Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 1

”Aja Kuwatir, Awit Aku Iki Allahmu”

”Aja Kuwatir, Awit Aku Iki Allahmu”

”Aja wedi, awit Aku nganthi kowé, aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu. Aku bakal nguwataké kowé, lan kowé bakal Dakpitulungi.”​—YÉ. 41:10, Basa Jawi Padintenan (BJP).

LAGU 7 Yéhuwah Kekuwatanku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Apa pengaruhé kata-kata ing Yésaya 41:10 kanggo Yoshiko? (b) Ayat kuwi isa nguwatké sapa waé?

ANA sedulur wédok sing jenengé Yoshiko. Dhèwèké dikandhani dokteré nèk ora suwé manèh dhèwèké bakal mati. Piyé tanggepané? Yoshiko kèlingan ayat ing Yésaya 41:10. (Wacanen.) Terus, Yoshiko kandha karo dokteré nèk dhèwèké ora wedi merga Yéhuwah nguwatké dhèwèké. * Kata-kata ing ayat kuwi mbantu Yoshiko bener-bener ngendelké Yéhuwah. Ayat kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé tetep tenang wektu ngadhepi masalah. Piyé carané? Ayo ngrembug dhisik apa sebabé Yéhuwah ngomong kaya ngono karo Yésaya.

2 Yéhuwah ngongkon Yésaya nulis kata-kata kuwi kanggo nguwatké wong-wong Yahudi sing bakal dadi tawanan ing Babilon. Kata-kata kuwi ora mung nguwatké wong-wong Yahudi, ning ya isa nguwatké kabèh umaté Yéhuwah. (Yé. 40:8; Rm. 15:4) Keadaan ing jaman saiki saya ”angèl diadhepi lan mbebayani”. (2 Tim. 3:1) Mula, awaké dhéwé butuh dikuwatké. Awaké dhéwé isa dikuwatké nèk maca janjiné Yéhuwah sing ana ing buku Yésaya.

3. (a) Janji apa waé sing dicathet ing Yésaya 41:10? (b) Apa sebabé awaké dhéwé mbutuhké janji-janji kuwi?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telung janjiné Yéhuwah ing Yésaya 41:10 (BJP). Yéhuwah janji nèk Dhèwèké (1) ora bakal ninggalké awaké dhéwé, (2) bakal tetep dadi Gusti Allahé awaké dhéwé, lan (3) bakal nulungi awaké dhéwé. Kaya Yoshiko, awaké dhéwé mbutuhké janji-janji * iki merga awaké dhéwé mesthi ya nduwé masalah. Awaké dhéwé ya kudu ngadhepi keadaan donya sing saya angèl. Malah, mungkin ana sing kudu ngadhepi tentangan saka pamréntah. Ayo dirembug telung janji kuwi.

”AKU NGANTHI KOWÉ”

4. (a) Apa janjiné Yéhuwah sing pertama? (Deloken cathetan ngisor.) (b) Piyé Yéhuwah nduduhké rasa sayangé karo awaké dhéwé? (c) Apa pengaruhé janjiné Yéhuwah kanggo njenengan?

4 Janjiné Yéhuwah sing pertama yaiku, ”Aja wedi, awit Aku nganthi kowé.” * Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé merga Dhèwèké perduli lan sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah nduduhké rasa sayangé wektu kandha, ”Sira iku aji [utawa, berharga] ana ing paningalingSun tuwin mulya [utawa, dihormati], sarta Ingsun asih [utawa, sayang] marang sira.” (Yé. 43:4) Yéhuwah kuwi setya. Mula, Yéhuwah ora bakal ngejarké apa waé ngalang-ngalangi Dhèwèké kanggo nduduhké rasa sayangé marang umaté. (Yé. 54:10) Merga sayang, Yéhuwah bakal nglindhungi lan mbantu awaké dhéwé bèn dadi kendel. Mbiyèn, Yéhuwah ya tumindak kaya ngono marang kancané, yaiku Abram (Abraham). Yéhuwah kandha, ”Aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira.”​—Pd. 15:1.

Awaké dhéwé isa ”ngliwati” masalah-masalah sing abot nganggo bantuané Yéhuwah (Deloken paragraf 5-6) *

5-6. (a) Apa buktiné nèk Yéhuwah perduli lan péngin mbantu wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah? (b) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Yoshiko?

5 Yéhuwah perduli lan péngin mbantu wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah. Yéhuwah kandha, ”Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal kèli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.” (Yé. 43:2) Apa maksudé kata-kata kuwi?

6 Yéhuwah ora janji kanggo nyingkirké masalahé awaké dhéwé. Ning, Yéhuwah ora bakal ngejarké masalah sing kaya ”kali-kali” lan ”geni” nggawé awaké dhéwé ngalami kesusahan kanggo sakterusé. Yéhuwah janji nèk Dhèwèké ora bakal ninggalké awaké dhéwé, ning malah mbantu awaké dhéwé ”ngliwati” masalah-masalah kuwi. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé ora wedi lan terus setya senajan kudu nganti mati. (Yé. 41:13, BJP) Yéhuwah wis janji, ”Aku nganthi kowé.” Nèk percaya karo janji kuwi, awaké dhéwé bakal dadi kendel lan tetep tenang wektu ngadhepi masalah. Kuwi sing dialami Yoshiko, sing disebutké mau. Anaké wédok kandha, ”Aku kagum karo ibuku. Dhèwèké isa tenang banget. Aku ngerti nèk kuwi mesthi merga Yéhuwah sing mbantu. Malah, sakdurungé ibu mati, ibu isa tetep nginjil marang para perawat lan pasièn liyané.”

”AKU IKI ALLAHMU”

7-8. (a) Apa janjiné Yéhuwah sing keloro, lan apa maksudé kata ”kuwatir” ing ayat kuwi? (b) Apa sebabé Yéhuwah kandha, ”Aja kuwatir”? (c) Kata-kata endi saka Yésaya 46:3, 4 sing isa nguwatké umaté Yéhuwah?

7 Janjiné Yéhuwah sing keloro yaiku, ”Aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu.” Ing basa asliné, kata ”kuwatir” sing digunakké ing ayat iki nduwé gagasan ”wong sing bola-bali ndelok mburi merga wedi” utawa ”wong sing ngrasa panik kaya lagi ngadhepi bahaya”.

8 Yéhuwah ngandhani wong-wong Yahudi sing bakal dadi tawanan ing Babilon bèn ora ”kuwatir”. Apa sebabé? Sakwisé 70 taun wong-wong Yahudi ana ing Babilon, Yéhuwah bakal nggunakké tentara Média-Pèrsia kanggo nyerang Babilon lan mbébaské wong-wong Yahudi. Wektu kuwi kelakon, Yéhuwah ngerti nèk wong-wong ing Babilon bakal wedi. (Yé. 41:2-4) Wektu arep diserang, wong-wong Babilon lan bangsa liya sing ana ing kono padha nguwatké siji lan sijiné lan kandha, ”Atimu sing tatag!” Wong-wong kuwi ya nggawé brahala-brahala sing luwih akèh, merga mikir nèk brahala-brahala kuwi isa nylametké. (Yé. 41:5-7) Ning, Yéhuwah wis ngandhani wong-wong Yahudi bèn tetep tenang. Yéhuwah kandha, ”Kowé kuwi abdi-Ku [ora kaya bangsa-bangsa liya] . . . Aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu.” (Yé. 41:8-10, BJP) Wektu kandha, ”Aku iki Allahmu,” kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora nglalèkké umaté sing setya. Yéhuwah isih dadi Gusti Allahé wong-wong Yahudi lan wong-wong kuwi ya isih dadi umaté. Yéhuwah ya kandha, ’Ingsun karsa nylametaké sira.’ Iki mesthi nguwatké wong-wong Yahudi sing ana ing Babilon.​—Wacanen Yésaya 46:3, 4.

9-10. Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi? Wènèhana perumpamaan.

9 Keadaan donya ing jaman saiki nggawé akèh wong dadi kuwatir. Awaké dhéwé ya isa waé ngalami masalah kaya wong-wong. Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi merga Yéhuwah kandha, ”Aku iki Allahmu.” Apa sebabé kata-kata iki isa nggawé awaké dhéwé tetep tenang?

10 Gatèkna perumpamaan iki: Jim lan Ben lagi numpak bis. Bisé ngliwati dalan sing ménggak-ménggok lan ana jurang ing pinggiré. Pas ana tikungan, wong-wong sing numpak bis kuwi padha njerit merga wedi. Jim ya wedi banget. Ning, Ben ketok ora wedi blas. Jim takon karo Ben, ”Kok kowé ora wedi, ta?” Ben mèsem lan ngomong, ”Soalé aku kenal karo sopiré. Sopiré kuwi bapakku. Tak critani ya, nèk kowé kenal karo bapakku, kowé mesthi ora bakal wedi.”

11. Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan soal wong loro sing numpak bis?

11 Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan kuwi? Kaya Ben, awaké dhéwé isa tetep tenang merga kenal tenan karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé tetep setya wektu ngadhepi masalah ing dina-dina pungkasan iki. (Yé. 35:4) Merga percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep tenang senajan wong liya ngrasa wedi. (Yé. 30:15) Kaya Ben, awaké dhéwé ya isa nyritakké alesané awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah. Kuwi isa mbantu wong liya percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu dhèwèké wektu ngalami masalah.

”AKU BAKAL NGUWATAKÉ KOWÉ, LAN KOWÉ BAKAL DAKPITULUNGI”

12. (a) Apa janjiné Yéhuwah sing ketelu? (b) Kata-kata ”ngasta pangwaos” nduduhké apa?

12 Janjiné Yéhuwah sing ketelu yaiku, ”Aku bakal nguwataké kowé, lan kowé bakal Dakpitulungi.” Nabi Yésaya wis njelaské piyé carané Yéhuwah bakal nguwatké umaté. Yésaya kandha nèk Yéhuwah ”rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos”. (Yé. 40:10) Kata-kata ”ngasta pangwaos” nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Raja sing kuwat. Yéhuwah nggunakké kuwasané sing ora ana tandhingané kanggo mbantu lan nglindhungi umaté ing jaman mbiyèn. Yéhuwah ya bakal nindakké kuwi kanggo umaté ing jaman saiki.​—PT. 1:30, 31; Yé. 43:10.

Ora ana senjata sing bakal mempan merga Yéhuwah bakal nglindhungi umaté (Deloken paragraf 12-16) *

13. (a) Kapan khususé Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé? (b) Apa janjiné Yéhuwah sing isa nguwatké awaké dhéwé?

13 Yéhuwah ”bakal nguwataké” awaké dhéwé khususé wektu awaké dhéwé ngalami tentangan saka mungsuh. Ing pirang-pirang negara, para mungsuh ngupaya bèn umaté Yéhuwah ora isa nginjil utawa ngibadah manèh. Ning, awaké dhéwé ora perlu terlalu kuwatir merga janjiné Yéhuwah isa nguwatké awaké dhéwé. Yéhuwah janji, ”Saben gegaman [utawa, senjata] kang digemblèng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama [utawa, mempan].” (Yé. 54:17) Apa sing isa disinaoni saka ayat kuwi?

14. Apa sebabé awaké dhéwé wis ngerti nèk bakal diserang mungsuh?

14 Pertama, awaké dhéwé wis ngerti nèk bakal disengiti merga dadi muridé Yésus. (Mat. 10:22) Yésus wis tau kandha nèk para rasulé bakal dianiaya ing dina-dina pungkasan. (Mat. 24:9; Yoh. 15:20) Keloro, awaké dhéwé ya ngerti nèk para mungsuh bakal nggunakké macem-macem ”gegaman”. ”Gegaman” kuwi contoné fitnah lan aniaya. (Mat. 5:11) Yéhuwah ora nyegah para mungsuh sing nyerang awaké dhéwé. (Éf. 6:12; Why. 12:17) Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi. Apa sebabé?

15-16. (a) Apa manèh sing perlu awaké dhéwé éling-éling, lan apa hubungané karo Yésaya 25:4, 5? (b) Nurut Yésaya 41:11, 12, apa sing bakal dialami para mungsuhé Yéhuwah?

15 Ketelu, awaké dhéwé perlu éling nèk Yéhuwah wis njamin nèk ”gegaman” apa waé ”ora bakal bisa tumama”, utawa mempan. Kaya témbok sing isa nglindhungi wektu ana badai, Yéhuwah ya nglindhungi awaké dhéwé saka para mungsuh. (Wacanen Yésaya 25:4, 5.) Para mungsuh ora bakal isa nggawé awaké dhéwé ngalami kesusahan kanggo sakterusé.​—Yé. 65:17.

16 Kanggo nguwatké awaké dhéwé, Yéhuwah ya ngandhani apa sing bakal dialami karo para mungsuhé awaké dhéwé. (Wacanen Yésaya 41:11, 12.) Senajan terus ngupaya nyerang awaké dhéwé, akhiré kabèh mungsuhé Yéhuwah ”bakal padha nemu karusakan [utawa, disirnakké]”.

CARANÉ BÈN SAYA PERCAYA KARO YÉHUWAH

Awaké dhéwé isa saya percaya karo Yéhuwah nèk maca Alkitab saben dina (Deloken paragraf 17-18) *

17-18. (a) Apa sebabé maca Alkitab isa mbantu awaké dhéwé saya percaya karo Yéhuwah? Wènèhana conto. (b) Apa hasilé nèk awaké dhéwé mikirké tenanan ayat taunan 2019?

17 Nèk bener-bener kenal karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa saya percaya karo Dhèwèké. Bèn kenal, awaké dhéwé kudu maca lan ngrenungké Alkitab. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti carané Yéhuwah nglindhungi umaté ing jaman mbiyèn. Kuwi bakal nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah perduli karo awaké dhéwé.

18 Nabi Yésaya mènèhi perumpamaan kanggo nduduhké piyé carané Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé. Yéhuwah diumpamakké kaya gembala lan umaté kaya anak domba. Yésaya kandha, ”Sarta iku padha diklempakaké kalawan astané; cempéné [utawa, anak dombané] padha dipangku.” (Yé. 40:11) Wektu maca ayat kuwi, awaké dhéwé mesthi ngrasa dilindhungi karo Yéhuwah. Mula, kanggo mbantu awaké dhéwé bèn tetep tenang wektu ana masalah, budhak sing setya lan wicaksana milih Yésaya 41:10 (BJP) kanggo dadi ayat taunan 2019. Ayat kuwi kandha, ”Aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu.” Nèk dipikirké tenanan, ayat kuwi bakal nguwatké awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah sing bakal kelakon sukmbèn.

LAGU 38 Yéhuwah sing Bakal Nguwatké

^ par. 5 Ayat taunan 2019 njelaské telung alesan sing isa mbantu awaké dhéwé tetep tenang wektu ana masalah. Alesan-alesan kuwi bakal dirembug ing artikel iki. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé ngurangi rasa kuwatir lan luwih ngendelké Yéhuwah. Pikirna tenanan, lan ngupayaa kanggo ngéling-éling ayat taunan iki. Kuwi bakal nguwatké awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah sing bakal kelakon sukmbèn.

^ par. 3 KATRANGAN: Janji kuwi omongan sing isa dipercaya soal apa sing mesthi bakal kelakon. Janjiné Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé tetep tenang wektu ana masalah.

^ par. 4 Yésaya 41:10, 13, lan 14 (BJP) nyebutké ”aja wedi” nganti ping telu. Ayat-ayat kuwi kerep nggunakké kata ”Aku” (sing maksudé yaiku Yéhuwah). Apa sebabé Yéhuwah ngongkon Nabi Yésaya kanggo nulis kata ”Aku” ping bola-bali? Yéhuwah péngin nduduhké nèk awaké dhéwé isa percaya karo Dhèwèké, mula awaké dhéwé ora perlu wedi.

^ par. 52 GAMBAR: Anggota keluarga sing ngadhepi masalah keséhatan, tantangan ing sekolah, ing gawéan, lan wektu nginjil.

^ par. 54 GAMBAR: Polisi nggrebeg omah sing dienggo berhimpun. Ning, para sedulur tetep tenang.

^ par. 56 GAMBAR: Ibadah Keluarga sing rutin isa mbantu awaké dhéwé tetep setya.