Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Aku Terus Belajar Sakjegé Urip

Aku Terus Belajar Sakjegé Urip

AKU bersyukur banget isa diwulang Yéhuwah, ’Guru sing hébat’. (Yés. 30:20) Yéhuwah ngajari umaté liwat Alkitab, ciptaané sing luar biasa, organisasiné, lan para sedulur seiman. Meskipun umurku saiki wis mèh 100, aku isih ngrasakké manfaaté diwulang Yéhuwah. Ayo tak critani pengalamanku.

Karo keluargaku taun 1948

Aku lair taun 1927 ing kutha cilik cedhak Chicago, Illinois, AS. Wong tuwaku nduwé anak lima: Jetha, Don, aku, Karl, lan Joy. Kami bertékad nglayani Yéhuwah sepenuh hati. Jetha diundang mèlu Sekolah Giléad kelas keloro taun 1943. Don, Karl, lan Joy nglayani ing Bètel ing Brooklyn, New York. Don mulai nglayani taun 1944, Karl taun 1947, terus Joy taun 1951. Contoné meréka lan contoné wong tuwaku marakké aku dadi péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh.

KELUARGAKU MULAI KENAL YÉHUWAH

Bapak karo Ibu seneng maca Alkitab, ngajèni Gusti Allah, lan berupaya ngajari anak-anaké bèn ya melakukan kuwi. Tapi bar balik tugas dadi tentara ing Eropa selama Perang Donya I, Bapak dadi kecéwa karo gréja. Ibu ora kaya ngono. Merga bersyukur Bapak isa slamet balik saka perang, dhèwèké ngejak Bapak lunga ing gréja. Ibu ngomong, ”Mas, ayo ing gréja manèh kaya mbiyèn.” Bapak njawab, ”Ya kowé tak terké, tapi aku wegah mlebu.” Ibu takon, ”Lha ngapa?” Bapak njawab, ”Pas perang, para pemimpin agama saka pihak sing berlawanan padha ndongakké tentarané lan senjatané, padahal meréka agamané padha. Nèk ngono kuwi Gusti Allah mihak sing endi?”

Suatu hari, pas Ibu lagi ing gréja, ana loro Seksi Yéhuwah sing mara ing omah kami. Meréka nawani Bapak rong jilid buku sing judhulé Light, sing mbahas buku Wahyu. Bapak tertarik, terus gelem nampa buku kuwi. Pas Ibu ndelok buku-buku kuwi, dhèwèké ya mulai maca. Terus suatu hari, Ibu ndelok pengumuman ing koran sing isiné undangan kanggo sinau Alkitab nganggo buku Light. Ibu langsung mara ing alamat kuwi. Nah bar tekan kana, ana wong wédok lansia sing mbukakké lawang. Karo nduduhké buku Light, Ibu takon, ”Apa sinau Alkitabé ing kéné?” Wong wédok kuwi njawab, ”Iya, Ndhuk. Kéné mlebua.” Minggu berikuté, Ibu ngejak kami anak-anaké, terus bar kuwi kami rutin sinau Alkitab saben minggu.

Pas pertemuan ibadah, sing mandhu ngongkon aku maca Mazmur 144:​15, sing nyebutké nèk wong-wong sing nyembah Yéhuwah kuwi bahagia. Aku terkesan karo ayat kuwi. Terus aku ya terkesan karo 1 Timotius 1:​11, sing nyebutké nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bahagia”, lan Éfésus 5:​1, sing nyebutké nèk awaké dhéwé kudu ”niru Gusti Allah”. Aku dadi ngerti nèk aku kuduné bahagia lan bersyukur merga isa nglayani Penciptaku. Kuwi dadi hal sing terus tak utamakké selama uripku.

Jemaat sing paling cedhak kuwi ing Chicago, jaraké 32 kilomèter. Tapi, kami selalu teka ing pertemuan ibadah. Pengetahuanku soal ajaran ing Alkitab ya saya akèh. Aku éling wektu kuwi sing mandhu tau nunjuk Jetha kanggo ngekèki koméntar. Pas ngrungokké Jetha njawab, aku mikir, ’Aku ya sakjané isa.’ Aku dadi péngin njawab. Bar kuwi, aku mulai nyiapké jawabanku. Saya suwé, aku lan sedulur-sedulurku dadi tambah akrab karo Yéhuwah. Aku dibaptis taun 1941.

ÉNTUK PELAJARAN PENTING SAKA PERTEMUAN

Aku khususé terkesan karo pertemuan taun 1942 ing Cleveland, Ohio. Ana luwih saka 50 panggonan ing Amerika Serikat sing terhubung liwat télpon kanggo ngrungokké acara pertemuan kuwi. Keluargaku manggon ing téndha ing cedhak lokasi pertemuan. Ing kono ya ana akèh sedulur-sedulur sing manggon ing téndha-téndha. Wektu kuwi lagi ana Perang Donya II, lan ana akèh sing mungsuhi Seksi-Seksi Yéhuwah. Pas bengi, aku ndelok ana sedulur-sedulur lanang sing markir mobilé lan ngarahké lampuné madhep aréa njaba perkémahan. Meréka wis sepakat nèk ing saben mobil ana sing njaga nganti ésuk. Nèk ana wong sing mencurigakan, para sedulur kuwi bakal ngurubké lampu mobilé, nyorotké ing wong kuwi bèn dhèwèké silau, lan ngunèkké klakson mobilé. Terus mengko sing liyané bakal cepet-cepet mara kanggo mbantu. Aku dadi mikir, ’Umaté Yéhuwah kuwi selalu siap ngadhepi apa waé.’ Merga ngrasa aman, turuku dadi angler.

Bertaun-taun bar kuwi, nèk ngrenungké soal pertemuan wektu kuwi, aku dadi sadhar nèk ternyata ibuku kuwi wongé kendel banget. Dhèwèké percaya tenan karo Yéhuwah lan organisasiné. Aku isih terkesan karo contoné ibuku nganti saiki.

Ibu dadi perintis biasa ora suwé sakdurungé pertemuan kuwi. Makané, pas ana ceramah sing mbahas soal penginjil sepenuh waktu, Ibu nggatèkké tenanan. Pas perjalanan mulih, Ibu ngomong, ”Ibu péngin terus merintis. Tapi, mesthi bakal répot banget nèk merintis karo kudu ngurus gawéan omah.” Dadi, Ibu takon apa kami anak-anak gelem mbantu gawéan omah. Kami ngomong iya. Dadi, Ibu ngekèki kami tugas. Sakdurungé sarapan, kami masing-masing dikon ngresiki siji utawa loro ruangan. Bar kami mangkat sekolah, Ibu bakal ngecèk apa omahé wis resik lan rapi, terus dhèwèké mangkat nginjil. Ibu kuwi sibuk banget, tapi anak-anaké tetep kopèn. Nèk awan pas wektuné makan siang lan kami wis mulih sekolah, Ibu mesthi wis ing omah. Kadhang-kadhang bar sekolah, kami ya dijak Ibu nginjil. Kuwi sing marakké kami dadi ngerti merintis kuwi piyé.

MULAI MERINTIS

Aku mulai merintis umur 16. Meskipun durung dadi Seksi, Bapak seneng takon-takon soal kegiatan nginjilku. Wektu kuwi, pas bengi, aku crita nèk aku wis berupaya tenanan, tapi ora ana sing gelem sinau Alkitab karo aku. Bar kuwi aku takon karo Bapak, ”Bapak gelem ora sinau Alkitab karo aku?” Bar mikir-mikir sedhéla, Bapak ngomong nèk gelem. Dadi, sing pertama sinau Alkitab karo aku malah bapakku dhéwé. Kuwi bener-bener kehormatan kanggo aku.

Kami sinauné nganggo buku ”The Truth Shall Make You Free” (”Kebenaran Akan Membebaskan Kalian”). Nah sakjané, ngajari Bapak sinau Alkitab kuwi malah marakké aku ya belajar carané belajar lan dadi luwih trampil mulang. Misalé, wektu kuwi bar maca paragraf, Bapak ngomong, ”Ya mémang ing buku disebuté ngono. Tapi, saka endi ngertiné nèk kuwi mémang bener?” Aku ora siap njawab. Dadi aku ngomong, ”Saiki aku durung isa njawab, Pak. Tapi, mengko nèk pas belajar manèh, aku mesthi isa njawab.” Bar kuwi, aku nggolèki ayat-ayat sing isa njelaské topik sing lagi kami bahas. Nah kèt kuwi, aku selalu riset sik bèn isa luwih siap sakdurungé sinau karo Bapak. Kebiasaan kuwi marakké aku karo Bapak dadi pelajar Alkitab sing luwih apik. Bapak ngetrapké sing dhèwèké pelajari lan akhiré dibaptis taun 1952.

TERUS BELAJAR SELAMA ING BÈTEL

Aku metu saka omah wektu umur 17. Wektu kuwi, Jetha a dadi utusan injil, terus Don mlebu Bètel. Jetha karo Don menikmati tugasé, lan aku ya dadi péngin kaya meréka. Makané, aku ndaftar mlebu Bètel lan Sekolah Giléad. Aku ngentèni Yéhuwah arep ngarahké aku ing endi. Akhiré, taun 1946 aku diundang ing Bètel.

Merga ing Bètel aku tau éntuk macem-macem tugas, aku dadi isa belajar akèh hal. Misalé aku diajari ing bagéan percétakan, keuangan, lan èkspor impor barang. Aku menikmati tugasku selama 75 taun ing Bètel. Tapi, sing paling tak senengi kuwi merga aku isa diwulang Yéhuwah liwat ibadah ésuk lan ceramah-ceramah Alkitab.

Dadi instruktur sekolah kanggo pinituwa

Aku ya belajar saka adhiku lanang sing jenengé Karl, sing mlebu Bètel taun 1947. Dhèwèké rajin sinau Alkitab lan ya trampil mulang. Aku tau njaluk tulung Karl wektu persiapan arep ceramah. Aku ngomong nèk aku wis nglumpukké akèh bahan, tapi bingung endi sing arep tak sampèkké. Karl mung takon, ”Lha ceramahmu témané apa, Mas?” Aku langsung mudheng maksudé. Aku kuduné mung nganggo bahan sing sesuai karo témaku waé, sing liyané ora usah dienggo. Aku ora bakal lali karo pelajaran saka peristiwa kuwi.

Bèn isa menikmati kerja ing Bètel, kudu rajin nginjil. Kuwi ya isa marakké awaké dhéwé dadi nduwé pengalaman sing nyenengké. Salah siji pengalaman sing aku éling kuwi wektu pas soré-soré aku nginjil ing Bronx ing New York City. Aku karo siji sedulur lanang ngunjungi wong wédok sing sakdurungé wis nampa majalah Warta Penting lan Gatèkna! Kami ngomong, ”Soré iki, kami péngin ngandhani wong-wong soal hal-hal sing bermanfaat saka Alkitab.” Wong wédok kuwi njawab, ”Nèk soal Alkitab, ayo mlebu.” Terus, kami macakké lan mbahas beberapa ayat soal Kerajaané Gusti Allah lan donya anyar. Wong wédok kuwi terkesan. Terus, minggu berikuté dhèwèké ngejak beberapa kancané mèlu belajar. Saiki, dhèwèké lan bojoné wis dadi umaté Yéhuwah.

BELAJAR SAKA BOJOKU

Selama kira-kira 10 taun, aku nggolèk bojo. Selama nggolèki kuwi, aku ndonga karo Yéhuwah lan mikirké apa sing péngin tak lakukan karo bojoku kanggo Yéhuwah sakwisé kami nikah. Makané wektu aku ketemu bojoku, aku dadi yakin nèk dhèwèké kuwi wong sing tak golèki.

Karo Mary ing tugas keliling

Bar pertemuan taun 1953 ing Yankee Stadium, aku ketemu sedulur wédok sing jenengé Mary Aniol. Mary kuwi kanca sak kelasé Jetha ing Sekolah Giléad kelas keloro, terus Mary ya dadi kanca utusan injilé Jetha. Wektu nyritakké soal tugas utusan injilé ing Kepulauan Karibia lan wong-wong sing dhèwèké bantu sinau Alkitab selama bertaun-taun, Mary semangat banget. Suwé-suwé, kami saling mengenal lan ngerti nèk ternyata nduwé cita-cita sing padha. Kami jatuh cinta, terus nikah sasi April 1955. Mary terbukti dadi hadiah saka Yéhuwah lan conto sing apik kanggoku. Dhèwèké seneng nampa tugas apa waé. Dhèwèké seneng kerja keras, perduli karo wong liya, lan selalu ngutamakké Yéhuwah. (Mat. 6:33) Kami nglayani ing tugas keliling selama telung taun. Terus taun 1958, kami diundang nglayani ing Bètel.

Aku ya akèh belajar saka Mary. Misalé kèt awal nikah, kami sepakat nèk arep maca Alkitab bareng-bareng saben dina. Saben maca, 15 ayat. Bar maca, kami bakal mbahas ayaté lan penerapané. Mary ya kerep nyritakké apa sing wis dhèwèké pelajari ing Sekolah Giléad utawa pas dhèwèké nglayani dadi utusan injil. Merga kerep mbahas kaya ngono, pengetahuanku dadi luwih akèh. Aku ya dadi luwih ngerti piyé bèn ceramahku luwih apik lan piyé isa nguwatké sedulur-sedulur wédok.—WB. 25:11.

Mary mati taun 2013. Aku péngin banget ketemu dhèwèké ing donya anyar. Karo ngentèni, saiki aku bertékad arep terus belajar lan percaya karo Yéhuwah sepenuh hati. (WB. 3:​5, 6) Aku dadi terhibur lan seneng nèk mbayangké sing isa tak lakukan ing donya anyar. Kuwi termasuk isa sinau akèh hal anyar saka Yéhuwah lan soal Yéhuwah. Aku bersyukur banget kanggo kabèh sing wis diajarké Yéhuwah kanggo aku lan merga Dhèwèké apikan banget.

a Pengalamané Sedulur Jetha Sunal ditulis ing Menara Pengawal 1 Maret 2003, halaman 23-29.