Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa njenengan isih kèlingan karo topik-topik ing majalah Warta Penting taun iki? Ayo njawab pitakonan-pitakonan iki:

Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi ”gampang mesakké” lan ”nduwé rasa sayang”? (Yak. 5:11)

Merga mesakké lan sayang karo awaké dhéwé, Yéhuwah gelem ngapura kesalahané awaké dhéwé lan mbantu pas awaké dhéwé lagi susah. (Yak. 5:11) Nèk awaké dhéwé sayang lan nduduhké rasa mesakké karo wong liya, awaké dhéwé niru Yéhuwah.​—w21.01, hlm. 21.

Apa sebabé Yéhuwah ngatur bèn ana sing dadi kepala?

Yéhuwah ngatur bèn ana sing dadi kepala merga sayang karo ciptaané lan péngin bèn kabèh isa teratur lan tentrem. Nèk ora ana sing dadi kepala, isa waé kabèh bakal bingung sapa sing kudu nggawé keputusan lan sapa sing mastèkké bèn keputusan kuwi ditindakké.​—w21.02, hlm. 3.

Kenapa wong Kristen kudu ngati-ati wektu nggunakké aplikasi ing HP kanggo ngirim pesan?

Biasané, wong-wong isa nggawé grup ing aplikasi sing dienggo ngirim pesan ing HP. Awaké dhéwé kudu ngati-ati nèk gabung grup sing kaya ngono kuwi, khususé nèk grupé isiné akèh, merga awaké dhéwé ora isa bener-bener kenal karo kabèh sing ana ing grup kuwi. (1 Tim. 5:13) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati bèn ora nyebarké gosip lan manfaatké sedulur-sedulur kanggo bisnis.​—w21.03, hlm. 31.

Kenapa Yésus kudu disiksa lan dipatèni?

Pertama, Yésus kudu digantung ing cagak bèn isa mbébaské wong Yahudi saka kutukané Hukum Musa. (Gal. 3:10, 13, ctn.) Keloro, Yéhuwah péngin nglatih Yésus merga sukmbèn Yésus bakal dadi Imam Agung. Ketelu, Yéhuwah ora nulungi wektu Yésus dianiaya nganti mati bèn isa njawab tudhuhané Sétan. (Ayb. 1:9-11)—w21.04, hlm. 16-17.

Piyé carané bèn isa ketemu luwih akèh wong pas nginjil??

Awaké dhéwé isa nggolèk wektu liya kanggo nginjil lan nginjil ing panggonan liya. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa nginjil nggunakké cara liya, misalé liwat surat.​—w21.05, hlm. 15-16.

Apa maksudé wektu Paulus ngomong, ”Merga aku nindakké hukum, aku mati”? (Gal. 2:19)

Wektu ngomong: ”Aku mati”, Paulus lagi nduduhké nèk dhèwèké wis bébas saka Hukum Musa. Merga ana Hukum Musa, manungsa bakal ngerti nèk ora isa sepenuhé manut karo hukum kuwi, lan Hukum Musa ya nuntun manungsa marang Kristus sing bakal dadi tebusan. (Gal. 3:19, 24) Merga nindakké hukum, Paulus dadi nduwé iman karo Yésus. Kuwi sebabé, Paulus ora perlu manèh manut karo Hukum. Kuwi berarti Paulus bébas saka Hukum.​—w21.06, hlm. 31.

Yéhuwah sabar ngadhepi apa waé?

Meskipun jenengé dièlèk-èlèk, akèh sing ora péngin dipréntah karo Yéhuwah, ana malaékat lan manungsa sing mbrontak, ana tudhuhan-tudhuhan palsu saka Sétan, umaté menderita, ditinggal mati karo para abdiné, akèh manungsa sing jahat, lan manungsa ngrusak bumi, tapi Yéhuwah tetep sabar.​—w21.07, hlm. 9-12.

Yusuf tetep sabar wektu ngadhepi apa waé?

Yusuf dijahati karo sedulur-seduluré. Terus, dhèwèké diedol dadi budhak ing Mesir. Ing kono, dhèwèké ditudhuh memperkosa bojoné majikané lan akhiré dipenjara.​—w21.08, hlm. 12.

Ramalan ing Hagai 2:6-9, 20-22 kelakoné piyé?

Meskipun akèh sing ora seneng ngrungokké kabar apik, ning akèh wong sing tulus sing akhiré gelem nglayani Yéhuwah. Terus ora suwé manèh, wong-wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah bakal disingkirké.​—w21.09, hlm. 15-19.

Kenapa awaké dhéwé kudu terus semangat nginjil?

Yéhuwah nggatèkké kerja kerasé awaké dhéwé, lan kuwi nggawé Yéhuwah seneng. Nèk terus nginjil, awaké dhéwé bakal isa urip saklawasé.​—w21.10, hlm. 25-26.

Kenapa awaké dhéwé isa dadi ”suci” kaya naséhaté Pétrus ing 1 Pétrus 1:15 nèk sinau saka Kaimaman 19?

Wektu mènèhi naséhat nèk kabèh wong Kristen ”kudu suci”, Rasul Pétrus mungkin ngutip saka Kaimaman 19:2. Ing Kaimaman bab 19, awaké dhéwé isa ngerti beberapa cara kanggo ngetrapké naséhaté Pétrus kuwi.​—w21.12, hlm. 3-4.