Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 49

Nresnani Wong Liya Kaya Nresnani Awaké Dhéwé

Nresnani Wong Liya Kaya Nresnani Awaké Dhéwé

”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”​—KM. 19:18.

LAGU 109 Tresna saka Ati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 ING artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug beberapa ayat ing Kaimaman bab 19. Misalé ing ayat 3, wong Israèl dikon ngajèni wong tuwané lan manut aturané Yéhuwah soal dina Sabat. Piyé carané ngetrapké ayat kuwi ing jaman saiki? Awaké dhéwé isa mbantu nyukupi kebutuhané wong tuwané awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya kudu perhatian lan mbantu wong tuwané awaké dhéwé bèn tetep semangat nglayani Yéhuwah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu nyedhiakké wektu bèn isa ngibadah, termasuk maca Alkitab lan ndonga saben dina. Nèk ngupayakké kuwi, awaké dhéwé nduduhké nèk péngin dadi suci, kaya sing disebutké ing Kaimaman 19:2 lan 1 Pétrus 1:15.

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug beberapa ayat liyané saka Kaimaman bab 19. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané nduduhké nèk mesakké karo wong cacad, jujur pas bisnis, lan nresnani wong liya. Kuwi bakal mbantu awaké dhéwé dadi suci kaya Yéhuwah.

MESAKKÉ KARO WONG CACAD

Nurut Kaimaman 19:14, awaké dhéwé kudu piyé karo wong wuta utawa wong budheg? (Deloken paragraf 3-5) *

3-4. Nurut Kaimaman 19:14, wong Israèl kudu piyé karo wong budheg utawa wong wuta?

3 Wacanen Kaimaman 19:14. Yéhuwah péngin wong Israèl mesakké karo wong cacad. Misalé, wong Israèl ora éntuk ngutuki wong budheg. Kuwi termasuk ora éntuk ngancam utawa misuhi wong budheg. Misuhi utawa ngancam wong budheg kuwi jahat banget merga dhèwèké kan ora isa krungu lan nanggepi omongané wong liya.

4 Terus, ing ayat 14 ya disebutké nèk wong Israèl ora éntuk ”ndèlèhké sandhungan ing ngarepé wong wuta”. Ana buku sing ngomong ngéné, ”Ing dhaérah Timur Tengah jaman mbiyèn, wong sing cacad kerep dijahati karo wong liya.” Misalé, ana sing sengaja ndèlèhké watu ing ngarepé wong wuta bèn wong kuwi tiba, terus diguyu. Kuwi jahat banget. Saka préntah ing Kaimaman 19:14, wong Israèl isa ngerti nèk kudu mesakké karo wong cacad.

5. Piyé carané nduduhké nèk mesakké karo wong sing cacad?

5 Yésus ya mesakké karo wong cacad. Yésus ngomong ngéné karo Yohanes Pembaptis, ”Wong wuta isa ndelok, wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké, wong budheg isa krungu, [lan] wong mati diuripké manèh.” Merga Yésus marèkké kabèh sing lara, wong-wong sing ndelok mukjijaté Yésus dadi ”ngluhurké Gusti Allah”. (Luk. 7:20-22; 18:43) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya péngin mesakké karo wong sing cacad. Mula, awaké dhéwé bakal apikan lan sabar karo wong-wong kuwi. Mémang, Yéhuwah ora mènèhi kuwasa bèn awaké dhéwé isa nggawé mukjijat kaya Yésus. Ning, awaké dhéwé isa ngandhani wong-wong nèk sukmbèn manungsa isa urip sampurna ing firdaus lan cedhak karo Gusti Allah. (Luk. 4:18) Awaké dhéwé mesthi seneng martakké kabar apik kuwi marang wong sing durung kenal karo Gusti Allah. Hasilé, wong-wong sing ngrungokké kabar apik isa ngluhurké Yéhuwah.

JUJUR PAS BISNIS

6. Sebutna conto sing nduduhké nèk ing Kaimaman 19 ana katrangan tambahan sing ana hubungané karo Sepuluh Préntah.

6 Ana ayat-ayat ing Kaimaman 19 sing mènèhi katrangan tambahan sing ana hubungané karo Sepuluh Préntah. Misalé, ing préntah kewolu disebutké, ”Aja nyolong.” (Pa. 20:15) Mungkin ana sing mikir nèk ora nyolong kuwi maksudé ora njupuk barangé wong liya. Tapi saka Kaimaman 19, awaké dhéwé isa ngerti nèk sing disebut nyolong kuwi ora mung njupuk barangé wong liya thok.

7. Meskipun ora njupuk barangé wong liya, pedagang isa dianggep nyolong nèk piyé?

7 Mungkin, ana pedagang sing mikir nèk dhèwèké ora nyolong merga ora tau njupuk barangé wong liya. Tapi ing Kaimaman 19:35, 36, Yéhuwah ngomong, ”Aja nganggo ukuran, timbangan, lan wadhah takeran sing ora bener. Kowé kudu nganggo timbangan sing bener, watu timbangan sing bener, takeran éfa sing bener, lan takeran hin sing bener.” Nèk ana pedagang sing nganggo ukuran, timbangan, lan wadhah takeran sing ora bener bèn isa éntuk bathi luwih akèh, kuwi sakjané ora jujur lan padha karo nyolong. Kok isa? Ayo nggatèkké ayat-ayat liyané saka Kaimaman bab 19.

Nurut Kaimaman 19:11-13, wong Kristen sing nduwé bisnis kudu piyé? (Deloken paragraf 8-10) *

8. Saka Kaimaman 19:11-13, wong Israèl isa ngerti soal apa, lan piyé awaké dhéwé isa ngetrapké ayat kuwi?

8 Wacanen Kaimaman 19:11-13. Ing kalimat pertama saka Kaimaman 19:11 disebutké nèk wong Israèl ora éntuk ”nyolong”. Terus, ing ayat 13 ya disebutké nèk wong Israèl ora éntuk ”ngapusi” wong liya. Dadi nèk ngapusi utawa ora jujur pas bisnis, kuwi padha waé karo nyolong. Mémang, préntah kewolu saka Sepuluh Préntah mung ngandhani nèk ora éntuk nyolong. Tapi saka ayat-ayat sing ana ing buku Kaimaman, wong Israèl isa ngerti cara liyané bèn isa manut karo préntah kuwi. Awaké dhéwé ya isa éntuk manfaat nèk ngrenungké pathokané Yéhuwah sing dicathet ing Kaimaman 19:11-13. Awaké dhéwé isa mikir, ’Nèk aku dhéwé piyé ya? Apa pas bisnis utawa nyambut gawé aku ki wis jujur?’

9. Apa manfaaté Kaimaman 19:13 kanggo wong-wong sing dadi buruh?

9 Wong Kristen sing nduwé bisnis ya isa mikirké iki. Kalimat terakhir Kaimaman 19:13 nyebutké, ”Upahé wong sing nyambut gawé kudu ndang mbok bayar dina kuwi.” Mbiyèn, wong Israèl biasané nduwé kebon dhéwé, lan wong-wong sing dadi buruh ing kono bakal nampa upahé harian. Yéhuwah ngomong nèk wong-wong sing dadi buruh kuwi ”uripé bergantung karo upahé” merga ”dhèwèké mlarat”. (PT. 24:14, 15; Mat. 20:8.) Dadi, nèk upahé ora langsung dibayar, buruh kuwi lan keluargané mesthi ora isa mangan.

10. Apa sing isa dipelajari saka Kaimaman 19:13?

10 Saiki, gaji biasané diwènèhké bulanan utawa mingguan, dudu harian. Tapi, aturan ing Kaimaman 19:13 tetep isa dipikirké. Misalé, ana wong-wong sing nduwé bisnis sing curang karo karyawané. Wong-wong kuwi ngerti nèk karyawané padha butuh dhuwit lan dibayar pira waé mesthi gelem. Dadi, dhèwèké mung mènèhi upah sing sithik kanggo karyawané. Sakjané, majikan sing kaya ngono kuwi ora mènèhi ’upah’ sing sesuai karo kerja kerasé karyawané ”dina kuwi”. Wong Kristen sing nduwé bisnis mesthiné ora bakal kaya ngono. Saiki, ayo nggatèkké apa manèh sing isa dipelajari saka Kaimaman bab 19.

NRESNANI WONG LIYA KAYA NRESNANI AWAKÉ DHÉWÉ

11-12. Pas ngutip Kaimaman 19:18, Yésus nduduhké apa?

11 Awaké dhéwé mémang ora éntuk njahati wong liya. Tapi, ana manèh sing Yéhuwah pénginké saka awaké dhéwé. Kuwi dicathet ing Kaimaman 19:17, 18. (Wacanen.) Ing kono disebutké, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.” Wong Kristen sing péngin nyenengké Gusti Allah mesthi bakal manut naséhat kuwi.

12 Gatèkna jawabané Yésus wektu ana wong Farisi sing takon, ”Guru, préntah endi sing paling penting ing Taurat?” Yésus njawab nèk ”préntah sing paling penting lan paling utama” kuwi kudu nresnani Yéhuwah saktulusé ati, sepenuh jiwa, lan nggunakké kabèh pikirané awaké dhéwé. Terus, Yésus ngutip Kaimaman 19:18. Yésus ngomong, ”Préntah keloro sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’” (Mat. 22:35-40) Dadi, Yésus nduduhké nèk préntah ing Kaimaman 19:18 kuwi penting banget. Ana akèh cara kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nresnani wong liya. Ayo nggatèkké beberapa conto sing disebutké ing Kaimaman bab 19.

13. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Yusuf?

13 Salah siji cara kanggo nduduhké katresnan marang wong liya disebutké ing Kaimaman 19:18. Ayat kuwi kandha, ”Aja mbales utawa dendam marang wong liya.” Njenengan mungkin ngerti ana wong sing isih nesu nganti bertahun-tahun karo kanca kerjané, kanca sekolahé, utawa keluargané. Kakang-kakangé Yusuf mbiyèn ya kaya ngono lan nganti berbuat jahat karo Yusuf. (PD. 37:2-8, 25-28) Tapi, Yusuf béda karo kakang-kakangé. Yusuf sakjané nduwé kesempatan kanggo balas dendam. Tapi, Yusuf ora gelem terus-terusan nesu lan malah apikan karo kakang-kakangé. Keputusané Yusuf kuwi sesuai karo préntah ing Kaimaman 19:18.​—PD. 50:19-21.

14. Apa buktiné nèk wong Kristen kudu tetep ngetrapké Kaimaman 19:18?

14 Yusuf dadi conto sing apik kanggo wong Kristen sing péngin nyenengké Gusti Allah. Kuwi sesuai karo conto donga sing diajarké Yésus. Ing conto donga kuwi, Yésus ngongkon bèn awaké dhéwé ngapura wong-wong sing salah karo awaké dhéwé. (Mat. 6:9, 12) Rasul Paulus ya tau mènèhi naséhat sing mèh padha. Dhèwèké ngomong, ”Sedulur-sedulurku, aja balas dendam.” (Rm. 12:19) Paulus ya tau ngomong, ”Senajan ana alesan kanggo tersinggung, kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané.” (Kol. 3:13) Dadi, pathokané Yéhuwah kuwi ora berubah. Wong Kristen ora éntuk balas dendam, kaya sing disebutké ing Kaimaman 19:18.

Kaya luka sing cepet mari nèk ora didemèk-demèk, luwih apik nèk awaké dhéwé ora ngéling-éling kesalahané wong liya lan cepet-cepet ngapura wong kuwi (Deloken paragraf 15) *

15. Wènèhana perumpamaan sing njelaské nèk luwih apik ngapura wong liya.

15 Gatèkna perumpamaan iki. Perasaan lara ati isa dipadhakké kaya luka. Ana luka sing isa cepet mari. Misalé pas masak, isa waé drijiné awaké dhéwé keiris pisau. Kuwi pancèn lara. Biasané sakwisé sedina utawa rong dina, lukané isa langsung mari. Tapi nèk lukané jero, kuwi mungkin kudu dijahit utawa diperban. Nèk didemèk-demèk terus, lukané isa waé ora langsung mari utawa malah dadi infèksi. Padha kaya ngono, mungkin ana kanca sing nggawé jèngkèl. Tapi merga kesalahané sepélé, awaké dhéwé isa langsung nglalèkké lan ngapura dhèwèké. Ning nèk kesalahané gedhé, awaké dhéwé mungkin ora isa langsung ngapura utawa malah ngéling-éling terus kesalahané. Nèk ngono, sing rugi kuwi awaké dhéwé merga awaké dhéwé bakal terus ngrasa lara ati. Dadi, luwih apik nèk awaké dhéwé manut karo naséhat ing Kaimaman 19:18.

16. Nurut Kaimaman 19:33, 34, wong Israèl kudu piyé karo wong asing, lan apa sing isa dipelajari saka préntah kuwi?

16 Pas Yéhuwah ngongkon wong Israèl nresnani wong liya, kuwi ora berarti sing ditresnani mung sing padha-padha wong Israèl thok. Wong Israèl ya kudu nresnani wong asing sing manggon ing kono. Yéhuwah ngomong karo wong Israèl, ”Wong asing sing manggon ing antaramu kudu mbok anggep kaya wong Israèl asli. Kowé kudu nresnani wong-wong kuwi kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” (Wacanen Kaimaman 19:33, 34.) Piyé carané wong Israèl manut karo préntah kuwi? Misalé, wong Israèl kudu ngijinké wong asing lan wong mlarat njupuk sisa panèn ing ladhang utawa keboné. (Km. 19:9, 10) Apa sing isa dipelajari saka préntah kuwi? Wong Kristen kudu nresnani wong asing utawa sing béda suku. (Luk. 10:30-37) Piyé carané? Mungkin, ana wong asing utawa wong sing béda suku sing manggon ing sekitaré awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi péngin ngajèni lan ora nganggep rèmèh wong-wong kuwi.

TUGAS PENTING KANGGO UMATÉ YÉHUWAH SING SUCI

17-18. (a) Kaimaman 19:2 lan 1 Pétrus 1:15 ngandhani awaké dhéwé bèn apa? (b) Rasul Pétrus nyebutké tugas penting apa kanggo kabèh wong Kristen?

17 Ing Kaimaman 19:2 lan 1 Pétrus 1:15 ngandhani nèk umaté Gusti Allah kudu dadi suci. Ing artikel iki lan artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug beberapa ayat saka Kaimaman bab 19 sing nduduhké piyé carané nggawé Yéhuwah seneng. * Terus, saka ayat-ayat liyané saka Kitab Yunani Kristen, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah péngin wong Kristen ya ngupayakké kuwi. Tapi sakliyané njaga tingkah laku tetep apik, Pétrus ya nduduhké nèk ana manèh sing kudu diupayakké. Apa kuwi?

18 Awaké dhéwé mémang kudu teratur ngibadah marang Yéhuwah lan berbuat apik karo wong liya. Tapi, Pétrus nduduhké nèk wong Kristen nduwé tugas sing penting. Sakdurungé ngomong nèk tumindaké awaké dhéwé kudu suci, Pétrus ngomong, ”Kowé kudu nyiapké pikiranmu bèn kowé siap kerja keras.” (1 Ptr. 1:13, 15) Tugas apa sing dimaksud Pétrus? Pétrus ngomong nèk wong Kristen sing dipilih munggah swarga kudu ”martakké kemuliaané Gusti Allah”. (1 Ptr. 2:9) Tapi sakjané, tugas kuwi ya kanggo kabèh wong Kristen, termasuk sing harapané urip ing bumi. Tugas kuwi penting banget merga wong-wong sing gelem ngrungokké isa cedhak karo Yéhuwah lan sukmbèn isa urip saklawasé. Umaté Yéhuwah sing suci mesthi seneng banget merga isa martakké kabar apik lan mbantu wong liya sinau Alkitab. (Mrk. 13:10) Nèk ngupaya ngetrapké ayat-ayat ing Kaimaman bab 19, awaké dhéwé nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah lan wong liya. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé péngin dadi ”suci” kaya Yéhuwah.

LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah

^ Ing Hukum Taurat ana akèh aturan kanggo bangsa Israèl. Mémang, kuwi dudu kanggo wong Kristen. Tapi saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané nduduhké katresnan marang wong liya lan piyé carané nggawé Yéhuwah seneng. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing isa dipelajari saka beberapa ayat ing Kaimaman bab 19.

^ Ing Kaimaman bab 19 ya nyebutké nèk wong Israèl kudu adil, ora éntuk mitnah, mangan getih, ngramal utawa nggunakké ilmu gaib, lan hubungan sèks sing ora pantes. Tapi, kuwi durung dirembug ing artikel iki utawa artikel sakdurungé.​—Km. 19:15, 16, 26-29, 31.​—Deloken ”Pitakonané Sing Maca” ing halaman 14.

^ GAMBAR: Sedulur lanang sing mbantu sedulur liya sing tunarungu omong-omongan karo dokter.

^ GAMBAR: Sedulur sing nduwé bisnis ngecèt omah mbayar upahé karyawané.

^ GAMBAR: Ing gambar sebelah kiri, drijiné sedulur wédok iki diperban. Tapi ing gambar sebelah kanan, tangané sing diperban. Iki nggambarké nèk kesalahan sing sepélé gampang dilalèkké. Tapi piyé nèk kesalahané gedhé?