Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 7

”Rungokna Tenanan Omongané Wong Wicaksana”

”Rungokna Tenanan Omongané Wong Wicaksana”

”Rungokna tenanan omongané wong wicaksana.”​—WB. 22:17.

LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Awaké dhéwé isa éntuk naséhat pas situasi apa waé, lan kenapa awaké dhéwé kudu manut naséhat?

 AWAKÉ DHÉWÉ selalu butuh naséhat. Kadhang, awaké dhéwé njaluk naséhat karo wong sing luwih pengalaman. Terus, mungkin ya ana wong sing mènèhi naséhat merga ngerti nèk ”tumindaké [awaké dhéwé] ngarah marang sing salah”. (Gal. 6:1) Dhèwèké kaya ngono merga ora péngin awaké dhéwé nggawé keputusan sing salah lan akhiré gela. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa dinaséhati sakwisé nggawé kesalahan. Ora soal piyé situasiné, awaké dhéwé kudu manut karo naséhat sing dhasaré saka Alkitab. Kuwi demi manfaaté awaké dhéwé lan isa nylametké urip.​—WB. 6:23.

2. Nurut Wulang Bebasan 12:15, kenapa kudu gelem nampa naséhat?

2 Ing ayat téma kanggo artikel iki disebutké nèk awaké dhéwé kudu ’ngrungokké tenanan omongané wong wicaksana’. (WB. 22:17) Ora ana manungsa sing isa ngerti kabèh. Dadi, mesthi ana wong sing luwih pinter utawa luwih pengalaman timbang awaké dhéwé. (Wacanen Wulang Bebasan 12:15.) Nèk rendah hati, awaké dhéwé mesthi gelem ngrungokké naséhat. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé sadhar karo keterbatasané awaké dhéwé lan butuh bantuané wong liya bèn isa berhasil. Kuwi sebabé, Yéhuwah ngarahké Raja Salomo bèn nulis, ”Rencana . . . isa berhasil nèk ana akèh sing mènèhi naséhat.”​—WB. 15:22.

Nurut njenengan, naséhat endi sing angèl ditampa? (Deloken paragraf 3-4)

3. Awaké dhéwé isa éntuk naséhat saka endi waé?

3 Awaké dhéwé isa éntuk naséhat saka endi waé? Awaké dhéwé isa éntuk naséhat saka Alkitab utawa bacaan lan vidéo sing disedhiakké organisasi. (Ibr. 4:12) Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti apa sing kudu diupayakké. Tapi, awaké dhéwé ya isa éntuk naséhat saka para pinituwa utawa para sedulur sing luwih pengalaman. Sedulur-sedulur mènèhi naséhat merga perduli karo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu menghargai lan gelem manut karo naséhat kuwi.

4. Nurut Pengkhotbah 7:9, kuduné awaké dhéwé aja piyé nèk dinaséhati?

4 Pancèn nampa naséhat ora selalu gampang. Mungkin, awaké dhéwé ya malah isa tersinggung. Kenapa? Awaké dhéwé mémang ngerti nèk ora sampurna lan kerep nggawé salah. Tapi nèk ana sing nduduhké kesalahané awaké dhéwé, tetep waé awaké dhéwé isa nesu. (Wacanen Pengkhotbah 7:9.) Dadi pas dinaséhati, awaké dhéwé mungkin nggolèk-nggolèk alesan bèn ora kétok salah utawa tersinggung karo carané naséhat kuwi disampèkké. Awaké dhéwé ya mungkin nggolèk-nggolèk kesalahané sing mènèhi naséhat kuwi. Misalé, awaké dhéwé mungkin mikir, ’Ngapa ta kok dhèwèké ndadak naséhati aku? Mémangé dhèwèké ki sapa? Wong dhèwèké waé ya kerep nggawé salah kok.’ Sing luwih parah, awaké dhéwé ora ngrasa salah lan rumangsa naséhat kuwi ora cocog kanggo awaké dhéwé. Akibaté, awaké dhéwé ora gelem nampa naséhat kuwi utawa malah nggolèk dhukungané wong liya sing setuju karo pendapaté awaké dhéwé.

5. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug conto saka Alkitab soal wong-wong sing ora gelem dinaséhati lan sing gelem dinaséhati. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa nampa naséhat lan apa manfaaté nèk gelem dinaséhati.

WONG-WONG SING ORA GELEM DINASÉHATI

6. Apa sing isa dipelajari saka Raja Réhoboam?

6 Gatèkna contoné Raja Réhoboam. Pas dhèwèké dadi raja ing Israèl, rakyaté njaluk bèn bebané dikurangi. Terus, dhèwèké njaluk naséhaté para tuwa-tuwa. Para tuwa-tuwa kuwi ngomong nèk apiké Réhoboam nuruti rakyaté bèn rakyaté ora mbrontak. (1 Raj. 12:3-7) Tapi, Réhoboam ora seneng karo naséhat kuwi. Dhèwèké malah njaluk naséhaté wong-wong sing sak umuran karo dhèwèké. Wong-wong kuwi mesthiné wis nduwé pengalaman merga umuré sekitar 40-an. (2 Bb. 12:13) Tapi, wong-wong kuwi malah ngomong bèn Réhoboam nambahi bebané rakyaté. (1 Raj. 12:8-11) Kuduné Réhoboam ndonga bèn isa nggawé keputusan sing bener. Tapi, dhèwèké malah manut karo wong-wong sing sak umuran karo dhèwèké merga luwih seneng karo naséhaté wong-wong kuwi. Akibaté, rakyaté mbrontak karo Réhoboam. Dadi, apa pelajarané? Kadhang, ana sing mènèhi naséhat sing ora sesuai karo kepénginané awaké dhéwé. Tapi nèk kuwi dhasaré saka Alkitab, awaké dhéwé kudu gelem nampa naséhat kuwi.

7. Apa sing isa dipelajari saka contoné Raja Uzzia?

7 Conto liyané yaiku Raja Uzzia. Dhèwèké mlebu ing baité Yéhuwah kanggo mbakar dupa ing mézbah dupa, padahal sing éntuk kaya ngono mung para imam. Para imam ngomong, ”Uzzia, kowé ora pantes mbakar dupa kanggo Yéhuwah. Mung para imam sing éntuk mbakar dupa.” Nèk rendah hati, kuduné Uzzia manut karo naséhat kuwi lan langsung metu saka bait. Nèk ngono, Yéhuwah mungkin bakal ngapura Uzzia. Tapi, Uzzia malah ”nesu banget” sakwisé dinaséhati. Kenapa? Merga dadi raja, Uzzia mungkin ngrasa isa sak karepé dhéwé. Tapi Yéhuwah ora seneng karo sikapé Uzzia. Merga lancang, Uzzia kena kusta lan ”terus sengsara merga kusta kuwi nganti dhèwèké mati”. (2 Bb. 26:16-21) Apa sing isa dipelajari saka contoné Uzzia? Ora soal awaké dhéwé kuwi sapa, Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé ora manut karo naséhat sing dhasaré saka Alkitab.

WONG-WONG SING GELEM DINASÉHATI

8. Piyé tanggepané Ayub sakwisé dinaséhati?

8 Tapi, ing Alkitab ya ana contoné wong-wong sing diberkahi merga gelem dinaséhati. Contoné Ayub. Meskipun sayang karo Gusti Allah lan péngin nyenengké Dhèwèké, Ayub tetep manungsa sing durung sampurna. Pas ngadhepi akèh masalah, Ayub nduwé pandhangan sing klèru. Mula, dhèwèké dinaséhati karo Èlihu lan Yéhuwah. Terus Ayub piyé? Ayub ora nesu lan gelem dinaséhati. Ayub ngomong, ”Aku pancèn ngomong tanpa pemahaman. . . . Aku gela karo sing wis tak omongké, kuwi sebabé aku lungguh ing debu lan awu.” Merga rendah hati, Ayub diberkahi Yéhuwah.​—Ayb. 42:3-6, 12-17.

9. Kenapa Musa dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé?

9 Sakwisé nggawé kesalahan, Musa ya gelem dinaséhati. Wektu kuwi, wong Israèl terus-terusan sambat merga ora ana banyu. Musa dadi nesu lan akhiré ora ngluhurké Yéhuwah. Akibaté, Musa ora éntuk mlebu ing Tanah Perjanjian. (Wi. 20:1-13) Wektu Musa njaluk bèn isa mlebu ing Tanah Perjanjian, Yéhuwah ngomong ngéné karo Musa, ”Wis cukup! Aja ngomongké iki manèh.” (PT. 3:23-27) Terus, piyé tanggepané Musa? Musa ora nesu lan nampa keputusané Yéhuwah. Yéhuwah ya terus nggunakké Musa kanggo mimpin bangsa Israèl. (PT. 4:1) Ayub karo Musa gelem dinaséhati. Ayub ora nggolèk-nggolèk alesan bèn ora kétok salah lan gelem berubah. Musa ya tetep setya meskipun ora isa mlebu ing Tanah Perjanjian, padahal dhèwèké péngin banget mlebu ing kono. Wong loro kuwi bener-bener dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé.

10. (a) Nurut Wulang Bebasan 4:10-13, apa manfaaté nèk gelem dinaséhati? (b) Saka contoné sedulur-sedulur sing disebutké ing paragraf iki, piyé kuduné sikapé awaké dhéwé pas dinaséhati?

10 Awaké dhéwé isa éntuk manfaat nèk gelem dinaséhati kaya Ayub lan Musa. (Wacanen Wulang Bebasan 4:10-13.) Akèh sedulur sing wis ngupayakké kuwi. Misalé, Sedulur Emmanuel saka Kongo ngomong ngéné, ”Sedulur-sedulur sing pengalaman ngerti nèk aku dijarké waé, aku isa nggawé dosa lan akhiré dadi ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Mula, sedulur-sedulur kuwi mènèhi aku naséhat. Merga manut karo naséhaté sedulur-sedulur kuwi, aku dadi ora perlu ngalami masalah.” * Perintis saka Kanada sing jenengé Megan ngomong ngéné, ”Mémang dinaséhati kuwi ora selalu énak. Tapi, sakjané kuwi sing awaké dhéwé butuhké.” Terus, Sedulur Marko saka Kroasia ngomong, ”Merga nggawé dosa, aku dinaséhati lan ora éntuk tugas-tugas tambahan manèh ing jemaat. Tapi nèk tak pikir-pikir manèh, merga dinaséhati saiki aku isa cedhak manèh karo Yéhuwah.”

11. Piyé tanggepané Sedulur Karl Klein pas dinaséhati?

11 Sedulur Karl Klein, sing mbiyèn nglayani dadi anggota Pengurus Pusat, ya tau éntuk manfaat merga gelem dinaséhati. Dhèwèké crita nèk tau dinaséhati karo sahabaté, yaiku Sedulur Joseph F. Rutherford. Sedulur Klein ngakoni nèk awalé dhèwèké jèngkèl pas dinaséhati. Sedulur Klein crita, ”Sésuké pas Sedulur Rutherford ketemu aku, dhèwèké senyum lan ngomong, ’Halo Karl.’ Tapi merga isih jèngkèl, aku mung njawab, ’Hmmm.’ Terus, Sedulur Rutherford ngomong, ’Karl, ati-ati lho. Iblis péngin manfaatké kowé.’ Merga isin aku ngomong, ’Aku ra nesu karo njenengan kok.’ Tapi Sedulur Rutherford ngerti nèk aku isih jèngkèl karo dhèwèké. Mula dhèwèké ngomong manèh, ’Ya, ra apa-apa. Tapi, ati-ati lho. Iblis péngin manfaatké kowé.’ Omongané Sedulur Rutherford bener banget. Nèk terus-terusan jèngkèl karo sedulur liya, apa manèh nèk sedulur kuwi nduwé hak kanggo mènèhi naséhat, kuwi padha waé karo awaké dhéwé gelem dipengaruhi karo Iblis.” * (Éf. 4:25-27) Sedulur Klein gelem nampa naséhaté Sedulur Rutherford, lan wong loro kuwi tetep dadi sahabat.

PIYÉ BÈN LUWIH GAMPANG NAMPA NASÉHAT?

12. Kenapa awaké dhéwé luwih gampang nampa naséhat nèk rendah hati? (Mazmur 141:5)

12 Piyé bèn luwih gampang nampa naséhat? Awaké dhéwé kudu rendah hati lan sadhar nèk ora sampurna lan isa nggawé kesalahan. Kaya sing wis dirembug mau, Ayub awalé nduwé pandhangan sing klèru. Tapi merga rendah hati, Ayub gelem dinaséhati Èlihu, padahal Èlihu luwih enom. (Ayb. 32:6, 7) Merga Ayub gelem berubah, Yéhuwah mberkahi Ayub. Nèk rendah hati, awaké dhéwé bakal gelem dinaséhati, meskipun sing mènèhi naséhat kuwi luwih enom utawa awaké dhéwé ngrasa ora butuh naséhat. Ana pinituwa saka Kanada sing ngomong, ”Kadhang, sing isa ngerti kelemahané awaké dhéwé kuwi malah wong liya. Mula, awaké dhéwé isa dadi luwih apik nèk gelem dinaséhati.” Awaké dhéwé mesthi péngin isa nduwé sipat-sipat sing apik kaya sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Awaké dhéwé mesthi ya péngin isa luwih trampil pas nginjil lan mulang Alkitab. Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé butuh naséhaté wong liya.​—Wacanen Mazmur 141:5.

13. Naséhat kuwi sakjané bukti nèk Gusti Allah piyé karo awaké dhéwé?

13 Nganggep naséhat kuwi bukti nèk Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi sayang karo awaké dhéwé lan péngin awaké dhéwé bahagia. (WB. 4:20-22) Mula, Dhèwèké mènèhi naséhat liwat Alkitab, bacaan utawa vidéo saka organisasi, utawa saka sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Ing Ibrani 12:9, 10 disebutké nèk ”Gusti Allah ndhidhik awaké dhéwé bèn awaké dhéwé éntuk manfaat”.

14. Apa sing kudu digatèkké pas dinaséhati?

14 Gatèkna isi naséhaté, dudu carané kuwi disampèkké. Kadhang, awaké dhéwé isa jèngkèl merga carané naséhat kuwi disampèkké. Mémang, wong sing mènèhi naséhat kudu ngupaya bèn naséhaté isa luwih gampang ditampa. * (Gal. 6:1) Tapi nèk awaké dhéwé sing dinaséhati, awaké dhéwé péngin nggatèkké isi naséhaté meskipun ngrasa nèk carané nyampèkké kuwi kurang pas. Awaké dhéwé isa mikir, ’Meskipun ora seneng karo carané wong kuwi mènèhi naséhat, apa manfaaté nèk aku manut karo naséhaté? Timbang nggolèk-nggolèk kesalahané, apa aku isa nyoba ngetrapké sik naséhaté?’ Kaya sing disebutké ing Alkitab, awaké dhéwé isa dadi wicaksana nèk gelem ngrungokké naséhat.​—WB. 15:31.

ÉNTUK MANFAAT MERGA GELEM NGGOLÈK NASÉHAT

15. Apa manfaaté nèk nggolèk naséhat?

15 Ing Wulang Bebasan 13:10 disebutké nèk ”wong sing nggolèk naséhat kuwi wicaksana”. Kata-kata kuwi pancèn bener. Wong sing nggolèk naséhat sik sakdurungé nggawé keputusan biasané isa nggawé keputusan sing luwih apik. Tapi, wong sing ora gelem nggolèk naséhat ora isa kaya ngono. Dadi timbang ngentèni dinaséhati, luwih apik nèk awaké dhéwé nggolèk naséhat.

Kenapa sedulur wédok iki njaluk naséhat saka sedulur wédok liya sing luwih pengalaman? (Deloken paragraf 16)

16. Situasi apa waé sing cocog kanggo njaluk naséhat saka sedulur sing luwih pengalaman?

16 Situasi apa waé sing cocog kanggo njaluk naséhat saka sedulur sing luwih pengalaman? Misalé, ana sedulur wédok sing péngin luwih trampil mulang Alkitab. Dadi dhèwèké ngejak sedulur liya sing luwih pengalaman kanggo ngancani dhèwèké. Sakwisé kuwi, sedulur wédok kuwi isa njaluk saran saka sedulur sing ngancani dhèwèké. Terus, mungkin ana sedulur wédok sing isih enom sing péngin tuku klambi anyar. Mula, dhèwèké takon pendapaté sedulur wédok sing luwih pengalaman soal klambi sing arep dituku. Sakliyané kuwi, sedulur lanang sing pertama kali éntuk tugas nyampèkké ceramah umum ya isa éntuk manfaat saka naséhaté sedulur liya sing luwih pengalaman. Dhèwèké isa njaluk sedulur kuwi ngrungokké pas dhèwèké nyampèkké ceramah, lan ngandhani apa waé sing isa diupayakké bèn ceramahé dadi luwih apik. Malah, sedulur lanang sing wis bola-bali nyampèkké ceramah ya isa éntuk manfaat nèk gelem njaluk saran saka sedulur liya sing luwih pengalaman lan ngupaya ngetrapké saran-saran kuwi.

17. Awaké dhéwé kudu piyé nèk dinaséhati?

17 Kaya sing wis dirembug ing artikel iki, awaké dhéwé isa éntuk naséhat saka Alkitab utawa bacaan lan vidéo saka organisasi. Tapi, awaké dhéwé ya isa éntuk naséhat saka para pinituwa utawa sedulur-sedulur liya sing luwih pengalaman. Pas dinaséhati, élinga apa sing wis dirembug ing artikel iki. Dadia wong sing rendah hati. Gatèkna isi naséhaté, dudu carané kuwi disampèkké. Ngupayaa ngetrapké naséhat kuwi. Manungsa kuwi ora isa ujug-ujug dadi wicaksana. Tapi Alkitab janji nèk ’ngrungokké naséhat lan nampa dhidhikan’, awaké dhéwé bakal ”dadi wicaksana”.​—WB. 19:20.

LAGU 124 Tetep Setya

^ Umaté Yéhuwah ngerti nèk kudu manut karo naséhat sing dhasaré Alkitab. Tapi, nampa naséhat kuwi ora selalu gampang. Kenapa? Piyé carané bèn luwih gampang nampa naséhat? Kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ Deloken Menara Pengawal 1984 Seri 4 halaman 23-30.

^ Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané mènèhi naséhat bèn luwih gampang ditampa.