Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

”Aku Sakjané Ora Tau Dhèwèkan”

”Aku Sakjané Ora Tau Dhèwèkan”

ANA akèh hal sing isa marakké awaké dhéwé ngrasa kesepian. Misalé ditinggal mati kanca utawa keluarga, pindhah ing panggonan sing anyar, utawa manggon ing dhaérah sing terpencil. Aku tau ngalami kuwi kabèh. Tapi nèk tak renung-renungké, aku sakjané ora tau dhèwèkan. Kok isa? Ayo tak critani pengalamanku.

CONTO SING APIK SAKA WONG TUWAKU

Awalé, Bapak karo Ibu kuwi wong Katolik sing rajin ngibadah. Tapi bar ngerti saka Alkitab nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, meréka dadi Seksi Yéhuwah sing semangat. Bapakku nduwé keahlian dadi tukang kayu. Mbiyèn, dhèwèké seneng nggawé patung Yésus. Tapi saiki, ketrampilan kuwi digunakké kanggo ngrénovasi bèn lantai siji omah kami isa dadi tempat ibadah. Akhiré, omahé kami dadi Balai Ibadah sing pertama ing San Juan del Monte, dhaérah pinggirané Manila, ibukotané Filipina.

Aku karo wong tuwa lan anggota keluarga liyané

Aku lair taun 1952. Masku ana papat, mbakyuku ana telu. Kèt cilik, kami selalu diajari Bapak karo Ibu soal Yéhuwah. Bapak ya ngulinakké aku maca Alkitab, saben dina sak pasal. Liwat macem-macem publikasi saka organisasi, Bapak ngajari bèn aku dadi ngerti luwih akèh soal Yéhuwah. Wong tuwaku kerep ngundang pinituwa wilayah lan wong Bètel kanggo nginep ing omah. Pergaulan lan pengalaman sing meréka critakké kuwi marakké kami sak keluarga dikuwatké lan dadi péngin ngutamakké nglayani Yéhuwah.

Bapak ibuku setya banget karo Yéhuwah. Kuwi dadi conto sing apik banget kanggo aku. Sakwisé Ibu mati merga lara, aku karo Bapak mulai merintis taun 1971. Tapi rong taun bar kuwi, bapakku mati. Wektu kuwi, umurku 20 taun. Merga wong tuwaku loro-loroné wis mati, aku bener-bener ngrasa kesepian. Tapi, harapan ing Alkitab marakké aku ”tetep kuwat lan yakin”. Aku dadi ora strès terus lan tetep cedhak karo Yéhuwah. (Ibr. 6:19) Ora suwé sakwisé bapakku mati, aku éntuk tugas dadi perintis istiméwa. Aku ditugaské ing pulau terpencil sing jenengé Coron, ing Provinsi Palawan.

PERASAAN KESEPIAN LAN TUGAS SING ORA GAMPANG

Pas tugas ing Pulau Coron, umurku 21. Pas tekan kono, aku kagèt banget soalé keadaané béda banget karo panggonanku mbiyèn. Ing kono listrik angèl, banyu angèl, transportasi ya angèl. Ing kono ya ora ana perintis liyané. Terus, jumlahé sedulur-sedulur ya mung sithik. Dadi kadhang aku ora nduwé kanca kanggo nginjil. Sebulan pertama, aku wis kangen banget karo kanca lan keluargaku. Pernah wektu kuwi pas bengi-bengi, aku ndelok bintang-bintang, terus ngerti-ngerti mbrebes mili. Rasané aku péngin mandheg lan bali mulih waé.

Saben aku ngrasa kesepian, kabèh sing tak rasakké tak critakké karo Yéhuwah. Aku ya ngéling-éling hal-hal sing nguwatké aku, sing tau tak waca ing Alkitab lan publikasi. Aku kerep mikirké Mazmur 19:14. Saka ayat kuwi aku dadi ngerti, nèk aku mikirké perbuatané Yéhuwah lan sifat-sifaté, Yéhuwah bakal dadi ”Gunung Watuku lan sing nebus aku”. Aku ya éntuk akèh manfaat saka artikel ing majalah Watchtower sing judhulé ”You Are Never Alone” (”Njenengan Ora Dhéwé”). a Kuwi tak waca ping bola-bali. Wektu aku ngrasa dhèwèkan, aku malah ngrasa nèk Yéhuwah ngancani aku, lan kuwi dadi kesempatan aku isa ndonga, sinau, lan ngrenungké.

Bar kuwi, aku dilantik dadi pinituwa. Merga ing kono pinituwané mung aku, saben minggu aku kudu mandhu Sekolah kanggo Mulang Alkitab, Piwulang kanggo Nginjil, Sinau Alkitab Bareng Jemaat, lan Pelajaran Warta Penting. Sing nyampèkké ceramah umum saben minggu ya aku. Akhiré, aku sing mauné ngrasa kesepian, tapi merga kesibukan kuwi, aku dadi ora terlalu mikirké kuwi manèh.

Aku ya menikmati nginjil ing Pulau Coron. Ana beberapa sing tak bantu sinau Alkitab akhiré padha dibaptis. Tapi ya ana tantangan-tantangan liyané. Kadhang, kanggo tekan ing dhaérah nginjilku, aku kudu mlaku saka ésuk tekan awan. Terus pas tekan nggoné, benginé ora ngerti arep turu ing endi. Dhaérah nginjilku kuwi ya termasuk kudu nggarap akèh pulau-pulau cilik. Bèn isa tekan kono, aku kudu numpak prau cilik. Malah, kadhang kudu ngliwati badai padahal aku ora isa renang. Aku ngrasakké tenan nèk Yéhuwah nglindhungi lan nguwatké aku. Nèk tak pikir-pikir, Yéhuwah sakjané lagi nyiapké aku kanggo tugas sing berikuté.

NGLAYANI ING PAPUA NUGINI

Taun 1978, aku pindhah tugas ing Papua Nugini, sebelah utarané Australia. Ing Papua Nugini kuwi ana akèh gunung. Jumlah penduduké ana telung yuta, tapi basané ana luwih saka 800. Untungé, akèh-akèhé wong ing kono isa basa Pijin Melanesia, utawa sing biasa disebut Tok Pisin.

Aku sementara dikon gabung ing jemaat basa Inggris ing Port Moresby, ibukotané Papua Nugini. Tapi, bar kuwi aku pindhah ing jemaat Tok Pisin. Terus, aku mèlu kelas basa Tok Pisin. Sing tak pelajari ing kelas kuwi langsung tak praktèkké wektu nginjil. Kuwi marakké aku dadi luwih lancar basané. Ora let suwé, aku wis isa nyampèkké ceramah umum nganggo basa Tok Pisin. Aku ora nyangka, durung nganti setaun ing Papua Nugini, aku wis ditugaské dadi pinituwa wilayah kanggo jemaat-jemaat basa Tok Pisin ing beberapa provinsi.

Merga jemaaté adoh-adoh, aku kudu ngatur beberapa pertemuan wilayah. Kuwi berarti aku ya kudu kerep lunga-lunga. Terus, iki negara sing asing kanggo aku. Wong-wong basané béda-béda lan budayané ya macem-macem. Dadi, awalé aku kerep ngrasa dhèwèkan. Terus merga dhaérahé gunung-gunung, dadi ora ana jalur darat. Makané, saben minggu aku kudu numpak pesawat kanggo ngunjungi jemaat-jemaat. Kadhang pesawaté ya wis rusak-rusak, wis tuwa, terus penumpangé ya mung aku thok. Nèk kanggoku, embuh numpak pesawat apa numpak prau, padha-padha medèniné.

Ing kana, ora akèh sing nduwé télpon. Dadi, aku kudu nulis surat kanggo ngubungi jemaat-jemaat. Kerep-kerepé, aku wis tekan dhaérah kuwi, tapi suratku malah durung tekan. Dadi, kanggo nggolèki para sedulur, aku kudu takon-takon karo penduduk setempat. Tapi bar ketemu para sedulur, meréka padha menghargai lan nyambut aku. Kuwi marakké aku ngrasa nèk upayaku ora sia-sia. Aku ngrasakké dhéwé Yéhuwah ndhukung aku nganggo akèh cara, lan kuwi marakké hubunganku karo Dhèwèké dadi tambah akrab.

Pas pertama ngunjungi jemaat ing Pulau Bougainville, ana suami istri sing senyum karo aku, terus takon, ”Apa njenengan kèlingan karo kami?” Bar tak éling-éling, ternyata pas pertama tekan ing Port Moresby, aku ngekèki meréka kesaksian. Meréka gelem belajar Alkitab, terus tak operké ing sedulur ing kana. Saiki, meréka wis dibaptis. Kanggoku, kuwi salah siji berkah sing tak rasakké selama telung taun aku nglayani ing Papua Nugini.

SAK KELUARGA SIBUK NGLAYANI YÉHUWAH

Aku karo Adel

Taun 1978, sakdurungé pindhah saka Pulau Coron, aku ketemu karo sedulur wédok sing jenengé Adel. Dhèwèké kuwi réla berkorban lan ana akèh sifat-sifaté sing marakké aku tertarik karo dhèwèké. Adel merintis biasa karo nggedhèkké anaké loro dhèwèkan. Anaké jenengé Samuel karo Shirley. Tapi ora mung kuwi thok. Dhèwèké ya ngopèni ibuné sing wis tuwa. Sasi Mei 1981, aku balik ing Filipina kanggo nikah karo Adel. Bar nikah, kami merintis bareng lan bareng-bareng ngopèni anak-anak lan Ibu.

Nglayani ing Palawan karo Adel lan anak-anak, yaiku Samuel karo Shirley

Meskipun nduwé tanggung jawab kaya ngono, taun 1983 aku éntuk tugas dadi perintis istiméwa. Aku ditugaské ing dhaérah terpencil ing Pulau Linapacan, Provinsi Palawan. Ing kono blas ora ana Seksi Yéhuwah. Kami sak keluarga pindhah ing pulau kuwi. Setaun bar kuwi, ibuné Adel mati. Meskipun ngrasa kélangan lan sedhih, kami isa tetep kuwat ngadhepi kuwi merga terus sibuk nginjil. Hasilé, ana akèh sing gelem belajar Alkitab lan péngin mèlu pertemuan ibadah. Makané, kami butuh panggonan kanggo ngibadah. Akhiré, kami mbangun dhéwé panggonané. Ana akèh hasil apik sing kami rasakké selama nglayani ing Pulau Linapacan. Sakwisé telung taun nglayani ing kono, ana 110 sing teka ing acara Peringatan. Bahkan sakwisé kami wis ora ing kono, ya ana akèh sing nggawé kemajuan lan dibaptis.

Taun 1986, aku ditugaské ing Pulau Culion. Beberapa taun bar kuwi, Adel ya dilantik dadi perintis istiméwa. Nah, ing Pulau Culion kuwi ana akèh wong sing lara kusta. Awalé, kami wedi lan was-was merga kudu ngandhani kabar apik karo wong-wong sing awaké cacad merga kusta kuwi. Tapi, para sedulur ing kana ngandhani nèk kami ora perlu terlalu wedi ketularan. Soalé, akèh-akèhé wong sing lara kusta kuwi wis padha diobati. Bahkan, ana beberapa sing wis mèlu pertemuan ibadah ing omahé salah siji sedulur wédok. Suwé-suwé, kami terbiasa nginjili wong-wong kuwi. Meréka kuwi mesakké banget. Selama iki, meréka ngrasa nèk dihukum Gusti Allah lan diedohi wong-wong. Dadi, meréka seneng banget wektu ngerti harapan nèk sukmbèn meréka isa bener-bener mari. Kami ya seneng isa nyritakké soal kuwi kanggo meréka.—Luk. 5:​12, 13.

Lha terus, nèk bocah-bocah piyé? Aku karo Adel ngejak loro sedulur wédok enom saka Pulau Coron kanggo mèlu nglayani ing Pulau Culion bèn bocah-bocah ana kancané. Samuel, Shirley, lan loro sedulur wédok kuwi menikmati nglayani ing Culion. Ana akèh keluarga sing gelem belajar Alkitab. Wong tuwané belajar Alkitab dibantu karo aku lan Adel, terus anak-anaké dibantu karo Samuel, Shirley, lan loro sedulur wédok kuwi. Malah pernah wektu kuwi, nganti ana 11 keluarga sing gelem belajar Alkitab. Ana akèh banget sing nggawé kemajuan nganti akhiré ana siji jemaat anyar sing terbentuk.

Wektu kuwi, ing Pulau Culion ana wolu penginjil, lan ing désa Marily ana sanga penginjil. Nah, pinituwané mung aku thok. Dadi, kantor cabang ngongkon aku bèn saben minggu mandhu pertemuan ibadah ing loro panggonan kuwi. Nah, saka Culion ing désa Marily kuwi jaraké telung jam numpak prau. Bar pertemuan ibadah ing kono, kami sak keluarga mlaku pirang-pirang jam ngliwati pegunungan kanggo mandhu pelajaran Alkitab ing désa Halsey.

Ana akèh banget wong sing berminat lan nggawé kemajuan ing désa Marily lan Halsey. Dadi, dibutuhké Balai-Balai Ibadah ing loro désa kuwi. Kaya ing Linapacan, para sedulur lan wong-wong sing berminat padha réla nyumbangké bahan-bahan bangunan, lan malah mèlu ngéwangi mbangun. Balai ing Marily isa nampung wong 200, lan akhiré ya diperluas nganti isa dienggo pertemuan wilayah.

NGRASA KÉLANGAN, KESEPIAN, TAPI AKHIRÉ BAHAGIA MANÈH

Bar bocah-bocah wis padha gedhé, taun 1993 aku karo Adel mulai nglayani ing tugas keliling ing Filipina. Taun 2000, aku mèlu Sekolah Pelatihan Pelayanan kanggo dilatih dadi instruktur sekolah kuwi. Awalé, aku ngrasa ora pantes dadi instruktur. Tapi Adel nyemangati aku. Dhèwèké ngélingké nèk Yéhuwah mesthi bakal ngekèki bantuan bèn aku isa ngrampungi tugasku iki. (Flp. 4:13) Adel isa ngomong kaya ngono merga dhèwèké wis ngrasakké dhéwé Yéhuwah nulungi dhèwèké ngrampungi tugasé meskipun Adel lagi ngalami masalah keséhatan.

Taun 2006, Adel didiagnosa lara Parkinson. Kami kagèt banget. Aku ngomong karo Adel nèk aku arep mandheg dadi instruktur bèn isa ngopèni dhèwèké. Tapi Adel ngomong, ”Tulung golèkna waé dokter sing isa ngrawat aku. Aku yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nulungi awaké dhéwé nglanjutké tugas iki.” Selama enem taun, Adel ora tau sambat. Dhèwèké terus semangat nglayani Yéhuwah. Pas wis ora isa mlaku, dhèwèké tetep nginjil meskipun kudu nganggo kursi roda. Pas dhèwèké kangèlan kanggo ngomong, dhèwèké ya tetep njawab ing pertemuan ibadah meskipun mung siji utawa loro kata. Para sedulur kerep ngekèki kartu lan nge-chat kanggo nduduhké nèk meréka menghargai upayané Adel. Taun 2013, Adel akhiré mati. Dhèwèké wis terbukti dadi bojo sing setya, sayang, lan terus ngancani aku selama luwih saka 30 taun. Bar dhèwèké mati, aku ngrasa kélangan banget. Aku ngrasa kesepian manèh.

Kaya kepénginané Adel, aku terus nglanjutké tugas sing wis dipercayakké kanggo aku. Merga terus sibuk, aku dadi ora terlalu ngrasa kesepian. Saka taun 2014 nganti 2017, aku ditugaské ngunjungi jemaat-jemaat basa Tagalog ing negara-negara sing ing kono kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang. Bar kuwi, aku ngunjungi jemaat-jemaat basa Tagalog ing Taiwan, Amerika Serikat, lan Kanada. Taun 2019, aku dadi instruktur Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah kelas basa Inggris ing India lan Thailand. Nglakoni tugas-tugas kuwi marakké aku seneng banget. Sing paling marakké aku bahagia kuwi nèk terus sibuk nglayani Yéhuwah.

SELALU ANA BANTUAN SAKA YÉHUWAH

Saben arep pindhah tugas mesthi rasané abot banget, soalé aku wis akrab karo sedulur-sedulur ing kono. Pas ngrasakké kaya ngono, aku malah dadi belajar kanggo percaya karo Yéhuwah. Aku wis bola-bali ngrasakké dhukungané, lan kuwi marakké aku dadi siap nampa perubahan apa waé. Saiki aku nglayani dadi perintis istiméwa ing Filipina. Aku seneng ing jemaatku saiki. Para sedulur ing kono wis kaya keluargaku sing nggatèkké lan sayang. Aku ya bangga ndelok Samuel karo Shirley nduwé iman sing gedhé kaya ibuné.—3 Yoh. 4.

Para sedulur ing jemaat wis dadi kaya keluarga

Selama uripku, aku wis tau ngalami akèh kesulitan, termasuk ndelok bojoku menderita merga penyakité lan akhiré mati. Aku ya kerep kudu nggawé penyesuaian merga tugas. Aku wis ngrasakké nèk Yéhuwah ”sakjané cedhak karo” aku. (Kis. 17:27) Bahkan ing panggonan sing terpencil, Yéhuwah selalu isa ndhukung lan nguwatké umaté. (Yés. 59:1) Aku bersyukur banget merga selama uripku Yéhuwah wis terbukti dadi Gunung Watuku lan selalu ngancani aku. Aku sakjané ora tau dhèwèkan.

a Deloken The Watchtower 1 September 1972, halaman 521-527.