Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Nèk ana sedulur lanang sing megat bojoné terus nikah manèh padahal bojoné ora selingkuh, apa pernikahané sing saiki isa dianggep sah?

Nèk kaya ngono, sedulur lanang kuwi wis ora nduwé hubungan apa-apa manèh karo bojoné sing mbiyèn, lan pernikahané sing saiki dianggep sah. Kenapa pernikahan kuwi isa dianggep sah? Ayo nggatèkké omongané Yésus soal pegatan lan nikah manèh.

Ing Matius 19:9, Yésus nyebutké nèk mung ana siji alesan kanggo pegatan. Yésus kandha, ”Nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora pantes, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong kuwi laku jina.” Saka kata-katané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti (1) nèk wong sing nikah isa pegatan nèk bojoné selingkuh lan (2) nèk wong lanang megat bojoné terus nikah manèh padahal bojoné ora selingkuh, kuwi berarti wong lanang kuwi laku jina. a

Dadi nèk ana wong lanang sing selingkuh terus megat bojoné, apa nurut Alkitab wong lanang kuwi éntuk nikah manèh? Ya ora mesthi. Nèk sing lanang selingkuh, pihak sing ora salah, yaiku sing wédok, isa mutuské arep ngapura bojoné apa ora. Nèk sing wédok ora gelem ngapura lan akhiré wong loro kuwi pegatan, loro-loroné éntuk nikah manèh.

Tapi, isa waé sing wédok ora gelem pegatan lan gelem ngapura bojoné. Lha terus piyé nèk sing lanang tetep meksa péngin pegatan? Merga sing wédok wis ngapura lan ora gelem pegatan, nurut Alkitab sing lanang ora éntuk nikah manèh. Nèk sing lanang nikah manèh, kuwi berarti dhèwèké laku jina manèh. Mula, para pinituwa bakal mbentuk panitia pengadilan manèh kanggo nangani kasus kuwi.​—1 Kor. 5:1, 2; 6:9, 10.

Nèk ana wong lanang sing nikah manèh padahal nurut Alkitab sakjané ora éntuk, terus piyé hubungané dhèwèké karo bojoné sing mbiyèn? Apa pernikahané sing saiki kuwi isa dianggep sah? Apa nurut Alkitab, dhèwèké karo mantan bojoné isih dianggep suami istri? Apa mantan bojoné isih perlu mutuské arep ngapura dhèwèké apa ora? Apa pernikahané sing saiki bakal dianggep laku jina?

Mbiyèn, mémang kaya ngono kuwi bakal tetep dianggep laku jina selama mantan bojoné isih urip, ora nikah manèh, lan ora hubungan sèks sing ora pantes. Tapi wektu ngomongké soal pegatan lan nikah manèh, Yésus ora nyebutké apa-apa soal pihak sing ora salah. Yésus mung ngomong nèk wong lanang megat bojoné terus nikah manèh padahal bojoné ora selingkuh, kuwi padha waé wong lanang kuwi laku jina. Merga sing lanang wis megat bojoné lan nikah manèh, kuwi berarti sing lanang wis ora nduwé hubungan apa-apa manèh karo mantan bojoné.

”Nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora pantes, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong kuwi laku jina.”​—Mat. 19:9

Merga sing lanang wis nikah manèh, dhèwèké karo mantan bojoné ora isa dadi suami istri manèh meskipun pihak sing ora salah, yaiku mantan bojoné, ora péngin pegatan. Dadi, mantan bojoné ora perlu bingung-bingung manèh arep ngapura sing lanang apa ora. Sakliyané kuwi, meskipun mantan bojoné isih urip, ora nikah manèh, lan ora hubungan sèks sing ora pantes, pernikahané sing saiki ora bakal dianggep laku jina. b

Conto sing mau dirembug kan pegatané gara-gara sing lanang selingkuh. Tapi piyé nèk sing lanang ora selingkuh, ning pegatan lan akhiré nikah manèh? Utawa, piyé nèk sing lanang hubungan sèks sing ora pantes sakwisé pegatan terus nikah manèh, padahal bojoné gelem ngapura dhèwèké? Ing loro conto kuwi, merga sing lanang nikah manèh sakwisé pegatan, kuwi padha karo laku jina. Terus, kuwi ya berarti dhèwèké karo mantan bojoné wis ora nduwé hubungan apa-apa manèh. Ing majalah The Watchtower 15 November 1979 halaman 32 disebutké ngéné, ”Merga wis nikah manèh, sing lanang ora éntuk megat bojoné sing saiki bèn isa mbalik karo mantan bojoné. Merga dhèwèké wis megat bojoné, laku jina, lan nikah manèh, dhèwèké karo mantan bojoné wis ora nduwé hubungan apa-apa manèh.” Dadi, pernikahané sing saiki bakal dianggep sah.

Meskipun ana katrangan sing anyar iki, ora berarti wong Kristen nganggep nèk pernikahan kuwi ora suci utawa laku jina kuwi dudu dosa sing gedhé. Nèk ana sedulur lanang sing megat bojoné terus nikah manèh, padahal bojoné ora selingkuh, para pinituwa bakal mbentuk panitia pengadilan merga sedulur kuwi wis laku jina. (Nèk nikah manèhé karo sedulur wédok, para pinituwa ya bakal mbentuk panitia pengadilan kanggo sedulur wédok kuwi merga dhèwèké wis laku jina.) Meskipun pernikahané sing saiki ora dianggep laku jina, tapi sedulur lanang kuwi tetep ora bakal isa nampa tugas istiméwa ing jemaat nganti bertahun-tahun, termasuk nèk isih ana sing jèngkèl utawa ora ngajèni dhèwèké merga kesalahané kuwi. Sakdurungé mènèhi tugas-tugas istiméwa, para pinituwa ya bakal mikirké keadaané mantan bojoné sedulur kuwi. Misalé, mungkin sedulur kuwi sengaja nggawé siasat bèn isa pegatan lan nikah manèh. Akibaté, mantan bojoné mungkin isih lara ati, nduwé masalah keuangan, utawa ngadhepi masalah-masalah liyané. Terus, mungkin ya ana anak-anaké sing isih cilik sing ditelantarké merga sedulur kuwi nikah manèh. (Mal. 2:14-16) Kuwi kabèh kudu dipikirké para pinituwa sakdurungé mènèhi tugas-tugas istiméwa karo sedulur kuwi.

Nèk ana wong sing megat bojoné terus nikah manèh padahal bojoné ora selingkuh, kuwi berarti wong kuwi wis nggawé dosa sing gedhé. Mula, wong Kristen mesthi péngin nganggep pernikahan kuwi suci, kaya pandhangané Yéhuwah.​—Pkh. 5:4, 5; Ibr. 13:4.

a Ing artikel iki, sing dimaksud selingkuh kuwi ora mung sekedar hubungan romantis, tapi wis hubungan sèks. Bèn luwih gampang, ing paragraf-paragraf berikuté bakal disebutké nèk sing selingkuh kuwi sing lanang lan pihak sing ora salah kuwi sing wédok. Tapi kaya sing disebutké Yésus ing Markus 10:11, 12, nèk wong wédok megat bojoné terus nikah manèh karo wong liya padahal bojoné ora selingkuh, kuwi artiné wong wédok kuwi ya laku jina.

b Mbiyèn, nèk ana wong sing megat bojoné lan nikah manèh padahal bojoné ora selingkuh, pernikahané bakal tetep dianggep laku jina selama pihak sing ora salah isih urip, ora nikah manèh, lan ora hubungan sèks sing ora pantes. Katrangan sing disebutké ing artikel iki ngganti katrangan kuwi.