Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 50

Dianggep Bener Merga Iman lan Perbuatan

Dianggep Bener Merga Iman lan Perbuatan

”Niru . . . iman sing diduwèni Abraham.”—RM. 4:12.

LAGU 119 Aku Kudu Nduwé Iman

ISINE ARTIKEL IKI a

1. Pas mbahas soal imané Abraham, mungkin dadi kepikiran pertanyaan apa?

 ORA kaya wong-wong umumé, awaké dhéwé ora mung tau krungu soal Abraham, tapi ya ngerti tenan soal dhèwèké. Misalé, awaké dhéwé ngerti nèk ing Alkitab Abraham disebut ”bapaké kabèh wong sing nduwé iman”. (Rm. 4:11) Tapi mungkin bar kuwi njenengan dadi mikir, ’Apa aku isa nduwé iman sing kuwat kaya Abraham?’ Ya, isa.

2. Ngapa kok kudu mempelajari contoné Abraham? (Yakobus 2:​22, 23)

2 Bèn isa nduwé iman kaya Abraham, salah siji carané kudu mempelajari contoné Abraham. Pas dikongkon Yéhuwah pindhah ing panggonan sing adoh, manggon ing kémah selama puluhan taun, lan ngorbanké anaké, Abraham manut. Perbuatané kuwi bukti nèk dhèwèké nduwé iman sing kuwat. Merga Abraham nduwé iman lan kuwi kétok saka perbuatané, Gusti Allah seneng lan gelem dadi kancané. (Wacanen Yakobus 2:​22, 23.) Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé, termasuk njenengan, nggawé Dhèwèké seneng lan dadi kancané. Makané, Yéhuwah ngongkon Paulus lan Yakobus nulis soal Abraham. Awaké dhéwé bakal ngrembug Roma bab 4 lan Yakobus bab 2. Ing loro bab kuwi, ana hal penting sing isa dipelajari soal Abraham.

3. Ayat apa sing dikutip Paulus lan Yakobus?

3 Paulus lan Yakobus ngutip saka Purwaning Dumadi 15:6. Isiné, ”[Abraham] nduwé iman marang Yéhuwah. Kuwi sebabé, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.” Dianggep bener karo Gusti Allah kuwi maksudé dianggep ora salah meskipun sakjané isih manungsa sing dosa. Isa dianggep bener karo Gusti Allah meskipun isih ora sampurna kuwi luar biasa banget. Apa njenengan ya péngin? Saiki, ayo mbahas ngapa kok Abraham dianggep bener karo Yéhuwah lan piyé carané bèn awaké dhéwé ya dianggep bener.

KUDU NDUWÉ IMAN BÈN ISA DIANGGEP BENER

4. Manungsa sakjané ora isa dianggep bener. Lha ngapa?

4 Ing suraté kanggo wong Roma, Paulus nyebutké nèk kabèh wong wis dosa. (Rm. 3:23) Mula, apa isa wong dianggep bener utawa dianggep ora salah lan nggawé Yéhuwah seneng? Kanggo njawab pertanyaan kuwi, Paulus nyebutké contoné Abraham.

5. Apa sing marakké Yéhuwah nyebut Abraham wong sing bener? (Roma 4:​2-4)

5 Abraham disebut wong sing bener pas dhèwèké manggon ing Kanaan. Yéhuwah nyebut Abraham wong sing bener dudu merga dhèwèké manut Hukum Musa. Kok isa? (Rm. 4:13) Wektu kuwi, durung ana Hukum Musa. Hukum kuwi anané lagi 400 taun bar kuwi. Dadi, Yéhuwah nyebut Abraham wong sing bener merga imané Abraham lan merga Yéhuwah apikan banget.—Wacanen Roma 4:​2-4.

6. Wong sing dosa isa dianggep bener karo Yéhuwah merga apa? Kok isa?

6 Paulus ya nyebutké nèk wong nduwé iman karo Gusti Allah, wong kuwi bakal ’dianggep bener merga imané’. (Rm. 4:5) Ing ayat berikuté Paulus ngomong, ”Daud ya ngomongké soal wong sing ngrasa bahagia merga dianggep bener karo Gusti Allah tapi dudu merga tumindaké. Daud kandha, ’Wong sing kesalahan lan dosané diapura bakal bahagia. Wong sing dosané babar blas ora diéling-éling Yéhuwah bakal bahagia.’” (Rm. 4:​6-8; Mzm. 32:​1, 2) Yéhuwah gelem ngampuni dosané wong-wong sing beriman karo Dhèwèké. Dosané babar blas wis ora diéling-éling manèh. Wong-wong kuwi dianggep bener lan ora nduwé salah merga imané.

7. Apa sing marakké umaté Yéhuwah jaman mbiyèn dianggep bener karo Gusti Allah?

7 Meskipun Abraham, Daud, lan umaté Yéhuwah liyané dianggep bener, meréka isih durung sampurna. Tapi merga meréka nduwé iman, Gusti Allah nganggep meréka ora salah, apamanèh nèk dibandhingké karo wong-wong sing ora beriman karo Gusti Allah. (Éf. 2:12) Ing suraté kanggo wong Roma, Paulus njelaské bèn isa dadi kancané Gusti Allah kuwi kunciné kudu nduwé iman. Abraham lan Daud isa dadi kancané Gusti Allah merga meréka beriman karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa kaya ngono.

KAITANÉ IMAN KARO PERBUATAN

8-9. Ana pendapat sing klèru apa soal omongané Paulus lan Yakobus, lan ngapa kok pendapat kuwi klèru?

8 Selama atusan taun, para pemimpin agama padha ora sepakat soal kaitané iman karo perbuatan. Ana sing ngajarké nèk péngin dislametké kuwi sing penting percaya waé karo Gusti Yésus. Mungkin meréka ngutip saka kata-katané Paulus, ’Wong dianggep bener karo Gusti Allah dudu merga tumindaké’. (Rm. 4:6) Tapi ya ana sing ngomong nèk péngin dislametké kuwi kudu berbuat baik lan kudu marani panggonan-panggonan sing dianggep suci karo gréja. Nèk wong-wong kuwi, meréka mungkin ngutip saka Yakobus 2:​24, ”Wong bakal dianggep bener merga tumindaké, dudu mung merga imané”.

9 Merga perbédaan pendapat kuwi, ana ahli Alkitab sing mikir nèk omongané Paulus lan Yakobus kuwi bertentangan. Menurut beberapa pemimpin agama, Paulus percaya bèn isa dianggep bener karo Gusti Allah sing penting kuwi nduwé iman, tapi nèk jaréné Yakobus sing penting kuwi ora mung iman tapi ya perbuatan. Ana profésor bidang téologi sing ngomong, ”Yakobus ora ngerti ngapa kok Paulus nandheské nèk wong kudu nduwé iman [bèn isa dianggep bener karo Gusti Allah].” Tapi sing jelas, pas nulis kata-kata kuwi, Paulus lan Yakobus padha-padha dituntun roh suciné Gusti Allah. (2 Tim. 3:16) Dadi, omongané meréka ora mungkin bertentangan. Saiki, ayo mempelajari kontèksé bèn ngerti apa maksudé omongané meréka.

Paulus njelaské kanggo wong Kristen Yahudi ing Roma nèk sing penting kuwi nduwé iman, dudu manut karo Hukum Musa (Deloken paragraf 10) b

10. ’Tumindak’ sing disebutké Paulus kuwi maksudé apa? (Roma 3:​20, 21, 28) (Deloken gambar kanggo paragraf 10.)

10 ’Tumindak’ utawa perbuatan sing disebutké Paulus ing Roma 3 lan 4 kuwi maksudé apa? Kuwi maksudé ”nindakké hukum”, yaiku Hukum Musa sing dikèkké kanggo bangsa Israèl. (Wacanen Roma 3:​20, 21, 28.) Kétoké, ana wong Kristen Yahudi ing jamané Paulus sing ngrasa nèk isih kudu manut karo Hukum Musa. Makané, Paulus nyebutké contoné Abraham kanggo mbuktèkké nèk wong isa dianggep bener karo Gusti Allah dudu merga ”nindakké hukum”, tapi merga imané. Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé seneng soalé nèk nduwé iman karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé ya isa dianggep bener karo Gusti Allah.

Yakobus ngomong nèk wong Kristen kudu mbuktèkké imané liwat perbuatan, misalé apikan karo kabèh wong lan ora mbédak-mbédakké (Deloken paragraf 11-12) c

11. ’Tumindak’ apa sing dimaksud Yakobus?

11 ’Tumindak’ sing dimaksud ing Yakobus bab 2 kuwi dudu ”nindakké hukum” kaya sing disebutké Paulus mau. Sing dimaksud Yakobus kuwi perbuatan utawa kegiatan sehari-hari. Saka perbuatané, isa kétok wong nduwé iman apa ora. Ayo ndelok conto-contoné.

12. Kanggo njelaské kaitané iman lan perbuatan, Yakobus ngomong apa? (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Ing conto sing pertama, Yakobus nyebutké nèk wong Kristen ora éntuk pilih kasih. Dhèwèké nyritakké soal wong sing apikan karo wong sugih tapi nèk karo sing mlarat ora. Wong kuwi mungkin ngakuné nduwé iman, tapi saka perbuatané malah kétok nèk dhèwèké sakjané ora nduwé iman. (Yak. 2:​1-5, 9) Ing conto sing keloro, Yakobus nyebutké soal wong sing ndelok ’seduluré ora nduwé klambi lan ora nduwé panganan’ tapi ora nulungi. Meskipun mungkin ngakuné nduwé iman, tapi merga ora ana buktiné ya kuwi ora ana gunané. Yakobus nulis, ”Nèk awaké dhéwé ora nindakké apa sing apik, imané awaké dhéwé mati.”—Yak. 2:​14-17.

13. Kanggo mbahas nèk iman kudu dibuktèkké liwat perbuatan, Yakobus nyebutké contoné sapa ? (Yakobus 2:​25, 26)

13 Yakobus nyebutké soal Rahab. Rahab kuwi contoné wong sing ora mung nduwé iman, tapi ya mbuktèkké imané liwat perbuatan. (Wacanen Yakobus 2:​25, 26.) Rahab wis krungu soal Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah nglindhungi wong Israèl. (Yos. 2:​9-11) Makané, pas ana loro mata-mata Israèl sing mara ing omahé, dhèwèké wani nglindhungi meréka. Hasilé, dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah kaya Abraham meskipun dhèwèké ora manut Hukum Musa lan dhèwèké ya durung sampurna. Saka contoné Rahab kuwi awaké dhéwé ngerti nèk iman kudu dibuktèkké liwat perbuatan.

14. Jelasna ngapa kok omongané Paulus lan Yakobus sakjané ora bertentangan.

14 Omongané Paulus lan Yakobus soal kaitané iman lan perbuatan kuwi ora bertentangan. Sing béda mung carané meréka njelaské. Paulus ngandhani wong Kristen Yahudi nèk meréka ora bakal dianggep bener karo Yéhuwah mung nèk ’nindakké Hukum Musa’. Tapi, Yakobus njelaské nèk kabèh wong Kristen kudu berbuat baik kanggo mbuktèkké imané.   

Merga nduwé iman, njenengan mesthi gelem berupaya nggawé Yéhuwah seneng, ta? (Deloken paragraf 15)

15. Apa waé carané mbuktèkké iman liwat perbuatan? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Bèn isa dianggep bener karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu mbuktèkké iman liwat perbuatan. Tapi carané mbuktèkké ora kudu persis kaya Abraham. Carané ana akèh. Misalé, ramah lan seneng nyambut sing teka ing pertemuan ibadah, mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké, lan apikan karo anggota keluarga. (Rm. 15:7; 1 Tim. 5:​4, 8; 1 Yoh. 3:18) Terus, cara sing paling apik kanggo mbuktèkké iman kuwi rajin nginjil. (1 Tim. 4:16) Awaké dhéwé ya isa mbuktèkké iman liwat perbuatan nèk percaya tenan karo janjiné Yéhuwah lan percaya nèk arahané kuwi demi kebaikané awaké dhéwé. Nèk wis ngupayakké kuwi kabèh, awaké dhéwé yakin nèk bakal dianggep bener karo Gusti Allah lan dadi kancané.

IMAN DADI KUWAT MERGA NDUWÉ HARAPAN

16. Apa sing diharapké Abraham lan ngapa kok dhèwèké kudu nduwé iman?

16 Ana pelajaran penting liyané saka Abraham ing Roma bab 4, yaiku kudu terus berharap karo janjiné Yéhuwah. Yéhuwah janji nèk ”akèh bangsa” bakal éntuk berkah liwat Abraham. Kuwi janji sing istiméwa banget. (PD. 12:3; 15:5; 17:4; Rm. 4:17) Masalahé, nganti Abraham umur 100 lan Sara 90, meréka isih durung nduwé anak. Imané Abraham bener-bener diuji soalé kétoké wis ora mungkin meréka bakal nduwé anak. Tapi, ”Abraham tetep nduwé harapan lan iman nèk dhèwèké bakal dadi bapaké akèh bangsa”. (Rm. 4:​18, 19) Harapané Abraham akhiré dadi kenyataan. Dhèwèké nduwé anak sing jenengé Ishak.—Rm. 4:​20-22.

17. Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa dianggep bener karo Gusti Allah lan dadi kancané?

17 Kaya Abraham, awaké dhéwé ya isa dianggep bener karo Gusti Allah lan dadi kancané. Makané Paulus nulis, ”Kata-kata ’dhèwèké dianggep bener’ kuwi ditulis ora mung kanggo [Abraham] thok, ning ya kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé bakal dianggep bener merga awaké dhéwé percaya marang Gusti Allah sing wis nguripké Yésus.” (Rm. 4:​23, 24) Kaya Abraham, awaké dhéwé kudu nduwé iman, mbuktèkké kuwi liwat perbuatan, lan ya kudu nduwé harapan. Harapan apa sing disebutké Paulus ing Roma bab 5? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

a Awaké dhéwé péngin dianggep bener karo Gusti Allah lan nggawé Dhèwèké seneng. Piyé carané? Terus, apa kaitané iman karo perbuatan bèn isa nggawé Yéhuwah seneng? Kuwi dibahas ing suraté Paulus lan Yakobus.

b GAMBAR: Paulus ngandhani wong Kristen Yahudi nèk sing penting kuwi iman dudu ”nindakké hukum” misalé, nganggo klambi sing dikèki benang biru, ngrayakké Paskah, lan nglakoni upacara nyucèkké badan.

c GAMBAR: Yakobus ngandhani wong Kristen nèk kudu mbuktèkké imané liwat perbuatan. Misalé, nulungi wong mlarat.