Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 6

Percaya Nèk Kabèh Keputusané Yéhuwah Mesthi Bener

Percaya Nèk Kabèh Keputusané Yéhuwah Mesthi Bener

”Dhèwèké kuwi Gunung Watuné awaké dhéwé lan sing ditindakké sampurna, kabèh sing ditindakké adil. Gusti Allah sing setya, sing mesthi adil. Dhèwèké bener lan adil.”​—PT. 32:4.

LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Kenapa akèh sing padha ora percaya karo pamréntah lan para pemimpin agama? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 SAIKI, akèh sing ora percaya karo pamréntah. Wong-wong kuwi nggatèkké nèk wong sing sugih utawa nduwé jabatan isa bébas saka hukuman. Terus, sing miskin uripé ya tambah menderita. Kuwi persis kaya sing disebutké ing Alkitab, yaiku, ”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.” (Pkh. 8:9) Akèh wong ya ora percaya karo Gusti Allah merga akèh pemimpin agama sing munafik. Mula, wong sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé kudu dibantu bèn percaya karo Yéhuwah lan wong-wong sing dipilih kanggo mimpin umaté.

2 Tapi, sing kuduné percaya karo Yéhuwah lan organisasiné kuwi ora mung sing lagi sinau Alkitab. Wong-wong sing wis suwé nglayani Yéhuwah kudu terus percaya nèk arahan lan keputusané Yéhuwah kuwi sing paling apik. Tapi, ana situasi sing isa nggawé awaké dhéwé ora yakin karo Yéhuwah. Misalé, mungkin ana sesuatu sing ora dipahami pas maca Alkitab. Terus, mungkin ana keputusan utawa arahan saka organisasi sing ora sesuai karo kepénginané awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, nèk sing kelakon sukmbèn ora sesuai karo sing diharapké, mungkin awaké dhéwé dadi ora yakin karo Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn isa tetep percaya karo Yéhuwah meskipun ngadhepi situasi-situasi kuwi.

NÈK ANA SING ORA DIPAHAMI PAS MACA ALKITAB

3. Sebutna conto sing isa nggawé awaké dhéwé ragu-ragu karo keputusané Yéhuwah.

 3 Mungkin, ana kisah-kisah ing Alkitab sing nggawé awaké dhéwé ragu-ragu karo keputusané Yéhuwah. Misalé, ing buku Wilangan disebutké nèk Yéhuwah ngukum mati wong Israèl sing nglumpukké kayu pas dina Sabat. Tapi, ing 2 Samuèl disebutké nèk Yéhuwah ngapura Daud padahal Daud njupuk bojoné Uria lan matèni Uria. (Wi. 15:32, 35; 2 Sam. 12:9, 13) Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Kenapa Yéhuwah gelem ngapura Daud sing dosané gedhé tapi malah ngukum mati wong Israèl sing kesalahané kétoké mung sepélé?’ Bèn isa njawab pitakonan kuwi lan tetep percaya karo Yéhuwah, ana telu sing isa dipikirké pas maca Alkitab. Ayo dirembug siji-siji.

4. Kenapa Purwaning Dumadi 18:20, 21 lan Pangandharing Torèt 10:17 isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep percaya karo Yéhuwah?

4 Ora kabèh perincian disebutké ing Alkitab. Contoné, ing Alkitab mémang disebutké nèk Daud wis mertobat. (Mzm. 51:2-4) Tapi, wong Israèl sing nglumpukké kayu pas dina Sabat mau piyé? Apa dhèwèké menyesal karo kesalahané? Apa dhèwèké wis kerep nglanggar hukumé Yéhuwah? Apa dhèwèké wis dikandhani tapi tetep ngèyèl? Alkitab mémang ora nyebutké soal kuwi. Tapi sing pasti, awaké dhéwé isa yakin nèk ”kabèh sing ditindakké [Yéhuwah kuwi] adil”. (PT. 32:4) Manungsa biasané nggawé keputusan mung berdasarkan omongané wong liya utawa perasaan. Ning, Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah bener-bener ngerti apa sing sakjané kelakon. Dadi, keputusané mesthi bener. (Wacanen Purwaning Dumadi 18:20, 21; Pangandharing Torèt 10:17.) Semakin kenal karo Yéhuwah lan semakin akèh sing dipelajari saka Alkitab, awaké dhéwé isa semakin percaya karo Yéhuwah. Dadi nèk pas maca Alkitab ana sesuatu sing ora dipahami, awaké dhéwé bakal tetep yakin nèk ”Yéhuwah mesthi nindakké sing bener”.​—Mzm. 145:17.

5. Apa akibaté merga awaké dhéwé ora sampurna? (Deloken kothak ” Awaké Dhéwé Isa Klèru Merga Ora Sampurna”.)

5 Awaké dhéwé ora sampurna. Awaké dhéwé iki digawé mirip Gusti Allah. (PD. 1:26) Dadi, awaké dhéwé mesthi pénginé wong sing ora salah dibéla lan wong sing salah dihukum sesuai perbuatané. Mungkin, awaké dhéwé rumangsa wis ngerti apa sing sakjané kelakon. Tapi merga ora sampurna, awaké dhéwé tetep isa klèru. Contoné, pas wong Niniwé mertobat, Yéhuwah ora sida ngukum wong-wong kuwi. Tapi, Yunus malah ora seneng karo keputusané Yéhuwah. (Yun. 3:10–4:1) Merga ora sida dihukum, 120.000 wong Niniwé isa tetep urip. Dadi nèk kaya ngono kuwi, sing klèru sapa? Yunus apa Yéhuwah?

6. Kenapa Yéhuwah ora kudu njelaské keputusané karo awaké dhéwé?

6 Yéhuwah ora kudu njelaské keputusané. Yéhuwah mémang ora nglarang abdiné nyampèkké pendapat. (PD. 18:25; Yun. 4:2, 3) Kadhang, Yéhuwah ya njelaské apa alesané Dhèwèké nggawé keputusan tertentu. (Yun. 4:10, 11) Tapi, élinga nèk Yéhuwah kuwi Penciptané awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah ora kudu njelaské keputusané lan ora perlu takon dhisik karo manungsa sakdurungé nggawé keputusan.​—Yés. 40:13, 14; 55:9.

PAS NAMPA ARAHAN SING ORA SESUAI KARO KEPÉNGINAN

7. Awaké dhéwé isa waé ora percaya karo sapa, lan apa sebabé?

7 Awaké dhéwé mesthi yakin nèk kabèh keputusané Yéhuwah kuwi bener. Tapi, piyé nèk karo wong-wong sing dipilih kanggo mimpin umaté Yéhuwah? Mungkin ana sing ragu-ragu apa wong-wong kuwi bener-bener manut karo arahané Yéhuwah pas nggawé keputusan. Pas jamané Alkitab, mungkin ya ana sing mikir kaya ngono. Misalé, coba gatèkna manèh conto sing disebutké ing  paragraf 3 mau. Keluargané wong Israèl sing dihukum mati mau mungkin mikir, ’Apa Musa mémang wis takon karo Yéhuwah sakdurungé ngukum mati sedulurku?’ Terus, kancané Uria wong Hèt mungkin ya ana sing mikir, ’Aja-aja Daud nggunakké jabatané dadi raja bèn ora dihukum mati.’ Tapi, Yéhuwah percaya karo wong-wong sing dipilih kanggo mimpin umaté. Dadi nèk ora percaya karo wong-wong kuwi, artiné awaké dhéwé ora percaya karo Yéhuwah.

8. Nurut Kisah 16:4, 5, apa persamaané wong Kristen jaman saiki karo jamané para rasul?

8 Mbiyèn Yéhuwah mènèhi arahan liwat para rasul. Saiki, Yéhuwah ngarahké organisasiné liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Kaya para rasul ing jaman mbiyèn, budhak sing setya ya mènèhi arahan kanggo awaké dhéwé liwat para pinituwa. (Wacanen Kisah 16:4, 5.) Terus, para pinituwa bakal ngupaya bèn sedulur-sedulur ing jemaat manut arahan kuwi. Dadi nèk manut karo arahané organisasi utawa para pinituwa, kuwi artiné awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah.

9. Awaké dhéwé mungkin angèl manut pas para pinituwa mènèhi arahan apa, lan kenapa?

9 Manut karo arahané para pinituwa kuwi ora selalu gampang. Misalé, selama beberapa taun iki, ana penyesuaian ing beberapa wilayah utawa jemaat. Kadhang, ya ana sedulur-sedulur sing dikongkon pindhah jemaat. Tujuané bèn jumlahé sing teka ing pertemuan ibadah isa sesuai karo daya tampungé Balai Ibadah. Para pinituwa mémang ora krungu langsung swarané Yéhuwah pas nggawé keputusan kuwi. Terus nèk manut karo arahan kuwi, awaké dhéwé isa waé ora sak jemaat manèh karo kanca-kanca utawa keluargané awaké dhéwé. Kuwi kabèh mesthi nggawé awaké dhéwé angèl nèk arep manut karo arahané Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah percaya karo keputusané para pinituwa. Dadi, awaké dhéwé ya kudu percaya karo para pinituwa. *

10. Nurut Ibrani 13:17, kenapa kok kudu manut karo para pinituwa?

10 Meskipun keputusané para pinituwa ora sesuai karo kepénginané awaké dhéwé, kenapa kok kudu tetep manut? Merga kuwi isa nggawé jemaat bersatu. (Éf. 4:2, 3) Kabèh sing ing jemaat isa éntuk manfaat nèk ndhukung keputusané para pinituwa. (Wacanen Ibrani 13:17.) Kuwi ya nduduhké nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah.​—Kis. 20:28.

11. Bèn isa ndhukung keputusané para pinituwa, apa waé sing isa dipikirké?

11 Piyé carané bèn isa ndhukung keputusané para pinituwa? Misalé, coba pikirna iki. Sakdurungé nggawé keputusan kanggo jemaat, para pinituwa mesthi ndonga njaluk bantuané roh suci. Para pinituwa mesthi ya nggatèkké pathokané Alkitab lan mriksa petunjuk saka organisasi. Pas nggawé keputusan, para pinituwa péngin nyenengké Yéhuwah lan wis mikirké endi sing paling apik kanggo sedulur-sedulur. Para pinituwa ya ngerti nèk kudu tanggung jawab karo Yéhuwah. (1 Ptr. 5:2, 3) Coba bayangna. Wong-wong ing donya iki ora isa bersatu merga seneng mbédak-mbédakké wong berdasarkan werna kulit lan agama, terus ya seneng mèlu-mèlu urusan politik. Tapi, umaté Yéhuwah isa bersatu merga nglayani Gusti Allah sing bener. Kuwi ora mungkin isa kelakon nèk Yéhuwah ora mberkahi organisasiné.

12. Apa waé sing kudu dipikirké para pinituwa sing dadi anggota panitia pengadilan sakdurungé nggawé keputusan?

12 Yéhuwah mènèhi para pinituwa tanggung jawab sing penting. Wektu ana sedulur sing nggawé dosa sing gedhé, para pinituwa kudu mutuské apa sedulur kuwi tetep isa dadi anggota jemaat utawa ora. Para pinituwa ya kudu ngerti apa sedulur kuwi bener-bener mertobat apa ora. Sedulur kuwi mungkin ngomong nèk wis mertobat. Tapi, apa dhèwèké bener-bener sengit karo perbuatané? Apa dhèwèké bener-bener ora gelem mbalèni manèh dosané? Nèk dhèwèké nggawé dosa merga bergaul karo kanca-kancané sing ora apik, apa dhèwèké wis ora gelem bergaul manèh karo kanca-kancané kuwi? Sakdurungé nggawé keputusan, para pinituwa bakal ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Para pinituwa kudu ngupaya bèn bener-bener ngerti apa sing sakjané kelakon lan piyé perasaané utawa sikapé sing nggawé dosa. Para pinituwa ya kudu mriksa pathokané Alkitab sing ana hubungané karo kasus kuwi. Nèk mémang sedulur kuwi ora mertobat, dhèwèké kudu ditokké saka jemaat.​—1 Kor. 5:11-13.

13. Nèk sing ditokké saka jemaat kuwi kanca utawa keluargané awaké dhéwé, awaké dhéwé isa waé ngrasa piyé?

13 Mémang, luwih gampang ndhukung keputusané para pinituwa nèk awaké dhéwé ora terlalu cedhak karo sedulur sing ditokké saka jemaat kuwi. Tapi piyé nèk kuwi kanca utawa keluargané awaké dhéwé? Awaké dhéwé isa waé ngrasa ragu-ragu lan mikir, ’Apa para pinituwa wis bener-bener ngerti apa sing sakjané kelakon? Apa keputusané para pinituwa wis cocog karo sing dipénginké Yéhuwah?’ Dadi, piyé carané bèn isa ndhukung keputusané para pinituwa?

14. Apa waé sing perlu dipikirké wektu kanca utawa keluargané awaké dhéwé ditokké saka jemaat?

14 Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah péngin wong sing ora mertobat ditokké saka jemaat. Kuwi demi manfaaté para sedulur lan wong sing nggawé dosa kuwi dhéwé. Nèk sing nggawé dosa ora ditokké saka jemaat, sedulur-sedulur isa kena pengaruh sing èlèk. (Gal. 5:9) Sakliyané kuwi, sing nggawé dosa mungkin ora sadhar nèk wis nglarani atiné Yéhuwah lan ora gelem ngupaya bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Pkh. 8:11) Awaké dhéwé kudu yakin nèk para pinituwa sing dadi panitia pengadilan wis mikirké tenanan wektu nggawé keputusan. Kaya para hakim ing jaman Israèl mbiyèn, para pinituwa kuwi sadhar nèk tugasé kuwi ”ngadili kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa”.​—2 Bb. 19:6, 7.

NÈK SAIKI PERCAYA KARO YÉHUWAH, SUKMBÈN YA BAKAL PERCAYA

Piyé bèn isa manut karo arahan pas sengsara gedhé kelakon? (Deloken paragraf 15)

15. Kenapa awaké dhéwé saiki kudu manut karo arahané organisasi?

15 Sedhéla manèh, donyané Sétan bakal dihancurké. Dadi, awaké dhéwé kudu bener-bener percaya karo Yéhuwah. Kenapa? Pas sengsara gedhé, Yéhuwah ora bakal ngomong langsung karo awaké dhéwé, tapi bakal mènèhi arahan liwat wong-wong sing dipilih kanggo mimpin umaté. Mungkin wektu kuwi, bakal ana pengarahan sing kétoké anèh, angèl ditrapké, utawa ora masuk akal. Pas kuwi kelakon, awaké dhéwé mungkin dadi ragu-ragu lan mikir, ’Apa pengarahan iki mémang saka Yéhuwah? Aja-aja sedulur-sedulur kuwi nggawé-nggawé arahan dhéwé.’ Pas sengsara gedhé, apa njenengan bakal mikir kaya ngono? Kuwi bergantung karo njenengan saiki. Nèk wis kulina manut karo arahan organisasi, sukmbèn pas sengsara gedhé, njenengan bakal luwih gampang manut.​—Luk. 16:10.

16. Situasi apa manèh sing isa nggawé angèl ndhukung keputusané Yéhuwah?

16 Ana situasi liya sing ya kudu dipikirké. Pas Armagédon, Yéhuwah bakal nylametké umaté lan nyingkirké wong-wong sing jahat. Saiki, awaké dhéwé mémang berharap bèn kabèh wong, termasuk keluargané awaké dhéwé sing ora seiman, gelem nglayani Yéhuwah. Tapi, sing mutuské wong-wong kuwi dislametké apa ora kuwi Yéhuwah, dudu awaké dhéwé. (Mat. 25:34, 41, 46) Yéhuwah wis milih Yésus kanggo ngadili wong-wong kuwi ing Armagédon. (Mat. 25:31-33; 2 Tés. 1:7-9) Nèk keputusané Yéhuwah ora sesuai karo sing diharapké, apa awaké dhéwé bakal tetep ndhukung keputusan kuwi? Utawa apa awaké dhéwé malah ora gelem nglayani Yéhuwah manèh? Dadi, ngupayaa bèn isa bener-bener percaya karo keputusané Yéhuwah supaya sukmbèn luwih gampang ndhukung keputusané.

17. Apa berkahé nèk terus manut karo Yéhuwah?

17 Bayangna piyé perasaané njenengan pas Yéhuwah nyingkirké donyané Sétan. Ora bakal ana manèh agama palsu, pedagang sing srakah, utawa pamréntahan sing nggawé wong-wong dadi susah. Awaké dhéwé isa séhat, awèt enom, lan urip saklawasé karo wong-wong sing disayangi. Sétan lan para malaékaté sing jahat bakal dilebokké ing jurang sing jero banget selama sèwu taun. Merga Sétan lan para pengikuté wis disingkirké, manungsa isa urip bahagia saklawasé. (Why. 20:2, 3) Awaké dhéwé mesthi bakal bersyukur banget merga wis terus percaya lan manut karo Yéhuwah.

18. Apa sing isa dipelajari saka contoné wong Israèl sing mbrontak karo Yéhuwah? (Wilangan 11:4-6; 21:5)

18 Ing donya anyar, mungkin ya ora selalu gampang ndhukung keputusané Yéhuwah. Coba pikirna. Wektu wong Israèl dibébaské saka Mesir, ana sing mulai protès merga péngin mangan panganan sing mbiyèn ana ing Mesir. Wong-wong kuwi ya mulai nyebut nèk manna kuwi roti sing njijiki. (Wacanen Wilangan 11:4-6; 21:5.) Apa sakwisé ing donya anyar njenengan bakal kaya wong Israèl sing mbrontak kuwi? Saiki, awaké dhéwé ora ngerti apa waé sing kudu dikerjakké supaya bumi isa dadi firdaus. Tapi mesthiné bakal ana akèh gawéan, lan awaké dhéwé ora bakal isa santai-santai. Apa wektu kuwi awaké dhéwé bakal sambat karo Yéhuwah? Sing pasti, nèk saiki wis menghargai, sukmbèn awaké dhéwé ya bakal menghargai berkah-berkahé Yéhuwah.

19. Apa waé sing isa dipelajari saka artikel iki?

19 Awaké dhéwé kudu yakin karo keputusan lan arahané Yéhuwah merga kuwi mesthi bener. Awaké dhéwé ya kudu terus percaya karo wong-wong sing dipilih Yéhuwah kanggo mimpin umaté. Mula, terusa manut karo omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Nabi Yésaya iki, ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.”​—Yés. 30:15.

LAGU 98 Yéhuwah Mulang Liwat Kitab Suci

^ Awaké dhéwé kudu percaya karo Yéhuwah lan organisasiné. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa manfaaté nèk percaya karo Yéhuwah lan wong-wong sing dipilih kanggo mimpin umaté.

^ Mungkin, njenengan ya dikongkon nggabung ing jemaat sing sesuai karo tempat tinggalé njenengan. Bèn isa ngerti apa manfaaté nèk manut arahan kuwi, deloken ”Kotak Pertanyaan” ing Pelayanan Kerajaan Kita November 2002.