Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Sing Luwih Penting Timbang Dadi Dokter

Sing Luwih Penting Timbang Dadi Dokter

”APA sing njenengan omongké kuwi persis kaya sing tak pénginké kèt cilik.” Aku ngomong kaya ngono karo suami istri sing berobat ing klinikku. Pas kuwi taun 1971, lan aku isih anyaran dadi dokter. Bar omong-omongan karo suami istri kuwi, aku dadi ngerti sesuatu sing penting banget. Sakjané suami istri kuwi sapa, lan apa sing tak pénginké kèt cilik? Ayo tak critani pengalamanku.

Aku lair taun 1941 ing Paris, Perancis. Wong tuwaku dudu wong sugih. Kèt cilik, aku wis seneng sinau. Tapi pas umur sepuluh taun, aku kena TBC. Dokterku ngomong nèk aku kudu istirahat ing omah bèn cepet mari. Dadi aku sedhih banget merga ora isa sekolah. Selama beberapa bulan dirawat ing omah, aku kerep maca-maca kamus. Aku ya ngrungokké siaran pendidikan saka Universitas Paris sing disiarké liwat Radio Sorbonne. Pas dokterku ngomong nèk aku wis mari lan isa sekolah manèh, aku seneng banget. Aku mbatin, ’Wah, dokter ki hébat banget ya.’ Kèt kuwi, aku péngin isa ngobati wong-wong sing lara. Nèk bapakku takon apa cita-citaku, aku selalu njawab nèk aku péngin dadi dokter.

SING TAK PELAJARI PAS KULIAH NGGAWÉ AKU PÉNGIN KENAL GUSTI ALLAH

Keluargaku kuwi Katolik. Tapi aku ora ngerti apa-apa soal Gusti Allah. Aku ya nduwé akèh pertanyaan sing durung terjawab. Tapi pas kuliah kedokteran, aku dadi yakin nèk Pencipta kuwi mémang ana.

Aku kèlingan pas pertama kali ndeloki sèlé tanduran liwat mikroskop. Aku kagum merga sèl-sèlé tanduran kuwi isa nglindhungi dhiri bèn ora mati meskipun ing lingkungan sing panas utawa adhem. Aku ya nggatèkké nèk bagéan sèl sing jenengé sitoplasma isa mengkered pas kena uyah, tapi ya isa gedhé manèh nèk didèlèhké ing banyu. Merga nduwé kemampuan kaya ngono, makhluk hidup sing cilik banget tetep isa urip meskipun lingkungané berubah. Pas nggatèkké nèk sèl kuwi rumit lan hébat banget, aku dadi yakin nèk makhluk hidup kuwi mesthi ana sing nyiptakké lan ora mungkin ujug-ujug ana dhéwé.

Pas taun keloro kuliah kedokteran, aku tambah yakin nèk Gusti Allah kuwi ana. Ing kelas anatomi, aku diajari nliti tubuhé manungsa. Saka kono, aku dadi ngerti cara kerjané jari-jariné manungsa. Ing tlapak tangané manungsa, ana jaringan sing bentuké kaya tali sing disebut téndon. Jaringan iki fungsiné nyambungké otot lengan karo ruas-ruas jari. Tapi ing téndon sing nèmplèk ing ruas jari bagéan tengah, ana bagéan sing kebagi dadi loro lan membentuk celah. Hasilé, téndon liyané isa ngliwati celah kuwi lan nyambungké otot lengan karo ruas jari bagian ujung. Nèk susunané ora ngono, téndoné bakal kaku lan jariné manungsa ora isa nekuk. Carané otot lan tulang dirancang bèn isa kerja sama kuwi bener-bener luar biasa. Iki ya nggawé aku sadhar nèk Sing Ngrancang tubuhé manungsa kuwi pinter banget.

Pas ing kampus, aku ya dadi ngerti carané bayi sing bar dilairké mulai ambegan. Pas isih ing njero kandungan, bayi ora perlu ambegan dhéwé merga wis éntuk oksigèn liwat tali pusar. Kuwi sebabé, kantong-kantong udara sing ana ing njero paru-paruné durung keisi udara. Tapi beberapa minggu sakdurungé lair, kantong-kantong udara kuwi keisi cairan sing disebut surfaktan. Pas bayi kuwi lair lan mulai ambegan, ana sesuatu sing luar biasa. Katup sing ana ing jantungé bayi nutup. Dadi, getih isa mengalir saka jantung ing paru-paru. Terus merga ana surfaktan, kantong-kantong udara sing ing njero paru-paru ora mengkered lan lèngkèt pas bayiné ambegan. Hasilé, bayi kuwi isa ambegan dhéwé. Menurutku prosès kuwi hébat banget. Aku bener-bener kagum karo Sing Ngrancang prosès iki.

Merga péngin luwih kenal karo Gusti Allah, aku mulai maca Alkitab tenanan. Aku kagum karo hukum sing diwènèhké Gusti Allah kanggo wong Israèl. Misalé, Gusti Allah ngongkon wong Israèl sing arep ngising kudu nggali lubang, terus kotorané kudu ditutup. (PT. 23:13) Wong Israèl ya dikongkon kerep wisuh, ngumbah klambiné, lan adus. Terus nèk ana sing kena penyakit menular, ya kudu dipisahké. (Km. 13:50; 15:11) Apa sing dipréntahké Gusti Allah kuwi isa nyegah penularan penyakit. Bayangna, hukum-hukum kuwi wis diwènèhké Gusti Allah 3.000 taun kepungkur. Padahal, para peneliti lagi ngerti soal kuwi ing taun 1800-an. Sakliyané kuwi, ing buku Kaimaman ya ana hukum soal sèks. (Km. 12:1-6; 15:16-24) Nèk manut, wong Israèl mesthi isa tetep séhat. Aku dadi ngerti nèk hukum-hukum kuwi demi kebaikané wong Israèl, lan wong Israèl bakal diberkahi nèk manut karo Gusti Allah. Aku ya dadi yakin nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah. Tapi wektu kuwi, aku durung ngerti jenengé Gusti Allah.

KETEMU KARO BOJOKU LAN KENAL KARO YÉHUWAH

Pas aku nikah karo Lydie tanggal 3 April 1965

Pas isih kuliah, aku ketemu karo cah wédok sing ayu sing jenengé Lydie. Aku jatuh cinta karo dhèwèké. Taun 1965, aku nikah karo Lydie. Beberapa taun bar kuwi, aku mulai kerja dadi dokter. Terus taun 1971, aku wis nduwé anak telu. Lydie kuwi bojo sing luar biasa. Dhèwèké selalu ndhukung aku lan mbantu aku ndhidhik anak-anak.

Sakdurungé buka klinik, aku wis kerja ing rumah sakit selama telung taun. Ora suwé sakwisé buka klinik, aku ketemu karo suami istri sing tak sebutke ing awal critaku mau. Pas aku lagi nulis resèp kanggo sing lanang, bojoné ngomong, ”Dokter, tulung obaté aja sing mengandung getih, ya.” Aku takon, ”Lho, lha ngapa?” Dhèwèké njawab, ”Aku karo bojoku kuwi Seksi Yéhuwah.” Kuwi pertama kaliné aku krungu soal Seksi Yéhuwah. Aku ya lagi ngerti nèk Seksi Yéhuwah ora gelem nampa pengobatan sing nggunakké getih. (Kis. 15:28, 29) Bar kuwi, sing wédok mbukak Alkitab lan nduduhké ayat sing njelaské soal kuwi. Terus, wong loro kuwi nduduhké nèk sukmbèn Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh penderitaan, penyakit, lan kematian. (Why. 21:3, 4) Aku langsung ngomong, ”Apa sing njenengan omongké kuwi persis kaya sing tak pénginké kèt cilik. Aku dadi dokter ki bèn isa ngobati penyakité wong-wong.” Saking senengé, aku ngobrol karo suami istri kuwi nganti sak jam setengah. Sakwisé suami istri kuwi balik, aku ora gelem manèh dadi wong Katolik. Aku ya dadi ngerti nèk Gusti Allah sing tak kagumi kuwi jebulé nduwé jeneng, lan jenengé kuwi Yéhuwah.

Suami istri kuwi mbalik manèh ing klinikku nganti ping telu. Saben ketemu, aku ngobrol karo suami istri kuwi nganti sak jam luwih. Akhiré, suami istri kuwi tak undang ing omahku bèn mbahas Alkitabé luwih kepénak. Lydie ya gelem sinau Alkitab. Tapi, dhèwèké durung yakin nèk apa sing diajarké karo gréja Katolik kuwi salah. Dadi, aku ngundang pastor saka gréjaku bèn teka ing omahku. Dhèwèké tak kon njelaské ajarané gréja nggunakké Alkitab. Aku karo dhèwèké akhiré debat nganti bengi. Tapi sakwisé kuwi, Lydie dadi yakin nèk sing diajarké Seksi Yéhuwah pancèn bener. Bar kuwi, aku karo Lydie dadi semakin sayang karo Yéhuwah, lan akhiré aku karo Lydie dibaptis taun 1974.

NGUTAMAKKÉ YÉHUWAH

Sakwisé ngerti nèk sukmbèn Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi firdaus, aku sadhar nèk ana sing luwih penting timbang dadi dokter. Aku karo Lydie péngin nglayani Yéhuwah. Aku ya péngin ndhidhik anak-anakku bèn manut pathokané Alkitab. Aku ngajari anak-anakku bèn sayang karo Gusti Allah lan wong liya. Hasilé, aku karo Lydie dadi cedhak karo anak-anakku.​—Mat. 22:37-39.

Aku karo Lydie kerep geli dhéwé nèk ngéling-éling mbiyèn pas anak-anakku isih cilik. Aku ngajari anak-anakku, ”Nèk ya, ngomonga ’Ya’. Nèk ora, ngomonga ’Ora’,” kaya sing diomongké Yésus. (Mat. 5:37) Nah pas anakku wédok umur 17 taun, dhèwèké ngomong karo bojoku nèk péngin dolan karo kanca-kancané sing dudu Seksi Yéhuwah, tapi bojoku ora ngijinké. Terus salah siji kancané ngomong, ”Lha nèk ibumu ora éntuk, ya ngomong karo bapakmu waé, ta.” Anakku wédok njawab, ”Halah, mesthi ya padha waé. Paling ya ora éntuk karo bapakku.” Dadi anak-anakku, enem-enemé, ngerti nèk wong tuwané selalu kompak ndhidhik anak-anaké bèn manut karo Alkitab. Aku bersyukur banget karo Yéhuwah merga saiki keluargaku akèh sing nglayani Yéhuwah.

Aku ngerti nèk nglayani Yéhuwah kuwi kudu dadi sing utama. Tapi, aku ya péngin nggunakké kemampuanku kanggo mbantu sedulur-sedulur. Mula, aku ndaftar dadi sukarélawan ing Bètel Paris bèn isa ngobati sedulur-sedulur ing kono. Bar kuwi, aku ya nglayani ing Bètel sing anyar ing Louviers. Nganti saiki, aku wis mèh 50 taun dadi komuter ing Bètel. Aku seneng merga akèh wong Bètel sing dadi kancaku. Malah, ana sing saiki umuré wis 90-an. Aku ya nduwé pengalaman menarik pas ing Bètel. Wektu kuwi, aku ketemu karo cah enom sing lagi waé nglayani ing Bètel. Umuré isih 20 taun. Bar omong-omongan, aku karo dhèwèké lagi ngerti nèk jebulé mbiyèn sing mbantu ibuné nglairké dhèwèké kuwi aku. Aku seneng banget isa ketemu karo dhèwèké.

YÉHUWAH PERDULI KARO UMATÉ

Selama beberapa taun, aku nggatèkké nèk Yéhuwah nggunakké organisasiné kanggo nuntun lan nglindhungi umaté. Kuwi nggawé aku dadi tambah sayang karo Yéhuwah. Misalé, Pengurus Pusat péngin bèn ana dokter-dokter sing gelem kerja sama wektu mènèhi perawatan kanggo Seksi Yéhuwah. Mula pas taun 1980-an, Pengurus Pusat ngatur bèn ana sedulur-sedulur sing ngunjungi dokter-dokter ing Amerika Serikat, kanggo njelaské kenapa Seksi Yéhuwah ora gelem nampa pengobatan sing nganggo getih.

Pas taun 1988, Pengurus Pusat mbentuk departemèn anyar sing disebut Pelayanan Informasi Rumah Sakit. Departemèn iki ngawasi Panitia Penghubung Rumah Sakit (PPRS) sing awalé mung ana ing Amerika Serikat. PPRS kuwi tugasé mbantu sedulur-sedulur nggolèk dokter sing gelem mènèhi perawatan keséhatan tanpa nggunakké getih. Bar kuwi, Pengurus Pusat mènèhi arahan bèn PPRS ya dibentuk ing negara-negara liya, termasuk Prancis. Aku kagum karo organisasiné Yéhuwah sing terus ndhukung sedulur-sedulur sing lagi lara.

SING TAK PÉNGINKÉ BAKAL KELAKON

Aku karo Lydie seneng isa mbantu wong liya bèn ngerti kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah

Kèt mbiyèn, aku mémang seneng dadi dokter. Ning bar tak pikir-pikir, sing luwih penting kuwi mbantu wong bèn kenal karo Yéhuwah. Mula bar pènsiun, aku karo Lydie mulai merintis biasa. Aku isa nggunakké akèh wektu kanggo mbantu wong-wong bèn sukmbèn isa urip saklawasé.

Aku karo Lydie taun 2021

Kadhang, aku isih mbantu ngobati wong lara. Tapi aku ya sadhar nèk sak hébat-hébaté dokter, tetep waé ora isa marèkké kabèh penyakit, apa manèh nyegah wong bèn ora mati. Dadi, aku péngin bèn Kerajaané Gusti Allah ndang teka. Pas kuwi kelakon, ora ana manèh penderitaan, penyakit, lan kematian. Terus, aku ya bakal nduwé akèh wektu kanggo sinau soal ciptaan, termasuk carané Yéhuwah ngrancang tubuhé manungsa sing luar biasa. Kèt cilik, aku péngin bèn wong-wong sing lara isa mari. Aku yakin nèk sukmbèn kuwi mesthi bakal kelakon.