Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 18

Piyé Carané Bèn Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik?

Piyé Carané Bèn Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik?

”Kowé kudu mikirké tenanan soal kuwi lan ngupaya tenanan nindakké kuwi bèn kabèh wong isa ndelok nèk kowé kuwi wong Kristen sing déwasa.”​—1 TIM. 4:15.

LAGU 84 Terus Marani

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Tujuan apa waé sing isa njenengan pikirké?

 AWAKÉ DHÉWÉ mesthi sayang banget karo Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin dadi wong Kristen sing luwih apik. Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé perlu nduwé tujuan, misalé nduwé sipat-sipat sing apik, ngupaya bèn nduwé ketrampilan, lan isa luwih akèh nglayani ing organisasiné Yéhuwah.

2. Kenapa kok awaké dhéwé péngin terus ngupaya bèn tujuan-tujuan sing disebutké mau isa kelakon?

2 Kenapa kok awaké dhéwé péngin terus ngupaya bèn tujuan-tujuan sing disebutké mau isa kelakon? Pertama, merga awaké dhéwé péngin nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé nggunakké ketrampilané awaké dhéwé kanggo nglayani Yéhuwah. Sing keloro, nèk ngupayakké tujuan-tujuan kuwi, awaké dhéwé isa luwih akèh mbantu sedulur-sedulur. (1 Tés. 4:9, 10) Rasul Paulus tau ngandhani bèn Timotius dadi wong Kristen sing luwih apik. Saka naséhaté Rasul Paulus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk kabèh umaté Yéhuwah kudu ngupayakké kuwi, ora soal wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah. Ayo nggatèkké kata-katané Rasul Paulus kuwi.

3. Kaya sing disebutké ing 1 Timotius 4:12-16, Rasul Paulus mènèhi naséhat apa kanggo Timotius?

3 Pas Rasul Paulus mènèhi suraté sing pertama kanggo Timotius, Timotius wis dadi pinituwa sing pengalaman. Tapi, Paulus ngomong nèk Timotius kudu dadi wong Kristen sing luwih apik. (Wacanen 1 Timotius 4:12-16.) Ing ayat-ayat kuwi, Rasul Paulus ngandhani loro cara sing kudu diupayakké Timotius. Sing pertama, Timotius kudu nduwé sipat-sipat sing apik, misalé nresnani wong liya, nduwé iman sing kuwat, lan tingkah lakuné apik. Sing keloro, Paulus ya péngin Timotius ngupaya luwih trampil wektu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang. Bèn isa niru Timotius, awaké dhéwé kudu nduwé tujuan lan ngupaya bèn kuwi kelakon. Ayo ngrembug soal kuwi. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa luwih akèh nglayani ing organisasiné Yéhuwah.

NDUWÉ SIPAT-SIPAT SING APIK

4. Nurut Filipi 2:19-22, kenapa Timotius isa nglayani Yéhuwah luwih akèh?

4 Timotius isa dadi wong Kristen sing luwih apik merga dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik. Ing Filipi 2:19-22, Rasul Paulus nyebutké nèk Timotius kuwi wong sing rendah hati, setya, kerja keras, lan isa dipercaya. (Wacanen.) Timotius ya perduli lan sayang banget karo sedulur-sedulur. Mulané, Paulus sayang banget karo Timotius lan mènèhi dhèwèké tugas-tugas sing penting. (1 Kor. 4:17) Kaya Timotius, nèk awaké dhéwé nduwé sipat-sipat sing apik, Yéhuwah bakal sayang karo awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya isa waé éntuk tugas-tugas tambahan ing jemaat.​—Mzm. 25:9; 138:6.

Milih sipat sing arep diupayakké (Deloken paragraf 5-6)

5. (a) Piyé bèn njenengan isa ngerti sipat apa sing kudu diupayakké? (b) Kaya gambar ing halaman 23, apa sing diupayakké sedulur wédok kuwi bèn isa luwih perduli karo sedulur liya?

5 Nduwé tujuan sing jelas. Njenengan isa ndonga karo Yéhuwah. Terus, coba pilih salah siji sipat sing arep diupayakké. Misalé, apa njenengan péngin luwih perduli karo sedulur-sedulur? Utawa, apa njenengan péngin dadi wong sing seneng ngapura bèn isa rukun karo wong liya? Terus, njenengan ya isa njaluk saran saka kanca akrabé njenengan.​—WB. 27:6.

6. Nèk ana sipat sing péngin diupayakké, njenengan kudu piyé?

6 Ngupaya bèn tujuan kuwi isa kelakon. Piyé carané? Njenengan isa nggolèk katrangan luwih akèh ing bacaan-bacaan saka organisasi soal sipat sing péngin diupayakké. Misalé, mungkin njenengan péngin dadi wong sing seneng ngapura. Dadi, njenengan isa maca lan ngrenungké kisah-kisah Alkitab soal wong-wong sing seneng ngapura lan sing ora. Contoné Yésus. Yésus ora ngéling-éling kesalahané wong liya lan gelem ngapura. (Luk. 7:47, 48) Dhèwèké ya nggatèkké sipat-sipat apiké wong liya. Yésus ora kaya wong Farisi sing ’rumangsa paling bener’. (Luk. 18:9) Bar ngrenungké contoné Yésus kuwi, njenengan isa mikir, ’Nèk aku dhéwé piyé? Apa aku luwih nggatèkké sipat-sipat èlèké wong liya timbang sipat-sipat apiké?’ Nèk njenengan isih angèl ngapura wong liya, coba tulisen sipat-sipat apiké wong kuwi. Terus pikirna iki, ’Nèk Yésus piyé ya? Apa Yésus gelem ngapura dhèwèké?’ Nèk kuwi kabèh diupayakké, njenengan isa luwih gampang ngapura. Mungkin awalé kuwi ora gampang. Tapi nèk terus ngupaya, njenengan mesthi ya isa.

NGUPAYA BÈN NDUWÉ KETRAMPILAN

Mèlu mbantu ngrawat Balai Ibadah (Deloken paragraf 7) d

7. Apa buktiné nèk Yéhuwah nggunakké akèh wong sing trampil kanggo ngrampungké akèh gawéan ing organisasiné? (Wulang Bebasan 22:29)

7 Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, njenengan ya perlu ngupaya bèn nduwé ketrampilan. Ing organisasiné Yéhuwah, dibutuhké akèh sedulur kanggo mbantu proyèk-proyèk pembangunan, misalé mbangun kantor cabang, Balai Ibadah, lan Balai Pertemuan. Sedulur-sedulur kuwi isa luwih trampil nèk kerja bareng karo sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Kaya ing gambar halaman 25, ana sedulur-sedulur sing diajari carané bèn isa ngrawat Balai Ibadah lan Balai Pertemuan. Kuwi bukti nèk Yéhuwah, ”Raja sing langgeng”, lan Yésus, ”Rajané kabèh sing mréntah dadi raja”, nggunakké akèh wong sing trampil kanggo ngrampungké akèh gawéan ing organisasi. (1 Tim. 1:17; 6:15; wacanen Wulang Bebasan 22:29.) Awaké dhéwé mesthi péngin kerja keras lan nggunakké ketrampilané awaké dhéwé kanggo ngluhurké Yéhuwah.​—Yoh. 8:54.

8. Nèk péngin ngerti ketrampilan apa sing perlu luwih diupayakké, njenengan kudu piyé?

8 Nduwé tujuan sing jelas. Nèk njenengan péngin luwih trampil apa? Coba takon karo para pinituwa utawa pinituwa wilayahé njenengan. Mungkin, sedulur-sedulur kuwi isa mènèhi saran sing cocog. Misalé, njenengan disaranké bèn luwih trampil mulang lan nyampèkké ceramah. Nèk ngono, njenengan isa takon bagéan endi sing perlu luwih diupayakké. Terus, njenengan isa ngupaya ngetrapké saran-saran kuwi. Ning, piyé carané?

9. Njenengan kudu piyé bèn tujuané njenengan isa kelakon?

9 Ngupaya bèn tujuan kuwi isa kelakon. Misalé, njenengan péngin luwih trampil mulang. Njenengan isa maca saran-saran ing buku Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang. Terus pas éntuk tugas ing pertemuan ibadah tengah pekan, njenengan isa njaluk tulung sedulur sing luwih pengalaman ngrungokké wektu njenengan latihan. Mungkin, sedulur kuwi isa mènèhi saran sing cocog. Nèk njenengan persiapané tenanan, sedulur-sedulur isa ngerti nèk njenengan mémang kerja keras lan isa dipercaya ngrampungké tugasé njenengan.​—WB. 21:5; 2 Kor. 8:22.

10. Critakna pengalamané Sedulur Garry.

10 Gatèkna pengalamané sedulur lanang sing jenengé Garry. Sedulur Garry crita nèk mbiyèn dhèwèké isin banget merga plegak-pleguk pas maca ing pertemuan ibadah. Tapi, dhèwèké ngupaya bèn luwih trampil. Dhèwèké dibantu sedulur-sedulur sing pengalaman lan maca saran-saran ing bacaan-bacaan saka organisasi. Hasilé, dhèwèké isa nyampèkké ceramah ing pertemuan ibadah, pertemuan wilayah, lan ing pertemuan gabungan wilayah. Apa sing isa dipelajari? Nèk njenengan ngerti nduwé kekurangan tapi péngin luwih trampil, ya aja nyerah.

11. Kaya Timotius, awaké dhéwé kudu piyé bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah?

11 Ing Alkitab mémang ora dicritakké apa Timotius trampil mulang lan pinter nyampèkké ceramah. Tapi merga ngetrapké naséhaté Rasul Paulus, Timotius mesthi dadi luwih trampil lan isa ngrampungké tugas-tugas sing dipercayakké. (2 Tim. 3:10) Dadi nèk ngupaya bèn luwih trampil, awaké dhéwé ya isa luwih akèh nglayani Yéhuwah kaya Timotius.

LUWIH AKÈH NGLAYANI ING ORGANISASINÉ YÉHUWAH

12. Njenengan wis ngrasakké bantuané sedulur-sedulur pas apa? Wènèhana conto.

12 Awaké dhéwé mesthi wis ngrasakké bantuané sedulur-sedulur. Misalé, pas dirawat ing Rumah Sakit, ana sedulur-sedulur sing dadi anggota Panitia Penghubung Rumah Sakit lan Kelompok Pengunjung Pasien sing mbantu awaké dhéwé. Pas ngadhepi masalah, ana pinituwa sing gelem ngrungokké lan menghibur awaké dhéwé. Terus nèk awaké dhéwé kesulitan pas mbantu wong liya sinau Alkitab, ana perintis sing pengalaman sing gelem ngancani sinau Alkitab lan mènèhi saran sing dibutuhké. Sedulur-sedulur kuwi mesthi seneng isa mbantu awaké dhéwé. Nèk njenengan dhéwé piyé? Sedulur-sedulur liyané mesthi ya seneng nèk njenengan mbantu sedulur-sedulur kuwi. Yésus tau ngomong, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.” (Kis. 20:35) Tapi, piyé carané bèn isa luwih akèh nglayani ing organisasiné Yéhuwah lan mbantu sedulur-sedulur?

13. Awaké dhéwé kudu nduwé rencana sing piyé?

13 Njenengan kudu nduwé rencana sing jelas. Misalé, mungkin njenengan nduwé rencana péngin mbantu sedulur-sedulur. Tapi nèk rencanané mung kaya ngono, njenengan ora ngerti apa kuwi wis kelakon apa durung. Dadi, gawénen rencana sing jelas. Malah, njenengan isa nulis rencanané njenengan lan apa sing kudu diupayakké bèn kuwi kelakon.

14. Kenapa kudu masuk akal nèk nduwé rencana?

14 Tapi pas nggawé rencana, njenengan kudu masuk akal merga keadaan isa berubah. Misalé ngéné. Rasul Paulus kuwi sing mbentuk jemaat Tésalonika. Dadi, dhèwèké péngin manggon ing kono bèn isa mbantu sedulur-sedulur ing Tésalonika. Ning, wong-wong Yahudi ing kono ora seneng lan péngin Paulus lunga saka kutha kuwi. (Kis. 17:1-5, 10) Nèk Paulus ora gelem lunga, kuwi bahaya kanggo sedulur-sedulur ing kono. Meskipun ngono, Paulus mikirké cara liyané bèn tetep isa mbantu sedulur-sedulur kuwi. Dhèwèké ngutus Timotius kanggo nguwatké sedulur-sedulur kuwi. (1 Tés. 3:1-3) Sedulur-sedulur ing Tésalonika mesthi seneng merga Timotius gelem diutus ing endi waé kanggo mbantu sedulur-sedulur.

15. Nèk keadaané berubah, rencanané awaké dhéwé isa waé piyé? Wènèhana conto.

15 Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Paulus? Awaké dhéwé mungkin wis nduwé rencana. Tapi merga keadaané berubah, rencanané kuwi ora isa kelakon. (Pkh. 9:11) Nèk kaya ngono, awaké dhéwé isa nggawé rencana liyané sing sesuai karo keadaan lan kemampuané awaké dhéwé. Misalé, gatèkna pengalamané suami istri sing jenengé Ted karo Hiedi. Awalé, wong loro kuwi nglayani ing Bètel. Tapi merga lara, wong loro kuwi ora isa nglayani ing Bètel manèh. Ning merga sayang karo Yéhuwah, wong loro kuwi tetep péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh. Dadi, wong loro kuwi ndaftar dadi perintis biasa, terus éntuk tugas dadi perintis istiméwa. Malah, Ted ya dilatih dadi pinituwa wilayah pengganti. Terus, organisasiné Yéhuwah mènèhi arahan nèk pinituwa wilayah sing umuré wis 70 ora ditugaské ngunjungi jemaat-jemaat manèh. Merga ana arahan kuwi, Ted karo Hiedi ngerti nèk ora bakal isa nglayani dadi pinituwa wilayah. Tapi meskipun awalé sedhih, wong loro kuwi nggolèk cara liyané kanggo nglayani Yéhuwah. Ted kandha, ”Aku karo bojoku terus mikirké cara liyané kanggo nglayani Yéhuwah.”

16. Apa sing isa dipelajari saka Galatia 6:4?

16 Keadaané awaké dhéwé isa berubah, lan apa sing direncanakké isa waé ora kelakon. Dadi, aja mikir nèk awaké dhéwé lagi dianggep berharga karo Yéhuwah nèk éntuk tugas-tugas tambahan. Terus, ya aja mbandhing-mbandhingké tugasé awaké dhéwé karo sedulur liyané. Hiedi ngomong, ”Nèk seneng mbandhing-mbandhingké, njenengan ora bakal bahagia.” (Wacanen Galatia 6:4.) Daripada mbandhing-mbandhingké, luwih apik nèk awaké dhéwé mikirké piyé carané bèn luwih akèh nglayani ing organisasiné Yéhuwah lan mbantu sedulur-sedulur. b

17. Piyé carané bèn njenengan isa éntuk tugas-tugas tambahan?

17 Tapi, piyé carané bèn njenengan isa éntuk tugas-tugas tambahan? Njenengan kudu urip sederhana lan nèk isa aja utang. Terus, njenengan isa mikirké rencana apa sing isa langsung diupayakké lan rencana apa sing butuh wektu luwih suwé bèn isa berhasil. Misalé, nèk péngin dadi perintis biasa, njenengan isa merintis ékstra sik beberapa bulan. Terus, nèk péngin dadi abdiné jemaat, njenengan isa luwih kerep nginjil, ngunjungi sedulur-sedulur sing lara, utawa nggatèkké sedulur-sedulur lansia ing jemaat. Nèk kuwi diupayakké, isa waé njenengan éntuk tugas-tugas tambahan sing dipénginké. Tapi ora soal apa tugasé, njenengan kudu ngupaya mènèhi sing paling apik.​—Rm. 12:11.

Nggawé rencana sesuai keadaan lan kemampuané njenengan (Deloken paragraf 18) e

18. Kaya gambar ing halaman 26, apa sing isa dipelajari saka sedulur wédok kuwi?

18 Awaké dhéwé kudu nggawé rencana bèn isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. Mungkin, ana sedulur-sedulur sing wis tuwa sing ngrasa nèk rencanané ora bakal kelakon. Tapi, sakjané ora ngono. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Beverley sing umuré 75 taun. Dhèwèké lara parah nganti ora isa mlaku. Dhèwèké péngin banget isa mèlu mbagi undangan Peringatan Kematiané Yésus. Mula, dhèwèké nggawé rencana. Pas rencanané kuwi kelakon, dhèwèké seneng banget. Sakliyané kuwi, dhèwèké ya dadi conto kanggo sedulur-sedulur ing jemaat. Dadi meskipun nduwé keterbatasan, ning Yéhuwah tetep menghargai sedulur-sedulur lansia.​—Mzm. 71:17, 18.

19. Apa waé sing wis dirembug ing artikel iki?

19 Njenengan kudu nggawé rencana sesuai kemampuan lan keadaané njenengan. Njenengan ya kudu ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing nyenengké Yéhuwah. Sakliyané kuwi, njenengan ya isa ngupaya nduwé ketrampilan bèn isa mbantu akèh gawéan ing organisasiné Yéhuwah. Terus, golèka cara bèn isa luwih akèh nglayani ing organisasiné Yéhuwah lan mbantu sedulur-sedulur. c Nèk kuwi kabèh diupayakké, ”kabèh wong isa ndelok nèk [njenengan] kuwi wong Kristen sing déwasa”.​—1 Tim. 4:15.

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

a Mémang, Timotius kuwi penginjil sing trampil. Tapi, Paulus tetep ngandhani Timotius bèn terus ngupaya dadi wong Kristen sing luwih apik. Merga manut omongané Paulus, Timotius isa nglayani Yéhuwah luwih akèh lan mbantu sedulur-sedulur. Apa njenengan ya péngin kaya Timotius? Nèk iya, apa waé sing isa njenengan upayakké?

b Deloken buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa bab 10 sing judhulé ”Cara untuk Lebih Banyak Melayani” ing paragraf 6-9.

c Deloken buku Bahagia Saklawasé ing pelajaran 60 sing judhulé ”Terus Akrab karo Yéhuwah”.

d GAMBAR: Sedulur lanang sing nglatih loro sedulur wédok ngganti lampu. Sedulur-sedulur kuwi nggunakké ketrampilané kanggo ngluhurké Yéhuwah.

e GAMBAR: Sedulur wédok sing ora isa lunga ing endi-endi nginjil liwat télpon. Dhèwèké ngundang wong-wong bèn teka ing Peringatan Kematiané Yésus.