dhèwèké crita, ”Pas umurku 15, bapakku minggat saka omah lan ibuku ditokké saka jemaat. Aku sedhih banget lan ngrasa dhèwèkan.” Terus piyé? Dhèwèké kandha, ”Salah siji pinituwa ing jemaatku sing jenengé Tony kerep ngejak aku omong-omongan. Dhèwèké crita nèk ana akèh sedulur sing ngadhepi masalah tapi isa tetep bahagia. Terus, dhèwèké ngandhani aku ayat ing Mazmur 27:10. Dhèwèké ya nyritakké soal Hizkia sing tetep setya karo Yéhuwah meskipun bapaké ora nglayani Yéhuwah.” Merga dibantu karo pinituwa ing jemaaté, Bryant dadi luwih bahagia lan isa nglayani dadi perintis. Saka pengalamané Bryant, para pinituwa mesthi ya péngin nguwatké sedulur-sedulur nganggo ”omongan sing apik”.​—WB. 12:25.

6. Piyé carané Paulus mbantu sedulur-sedulur sing ngadhepi masalah?

6 Rasul Paulus nyebutké ana ”seksi sing akèh banget kaya méga”, maksudé umaté Yéhuwah jaman mbiyèn sing tetep setya meskipun ngadhepi masalah. (Ibr. 12:1) Paulus nyritakké contoné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn bèn sedulur-sedulur sing ngadhepi masalah ora nyerah lan isa terus mikirké ”kuthané Gusti Allah sing urip” yaiku Kerajaané Gusti Allah. (Ibr. 12:22) Awaké dhéwé ya ngono. Awaké dhéwé isa dikuwatké nèk maca kisahé Gidéon, Barak, Daud, Samuèl, lan liyané. (Ibr. 11:32-35) Ning ora mung kuwi. Pengalamané umaté Yéhuwah jaman saiki ya isa nguwatké awaké dhéwé. Buktiné, sedulur-sedulur ing kantor pusat kerep nampa surat saka sedulur-sedulur sing dikuwatké merga maca pengalamané umaté Yéhuwah.

PAULUS MBANTU SEDULUR-SEDULUR BÈN ISA RUKUN LAN BERSATU

7. Apa sing isa dipelajari saka naséhaté Paulus sing dicathet ing Roma 14:19-21?

7 Cara liyané awaké dhéwé isa mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur yaiku nèk tetep rukun lan bersatu. Isa waé, awaké dhéwé karo sedulur-sedulur ing jemaat nduwé pendapat sing béda-béda. Tapi, aja nganti kuwi nggawé jemaat dadi ora rukun, apa manèh nèk kuwi ora nglanggar pathokané Alkitab. Mbiyèn ing kutha Roma, ana sedulur-sedulur sing wong Yahudi lan sing dudu Yahudi. Merga Hukum Musa wis ora berlaku, ana sedulur-sedulur sing wong Yahudi sing ngrasa nèk kabèh panganan éntuk dipangan. (Mrk. 7:19) Ning, ya ana sing ngrasa nèk panganan tertentu ora éntuk dipangan. Merga nduwé pendapat sing béda-béda, jemaat kuwi dadi ora rukun. Mula Paulus mènèhi naséhat ngéné, ”Mendhing ora mangan daging, ora ngombé anggur, lan ora nindakké apa waé sing isa nggawé imané sedulurmu dadi lemah.” (Wacanen Roma 14:19-21.) Paulus ora gelem sedulur-sedulur dadi ora rukun lan ora bersatu. Mula, dhèwèké ya ngati-ati bèn aja nganti ana sedulur-sedulur sing dadi padu gara-gara dhèwèké. (1 Kor. 9:19-22) Awaké dhéwé mesthi péngin niru Paulus. Bèn jemaat isa tetep rukun lan bersatu, aja nganggep nèk pendapaté awaké dhéwé luwih penting timbang liyané.

8. Pas ana masalah soal sunat, Paulus piyé?

8 Wong Kristen ing jamané para rasul ngadhepi masalah liyané. Wektu kuwi, ana sing nganggep nèk wong sing dudu Yahudi sing dadi wong Kristen kudu disunat. Tujuané, bèn ora dimungsuhi karo wong-wong Yahudi liyané. (Gal. 6:12) Paulus ora setuju karo pendapat kuwi. Tapi, dhèwèké ora meksa bèn pendapaté sing dituruti. Dhèwèké péngin masalah kuwi ditangani karo para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm. (Kis. 15:1, 2) Hasilé bar éntuk arahan, sedulur-sedulur kuwi isa tetep bahagia lan tetep bersatu.​—Kis. 15:30, 31.

9. Piyé nèk ing jemaat ana masalah sing gedhé nganti marahi padu?

9 Mungkin, ing jemaat ana masalah sing gedhé nganti marahi padu. Nèk ngono, awaké dhéwé isa takon karo para sedulur sing dipercaya Yéhuwah kanggo ngurusi jemaat. Ing bacaan-bacaan saka organisasi ya ana tuntunan lan petunjuk. Dadi ketimbang mung nuruti pendapaté dhéwé, luwih apik awaké dhéwé manut karo petunjuk kuwi. Hasilé, kabèh sedulur ing jemaat isa tetep rukun lan bersatu.

10. Ing suraté kanggo sedulur-sedulur ing Roma, Paulus luwih nggatèkké apa?

10 Rasul Paulus luwih nggatèkké sipat apiké sedulur-sedulur. Misalé ing suraté kanggo sedulur-sedulur ing Roma, Paulus nyebutké jenengé sedulur-sedulur lan sipat-sipat apiké. Awaké dhéwé ya isa niru Paulus. Wektu omong-omongan karo para sedulur, awaké dhéwé isa nyebutké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur. Hasilé, sedulur-sedulur kuwi isa ngrasa disayangi lan dadi luwih akrab karo awaké dhéwé lan sedulur-sedulur liyané.

11. Nèk ana masalah karo sedulur liyané, awaké dhéwé kudu piyé?

11 Kadhang, sedulur-sedulur sing wis pengalaman isa béda pendapat lan akhiré padu. Mbiyèn, Paulus lan Barnabas ya tau padu. Paulus ora péngin ngejak Markus nginjil bareng. Tapi, Barnabas péngin banget ngejak Markus. Akhiré, Paulus karo Barnabas ”padu nganti wong loro kuwi pisah”. (Kis. 15:37-39) Tapi Paulus, Barnabas, karo Markus isa ngrampungké masalahé lan rukun manèh. Kuwi bukti nèk wong telu kuwi nganggep nèk rukun karo seduluré kuwi penting. Terus, Paulus ya ora tau ngèlèk-èlèk Barnabas karo Markus. (1 Kor. 9:6; Kol. 4:10) Awaké dhéwé isa niru Paulus. Nèk nduwé masalah karo sedulur liya, kudu cepet dirampungké. Terus, awaké dhéwé kudu luwih nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé péngin bèn sedulur-sedulur ing jemaat tetep rukun lan bersatu.—Éf. 4:3.

PAULUS NGUWATKÉ SEDULUR-SEDULUR SING IMANÉ LEMAH

12. Sedulur-sedulur ngadhepi masalah apa waé?

12 Awaké dhéwé kudu mbantu sedulur-sedulur bèn kuwat imané. Sedulur-sedulur ngadhepi akèh masalah. Misalé, ana sing diécé karo keluargané sing ora seiman, kanca kerjané, utawa kanca sekolahé. Sing liyané lagi lara utawa lagi ana masalah karo sedulur liyané. Terus, sedulur-sedulur liyané mungkin wis puluhan taun ngentèni Yéhuwah nggawé bumi iki dadi Firdaus. Merga masalah-masalah kuwi, isa waé imané sedulur-sedulur dadi lemah. Mbiyèn, wong Kristen ing jamané para rasul ya kaya ngono. Piyé carané Paulus mbantu sedulur-sedulur kuwi?

Kaya Rasul Paulus, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sedulur-sedulur? (Deloken paragraf 13) b

13. Piyé carané Paulus mbantu sedulur-sedulur sing diécé karo keluargané?

13 Paulus nggunakké ayat-ayat ing Kitab Suci kanggo mbantu sedulur-sedulur. Mbiyèn wong Kristen Yahudi mungkin diécé karo keluargané. Isa waé keluargané nganggep nèk tradhisiné wong Yahudi kuwi luwih unggul. Mula, Paulus mbantu sedulur-sedulur kuwi liwat suraté. (Ibr. 1:5, 6; 2:2, 3; 9:24, 25) Hasilé, sedulur-sedulur kuwi isa ngerti carané njelaské karo wong-wong sing ngécé. Awaké dhéwé ya isa niru Paulus. Mungkin, ana sedulur-sedulur sing diécé karo kancané utawa keluargané. Awaké dhéwé isa mbantu sedulur-sedulur kuwi nggolèk katrangan luwih akèh ing bacaan saka organisasi. Terus, awaké dhéwé ya isa mbantu cah-cah enom sing diécé merga ora percaya karo évolusi. Misalé, awaké dhéwé isa mènèhi saran bèn cah-cah enom kuwi maca buku Benarkah Kehidupan Diciptakan? lan Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan. Hasilé, cah-cah enom kuwi isa njelaské kenapa kok percaya nèk manungsa kuwi diciptakké Gusti Allah.

Kaya Rasul Paulus, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sedulur-sedulur? (Deloken paragraf 14) c

14. Meskipun sibuk nginjil lan mulang, Paulus piyé wektu ana sedulur-sedulur sing mbutuhké bantuan?

14 Paulus mbantu sedulur-sedulur bèn ”nindakké apa sing apik”. (Ibr. 10:24) Paulus ora mung ngomong nèk nresnani sedulur-sedulur. Tapi, dhèwèké ya bener-bener mbantu sedulur-sedulur. Misalé pas ana kelaparan ing Yudéa, Paulus mèlu ngirimké bantuan kanggo sedulur-sedulur ing kono. (Kis. 11:27-30) Mémang, Paulus sibuk banget nginjil. Tapi dhèwèké tetep ngupaya mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. (Gal. 2:10) Hasilé, sedulur-sedulur kuwi isa tambah percaya nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané. Jaman saiki ya ngono. Sakliyané langsung mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana, awaké dhéwé ya isa mèlu nyumbang kanggo gawéan nginjil sak donya. Sumbangan kuwi mengko isa dienggo mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana. Hasilé, sedulur-sedulur kuwi isa ngrasakké nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké lan ngopèni sedulur-sedulur kuwi.

Kaya Rasul Paulus, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sedulur-sedulur? (Deloken paragraf 15-16) d

15-16. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sedulur-sedulur sing imané lemah?

15 Paulus terus mbantu sedulur-sedulur sing imané lemah. Omongané Paulus isa nyemangati sedulur-sedulur. (Ibr. 6:9; 10:39) Terus ing suraté kanggo wong Ibrani, Paulus ya nggunakké kata ”awaké dhéwé”. (Ibr. 2:1, 3) Kuwi bukti nèk Paulus sadhar nèk dhèwèké ya kudu ngupaya bèn imané tetep kuwat. Awaké dhéwé mesthi ya péngin niru Paulus. Awaké dhéwé mesthi péngin nggatèkké sedulur-sedulur. Bèn isa nyemangati, sing penting kuwi ora mung apa sing diomongké ning ya carané nyampèkké. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur.

16 Paulus ya ngandhani sedulur-sedulur nèk Yéhuwah menghargai kerja kerasé sedulur-sedulur kuwi. (Ibr. 10:32-34) Saiki, awaké dhéwé isa niru Paulus. Nèk ana sedulur sing imané lemah, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké ngobrol soal piyé critané dhèwèké isa dadi Seksi Yéhuwah lan piyé Yéhuwah wis mbantu dhèwèké. Terus, awaké dhéwé ya isa kandha nèk Yéhuwah ora bakal lali karo katresnan sing dhèwèké duduhké lan ora bakal ninggalké dhèwèké. (Ibr. 6:10; 13:5, 6) Nèk omong-omongan kaya ngono, mungkin sedulur kuwi isa dadi luwih semangat lan nduwé tékad sing luwih kuwat bèn isa tetep setya karo Yéhuwah.

’TERUS NGUWATKÉ LIYANÉ’

17. Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn apa?

17 Sedulur-sedulur sing mbantu ing proyèk pembangunan mesthi isa dadi luwih trampil nèk ngupaya tenanan. Awaké dhéwé ya padha. Nèk gelem ngupaya tenanan, awaké dhéwé mesthi ya isa mbantu sedulur-sedulur. Awaké dhéwé isa mbantu sedulur-sedulur sing lagi ngadhepi masalah. Carané yaiku isa nyritakké pengalamané umaté Yéhuwah jaman mbiyèn sing tetep setya meskipun masalahé abot. Terus, awaké dhéwé ya kudu mbantu sedulur-sedulur bèn tetep rukun lan bersatu. Bèn isa ngono, awaké dhéwé kudu nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur. Terus nèk ana masalah, kuwi kudu cepet dirampungké lan rukun manèh. Awaké dhéwé ya kudu mbantu sedulur-sedulur sing imané lemah. Awaké dhéwé isa nguwatké sedulur-sedulur nganggo ayat-ayat ing Alkitab, mènèhi bantuan sing dibutuhké, lan terus ndhukung sedulur-sedulur kuwi.

18. Apa tékadé njenengan?

18 Sedulur-sedulur sing mèlu mbangun bangunan duwèké organisasi mesthi bahagia merga wis kerja keras kanggo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya ngono. Nèk terus mbantu sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa bener-bener bahagia. Mémang, bangunan-bangunan duwèké organisasi suwé-suwé isa rusak. Tapi nèk ngupaya mbantu sedulur-sedulur, manfaaté isa dirasakké nganti sakterusé. Mula, ayo ”terus nguwatké lan mbantu liyané”.​—1 Tés. 5:11.

LAGU 100 Murah Hati lan Seneng Nampa Tamu

a Jaman saiki, akèh sedulur sing ngadhepi masalah. Mula, awaké dhéwé kudu saling nguwatké. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Rasul Paulus lan piyé carané niru dhèwèké.

b GAMBAR: Bapak sing mbantu anaké wédok bèn isa njelaské kenapa ora mèlu Natalan.

c GAMBAR: Suami istri sing mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana alam.

d GAMBAR: Pinituwa sing ngunjungi sedulur sing lagi ora semangat. Wong loro kuwi ndelok foto-foto pas mbiyèn wong loro kuwi mèlu Sekolah kanggo Perintis. Ing foto kuwi kétok nèk wong loro kuwi bahagia. Sedulur sing ora semangat mau kepéngin ngrasakké kuwi manèh. Akhiré, dhèwèké semangat manèh.