Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Apa maksudé kata-kata ”aja nggawé wong liya kena bahaya” sing disebutké ing Kaimaman 19:16, lan apa sing isa dipelajari saka kata-kata kuwi?

Yéhuwah mènèhi hukum-hukum bèn wong Israèl tetep suci. Salah sijiné, Yéhuwah ngomong ngéné, ”Aja mrana-mréné kanggo nyebar fitnah. Aja nggawé wong liya kena bahaya. Aku iki Yéhuwah.”​—Km. 19:2, 16.

Salah siji buku sing njelaské soal Kitab Kaimaman kandha ngéné, ”Ing tèks asliné, kata-kata ’nggawé wong liya kena bahaya’ sakjané angèl dipahami merga nèk diterjemahké kata per kata, kuwi dadi ’aja ngadeg ing cedhaké.’” Tapi, kata-kata ”aja nggawé wong liya kena bahaya” cocog kanggo nerjemahké ayat kuwi. Kenapa?

Ana beberapa ahli sing mikir nèk kata-kata kuwi ana hubungané karo ayat 15, yaiku ”Wektu ngadili, kowé kudu adil. Aja mihak wong mung merga dhèwèké mlarat utawa sugih. Kowé kudu adil wektu ngadili wong liya.” (Km. 19:15) Nèk kaya ngono, kuwi berarti, kata-kata ”aja nggawé wong liya kena bahaya” kuwi maksudé wong Israèl kudu jujur lan adil, termasuk pas ing pengadilan, ing keluarga, utawa wektu bisnis karo wong liya. Mémang, nèk awaké dhéwé ora jujur utawa ora adil, kuwi isa nggawé wong liya kena bahaya. Tapi, kétoké kata-kata ”aja nggawé wong liya kena bahaya” luwih cocog nèk dihubungké karo bagéan awal ayat 16.

Ing kono disebutké nèk umaté Gusti Allah ora éntuk nyebar fitnah. Nggosipké wong liya waé isa nyebabké masalah, apa manèh mitnah wong liya. (WB. 10:19; Pkh. 10:12-14; 1 Tim. 5:11-15; Yak. 3:6) Wong sing mitnah wong liya kuwi sengaja ngomongké sing ora bener bèn isa ngrusak réputasiné wong kuwi. Kuwi bahaya banget, merga wong sing difitnah isa dadi cilaka. Contoné Nabot. Merga difitnah, dhèwèké dibalangi watu nganti mati. (1 Raj. 21:8-13) Dadi, kaya sing disebutké ing Kaimaman 19:16, wong sing nyebar fitnah kuwi isa nggawé wong liya kena bahaya.

Sakjané, wong sing mitnah wong liya kuwi nduduhké nèk dhèwèké sengit karo wong sing difitnah kuwi. Siji Yohanes 3:15 kandha, ”Sapa waé sing sengit karo seduluré kuwi pembunuh, lan kowé ngerti nèk pembunuh ora bakal nampa urip saklawasé.” Mula, bar ngomong nèk awaké dhéwé ora éntuk ”nggawé wong liya kena bahaya”, Yéhuwah ngomong nèk awaké dhéwé ora éntuk ”sengit” karo seduluré awaké dhéwé.​—Km. 19:17.

Dadi apa pelajarané? Awaké dhéwé ora éntuk mikir sing èlèk lan mitnah wong liya. Awaké dhéwé ora éntuk sengit utawa iri karo wong liya. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé mitnah dhèwèké. Terus nèk wis mitnah, awaké dhéwé isa nggawé dhèwèké ”kena bahaya”. Aja nganti awaké dhéwé kaya ngono.​—Mat. 12:36, 37.