Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kenneth E. Cook, Jr., lan bojoné, yaiku Jamie

Anggota Pengurus Pusat sing Anyar

Anggota Pengurus Pusat sing Anyar

ANA pengumuman istiméwa kanggo keluarga Bètel Amerika Serikat lan Kanada ing dina Rebo ésuk tanggal 24 Januari 2018. Pengumumané yaiku: Sedulur Kenneth Cook, Jr. dilantik dadi anggota pengurus pusat Seksi-Seksi Yéhuwah.

Sedulur Cook lair lan gedhé ing Pennsylvania, AS. Dhèwèké sinau Alkitab saka kanca sekolahé sakdurungé lulus SMA lan dibaptis tanggal 7 Juni 1980. Sedulur Cook mulai merintis biasa tanggal 1 September 1982. Terus, dhèwèké diundang kanggo ngabdi ing Bètel Wallkill, New York, tanggal 12 Oktober 1984.

Saksuwéné 25 taun, Sedulur Cook terus nglayani ing penugasan sing béda-béda ing bagéan Percétakan lan Kantor Bètel. Ing taun 1996, dhèwèké nikah karo sedulur wédok sing jenengé Jamie. Terus, wong loro kuwi ngabdi ing Bètel Wallkill. Ing Desember 2009, Sedulur Cook lan bojoné dipindhah menyang Pusat Pendidikan Menara Pengawal ing Patterson, New York. Ing kono, Sedulur Cook ditugaské ing Departemen Korespondensi. Bar kuwi, Sedulur Cook lan bojoné bali sedhéla menyang Wallkill, terus dipindhah menyang Brooklyn, New York, ing sasi April 2016. Sakwisé limang sasi ing kono, Sedulur Cook lan bojoné pindhah menyang kantor pusat ing Warwick, New York. Ing Januari 2017, Sedulur Cook dilantik dadi asistèn Panitia Penulisan Pengurus Pusat.