Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 50

LAGU 135 Anak-Ku, Gawéa Seneng Ati-Ku

Mbantu Anak-Anak Bèn Tambah Percaya karo Yéhuwah lan Isiné Alkitab

Mbantu Anak-Anak Bèn Tambah Percaya karo Yéhuwah lan Isiné Alkitab

”Isa ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.”RM. 12:2.

INTI

Carané wong tuwa isa ngomongké soal Yéhuwah lan Alkitab karo anak-anaké bèn anak-anaké isa tambah kuwat imané.

1-2. Nèk anaké takon-takon soal Yéhuwah lan Alkitab, kuduné wong tuwané piyé?

 KANGGONÉ wong tuwa, tugas nggedhèkké anak kuwi seolah-olah ora ana entèké. Kami muji njenengan merga berupaya ngajari anak-anak kèt meréka isih cilik kanggo beriman karo Yéhuwah. (PT. 6:​6, 7) Nah wektu tambah gedhé, anak-anak mungkin mulai takon-takon soal kepercayaané, misalé ngapa kok Yéhuwah ngekèki préntah tertentu.

2 Merga anak-anak takon-takon kaya ngono, isa waé njenengan dadi mikir nèk meréka mulai ora percaya karo Yéhuwah lan Alkitab. Tapi sakjané, saya gedhé, meréka mémang kuduné takon-takon bèn imané tambah kuwat. (1 Kor. 13:11) Dadi, njenengan ora perlu kuwatir. Malah, nèk meréka takon-takon, kuwi isa dadi kesempatan kanggo ngejak meréka mikir luwih akèh soal Yéhuwah lan Alkitab bèn imané tambah kuwat.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Ing artikel iki bakal dibahas piyé wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn (1) tambah yakin karo Yéhuwah lan Alkitab, (2) luwih paham ngapa kok kudu manut pathokan ing Alkitab, lan (3) isa njelaské kepercayaané. Terus ya bakal dibahas ngapa kok apik nèk bocah-bocah gelem takon-takon, lan apa waé kegiatan sing isa dilakukan bareng-bareng bèn wong tuwa isa ngomongké soal kepercayaan ing Alkitab karo anak-anak.

BÈN ANAK-ANAK TAMBAH PERCAYA YÉHUWAH LAN ISINÉ ALKITAB

4. Pertanyaan-pertanyaan apa waé sing mungkin bakal ditakonké anak-anak, lan ngapa kok meréka takon kaya ngono?

4 Nèk wong tuwané beriman karo Gusti Allah, ora otomatis anaké ya wis mesthi beriman. Iman kuwi dudu gawan bayi. Dadi, wajar nèk anaké njenengan mulai takon-takon: ’Apa buktiné nèk Gusti Allah ana tenan? Apa isiné Alkitab bener-bener isa dipercaya?’ Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ’mikir’ lan ”mastèkké” kabèh perkara. (Rm. 12:1; 1 Tés. 5:21) Nah, piyé carané mbantu bèn imané anak-anak tambah kuwat?

5. Bèn anak-anak isa tambah yakin karo isiné Alkitab, apa sing isa dilakukan wong tuwa? (Roma 12:2)

5 Kandhanana anak-anak bèn mbuktèkké dhéwé nèk sing diajarké ing Alkitab kuwi bener. (Wacanen Roma 12:2.) Nèk anaké njenengan takon, kuwi malah kesempatan kanggo ngandhani carané nggolèki jawabané nganggo sarana riset. Misalé, Indeks Publikasi Menara Pengawal lan Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa. Bèn isa ngerti bukti-bukti nèk Alkitab kuwi mémang ”omongané Gusti Allah” dudu mung karangané manungsa, kongkonen dhèwèké nggolèki ing Panduan Riset ing topik ”Alkitab” ing subjudhul ”Diilhamkan Allah”. (1 Tés. 2:13) Salah siji sing isa diriset kuwi misalé soal kutha Niniwé ing Asiria kuna. Mbiyèn, ana beberapa ahli Alkitab sing ngomong nèk kutha Niniwé kuwi sakjané ora ana. Tapi kira-kira taun 1850-an, reruntuhan kutha Niniwé ditemokké, sing mbuktèkké nèk kisah ing Alkitab mémang bener. (Zéf. 2:​13-15) Terus, nèk péngin ngerti piyé kehancurané Niniwé sesuai ramalan ing Alkitab, anaké njenengan isa maca artikel ”Apa Panjenengan Ngerti?” ing Warta Penting November 2021. Nèk mbandhingké keterangan saka publikasi lan saka sumber-sumber liya sing isa dipercaya, anaké njenengan bakal dadi tambah yakin nèk isiné Alkitab mémang bener.

6. Piyé carané wong tuwa ngejak mikir anaké? Kèkana conto. (Deloken gambar.)

6 Ajaken anak-anak mikir. Ana akèh kesempatan wong tuwa isa omong-omongan karo anaké soal Alkitab utawa pentingé nduwé iman karo Gusti Allah. Misalé nèk pas ngunjungi muséum, kebun raya, utawa pamèran ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah. Saka buku utawa vidéo, njenengan ya isa nduduhké barang-barang bersejarah sing ana hubungané karo Alkitab, bèn meréka isa ndelok bukti-bukti nèk sing ditulis ing Alkitab kuwi bener. Njenengan isa ngandhani anaké njenengan soal Batu Moab. Batu kuwi umuré wis 3.000 taun, tapi sing menarik, ing kono ana jeneng Yéhuwah. Batu Moab sing asli dipamèrké ing Muséum Louvre ing Paris, Prancis. Tiruané Batu Moab ya dipajang ing pamèran ”Alkitab lan Asmané Gusti Allah” ing Kantor Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick, New York. Ing Batu Moab disebutké nèk Raja Mésya saka Moab mbrontak nglawan Israèl. Kuwi cocog karo sing ditulis ing Alkitab. (2 Raj. 3:​4, 5) Nèk anak-anak isa ndelok dhéwé bukti-bukti nèk isiné Alkitab mémang bener, imané meréka bakal dadi tambah kuwat.—Bandhingna 2 Babad 9:6.

Kanggo ngejak anak-anak mikir nèk isiné Alkitab bener, njenengan isa nduduhké barang-barang bersejarah (Deloken paragraf 6)


7-8. (a) Apa sing isa dipelajari saka rancangan sing ana ing ciptaan? Kèkana conto. (Deloken gambar.) (b) Bèn anaké njenengan tambah percaya nèk Yéhuwah sing nyiptakké kabèh, njenengan isa ngekèki pertanyaan apa waé?

7 Ajaken anaké njenengan mikirké soal ciptaan. Wektu mlaku-mlaku ing désa utawa lagi berkebun, ajaken anaké njenengan nggatèkké nèk ana pola sing padha ing akèh ciptaan. Nèk nggatèkké kuwi, mengko anak-anak isa ngerti nèk ana Pencipta sing pinter banget sing ngrancang kuwi. Misalé, selama bertaun-taun, para ilmuwan nliti soal pola spiral ing alam. Ahli biofisika Nicola Fameli njelaské nèk ngétung jumlahé spiral ing suatu benda ing alam, mengko bakal isa ndelok nèk jumlahé kuwi sakjané termasuk angka sing ana ing dèrèt Fibonacci. Pola spiral kuwi ya ana ing akèh ciptaan, misalé bentuké beberapa galaksi, pola ing cangkang siput, ing godhong, lan ing bunga matahari. a

8 Ing sekolahan, mungkin anaké njenengan bakal belajar soal hukum alam. Misalé, hukum gravitasi. Hukum gravitasi marakké atmosfér tetep cedhak karo bumi. Hukum kuwi ya ngatur pasang suruté laut. Nèk ora ana hukum kuwi, ing bumi ora bakal ana kehidupan. Tapi, sapa sing ngrancang hukum sing ngatur kuwi kabèh? Sapa sing ngasilké rancangan sing rapi lan teratur kuwi? Nèk anak-anak ngrenungké hal-hal luar biasa sing Yéhuwah ciptakké, meréka bakal dadi tambah percaya nèk kabèh iki sing nyiptakké Yéhuwah. (Ibr. 3:4) Nah mengkoné njenengan isa ngejak dhèwèké mikir, ’Merga kabèh iki sing nyiptakké Yéhuwah, masuk akal ta nèk Dhèwèké sing paling ngerti pathokan apa sing isa marakké awaké dhéwé bahagia?’ Terus njenengan isa njelaské nèk pathokané Yéhuwah kuwi ana ing Alkitab.

NASA, ESA, and the Hubble Heritage (STScl/AURA)-ESA/Hubble Collaboration

Sapa sing ngasilké rancangan sing rapi, indah, lan teratur ing ciptaan? (Deloken paragraf 7-8)


BÈN ANAK-ANAK LUWIH MENGHARGAI PATHOKAN ING ALKITAB

9. Nèk anak-anak takon soal pathokan ing Alkitab, isa waé alesané merga apa?

9 Isa waé anaké njenengan takon ngapa kok ana hal-hal sing dilarang Yéhuwah. Nah sakdurungé njawab, njenengan kudu ngerti sik alesané dhèwèké takon kaya ngono. Apa dhèwèké mémang bener-bener ora setuju karo pathokan ing Alkitab? Utawa, apa dhèwèké mung ora ngerti carané njawab wektu ditakoni wong liya soal kepercayaané? Nah, kanggo mbantu dhèwèké paham ngapa kok manut préntahé Yéhuwah kuwi bermanfaat, ajaken dhèwèké belajar buku Bahagia Saklawasé. b

10. Piyé carané mbantu bèn anaké njenengan menghargai hubungané karo Yéhuwah?

10 Élingna nèk hubungané karo Yéhuwah kuwi berharga banget. Wektu belajar Alkitab karo anaké njenengan, gunakna pertanyaan, perumpamaan, lan gambar sing ana ing buku Bahagia Saklawasé bèn njenengan isa ngerti piyé pandhangané dhèwèké soal topik tertentu. (WB. 20:5) Misalé, ing Pelajaran 8 Yéhuwah dipadhakké kaya kanca sing sayang, sing ngandhani bèn kancané ora cilaka. Bar mbahas 1 Yohanes 5:​3, njenengan isa takon, ”Yéhuwah wis terbukti dadi kanca sing apik. Dadi nèk Yéhuwah ngekèki préntah, kowé bakal piyé?” Kuwi pertanyaan sing kétoké sederhana, tapi isa mbantu anaké njenengan ngerti nèk Yéhuwah ngekèki préntah kuwi merga sayang.—Yés. 48:​17, 18.

11. Piyé carané mbantu bèn anak-anak menghargai pathokan ing Alkitab? (Wulang Bebasan 2:​10, 11)

11 Bahasen manfaaté manut pathokan ing Alkitab. Wektu maca Alkitab utawa ayat harian bareng keluarga, bahasen apa manfaat sing wis dirasakké merga ngetrapké pathokan ing Alkitab, misalé soal rajin lan jujur. (Ibr. 13:18) Terus, ya isa njelaské nèk manut naséhat ing Alkitab kuwi isa marakké dadi luwih séhat lan luwih bahagia. (WB. 14:​29, 30) Nèk ngerti manfaaté, mengko anaké njenengan dadi luwih gampang kanggo manut pathokan ing Alkitab.—Wacanen Wulang Bebasan 2:​10, 11.

12. Piyé Steve karo bojoné mbantu anaké bèn ngerti manfaaté manut pathokan ing Alkitab?

12 Ing Prancis, Steve karo bojoné mbantu Ethan anaké sing umuré 16 taun, bèn ngerti nèk Yéhuwah ngekèki préntah kuwi merga sayang. Steve crita, ”Aku takon karo Ethan, ’Ngapa kok Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut préntah iki? Ngapa kok préntah iki bukti nèk Yéhuwah sayang? Apa akibaté nèk ora manut?’” Pertanyaan-pertanyaan kaya ngono marakké Ethan dadi tambah yakin nèk omongané Yéhuwah kuwi bener. Steve ngomong manèh, ”Kami péngin mbantu bèn Ethan ngerti nèk isiné Alkitab luwih unggul timbang apa waé sing diajarké manungsa.”

13. Piyé carané nglatih anak-anak ngetrapké pathokan ing Alkitab? Kèkana conto.

13 Latihen carané ngetrapké pathokan ing Alkitab. Misalé, mungkin anaké njenengan dikèki tugas ing sekolah kon maca buku tertentu. Nah ternyata tokoh sing dicritakké ing buku kuwi kelakuané bejat lan kejem, tapi dhèwèké digambarké dadi tokoh sing apik. Njenengan isa takon karo anaké njenengan piyé perasaané Yéhuwah nèk ana wong sing kaya ngono. (WB. 22:​24, 25; 1 Kor. 15:33; Flp. 4:8) Nah, nèk anaké njenengan wis ngerti pathokané ing Alkitab, mengko wektu ana diskusi ing kelas soal buku kuwi, dhèwèké malah isa ngekèki kesaksian karo guru lan kanca-kancané.

AJAKEN PERSIAPAN BÈN ANAKÉ NJENENGAN ISA NJELASKÉ KEPERCAYAANÉ

14. Cah-cah enom isa waé dadi ora percaya diri wektu ditakoni soal topik apa, lan ngapa?

14 Wektu ditakoni soal kepercayaané, ana cah-cah enom sing dadi ora percaya diri. Misalé, wektu ditakoni soal téori évolusi. Meréka mungkin dadi wedi merga guruné ngomong nèk awaké dhéwé ana merga évolusi. Nah, piyé wong tuwa isa mbantu bèn anaké kendel nyritakké kepercayaané?

15. Piyé carané mbantu bèn anak-anak yakin nèk sing dhèwèké percaya kuwi bener?

15 Bantunen anak-anak bèn yakin nèk sing dhèwèké percaya kuwi bener. Kandhanana nèk meréka ora perlu isin merga percaya nèk kabèh iki diciptakké Gusti Allah. (2 Tim. 1:8) Bahkan ana akèh ilmuwan sing percaya nèk alam semesta iki ora mungkin ujug-ujug ana dhéwé. Meréka yakin nèk rancangané makhluk hidup sing rumit kuwi bukti nèk mesthi ana Pencipta sing pinter banget sing nyiptakké kuwi. Makané, meréka ora percaya karo téori évolusi sing diajarké ing sekolah-sekolah. Sakliyané kuwi, bèn anak-anak luwih yakin, kongkonen meréka takon-takon apa sing marakké para sedulur liyané padha percaya nèk kabèh iki mémang diciptakké Gusti Allah. c

16. Piyé carané wong tuwa mbantu anaké bèn isa njelaské kepercayaané soal Pencipta? (1 Pétrus 3:15) (Deloken gambar.)

16 Ajaken persiapan bèn dhèwèké isa njelaské kepercayaané soal Pencipta. (Wacanen 1 Pétrus 3:15.) Njenengan isa mbahas sèri artikel ”Pertanyaan Anak Muda—Penciptaan atau Evolusi?” ing jw.org. Terus saka artikel-artikel kuwi, kongkonen dhèwèké milih penjelasan sing masuk akal lan bakal gampang ditampa. Bar kuwi, isa ngadakké sèsi latihan. Élingna nèk dhèwèké ora perlu padu. Terus nèk ana sing berminat, njelaskéné aja sing rumit-rumit, tapi sing sederhana waé lan gampang dipahami. Misalé ana kanca sekolah sing ngomong, ”Aku ora percaya Gusti Allah, soalé aku durung tau ndelok Dhèwèké.” Mungkin anaké njenengan isa njawab, ”Bayangna nèk kowé mlaku-mlaku ing hutan sing terpencil. Terus kowé ndelok ana omah sing apik, padahal ing kono ora ana sapa-sapa. Menurutmu, omah kuwi ujug-ujug ana dhéwé, utawa ana sing nggawé? Nèk omah waé ana sing nggawé, alam semesta lan kabèh makhluk hidup mesthiné ya ana sing nyiptakké, ta?”

Wektu njelaské karo kanca sekolah, njelaskéné aja rumit-rumit (Deloken paragraf 16-17) d


17. Piyé carané wong tuwa ngandhani anaké bèn nggolèk kesempatan kanggo nyritakké kepercayaané? Kèkana perumpamaan.

17 Kandhanana anaké njenengan bèn nggolèk kesempatan kanggo nyritakké kepercayaané. (Rm. 10:10) Njenengan isa ngomong nèk upaya kanggo ngekèki kesaksian kuwi isa dipadhakké kaya ajar main musik. Awalé, mesthi sing dipelajari lagu-lagu sing gampang sik. Suwé-suwé, dhèwèké dadi luwih trampil main musik. Nah padha kaya ngono, wektu arep ngekèki kesaksian, kata pengantaré isa sing sederhana waé. Misalé, isa takon, ”Kowé ngerti ora nèk akèh barang sing digawé ilmuwan kuwi sakjané niru rancangan saka ciptaan? Ayo tak duduhi vidéoné.” Bar nyetèlké vidéo saka sèri Apa Iki Dirancang? dhèwèké isa ngomong, ”Nèk para ilmuwan dipuji-puji merga rancangané sing apik padahal kuwi mung niru saka ciptaan, sing nggawé ciptaan kuwi kuduné malah luwih dipuji, ta?” Nah bar kuwi, kanca sekolahé mungkin dadi péngin ngerti luwih akèh soal Yéhuwah.

TERUS MBANTU ANAK-ANAK BÈN TAMBAH KUWAT IMANÉ

18. Piyé carané wong tuwa mbantu bèn imané anak-anaké tambah kuwat?

18 Akèh wong saiki ora percaya karo Yéhuwah. (2 Ptr. 3:3) Makané, wektu sinau Alkitab karo anaké njenengan, bantunen bèn dhèwèké seneng mempelajari topik-topik sing isa marakké dhèwèké tambah menghargai Alkitab lan pathokané Yéhuwah. Ajaken dhèwèké mikirké ciptaané Yéhuwah. Bantunen bèn dhèwèké paham ramalan-ramalan ing Alkitab sing wis kelakon. Terus sing paling penting, dongakna lan ndongaa bareng karo anaké njenengan. Hasilé, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi upayané njenengan kanggo mbantu anak-anak bèn imané tambah kuwat.—2 Bb. 15:7.

LAGU 133 Nglayani Yéhuwah Kèt Enom

a Nèk péngin ngerti luwih akèh, deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Keajaiban Ciptaan Menyingkapkan Kemuliaan Allah—Pola.

b Nèk dhèwèké wis ngrampungké sinau buku Bahagia Saklawasé, bahasen sekilas beberapa pelajaran ing Bagian 3 lan 4, sing isiné soal pathokan ing Alkitab.

c Deloken artikel ”Mengapa Kami Percaya Ada Pencipta” ing Sedarlah! September 2006 lan brosur Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan. Nèk péngin ngerti conto-conto liyané, deloken sèri vidéo Pendapat soal Urip lan Sing Nyiptakké ing jw.org.

d PENJELASAN GAMBAR Halaman 18: Cah enom Seksi Yéhuwah nduduhké vidéo saka sèri Apa Iki Dirancang? kanggo kanca sekolahé sing seneng dolanan drone.