Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

COBANEN IKI

Ngetrapké Pelajaran Penting saka Alkitab

Ngetrapké Pelajaran Penting saka Alkitab

Wektu maca Alkitab, awaké dhéwé isa éntuk akèh keterangan sing menarik. Tapi, piyé carané bèn isa éntuk luwih akèh manfaat?

Nggatèkké kabèh perincian saka kisah ing Alkitab. Misalé sing nulis sapa, ditulis kanggo sapa, lan kapan kuwi ditulis. Terus pas kuwi ana peristiwa apa, apa sing kelakon sakdurungé, lan apa sing kelakon sakwisé kuwi.

Mikirké pelajarané. Carané, isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki: ’Piyé perasaané wong-wong ing kisah kuwi? Meréka sifat-sifaté piyé? Ngapa kok aku kudu niru sifat-sifaté sing apik? Ngapa kok aku aja nganti niru sifat-sifaté sing èlèk?’

Ngetrapké pelajarané, misalé wektu nginjil utawa wektu urusan karo wong liya. Nèk ngupayakké kuwi, mengko bakal ngrasakké sing diomongké Yésus: ”Kowé wis ngerti soal iki, ning kowé bakal bahagia nèk kuwi mbok tindakké.”—Yoh. 13:17.

  • Saran: Ing bagéan Sinau saka Alkitab ing pertemuan ibadah tengah pekan, biasané ana gambar, pertanyaan sing isa dipikirké, lan keterangan sing isa direnungké. Nèk nggatèkké kuwi kabèh, awaké dhéwé isa ngerti carané ngetrapké sing dipelajari.