Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 16

Bahagia Merga Mènèhi sing Paling Apik kanggo Yéhuwah

Bahagia Merga Mènèhi sing Paling Apik kanggo Yéhuwah

”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé.”​—GAL. 6:4.

LAGU 37 Ngabdi Sepenuh Jiwa

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Awaké dhéwé isa bener-bener bahagia nèk piyé?

 MENURUT Alkitab, wong sing dituntun roh suciné Gusti Allah bakal bahagia. (Gal. 5:22) Dadi, Gusti Allah péngin awaké dhéwé bahagia. Terus, Yésus ya tau ngomong nèk mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi. (Kis. 20:35.) Dadi, awaké dhéwé isa bener-bener bahagia nèk ngupayakké sing paling apik wektu nginjil lan mbantu sedulur-sedulur.

2-3. (a) Nurut Galatia 6:4, apa waé sing kudu diupayakké bèn isa tetep bahagia? (b) Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing Galatia 6:4, Rasul Paulus nyebutké nèk ana loro sing kudu terus diupayakké bèn isa tetep bahagia. (Wacanen.) Sing pertama, awaké dhéwé kudu mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah sesuai karo kemampuané awaké dhéwé. Nèk wis ngono, awaké dhéwé bakal bahagia. (Mat. 22:36-38) Sing keloro, aja seneng mbandhing-mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Meskipun kemampuan lan keadaané awaké dhéwé béda-béda, tapi awaké dhéwé mesthi bersyukur merga isih isa mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Malah sakjané, kemampuan sing diduwèni kuwi asalé saka Yéhuwah. Mémang, mesthi ana sedulur-sedulur sing luwih trampil nginjil timbang awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé isa mèlu seneng merga sedulur-sedulur kuwi nggunakké kemampuané kanggo ngluhurké Yéhuwah, dudu kanggo kepentingané dhéwé. Dadi, awaké dhéwé mesthi péngin niru lan ora nganggep sedulur-sedulur kuwi saingané awaké dhéwé.

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn isa tetep semangat nglayani Yéhuwah meskipun nduwé keterbatasan. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nggunakké ketrampilané awaké dhéwé bèn isa nyenengké Yéhuwah lan apa manfaaté nèk niru abdiné Yéhuwah sing liyané.

TETEP SEMANGAT MESKIPUN NDUWÉ KETERBATASAN

Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé terus mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah (Deloken paragraf 4-6) b

4. Sedulur-sedulur isa waé sedhih merga apa? Wènèhana conto.

4 Merga semakin tuwa utawa lara, ana sedulur-sedulur sing ora isa luwih akèh nglayani Yéhuwah kaya mbiyèn. Kuwi nggawé sedulur-sedulur kuwi sedhih. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Carol. Dhèwèké tau nglayani ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Wektu kuwi, ana 35 sing sinau Alkitab karo dhèwèké lan ana beberapa sing nganti dibaptis. Carol bener-bener sibuk nglayani Yéhuwah. Tapi, bar kuwi Carol lara lan kudu kerep istirahat ing omah. Carol ngomong, ”Sakjané, aku péngin isa nglayani luwih akèh kaya sing liyané. Tapi gara-gara aku lara, dadiné ora isa. Kuwi nggawé aku dadi ngrasa nèk aku dudu wong Kristen sing apik. Rasané sedhih banget.” Meskipun lara lan nduwé keterbatasan, tapi Carol tetep ngupaya sak isa-isané nglayani Yéhuwah. Kuwi apik banget. Yéhuwah mesthi seneng merga Carol terus ngupaya mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah.

5. (a) Nèk lagi sedhih merga nduwé keterbatasan, awaké dhéwé kudu éling apa? (b) Apa buktiné nèk sedulur ing gambar halaman 12 lan 13 terus mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah?

5 Nèk sedhih merga nduwé keterbatasan, njenengan isa mikirké iki, ’Sakjané, Yéhuwah pénginé aku piyé?’ Yéhuwah péngin njenengan mènèhi sing paling apik sesuai karo keadaané njenengan saiki. Misalé ngéné, ana sedulur wédok sing umuré 80 taun sing sedhih merga ora isa luwih akèh nglayani Yéhuwah kaya pas dhèwèké umur 40. Dhèwèké mikir nèk meskipun wis ngupaya sing paling apik, tapi kuwi ora nggawé Yéhuwah seneng. Ning, apa mémang ngono? Nèk sedulur kuwi wis mènèhi sing paling apik pas dhèwèké umur 40 lan saiki isih mènèhi sing paling apik, kuwi berarti dhèwèké selalu mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah, ta? Mungkin, saiki njenengan lagi sedhih merga ngrasa nèk ora isa nyenengké Yéhuwah. Tapi, sing mutuské pelayanané awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah apa ora kuwi Yéhuwah dhéwé, dudu awaké dhéwé. Nèk njenengan wis mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal ngomong karo njenengan, ”Sing mbok tindakké kuwi apik.”​—Bandhingna karo Matius 25:20-23.

6. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Maria?

6 Awaké dhéwé isa bahagia nèk fokus karo apa sing isa dikerjakké, dudu apa sing ora isa. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Maria. Dhèwèké ora isa luwih akèh nglayani Yéhuwah merga lara. Awalé, dhèwèké strès lan ngrasa ora berguna. Tapi, dhèwèké nggatèkké nèk ing jemaaté ana sedulur wédok sing butuh bantuan. Merga lara, sedulur wédok kuwi mung isa turonan thok ing kasur. Maria kandha, ”Aku mbantu dhèwèké bèn isa nginjil liwat surat lan télpon. Saben rampung nginjil karo dhèwèké, aku ngrasa bahagia lan puas.” Padha kaya Maria, awaké dhéwé ya isa bahagia nèk fokus karo apa sing isa dikerjakké. Tapi, mungkin njenengan isa luwih akèh nglayani Yéhuwah utawa nduwé ketrampilan sing isa digunakké ing organisasiné Yéhuwah. Nèk ngono, njenengan kudu piyé?

NGGUNAKKÉ KETRAMPILAN KANGGO NGLAYANI YÉHUWAH

7. Rasul Pétrus mènèhi naséhat apa?

7 Ing suraté sing pertama, Rasul Pétrus ngandhani wong Kristen wektu kuwi bèn nggunakké ketrampilané kanggo nguwatké liyané. Rasul Pétrus ngomong, ”Kowé kuwi pelayan sing apik sing wis ngrasakké sipaté Gusti Allah sing apikan banget sing diduduhké nganggo akèh cara. Saben wong ing antaramu ya wis nampa anugrah, mula kowé kudu nggunakké kuwi kanggo nglayani liyané.” (1 Ptr. 4:10) Meskipun nduwé ketrampilan, mungkin njenengan menahan diri merga wedi nèk bakal nggawé sedulur liya dadi iri utawa ora semangat nglayani Yéhuwah. Tapi nèk kaya ngono, njenengan malah ora mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Dadi, njenengan kudu nggunakké ketrampilané njenengan kanggo nglayani Yéhuwah.

8. Nurut 1 Korintus 4:6, 7, kenapa awaké dhéwé aja nganti sombong nèk nduwé ketrampilan?

8 Mémang, awaké dhéwé kudu nggunakké ketrampilan kanggo nglayani Yéhuwah. Ning ati-ati, aja nganti awaké dhéwé dadi sombong. (Wacanen 1 Korintus 4:6, 7.) Misalé ngéné, mungkin njenengan trampil ngejak wong omong-omongan soal Alkitab, lan hasilé ana sing gelem sinau Alkitab karo njenengan. Njenengan mesthi péngin nyritakké pengalaman kuwi karo sedulur-sedulur sing sak-KDL. Tapi pas arep crita, jebulé ana sedulur wédok sing ngomong nèk dhèwèké berhasil mènèhi majalah karo wong sing dikabari. Sedulur kuwi berhasil mènèhi majalah, tapi njenengan berhasil ngejak wong sinau Alkitab. Terus piyé? Mémang, pengalamané njenengan isa nyemangati sedulur-sedulur. Tapi, mungkin njenengan ngerti nèk nyritakké pengalaman kuwi, sedulur wédok mau isa waé dadi ngrasa ora trampil merga ora isa kaya njenengan. Dadi, njenengan mutuské nèk luwih apik critané sésuk-sésuk waé. Kuwi apik. Ning, njenengan ya aja mandheg ngejak wong-wong sinau Alkitab. Njenengan kudu nggunakké ketrampilané njenengan kanggo nglayani Yéhuwah.

9. Awaké dhéwé kudu nggunakké ketrampilan kanggo apa?

9 Ketrampilané awaké dhéwé kuwi asalé saka Yéhuwah. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggunakké kuwi kanggo nguwatké wong liya, dudu bèn awaké dhéwé kétok luwih apik timbang wong liya. (Flp. 2:3) Nèk nggunakké ketrampilan sesuai kepénginané Yéhuwah lan kanggo ngluhurké Dhèwèké, awaké dhéwé isa bahagia.

10. Kenapa awaké dhéwé aja seneng mbandhing-mbandhingké?

10 Nèk ora ngati-ati, isa waé awaké dhéwé dadi seneng mbandhing-mbandhingké. Misalé ngéné. Ana sedulur sing pinter nyampèkké ceramah. Terus, dhèwèké dadi rumangsa luwih apik timbang sedulur liya sing ora pati pinter nyampèkké ceramah. Meskipun ora pinter nyampèkké ceramah, tapi sedulur kuwi ya nduwé kelebihan. Dhèwèké semangat wektu nginjil, seneng mbantu sedulur-sedulur, lan ndhidhik anaké bèn manut pathokané Alkitab. Awaké dhéwé mesthi seneng wektu sedulur-sedulur nggunakké ketrampilané kanggo ngluhurké Yéhuwah lan mbantu wong liya.

NIRU ABDINÉ YÉHUWAH SING LIYANÉ

11. Apa manfaaté nèk niru Yésus?

11 Daripada seneng mbandhingké, luwih apik nèk awaké dhéwé niru abdiné Yéhuwah sing liyané. Misalé, awaké dhéwé isa niru Yésus. Mémang, awaké dhéwé ora isa kaya Yésus sing sampurna. Tapi, awaké dhéwé isa niru sipat-sipaté lan pengorbanané. (1 Ptr. 2:21) Nèk ngupaya sak isa-isané niru Yésus, awaké dhéwé isa dadi wong Kristen sing luwih apik lan luwih semangat mbantu wong liya bèn kenal karo Yéhuwah.

12-13. Piyé carané niru Daud?

12 Awaké dhéwé isa niru abdiné Yéhuwah liyané sing kisahé dicathet ing Alkitab. (Ibr. 6:12) Misalé Daud. Yéhuwah nyebut Daud ”wong sing nyenengké ati-Ku”. (Kis. 13:22) Mémang, Daud kuwi ora sampurna lan ya tau nggawé dosa sing gedhé. Ning, awaké dhéwé tetep isa niru Daud. Kenapa? Pas dinaséhati, dhèwèké ora golèk-golèk alesan. Dhèwèké gelem nampa naséhat kuwi lan bener-bener mertobat. Hasilé, Yéhuwah ngapura dhèwèké.​—Mzm. 51:3, 4, 10-12.

13 Piyé carané niru Daud? Awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki, ’Nèk aku dhéwé piyé pas dinaséhati? Apa aku gelem nampa naséhat kuwi? Apa aku malah golèk-golèk alesan bèn ora kétok salah utawa nyalahké wong liya? Apa aku ngupaya tenanan bèn ora mbalèni kesalahan kuwi manèh?’ Pas maca kisah-kisah liyané ing Alkitab, coba gatèkna masalah apa sing lagi dialami karo tokoh sing ana ing kisah kuwi. Mungkin, masalahé padha karo awaké dhéwé. Nèk ngono, coba pikirna sipat-sipat apa sing isa ditiru saka wong kuwi. Terus, awaké dhéwé ya isa mikirké piyé carané bèn isa tetep setya karo Yéhuwah kaya wong kuwi.

14. Apa manfaaté nèk mikirké pengalamané sedulur-sedulur sing tetep setya nglayani Yéhuwah?

14 Ora soal wis tuwa utawa isih enom, sedulur-sedulur isa dadi conto kanggo awaké dhéwé. Misalé, ing jemaaté njenengan mesthi ana sedulur-sedulur sing tetep setya nglayani Yéhuwah meskipun lagi lara, dimungsuhi keluargané, utawa diécé kanca sekolahé. Sipat-sipat apa sing péngin njenengan tiru saka sedulur-sedulur kuwi? Nèk mikirké pengalamané sedulur-sedulur kuwi, awaké dhéwé isa waé dadi ngerti kudu piyé wektu ngadhepi masalah sing padha. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga ana akèh sedulur sing isa dadi conto sing apik.​—Ibr. 13:7; Yak. 1:2, 3.

TETEP BAHAGIA WEKTU NGLAYANI YÉHUWAH

15. Paulus mènèhi naséhat apa bèn kabèh sing ing jemaat tetep bersatu lan rukun?

15 Nèk kabèh sing ing jemaat mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah, jemaat isa rukun lan bersatu. Gatèkna contoné wong Kristen ing jamané para rasul. Wong-wong kuwi nduwé kemampuan sing béda-béda. (1 Kor. 12:4, 7-11) Tapi, wong-wong kuwi kudu ngupaya bèn tetep rukun lan ora seneng saingan. Rasul Paulus kandha nèk wong-wong kuwi kudu nggunakké kemampuané ”kanggo mbangun badané Kristus”. Paulus ngomong, ”Nèk saben anggota nindakké bagéané dhéwé-dhéwé, badan kuwi isa saya gedhé lan kuwat merga katresnan.” (Éf. 4:1-3, 11, 12, 16) Nèk manut karo naséhaté Paulus, jemaat Kristen wektu kuwi mesthi isa tetep rukun lan bersatu. Kuwi sing awaké dhéwé rasakké saiki. Umaté Yéhuwah isa tetep rukun lan bersatu merga ngupaya mènèhi sing paling apik sesuai karo kemampuané dhéwé-dhéwé lan ora seneng saingan.

16. Apa tékadé njenengan? (Ibrani 6:10)

16 Kaya sing wis dirembug ing artikel iki, aja seneng mbandhing-mbandhingké. Awaké dhéwé kudu niru Yésus lan abdiné Yéhuwah sing liyané. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé terus mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Élinga nèk ”Gusti Allah kuwi adil. Dhèwèké ora bakal lali karo apa sing wis [awaké dhéwé] tindakké”. (Wacanen Ibrani 6:10.) Kuwi sebabé, awaké dhéwé isa tetep bahagia merga wis mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah.

LAGU 65 Terus Maju

a Awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa sinau saka contoné sedulur-sedulur liya. Ning, aja mbandhing-mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Nèk seneng mbandhingké, awaké dhéwé isa dadi sombong utawa malah dadi ora semangat nglayani Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn isa tetep bahagia lan ora seneng mbandhing-mbandhingké.

b GAMBAR: Sedulur iki terus mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Pas enom, dhèwèké nglayani ing Bètel. Sakwisé nikah, dhèwèké merintis bareng karo bojoné. Terus bar nduwé anak, dhèwèké nglatih anak-anaké bèn semangat nginjil. Saiki pas wis tuwa, dhèwèké tetep semangat nginjil meskipun liwat surat.