Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 8

LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah

Terus Manut Tuntunané Yéhuwah

Terus Manut Tuntunané Yéhuwah

”Aku Yéhuwah . . . , sing nuntun kowé.”YÉS. 48:17.

INTI

Carané Yéhuwah nuntun umaté saiki lan manfaaté nèk manut tuntunané.

1. Ngapa kok butuh tuntunané Yéhuwah? Kèkana perumpamaan.

 BAYANGNA njenengan tersesat ing hutan. Ing kono berbahaya banget soalé ana akèh kéwan buas, tanaman beracun, lan serangga sing berbahaya liyané. Mesthi bersyukur banget nèk dikancani karo wong sing ngerti tenan hutan kuwi lan isa nuntun bèn njenengan ora kena bahaya. Nah, donya iki ya kaya hutan sing berbahaya. Soalé, ana akèh sing isa marakké awaké dhéwé dadi adoh saka Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah bakal nuntun awaké dhéwé bèn ora kena bahaya lan isa tekan ing donya anyar.

2. Piyé carané Yéhuwah nuntun?

2 Carané Yéhuwah nuntun piyé? Sing terutama liwat Alkitab. Tapi Yéhuwah ya milih wong-wong sing dadi wakilé, misalé ”budhak sing setya lan wicaksana”. Meréka ngekèki arahan bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. (Mat. 24:45) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya nuntun liwat pinituwa wilayah lan para pinituwa ing jemaat. Meréka ngekèki naséhat lan petunjuk bèn awaké dhéwé isa ngatasi masalah. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga terus dituntun Yéhuwah ing akhir jaman iki. Awaké dhéwé isa terus akrab karo Yéhuwah lan bahagia saiki nganti saklawasé.

3. Apa waé sing arep dibahas ing artikel iki?

3 Meskipun ngerti nèk kuwi tuntunan saka Yéhuwah, tapi merga sing nyampèkké manungsa sing ora sampurna, kanggo manut kuwi isa waé angèl. Lha ngapa? Awaké dhéwé mungkin ora seneng karo naséhaté. Utawa, awaké dhéwé ngrasa nèk arahan kuwi ora masuk akal, dadi ora mungkin saka Yéhuwah. Nèk ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah kuwi sing nuntun umaté lan nèk manut ana akèh manfaaté. Bèn tambah yakin, saiki ayo mbahas (1) carané Yéhuwah nuntun umaté jaman mbiyèn, (2) carané Yéhuwah nuntun umaté saiki, lan (3) apa manfaaté nèk terus manut tuntunané Yéhuwah.

Kèt mbiyèn nganti saiki, Yéhuwah nuntun umaté liwat wakil-wakilé ing bumi (Deloken paragraf 3)


CARANÉ YÉHUWAH NUNTUN BANGSA ISRAÈL

4-5. Apa buktiné nèk Yéhuwah sing nuntun bangsa Israèl liwat Musa? (Deloken gambar halaman 1.)

4 Yéhuwah milih Musa kanggo nuntun bangsa Israèl metu saka Mesir. Meskipun kétoké sing nuntun kuwi Musa, sakjané Yéhuwah sing nuntun bangsa Israèl. Buktiné, pas awan ana tugu méga, terus pas bengi ana tugu geni. (Pa. 13:21) Musa selalu ngetutké tugu kuwi, termasuk pas tugu kuwi ngarahké bangsa Israèl ing Laut Mérah. Wektu kuwi, bangsa Israèl ya lagi dioyak pasukan Mesir. Saking kewedèné, merga ing ngarepé ana Laut Mérah, terus ing mburiné ana pasukan Mesir, bangsa Israèl nganggep nèk Musa salah ngekèki arahan. Tapi, sakjané kuwi ora salah. Yéhuwah mémang sengaja nuntun umaté mrono. (Pa. 14:2) Ing kono, Yéhuwah nggawé mukjijat sing luar biasa kanggo nylametké umaté.—Pa. 14:​26-28.

Wektu mimpin bangsa Israèl ing padhang belantara, Musa selalu ngetutké tugu méga (Deloken paragraf 4-5)


5 Bar kuwi, selama 40 taun ing padhang belantara, Musa isih terus ngetutké tugu méga saka Yéhuwah kanggo nuntun bangsa Israèl. a Kadhang-kadhang, tugu méga kuwi ana ing ndhuwur kémahé Musa lan isa didelok kabèh wong Israèl. (Pa. 33:​7, 9, 10) Yéhuwah ngomong karo Musa saka njeroné tugu méga, terus Musa nyampèkké omongané Yéhuwah ing bangsa Israèl. (Mzm. 99:7) Ana akèh bukti sing isa didelok wong Israèl nèk Yéhuwah sing nuntun meréka liwat Musa.

Musa karo Yosua (Deloken paragraf 5, 7)



6. Apa buktiné wong Israèl ora gelem manut tuntunané Yéhuwah? (Wilangan 14:​2, 10, 11)

6 Sayangé, akèh-akèhé wong Israèl ora percaya nèk Musa kuwi wakilé Yéhuwah. (Wacanen Wilangan 14:​2, 10, 11.) Meréka bola-bali ora manut arahan saka Musa. Akibaté, wong-wong sing mbrontak kuwi ora éntuk mlebu ing Tanah Perjanjian.—Wi. 14:30.

7. Sebutna conto wong-wong sing gelem manut tuntunané Yéhuwah. (Wilangan 14:24) (Deloken gambar.)

7 Tapi, ana wong Israèl sing gelem manut tuntunané Yéhuwah. Misalé, Yéhuwah ngomong, ”Kalèb . . . terus manut saktulusé ati marang Aku.” (Wacanen Wilangan 14:24.) Kalèb diberkahi Yéhuwah. Malah dhèwèké éntuk milih panggonan ing Tanah Perjanjian. (Yos. 14:​12-14) Terus ya ana keturunané wong Israèl sing mati ing padhang belantara, sing terbukti gelem manut karo tuntunané Yéhuwah. Meskipun pemimpiné wis ganti dadi Yosua, meréka terus ’ngajèni banget’ Yosua. (Yos. 4:14) Hasilé, Yéhuwah nuntun meréka mlebu ing Tanah Perjanjian.—Yos. 21:​43, 44.

8. Pas bangsa Israèl dipréntah raja, Yéhuwah nuntun umaté liwat sapa? (Deloken gambar.)

8 Bertaun-taun bar kuwi, Yéhuwah nuntun umaté liwat para hakim. Terus, pas bangsa Israèl dipréntah raja, Yéhuwah milih para nabi kanggo ngarahké umaté. Para raja sing manut Yéhuwah gelem ngrungokké para nabi kuwi. Misalé, Raja Daud gelem ngrungokké naséhaté Nabi Natan. (2 Sam. 12:​7, 13; 1 Bb. 17:​3, 4) Raja Yéhosyafat terus manut arahané Nabi Yahazièl. Dhèwèké ya ngongkon wong-wong Yéhuda kanggo ”nduwé iman marang para nabiné” Gusti Allah. (2 Bb. 20:​14, 15, 20) Pas lagi susah, Raja Hizkia njaluk tulung Nabi Yésaya. (Yés. 37:​1-6) Saben para raja kuwi manut tuntunané Yéhuwah, meréka diberkahi lan bangsané dilindhungi. (2 Bb. 20:​29, 30; 32:22) Kabèh wong kuduné isa ndelok nèk Yéhuwah nuntun umaté liwat para nabi. Tapi, akèh-akèhé raja lan wong Israèl ora gelem ngrungokké para nabiné Yéhuwah.—Yér. 35:​12-15.

Raja Hizkia lan Nabi Yésaya (Deloken paragraf 8)



CARANÉ YÉHUWAH NUNTUN WONG KRISTEN MBIYÈN

9. Yéhuwah ngarahké wong Kristen jaman mbiyèn liwat sapa? (Deloken gambar.)

9 Jemaat Kristen mulai ana sakwisé Yésus diuripké manèh. Piyé Yéhuwah nuntun wong-wong Kristen wektu kuwi? Yéhuwah milih Yésus dadi kepalané jemaat. (Éf. 5:23) Tapi, Yésus ora langsung ngekèki arahan ing murid-muridé. Dhèwèké ngekèki arahan liwat para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm. (Kis. 15:​1, 2) Terus, ing jemaat-jemaat ya ana para pinituwa sing dilantik kanggo ngarahké para sedulur.—1 Tés. 5:12; Tit. 1:5.

Para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm (Deloken paragraf 9)



10. (a) Piyé tanggepané akèh-akèhé wong Kristen mbiyèn wektu dikèki arahan? (Kisah 15:​30, 31) (b) Ngapa kok ana sing ora manut karo wong-wong sing dipilih Yéhuwah kanggo nuntun umaté? (Deloken kothak ” Ngapa Kok Ana sing Ora Gelem Manut?”.)

10 Piyé tanggepané wong Kristen wektu kuwi? Akèh-akèhé gelem manut arahan sing ditampa. Malah, menurut Alkitab, meréka ”seneng banget” lan ngrasa dikuwatké. (Wacanen Kisah 15:​30, 31.) Nah, piyé Yéhuwah nuntun umaté jaman saiki?

CARANÉ YÉHUWAH NUNTUN UMATÉ SAIKI

11. Apa buktiné nèk Yéhuwah ngarahké wong-wong sing dadi wakilé sakwisé taun 1870?

11 Yéhuwah isih terus nuntun umaté nganti saiki liwat Alkitab, lan liwat Yésus sing dadi kepalané jemaat. Tapi sakliyané kuwi, isih ana wong-wong sing dipilih Yéhuwah dadi wakilé. Misalé, pikirna sing kelakon sakwisé taun 1870. Charles Taze Russell karo kanca-kancané mulai paham nèk 1914 kuwi taun sing penting merga Kerajaané Gusti Allah wis mréntah. (Dan. 4:​25, 26) Meréka isa nyimpulké kuwi merga mempelajari ramalan ing Alkitab lan percaya nèk ramalan kuwi bakal kelakon. Kuwi ya merga Yéhuwah sing ngarahké meréka. Ing taun 1914, ana peristiwa-peristiwa sing mbuktèkké nèk Kerajaané Gusti Allah wis mulai mréntah. Pas kuwi, ana Perang Donya I, wabah penyakit, gempa bumi, lan kelaparan. (Luk. 21:​10, 11) Dadi, Russell lan kanca-kancané bener-bener dipilih Yéhuwah dadi wakilé kanggo nuntun umaté.

12-13. Selama Perang Donya II, apa sing diupayakké organisasiné Yéhuwah kanggo kegiatan nginjil?

12 Terus ya gatèkna apa sing kelakon selama Perang Donya II. Bar mempelajari Wahyu 17:​8, para pengawas ing kantor pusat akhiré ngerti nèk bar Perang Donya II kuwi ora langsung Armagédon, tapi bakal ana masa damai. Kuwi isa dadi kesempatan kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik ing luwih akèh wong. Dadi, meskipun isih perang, organisasiné Yéhuwah malah ngadakké Perguruan Tinggi Alkitab Giléad Menara Pengawal. b Tujuané kanggo nglatih para utusan injil bèn isa nginjil lan mulang ing sak donya. Meréka bahkan ditugaské selama masa perang. Sakliyané kuwi, budhak sing setya ya mulai ngadakké Kursus Sekolah Téokratis c kanggo nglatih para penginjil bèn isa luwih trampil nginjil lan mulang. Kabèh pelatihan kuwi nyiapké umaté Yéhuwah bèn isa terus martakké kabar apik.

13 Saiki, awaké dhéwé isa ngrasakké nèk wektu kuwi mémang Yéhuwah sing nuntun umaté. Sejak Perang Donya II, umaté Yéhuwah wis bébas nginjil ing akèh negara. Malah, akèh wong dadi kenal Yéhuwah lan kegiatan nginjil berkembang pesat.

14. Ngapa kok awaké dhéwé percaya karo tuntunan saka organisasiné Yéhuwah lan para pinituwa? (Wahyu 2:1) (Deloken gambar.)

14 Anggota Pengurus Pusat jaman saiki ya selalu mastèkké bèn petunjuk sing dikèkké sesuai karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus. Arahané disampèkké liwat para pinituwa wilayah lan pinituwa ing jemaat. d Kabèh pinituwa, terutama sing nduwé harapan munggah swarga, ana ing ”tangané tengen” Kristus. (Wacanen Wahyu 2:1.) Mémang, para pinituwa isih durung sampurna lan isa nggawé salah. Musa, Yosua, lan para rasul ya tau nggawé kesalahan. (Wi. 20:12; Yos. 9:​14, 15; Rm. 3:23) Tapi, Yésus bakal terus nuntun budhak sing setya lan para pinituwa ”nganti akhir jaman”. (Mat. 28:20) Mulané, awaké dhéwé isa terus percaya lan manut tuntunané wong-wong sing wis dipilih Yéhuwah.

Pengurus Pusat saiki (Deloken paragraf 14)



MANFAATÉ NÈK TERUS MANUT TUNTUNANÉ YÉHUWAH

15-16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané wong-wong sing manut tuntunané Yéhuwah?

15 Bahkan saiki, awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat nèk terus manut tuntunané Yéhuwah. Contoné, Andy karo Rosa e manut arahan kanggo urip sederhana. (Deloken keterangan tambahan Matius 6:22 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Hasilé, meréka isa mèlu mbantu ing proyèk pembangunan organisasi. Rosa crita, ”Kami tau manggon ing omah sing cilik banget, nganti mèh masak waé ora ana nggoné. Aku ya ngedol akèh kaméra lan lénsaku. Pas ngedol kuwi aku nganti nangis, soalé kuwi sakjané hobiku. Tapi, kaya Sara bojoné Abraham, aku ora péngin fokus karo sing wis tak korbanké, tapi fokus karo sing isa tak kèkké Yéhuwah saiki.” (Ibr. 11:15) Merga nggawé keputusan kuwi, apa manfaaté kanggo Andy karo Rosa? Rosa ngomong, ”Kami puas merga wis ngekèkké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Wektu éntuk tugas saka organisasi, kami dadi ngrasakké kira-kira piyé urip ing donya anyar mengko.” Andy ya ngomong, ”Kami puas merga wektu lan tenaga kami bener-bener dienggo ndhukung organisasiné Yéhuwah.”

16 Apa manèh manfaaté nèk terus manut tuntunané Yéhuwah? Bar lulus sekolah, Maria péngin ngetrapké naséhat kanggo merintis. (Mat. 6:33; Rm. 12:11) Maria crita, ”Sakjané, aku éntuk béasiswa kuliah patang taun. Tapi, aku péngin ngekèkké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Dadi, akhiré aku belajar ketrampilan bèn isa kerja kanggo ndhukung merintis. Aku ora tau menyesali keputusanku. Saiki, aku dadi perintis biasa, lan merga gawéanku isa tak atur dhéwé, aku ya isa dadi komuter ing Bètel lan éntuk akèh tugas liyané.”

17. Apa manèh manfaaté nèk manut tuntunané Yéhuwah? (Yésaya 48:​17, 18)

17 Kadhang-kadhang, arahan saka organisasi kuwi isiné pengingat. Misalé, bèn ora ngutamakké harta utawa nglakoni sesuatu sing isa marakké nglanggar hukumé Gusti Allah. Nah, nèk manut, ana akèh manfaaté. Hati nurani isa ngrasa pénak lan ora mumet merga masalah sing ora perlu. (1 Tim. 6:​9, 10) Awaké dhéwé ya isa fokus nglayani Yéhuwah. Hasilé isa urip bahagia, damai, lan puas.—Wacanen Yésaya 48:​17, 18.

18. Ngapa kok njenengan péngin terus manut tuntunané Yéhuwah?

18 Selama sengsara gedhé bahkan nganti Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, Yéhuwah mesthi bakal terus ngekèki arahan liwat wakil-wakilé ing bumi. (Mzm. 45:16) Wektu kuwi, apa awaké dhéwé gelem manut bahkan nèk ora seneng karo arahané? Nèk kèt saiki wis biasa manut, sukmbèn ya bakal luwih gampang manut. Makané, ayo terus manut tuntunané Yéhuwah, termasuk saka para pinituwa. (Yés. 32:​1, 2; Ibr. 13:17) Awaké dhéwé isa percaya banget karo tuntunané Yéhuwah, merga kuwi isa nglindhungi bèn ora cilaka lan nuntun awaké dhéwé nganti tekan donya anyar.

APA JAWABANÉ?

  • Piyé carané Yéhuwah nuntun bangsa Israèl?

  • Piyé carané Yéhuwah nuntun wong Kristen jaman mbiyèn?

  • Apa waé manfaaté nèk manut tuntunané Yéhuwah saiki?

LAGU 48 Manuta Yah Saben Dina

a Yéhuwah ya nuntun bangsa Israèl ing Tanah Perjanjian liwat malaékaté sing ”ana ing ngarepé wong Israèl”. Malaékat kuwi Mikhaèl, utawa Yésus pas ing swarga.—Pa. 14:19; 32:34.

b Saiki jenengé Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal.

c Bar kuwi, jenengé diganti dadi Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Saiki, latihan nginjil kuwi dadi bagéan ing pertemuan ibadah tengah pekan.

d Deloken kothak ”Tugasé Pengurus Pusat” ing Warta Penting Februari 2021, halaman 18.

e Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.