Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 49

LAGU 147 Urip Saklawasé sing Dijanjèkké Yéhuwah

Piyé Bèn Isa Urip Saklawasé?

Piyé Bèn Isa Urip Saklawasé?

”Saben wong sing nampa lan nduduhké iman marang Anak isa urip saklawasé.”YOH. 6:40.

INTI

Manfaat korban tebusané Yésus kanggo wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga lan domba-domba liya.

1. Piyé pendapaté wong-wong soal urip saklawasé?

 AKÈH wong nganggep nèk ora mungkin isa urip saklawasé. Meskipun berupaya mangan panganan sing bergizi lan rutin olahraga bèn isa séhat, meréka ngerti nèk mengko akhiré bakalé ya tetep dadi tuwa lan mati. Tapi, Yésus ngomong nèk manungsa isa ”urip saklawasé”. Dhèwèké nyebutké kuwi ing Yohanes 3:16 lan 5:24.

2. Apa sing disebutké ing Yohanes bab 6 soal urip saklawasé? (Yohanes 6:​39, 40)

2 Kaya sing wis dibahas ing artikel sakdurungé, Yésus ngekèki mangan éwonan wong nganggo roti lan iwak. (Yoh. 6:​5-35) Mukjijat kuwi luar biasa. Tapi, ana sing luwih luar biasa manèh. Sedina bar peristiwa kuwi, wektu ing Kapernaum, ing cedhak pesisir Laut Galiléa, Yésus ngandhani wong-wong nèk wong sing wis mati isa urip manèh lan isa urip saklawasé. (Wacanen Yohanes 6:​39, 40.) Coba bayangna, kuwi ya berarti sukmbèn kanca lan keluargané njenengan sing saiki wis mati, bakal urip manèh lan bareng-bareng isa urip saklawasé. Kuwi mesthi nentremké banget. Tapi kanggo akèh-akèhé wong, kata-katané Yésus berikuté ing Yohanes bab 6 angèl dipahami. Mémangé Yésus ngomong apa?

3. Saka kata-katané Yésus ing Yohanes 6:​51, awaké dhéwé dadi ngerti apa soal Yésus?

3 Wektu ndelok mukjijaté Yésus nyedhiakké roti, wong-wong ing Kapernaum langsung kèlingan karo manna sing dikèki Yéhuwah kanggo bangsa Israèl ing padhang belantara. Meréka ngerti nèk ing Kitab Suci, manna disebut ”panganan [roti] saka swarga”. (Yoh. 6:31) Makané, Yésus nggunakké topik soal manna kanggo njelaské sesuatu sing penting banget. Yésus ngomong nèk dhèwèké kuwi ”roti sing sejati saka swarga”, ”roti saka Gusti Allah”, lan ”roti sing mènèhi urip”. (Yoh. 6:​32, 33, 35) Yésus ya njelaské bédané manna karo dhèwèké. Meskipun manna disedhiakké Yéhuwah liwat mukjijat, wong-wong sing mangan manna ya akhiré tetep mati. (Yoh. 6:49) Tapi Yésus ngomong, ”Aku iki roti sing mènèhi urip sing asalé saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé.” (Wacanen Yohanes 6:51.) Wong-wong Yahudi kuwi mesthi padha bingung. Meréka ora paham ngapa kok Yésus ngomong nèk dhèwèké kuwi ”roti” saka swarga sing luwih unggul timbang manna sing dikèki Yéhuwah kanggo nènèk moyangé. Bar kuwi Yésus ngomong, ”Roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku.” Apa maksudé Yésus? Nèk ngerti jawabané, awaké dhéwé dadi ngerti piyé bèn awaké dhéwé lan keluarga isa menikmati urip saklawasé.

MAKSUDÉ YÉSUS WEKTU NGOMONG NÈK ROTI KUWI DAGINGÉ

4. Ngapa kok ana sing kagèt krungu omongané Yésus?

4 Wektu Yésus ngomong nèk dhèwèké bakal ngekèkké ’dagingé bèn manungsa isa urip saklawasé’, wong-wong sing ngrungokké padha kagèt. Mungkin meréka mikir nèk Yésus bakal tenanan ngekèkké daging saka badané kanggo dipangan wong-wong kuwi. (Yoh. 6:52) Yésus ya malah ngomong, ”Nèk kowé ora mangan dagingé Anaké manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip.”—Yoh. 6:53.

5. Ngapa kok ora mungkin nèk Yésus ngongkon wong-wong kuwi ngombé getihé tenan?

5 Kèt jamané Nuh, Gusti Allah nglarang manungsa mangan getih. (PD. 9:​3, 4) Préntah kuwi dibalèni manèh wektu Yéhuwah ngekèki hukum Taurat kanggo bangsa Israèl. Isiné, ”Wong sing mangan getih kudu dipatèni.” (Km. 7:27) Yésus mesthi manut Hukum kuwi. (Mat. 5:​17-19) Makané, ora mungkin nèk Yésus sengaja ngongkon wong-wong Yahudi kuwi mangan dagingé tenan utawa ngombé getihé tenan. Sakjané, wektu ngomongké soal kuwi, Yésus lagi mulang wong-wong carané bèn isa ”urip saklawasé”.—Yoh. 6:54.

6. Saka endi ngertiné nèk sing diomongké Yésus kuwi dudu mangan dagingé tenan lan ngombé getihé tenan?

6 Maksudé Yésus apa? Gatèkna wektu Yésus omong-omongan karo wong wédok Samaria. Yésus ngomong, ”Sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké ora bakal ngelak manèh. Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi sumber banyu sing mènèhi urip saklawasé kanggo wong kuwi.” (Yoh. 4:​7, 14) a Maksudé Yésus kuwi dudu ngombé banyu tenanan saka sumur bèn wong wédok Samaria kuwi isa urip saklawasé. Nah, kuwi ya padha karo wektu Yésus ngomong karo wong-wong ing Kapernaum. Maksudé Yésus kuwi dudu mangan dagingé Yésus tenan lan ngombé getihé tenan bèn isa urip saklawasé.

PERBÉDAAN SAKA LORO PERISTIWA

7. Soal omongané Yésus ing Yohanes 6:​53, ana sing nduwé pendapat apa?

7 Ana sing ngomong, nèk ing Yohanes 6:53 kuwi Yésus lagi njelaské apa sing kudu dilakukan wong-wong pas ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti, soalé kata-katané Yésus ing loro peristiwa kuwi mèh padha. (Mat. 26:​26-28) Meréka ngomong nèk kabèh sing mèlu ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti ya kudu mèlu mangan roti lan ngombé anggur sing diédarké. Awaké dhéwé kudu mastèkké kuwi bener apa ora, soalé saben taun ana jutaan wong sak donya sing mèlu ngrayakké kuwi bareng awaké dhéwé. Ayo ndelok bédané omongané Yésus ing Yohanes 6:53 karo omongané Yésus pas Perjamuan Dalu Gusti.

8. Apa waé perbédaané loro peristiwa kuwi? (Deloken gambar.)

8 Bédané ana loro. Sing pertama, Yésus ngomongké kata-kata sing ditulis ing Yohanes 6:​53-56 kuwi kapan lan ing endi? Yésus ngomongkéné pas taun 32 M ing Galiléa. Kuwi setaun sakdurungé dhèwèké ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti ing Yérusalèm. Sing keloro, Yésus ngomongé kuwi karo sapa? Pas ing Galiléa, Yésus ngomongé karo wong-wong sing nggolèki dhèwèké mung merga péngin éntuk panganan saka Yésus, dudu merga péngin ngerti soal Yéhuwah utawa Kerajaané Gusti Allah. (Yoh. 6:26) Buktiné, wektu Yésus ngomongké sesuatu sing meréka ora paham, meréka langsung ora percaya karo dhèwèké, lan malah ora gelem mèlu Yésus manèh. (Yoh. 6:​14, 36, 42, 60, 64, 66) Tapi, piyé soal wong-wong sing ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti bareng Yésus setaun bar kuwi, yaiku taun 33 M? Béda karo wong-wong mau, 11 rasul tetep setya karo Yésus meskipun ora paham karo ajarané Yésus. Malah, 11 rasul yakin nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah saka swarga. (Mat. 16:16) Mulané, Yésus muji meréka, ”Kowé ora tau ninggalké aku wektu aku ngadhepi keadaan sing angèl.” (Luk. 22:28) Loro perbédaan kuwi waé wis mbuktèkké nèk kata-katané Yésus ing Yohanes 6:53 kuwi dudu soal sing kudu dilakukan pas ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti. Nah selain kuwi, isih ana perbédaan liyané.

Ing Yohanes bab 6 Yésus ngomong karo éwonan wong Yahudi ing Galiléa (kiwa). Setaun bar kuwi, dhèwèké ngomong karo 11 rasulé sing setya ing Yérusalèm (tengen). (Deloken paragraf 8)


MAKNA OMONGANÉ YÉSUS KANGGO NJENENGAN

9. Kata-katané Yésus pas Perjamuan Dalu Gusti kuwi berlaku kanggo sapa?

9 Pas Perjamuan Dalu Gusti, Yésus ngekèki para rasulé roti tanpa ragi, terus ngomong nèk kuwi nglambangké badané. Bar kuwi, dhèwèké ngekèki anggur lan ngomong nèk kuwi nglambangké ”getih kanggo perjanjian”. (Mrk. 14:​22-25; Luk. 22:20; 1 Kor. 11:24) Sing diomongké Yésus soal perjanjian kuwi penting banget. Yésus nyebut kuwi ”perjanjian anyar”. Kuwi perjanjian antarané Yéhuwah karo wong Israèl rohani, yaiku mung wong-wong sing bakal mréntah karo Yésus ing Kerajaané. (Ibr. 8:​6, 10; 9:15) Wektu kuwi, para rasul ora paham. Tapi sedhéla manèh, meréka bakal dilantik nganggo roh suci lan dadi bagéan saka perjanjian anyar bèn isa mréntah bareng Yésus ing swarga.—Yoh. 14:​2, 3.

10. Apa manèh perbédaan loro peristiwa kuwi? (Deloken gambar.)

10 Omongané Yésus pas Perjamuan Dalu Gusti kuwi mung kanggo ”kelompok cilik”. Sing dadi bagéan saka kelompok cilik kuwi awalé 11 rasulé Yésus sing setya, sing mèlu ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti wektu kuwi. (Luk. 12:32) Meréka lan wong-wong liyané sing bakal dadi bagéan kelompok kuwi, sing éntuk mangan roti lan ngombé anggur pas acara kuwi. Meréka kuwi sing bakal munggah swarga karo Yésus. Dadi, sing diomongké Yésus pas Perjamuan Dalu Gusti kuwi béda karo pas ing Galiléa. Nèk sing diomongké Yésus pas Perjamuan Dalu Gusti kuwi mung kanggo wong sithik, tapi sing pas ing Galiléa berlaku kanggo luwih akèh wong.

Mémang, sing éntuk mangan roti lan ngombé anggur pas Perjamuan Dalu Gusti kuwi mung sithik. Tapi, kabèh wong isa nduwé kesempatan urip saklawasé nèk beriman karo Yésus. (Deloken paragraf 10)


11. Apa omongané Yésus ing Galiléa kuwi mung kanggo beberapa wong thok? Kok isa?

11 Akèh-akèhé wong ing Galiléa nggolèki Yésus mung merga péngin éntuk panganan. Tapi Yésus péngin mulang meréka nèk ana sesuatu sing luwih penting timbang panganan, yaiku sing isa marakké meréka urip saklawasé. Yésus bahkan ngomong nèk wong-wong sing wis mati bakal diuripké manèh ing akhir jaman lan isa urip saklawasé. Omongané Yésus kuwi ora mung kanggo beberapa wong thok. Berkah-berkah kuwi isa dinikmati karo kabèh wong. Yésus ngomong, ”Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. . . . Roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya manungsa isa urip saklawasé.”—Yoh. 6:51. b

12. Bèn isa urip saklawasé, apa sing kudu diupayakké?

12 Tapi apa kuwi berarti saben wong, termasuk sing wis mati lan sing durung lair, wis pasti bakal isa urip saklawasé? Ora. Sing isa mung wong-wong sing ”mangan roti iki”, sing maksudé beriman karo Yésus. Akèh wong saiki ngakuné percaya Yésus lan nyebut dhèwèké Juru Slameté. (Yoh. 6:29) Tapi kaya wong-wong sing ing Galiléa, ana akèh sing mauné percaya karo Yésus tapi akhiré ora gelem percaya manèh. Lha ngapa?

13. Apa sing kudu diupayakké bèn isa dadi muridé Yésus?

13 Akèh-akèhé wong kuwi ngetutké Yésus mung merga péngin dipuaské kepénginané. Meréka péngin dimarèkké, dikèki panganan, lan ngrungokké hal-hal sing meréka senengi thok. Tapi, Yésus nduduhké nèk dhèwèké teka ing bumi kuwi dudu kanggo muaské kepénginané meréka. Dhèwèké teka kanggo mulang apa sing kudu diupayakké bèn isa dadi muridé. Wong-wong kudu ”marani” Yésus, sing maksudé ngrungokké lan manut karo kabèh sing Yésus ajarké.—Yoh. 5:40; 6:44.

14. Bèn isa urip saklawasé, kudu piyé?

14 Yésus mulang nèk wong-wong kuwi isa urip saklawasé merga Yésus bakal ngorbanké daging lan getihé. Meréka kudu beriman karo kuwi. Sing kudu nduwé iman kuwi ora mung wong-wong Yahudi wektu kuwi, tapi ya awaké dhéwé saiki. (Yoh. 6:40) Dadi maksudé Yésus ing Yohanes 6:53 kuwi, bèn isa urip saklawasé, ya kudu beriman karo korban tebusané Yésus. Kuwi berkah luar biasa sing isa dinikmati akèh wong.—Éf. 1:7.

15-16. Hal-hal penting apa sing wis dipelajari saka Yohanes bab 6?

15 Ana akèh hal sing penting lan nguwatké sing isa dipelajari saka Yohanes bab 6. Yésus terbukti perduli karo wong-wong. Pas ing Galiléa, dhèwèké marèkké wong lara, mulang soal Kerajaané Gusti Allah, lan ngekèki wong-wong panganan. (Luk. 9:11; Yoh. 6:​2, 11, 12) Sing paling penting, Yésus ngandhani nèk dhèwèké kuwi ”roti sing mènèhi urip”.—Yoh. 6:​35, 48.

16 Sing termasuk ’domba-domba liya’ ora bakal lan ora éntuk mangan roti lan ngombé anggur pas acara Perjamuan Dalu Gusti. (Yoh. 10:16) Tapi, meréka isih isa éntuk manfaat saka daging lan getihé Yésus. Piyé carané? Meréka kudu beriman karo tebusané Yésus. (Yoh. 6:53) Tapi kanggo wong-wong sing nduwé harapan mréntah bareng Yésus ing swarga, meréka mbuktèkké nèk dadi bagéan saka perjanjian anyar kuwi nganggo cara mangan roti lan ngombé anggur pas acara Perjamuan Dalu Gusti. Dadi, ora soal nduwé harapan munggah swarga utawa dadi bagéan saka domba-domba liya, kisah ing Yohanes bab 6 iki apik kanggo dipelajari. Awaké dhéwé dadi ngerti nèk kudu bener-bener beriman karo korban tebusané Yésus bèn isa urip saklawasé.

LAGU 150 Bèn Dislametké Yéhuwah

a Banyu sing disebutké Yésus kuwi nggambarké kabèh sing disedhiakké Yéhuwah bèn manungsa isa urip saklawasé.

b Kata ”wong” ing ayat iki ya isa diterjemahké dadi ”sapa waé”. Wektu mbahas soal sapa sing isa urip saklawasé, Yohanes bab 6 nggunakké beberapa macem kata sing maksudé ”sapa waé” lan ”saben wong”.—Yoh. 6:​35, 40, 47, 54, 56-58.