Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 33

Yéhuwah Bener-Bener Nggatèkké Umaté

Yéhuwah Bener-Bener Nggatèkké Umaté

”Yéhuwah terus ndelok lan nglindhungi wong-wong sing wedi marang Dhèwèké.”​—Mzm. 33:18.

LAGU 4 ”Yéhuwah Kuwi Gembalaku”

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Kenapa Yésus njaluk Yéhuwah bèn nglindhungi murid-muridé?

 PAS bengi sakdurungé mati, Yésus ndonga karo Yéhuwah. Yésus njaluk bèn Yéhuwah nglindhungi murid-muridé. (Yoh. 17:15, 20) Mémang Yéhuwah selalu perduli lan nggatèkké umaté. Tapi, Yésus ngerti nèk murid-muridé bakal diserang karo Sétan. Mulané murid-muridé butuh bantuané Yéhuwah.

2. Nurut Mazmur 33:18-20, kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi?

2 Umaté Yéhuwah ngadhepi akèh masalah merga donya iki dikuwasani karo Sétan. Masalah-masalah kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi ora semangat. Awaké dhéwé ya isa ngrasa angèl nèk péngin tetep setya karo Yéhuwah. Tapi sakjané, awaké dhéwé ora perlu wedi. Kaya sing bakal dirembug ing artikel iki, Yéhuwah ngerti kabèh masalah sing awaké dhéwé adhepi. Yéhuwah mesthi ya bakal mbantu awaké dhéwé. Saiki ayo ngrembug dhisik loro abdiné Yéhuwah sing ngadhepi masalah sing abot. Saka loro conto kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ”ndelok lan nglindhungi wong-wong sing wedi marang Dhèwèké”.​—Wacanen Mazmur 33:18-20.

WEKTU NGRASA DHÈWÈKAN

3. Awaké dhéwé isa waé ngrasa dhèwèkan merga apa waé?

3 Umaté Yéhuwah kuwi mémang isa kaya keluarga. Ing jemaat ya ana akèh sedulur. Tapi, kadhang awaké dhéwé isa ngrasa dhèwèkan. Misalé, cah enom sing isih sekolah mungkin ngrasa nèk ora ana sing mbantu wektu kudu njelaské ajarané Alkitab karo kanca-kancané. Sing liyané mungkin durung nduwé kanca merga lagi waé pindhah jemaat. Terus, awaké dhéwé isa waé sedhih merga ngrasa kudu ngadhepi kabèh masalah dhèwèkan. Nèk wis ngono, awaké dhéwé mungkin wegah crita karo wong liya. Awaké dhéwé mungkin mikir nèk wong liya ora paham karo perasaané awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya isa waé ngrasa nèk ora ana sing bener-bener perduli karo awaké dhéwé. Akibaté, awaké dhéwé dadi putus asa lan ora semangat. Tapi, Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ngrasa kaya ngono. Apa buktiné?

4. Isa waé apa sebabé Èlia kandha, ”Mung gari aku sing isih urip”?

4 Saiki, ayo nggatèkké pengalamané Nabi Èlia. Ratu Izebèl sumpah arep matèni Nabi Èlia. Dadi, dhèwèké kudu mlayu lan pindhah-pindhah panggonan. (1 Raj. 19:1-9) Terus pas ing guwa, Èlia ngomong karo Yéhuwah, ”Mung gari aku [nabi] ing isih urip.” (1 Raj. 19:10) Sakjané isih ana akèh nabi liyané ing Israèl. Obaja wis ndhelikké 100 nabi bèn ora dipatèni Izebèl. (1 Raj. 18:7, 13) Lha terus, kenapa Èlia ngrasa dhèwèkan? Apa mungkin Èlia mikir nèk 100 nabi sing didhelikké Obaja mau saiki wis dipatèni kabèh? Apa mungkin Èlia sedhih merga ora ana wong Israèl sing mertobat meskipun Yéhuwah wis mbuktèkké nèk Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener? Apa Èlia mikir nèk ora ana sing paham karo keadaané lan bener-bener perduli karo dhèwèké? Ing Alkitab mémang ora disebutké soal kabèh sing dipikirké Èlia. Tapi, Yéhuwah ngerti piyé perasaané Èlia lan ngerti carané mbantu Èlia.

Pas ngrasa dhèwèkan, apa sing isa dipelajari saka carané Yéhuwah mbantu Èlia? (Deloken paragraf 5-6)

5. Piyé carané Yéhuwah mbantu Èlia bèn ora ngrasa dhèwèkan?

5 Piyé carané Yéhuwah mbantu Èlia? Yéhuwah péngin Èlia nyritakké perasaané. Yéhuwah takon karo Èlia, ”Ngapa kowé ing kéné?” (1 Raj. 19:9, 13) Bar kuwi, Yéhuwah ngrungokké pas Èlia nyritakké perasaané. Terus, Yéhuwah nduduhké kuwasané sing gedhé. Yéhuwah ya ngomong nèk isih ana akèh wong Israèl sing setya karo Yéhuwah. (1 Raj. 19:11, 12, 18) Sakwisé nyritakké perasaané, Èlia mesthi lega banget. Terus, Yéhuwah mènèhi Èlia tugas-tugas sing penting. Dhèwèké ngongkon Èlia nglantik Hazaèl dadi raja Siria, Yéhu dadi raja Israèl, lan Èlisa dadi nabi. (1 Raj. 19:15, 16) Yéhuwah mènèhi tugas-tugas bèn Èlia semangat manèh. Yéhuwah ya mènèhi kanca kanggo Èlia yaiku Èlisa. Nèk njenengan dhéwé piyé? Piyé carané Yéhuwah mbantu njenengan pas njenengan ngrasa dhèwèkan?

6. Nèk lagi sedhih utawa ngrasa dhèwèkan, awaké dhéwé isa ndongakké apa? (Mazmur 62:8)

6 Yéhuwah ngerti kabèh masalah sing awaké dhéwé adhepi. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga lan bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé. (1 Tés. 5:17) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah seneng karo dongané umaté. (WB. 15:8) Tapi pas lagi ngrasa dhèwèkan, njenengan isa ndongakké apa? Kaya Èlia, critakna kabèh perasaané njenengan. (Wacanen Mazmur 62:8.) Njenengan isa nyebutké apa waé sing marahi njenengan kuwatir lan perasaané njenengan wektu ngadhepi masalah-masalah kuwi. Misalé, ana cah-cah enom sing mungkin ngrasa wedi pas arep nyritakké soal Alkitab karo kanca sekolahé. Nèk ngrasa kaya ngono, kowé isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn ora wedi manèh. Kowé ya isa ndonga bèn ngerti apa sing kudu diomongké. (Luk. 21:14, 15) Terus nèk pas lagi sedhih utawa ora semangat, njenengan mungkin péngin dhèwèkan waé. Nèk kaya ngono, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah bèn isa crita karo sedulur sing luwih pengalaman. Terus, njenengan isa njaluk Yéhuwah mbantu sedulur kuwi bèn paham karo perasaané njenengan. Nèk ndonga karo Yéhuwah, ngrasakké piyé Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé, lan gelem dibantu karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé ora bakal ngrasa dhèwèkan.

Apa njenengan ngupaya luwih akèh nglayani Yéhuwah lan mbantu sedulur-sedulur? (Deloken paragraf 7)

7. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Mauricio?

7 Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé tugas-tugas sing nyenengké. Yéhuwah menghargai kerja kerasé awaké dhéwé wektu nginjil lan mbantu sedulur-sedulur. (Mzm. 110:3) Ning, apa manfaaté nèk tetep semangat nginjil lan mbantu sedulur-sedulur meskipun lagi ngrasa dhèwèkan? Gatèkna pengalamané Sedulur Mauricio. b Sahabaté Mauricio ana sing ora gelem teka ngibadah lan nginjil manèh. Terus, apa pengaruhé kuwi kanggo Mauricio? Dhèwèké kandha, ”Aku ora yakin apa aku isa tetep setya karo Yéhuwah. Aku ya ngrasa dhèwèkan, lan kétoké ora ana sing isa ngerti perasaanku.” Terus piyé carané Mauricio isa semangat manèh? Dhèwèké crita, ”Aku luwih kerep nginjil bèn ora mikirké sing èlèk-èlèk. Wektu nginjil karo sedulur-sedulur, aku isa luwih bahagia lan ora ngrasa dhèwèkan.” Tapi, piyé nèk awaké dhéwé ora isa ketemu langsung karo sedulur-sedulur? Awaké dhéwé tetep isa nginjil bareng karo sedulur-sedulur, misalé nginjil liwat surat utawa liwat télpon. Sakliyané nginjil, Mauricio ngapa manèh? Dhèwèké kandha, ”Aku ngupaya luwih akèh mbantu sedulur-sedulur. Aku ya persiapan tenanan wektu éntuk tugas ing pertemuan ibadah. Aku seneng banget merga ngerti nèk Yéhuwah lan sedulur-sedulur menghargai kerja kerasku.”

WEKTU NGADHEPI MASALAH SING ABOT

8. Nèk lagi ngadhepi masalah sing abot, biasané awaké dhéwé bakal piyé?

8 Merga saiki wis akhir jaman, awaké dhéwé mesthi bakal ngadhepi akèh masalah. (2 Tim. 3:1) Tapi, mungkin masalahé abot banget utawa awaké dhéwé ora nyangka nèk bakal ngadhepi masalah kuwi. Misalé, awaké dhéwé isa waé ujug-ujug lara parah, ditinggal mati karo wong sing disayangi, utawa ora isa nyukupi kebutuhan keluarga. Nèk kaya ngono, biasané awaké dhéwé dadi strès lan ora ngerti kudu piyé. Apa manèh nèk masalah kuwi tekané bareng utawa masalah sing siji durung rampung ning wis ana sing liyané manèh. Tapi, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké umaté lan bakal mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah apa waé.

9. Ayub ngadhepi masalah apa waé?

9 Saiki, ayo nggatèkké kisahé Ayub. Masalahé Ayub kuwi abot banget lan tekané barengan. Ternaké Ayub dicolong lan dipatèni. Terus, kabèh anak lan pembantuné ya dipatèni. (Ayb. 1:13-19) Ayub mesthi sedhih banget. Bar kuwi, Ayub kena bisul sing parah saka tlapak sikil tekan sirah. (Ayb. 2:7) Masalahé Ayub kuwi abot banget nganti dhèwèké ngomong, ”Aku sengit karo uripku, aku ora gelem urip terus.”​—Ayb. 7:16.

Yéhuwah péngin Ayub ngerti nèk Dhèwèké kuwi perduli banget karo kabèh ciptaané. Dadi Ayub isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu dhèwèké (Deloken paragraf 10)

10. Piyé carané Yéhuwah mbantu Ayub bèn isa ngadhepi masalahé? (Deloken gambar halaman 1.)

10 Yéhuwah bener-bener nggatèkké lan sayang karo Ayub. Yéhuwah mbantu Ayub bèn isa ngadhepi masalahé lan tetep setya karo Yéhuwah. Bèn Ayub percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing wicaksana banget lan nggatèkké tenanan kabèh ciptaané. Yéhuwah ya nyebutké soal kéwan-kéwan sing luar biasa. (Ayb. 38:1, 2; 39:9, 13, 19, 27; 40:15; 41:1, 2) Terus, Yéhuwah nguwatké lan menghibur Ayub liwat Èlihu. Èlihu ngomong nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing setya. Tapi ora mung kuwi. Èlihu ya mènèhi Ayub naséhat. Èlihu ngandhani Ayub bèn aja mikirké masalahé terus, tapi kudu nggatèkké perbuatané Gusti Allah sing luar biasa. (Ayb. 37:14) Terus, Yéhuwah ngongkon Ayub ndongakké kanca-kancané merga kanca-kancané kuwi wis ngomong sing ora bener soal Yéhuwah. (Ayb. 42:8-10) Saiki, ayo ngrembug piyé carané Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé pas lagi ngadhepi masalah sing abot.

11. Sebutna conto kata-kata ing Alkitab sing isa nguwatké njenengan wektu ngadhepi masalah.

11 Yéhuwah mémang ora ngomong langsung karo awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé isa ngrungokké kata-katané Yéhuwah nèk maca Alkitab. (Rm. 15:4) Yéhuwah mènèhi harapan nèk sukmbèn manungsa isa urip bahagia saklawasé ing Firdaus. Pas ngadhepi masalah, coba pikirna kata-kata ing Alkitab sing isa nguwatké njenengan. Misalé, ing Alkitab disebutké nèk ”ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé”. (Rm. 8:38, 39) Terus saka Alkitab, awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah ”cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké”. (Mzm. 145:18) Yéhuwah ya janji nèk awaké dhéwé isa tetep bahagia meskipun ngadhepi masalah nèk percaya karo Yéhuwah. (1 Kor. 10:13; Yak. 1:2, 12) Sakliyané kuwi, nèk dibandhingké karo berkah-berkah sing bakal ditampa sukmbèn, masalahé awaké dhéwé saiki sakjané ora abot lan mung sedhéla. (2 Kor. 4:16-18) Terus, Yéhuwah ya janji nèk sukmbèn Sétan lan para pengikuté bakal disingkirké saklawasé. (Mzm. 37:10) Nèk njenengan piyé? Ayat-ayat endi sing isa njenengan éling-éling bèn sukmbèn isa tetep setya karo Yéhuwah pas ngadhepi masalah?

12. Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa ngadhepi kabèh masalah?

12 Awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo maca Alkitab saben dina lan ngrenungké isiné. Terus, kuwi kudu ditrapké. Nèk ngetrapké sing wis dipelajari kuwi, awaké dhéwé bakal semakin percaya lan tambah cedhak karo Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal nyerah pas ana masalah. Terus nèk manut karo pathokan ing Alkitab, Yéhuwah bakal mènèhi roh suciné. Hasilé, awaké dhéwé isa nduwé ”kekuwatan sing luar biasa” kanggo ngadhepi masalah apa waé.​—2 Kor. 4:7-10.

13. Bèn isa tetep kuwat pas ngadhepi masalah, kenapa awaké dhéwé kudu maca artikel lan nonton vidéo saka ”budhak sing setya”?

13 Ana manèh sing kudu diupayakké bèn awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah. ”Budhak sing setya lan wicaksana” wis nyedhiakké akèh bacaan, vidéo, lan lagu-lagu bèn imané awaké dhéwé dadi tambah kuwat. (Mat. 24:45) Mula, awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo maca lan sinau kabèh sing wis disedhiakké karo budhak sing setya. Gatèkna pengalamané sedulur wédok saka Amerika Serikat. Dhèwèké kandha, ”Aku wis 40 taun nglayani Yéhuwah. Aku tau ngadhepi masalah sing abot banget.” Masalah apa waé sing diadhepi sedulur kuwi? Mbahé mati merga ditabrak sopir sing mabuk. Wong tuwané lara parah nganti akhiré mati. Terus, sedulur kuwi ya kena kanker nganti ping pindho. Tapi, sedulur kuwi ora nyerah. Dhèwèké menghargai banget kabèh sing wis disedhiakké karo budhak sing setya. Dhèwèké crita, ”Yéhuwah bener-bener perduli karo aku. Aku ya isa kuwat merga maca bacaan-bacaan lan nonton vidéo sing wis disedhiakké karo budhak sing setya. Aku péngin kaya Ayub sing kandha, ’Nganti aku mati, ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah.’”​—Ayb. 27:5.

Piyé carané mbantu sedulur-sedulur ing jemaat? (Deloken paragraf 14)

14. Wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah, piyé Yéhuwah mbantu liwat sedulur-sedulur? (1 Tésalonika 4:9)

14 Yéhuwah péngin umaté saling nresnani lan saling nguwatké. (2 Kor. 1:3, 4; wacanen 1 Tésalonika 4:9.) Kaya Èlihu, sedulur-sedulur péngin mbantu awaké dhéwé bèn tetep setya wektu ana masalah. (Kis. 14:22) Gatèkna pengalamané Sedulur Diane. Dhèwèké kandha, ”Pas kuwi, bojoku lara parah. Aku nganti bingung kudu piyé. Tapi, Yéhuwah mbantu aku bèn isa ngadhepi masalah kuwi. Sedulur-sedulur ing jemaat ya terus mbantu aku. Misalé, sedulur-sedulur kuwi meluk aku pas aku lagi sedhih, nélpon aku, lan dolan ing omahku. Terus merga aku ora isa nyetir mobil, sedulur-sedulur ya mbantu aku bèn isa teka ngibadah lan mèlu nginjil.” Mesthi rasané seneng banget isa nduwé sedulur-sedulur sing apikan.

YÉHUWAH BAKAL TERUS NGGATÈKKÉ NJENENGAN

15. Ora soal masalah apa sing lagi diadhepi, kenapa awaké dhéwé yakin nèk isa tetep setya?

15 Kabèh umaté Yéhuwah mesthi bakal ngadhepi akèh masalah. Tapi, kaya sing wis dirembug mau, aja ngrasa dhèwèkan. Yéhuwah kuwi kaya Bapak sing sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah bener-bener nggatèkké awaké dhéwé. Dhèwèké gelem ngrungokké dongané awaké dhéwé lan bakal nulungi awaké dhéwé. (Yés. 43:2) Yéhuwah ya mènèhi sedulur-sedulur sing péngin mbantu awaké dhéwé. Terus, Yéhuwah ya nyedhiakké bacaan lan vidéo liwat budhak sing setya. Mula ora soal masalah apa sing lagi diadhepi, awaké dhéwé yakin nèk isa tetep setya merga dibantu Yéhuwah.

16. Piyé carané bèn awaké dhéwé terus digatèkké karo Yéhuwah?

16 Piyé perasaané njenengan merga ngerti nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké kabèh umaté? Kaya sing ditulis ing Mazmur 33:21, awaké dhéwé mesthi ngrasa ”seneng merga Gusti Allah”. Mula, awaké dhéwé kudu terus manut lan nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu kerep ndonga, maca Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasi, terus ya kudu tetep cedhak karo sedulur-sedulur. Hasilé, Yéhuwah mesthi bakal nggatèkké njenengan nganti sakterusé.​—1 Ptr. 3:12.

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

a Saiki awaké dhéwé ngadhepi akèh masalah. Mula, awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké umaté. Yéhuwah ngerti kabèh masalahé awaké dhéwé lan bakal mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah kuwi.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.