Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 3

Piyé Carané Njaga Ati?

Piyé Carané Njaga Ati?

”Atimu reksanen kanthi waspada.”​—WB. 4:23.

LAGU 36 Ayo Terus Njaga Ati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-3. (a) Apa sebabé Yéhuwah sayang karo Salomo, lan berkah apa waé sing ditampa Salomo? (b) Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

SALOMO dadi raja Israèl wektu isih enom. Wektu Salomo mulai mréntah, Yéhuwah kandha karo Salomo liwat mimpi, ”Nyuwuna apa kang bakal Sunparingaké marang sira.” Salomo njawab, ’Kawula taksih anèm sanget lan dèrèng gadhah pengalaman. Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis [”ati sing manut”, Terjemahan Dunia Baru (NWT)] supados saged ngakimi umat Paduka.’ (1 Ra. 3:5-10) Salomo mung njaluk ”ati sing manut”. Iki nduduhké nèk Salomo rendah hati. Mula, Yéhuwah sayang karo dhèwèké. (2 Sa. 12:24) Saking senengé karo jawabané Salomo, Yéhuwah mènèhi dhèwèké ”ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan [utawa, kapinteran]”.​—1 Ra. 3:12.

2 Salomo éntuk akèh berkah wektu dhèwèké setya karo Yéhuwah. Dhèwèké éntuk kaurmatan kanggo mbangun bait ”kagem asmané Sang Yéhuwah”. (1 Ra. 8:20) Salomo dadi terkenal merga nduwé kawicaksanan saka Yéhuwah. Salomo ya éntuk ilham saka Allah kanggo nulis telung buku ing Alkitab. Salah sijiné yaiku buku Wulang Bebasan.

3 Kata ”ati” bola-bali disebutké ing Wulang Bebasan. Misalé, Wulang Bebasan 4:23 kandha, ”Atimu reksanen [utawa, jaganen] kanthi waspada.” Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Apa sing dimaksud ”ati” ing ayat kuwi? Apa sing ditindakké Sétan kanggo ngrusak atiné awaké dhéwé? Piyé carané njaga ati? Bèn isa tetep setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé perlu ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi.

APA SING DIMAKSUD ”ATIMU”?

4-5. (a) Apa sing dimaksud ”ati” ing Wulang Bebasan 4:23? (b) Apa sebabé njaga ati kuwi isa dipadhakké karo njaga keséhatan jasmani?

4 Sing dimaksud ”ati” ing Wulang Bebasan 4:23 ana hubungané karo pikiran, perasaan, niat, lan kepénginané awaké dhéwé. Senajan ora kétok saka njaba, ning kuwi isa nduduhké kaya apa awaké dhéwé sing saktenané.

5 Njaga ati kuwi isa dipadhakké karo njaga keséhatan jasmani. Kanggo njaga keséhatan jasmani, awaké dhéwé perlu mangan panganan sing séhat lan olahraga sing teratur. Dadi, kanggo njaga ati, awaké dhéwé perlu teratur maca Alkitab lan publikasi Alkitab. Awaké dhéwé ya perlu nduduhké iman ing urip saben dina, carané yaiku ngetrapké lan nyritakké sing wis disinaoni saka Alkitab. (Rm. 10:8-10; Yak. 2:26) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé isa waé rumangsa séhat lan ora kétok lara, padahal sakjané nduwé penyakit. Dadi, awaké dhéwé mungkin ya nduwé kebiasaan rohani lan rumangsa kuwat imané, ning sakjané nduwé kepénginan sing salah. (1 Kor. 10:12; Yak. 1:14, 15) Sétan pancèn péngin mengaruhi awaké dhéwé bèn nduwé kepénginan sing salah. Apa waé sing ditindakké Sétan kanggo ngrusak atiné awaké dhéwé? Lan piyé carané isa njaga ati?

CARANÉ SETAN NGRUSAK ATI

6. Apa tujuané Sétan lan apa sing ditindakké bèn tujuané kelakon?

6 Sétan péngin awaké dhéwé dadi kaya dhèwèké, yaiku mbrontak nglawan hukumé Yéhuwah lan ngutamakké kepénginané dhéwé. Sétan ora isa meksa awaké dhéwé bèn nduwé cara mikir lan tumindak kaya dhèwèké. Mula, bèn kepénginané kelakon, Sétan nggunakké wong-wong sing wis dirusak atiné kanggo mengaruhi awaké dhéwé. (1 Yoh. 5:19) Pikiran lan tumindaké awaké dhéwé isa rusak nèk bergaul karo wong-wong sing kaya ngono. (1 Kor. 15:33) Kuwi sing dialami Raja Salomo. Dhèwèké nikah karo akèh wong wédok sing ora nyembah Yéhuwah. Akhiré atiné kepengaruh lan Salomo dadi adoh saka Yéhuwah.​—1 Ra. 11:3.

Piyé carané awaké dhéwé njaga ati bèn ora kena pengaruh saka Sétan? (Deloken paragraf 7) *

7. Apa manèh sing digunakké Sétan kanggo mengaruhi awaké dhéwé lan apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati?

7 Merga ngerti nèk crita-crita ing film lan acara TV ora mung isa dadi hiburan, Sétan nggunakké kuwi kanggo mengaruhi pikiran, perasaan, lan tumindaké awaké dhéwé. Yésus kerep mulang nggunakké crita, misalé crita wong Samaria sing apikan lan anak sing ilang. (Mat. 13:34; Luk. 10:29-37; 15:11-32) Ning, crita saka wong-wong sing nduwé cara mikiré Sétan isa ngrusak atiné awaké dhéwé. Pancèn film lan acara TV isa dadi sarana hiburan lan pendidikan sing apik. Ning, awaké dhéwé tetep kudu ngati-ati. Dadi, wektu milih hiburan, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa film utawa acara TV iki nggawé aku dadi péngin nindakké sing salah?’ (Gal. 5:19-21; Éf. 2:1-3) Awaké dhéwé kudu nganggep nèk hiburan sing isiné padha kaya cara mikiré Sétan kuwi kaya penyakit menular sing kudu diedohi.

8. Piyé carané wong tuwa mbantu anak-anaké bèn isa njaga ati?

8 Wong tuwa nduwé tanggung jawab kanggo njaga anak-anaké saka pengaruhé Sétan sing isa ngrusak ati. Umpamané, bèn anak-anak ora kena penyakit, wong tuwa mesthi ngupaya kanggo njaga omahé tetep resik. Mula, wong tuwa ya perlu njaga anak-anaké bèn ora kena pengaruh saka film, acara TV, game, lan situs internèt sing isiné padha kaya cara mikiré Sétan. Wong tuwa ya kudu mbantu anak-anaké bèn isa akrab karo Yéhuwah. Tanggung jawab kuwi asalé saka Yéhuwah. (WB. 1:8; Éf. 6:1, 4) Mula, wong tuwa isa netepké aturan-aturan sing dhasaré saka pathokané Alkitab. Wong tuwa ora mung ngandhani soal apa sing éntuk lan ora éntuk didelok, ning ya ngandhani apa alesané. (Mat. 5:37) Anak-anak perlu dilatih bèn saya suwé isa ngerti apa sing bener lan sing salah nurut pathokané Yéhuwah. (Ibr. 5:14) Wong tuwa ya perlu mènèhi conto sing apik bèn isa ditiru anak-anaké.​—PT. 6:6, 7; Rm. 2:21.

9. Sétan péngin awaké dhéwé mikir apa, lan apa sebabé kuwi bahaya?

9 Sétan ya ngupaya bèn awaké dhéwé luwih percaya karo cara mikiré manungsa ketimbang Yéhuwah. (Kol. 2:8) Misalé, Sétan péngin awaké dhéwé mikir nèk dadi sugih kuwi penting banget. Wong-wong sing ngutamakké nggolèk dhuwit isa waé dadi sugih utawa isa waé ora. Ning, ngupaya dadi sugih kuwi bahaya. Wong-wong kuwi isa waé nganti kudu ngorbanké keséhatané, keluargané, lan hubungané karo Gusti Allah. (1 Tim. 6:10) Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga Yéhuwah wis mbantu bèn nduwé pandhangan sing bener soal dhuwit.​—Ko. 7:12; Luk. 12:15.

CARANÉ NJAGA ATI

Kaya wong sing njaga gerbang lan kutha, awaké dhéwé kudu ngerti apa waé sing isa ngrusak ati lan langsung tumindak bèn isa njaga ati (Deloken paragraf 10-11) *

10-11. (a) Apa sing kudu ditindakké bèn isa njaga ati? (b) Apa sebabé hati nurani isa dipadhakké kaya wong sing njaga kutha?

10 Bèn isa njaga ati, awaké dhéwé kudu ngerti apa waé sing isa ngrusak ati lan langsung tumindak. Kuwi padha kaya tugasé wong sing njaga kutha. Ing jaman mbiyèn, para penjaga ngadeg ing ndhuwur témbok kutha lan mènèhi peringatan wektu ana bahaya. Iki nggambarké apa sing kudu ditindakké bèn ora kena pengaruh saka Sétan.

11 Ing jaman mbiyèn, wong sing njaga kutha kuwi kerjasama karo wong sing njaga gerbang. (2 Sa. 18:24-26) Wektu ana mungsuh, wong-wong sing njaga gerbang langsung nutup gerbangé kanggo nglindhungi kutha. (Ny. 7:1-3) Kaya wong sing njaga kutha kuwi, hati nurani sing dilatih Alkitab * isa mènèhi peringatan wektu ana mungsuh. Mungsuhé awaké dhéwé yaiku Sétan sing ngupaya mengaruhi pikiran, perasaan, niat, utawa kepénginané awaké dhéwé. Wektu hati nurani mènèhi peringatan, awaké dhéwé kudu langsung tumindak kanggo njaga ati.

12-13. Awaké dhéwé isa waé kegodha kanggo nindakké apa, ning piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé?

12 Gatèkna salah siji conto sing isa mbantu awaké dhéwé njaga ati saka pengaruhé Sétan. Alkitab kandha, ”Aja nganti kowé padha ngomongké bab hubungan sèks sing ora sah lan saben jenis kenajisan.” (Éf. 5:3) Ning, piyé nèk kanca kerja utawa sekolah ngomongké soal hubungan sèks sing ora sah? Awaké dhéwé ngerti nèk kudu ’nolak apa sing ora cocog karo kersané Gusti Allah [lan] pepénginan marang bab-bab sing ala saka donya iki’. (Tit. 2:12) Kaya wong sing njaga kutha, hati nurani isa waé mènèhi peringatan nèk kuwi bahaya. (Rm. 2:15) Ning, apa awaké dhéwé nggatèkké peringatan kuwi? Mungkin awaké dhéwé kegodha kanggo ngrungokké omongané kanca-kanca utawa ndelok gambar-gambar sing disebarké. Ning, awaké dhéwé kuduné langsung ngedohi bahaya kuwi. Awaké dhéwé isa ngganti topik omongané utawa langsung lunga saka kono.

13 Awaké dhéwé kudu wani nolak wektu digodha kanca-kanca kanggo mikirké utawa nindakké apa sing salah. Yéhuwah mesthi nggatèkké upayané awaké dhéwé. Yéhuwah ya bakal mènèhi kekuwatan lan kawicaksanan bèn awaké dhéwé isa nolak cara mikiré Sétan. (2 Bb. 16:9; Yé. 40:29; Yak. 1:5) Apa manèh sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo njaga ati?

TERUSA WASPADA

14-15. (a) Apa sebabé awaké dhéwé perlu mbukak ati, lan piyé carané? (b) Apa sing isa disinaoni saka Wulang Bebasan 4:20-22 soal carané éntuk manfaat saka maca Alkitab? (Deloken kothak ” Sing Perlu Direnungké”.)

14 Bèn isa njaga ati, awaké dhéwé kudu nolak pengaruh sing salah. Ning, awaké dhéwé ya kudu mbukak ati kanggo nampa pengaruh sing apik. Wong sing njaga gerbang kudu nutup gerbang wektu ana mungsuh. Ning, gerbangé ya perlu dibukak bèn bahan panganan isa digawa mlebu. Nèk gerbangé ora tau dibukak, wong-wong ing njero kutha isa kekurangan panganan. Dadi, awaké dhéwé perlu mbukak ati bèn isa terus nduwé cara mikiré Yéhuwah.

15 Cara mikiré Yéhuwah ana ing Alkitab. Mula, bèn pikiran, perasaan, lan tumindaké awaké dhéwé cocog karo pikirané Yéhuwah, awaké dhéwé perlu maca Alkitab. Bèn éntuk manfaat, awaké dhéwé kudu ndonga sakdurungé maca Alkitab. Ana sedulur wédok sing kandha, ”Sakdurungé maca Alkitab, aku ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ’nyawang kaélokanipun angger-anggeré’ Yéhuwah.” (Ms. 119:18) Awaké dhéwé ya kudu ngrenungké apa sing wis diwaca. Akhiré, cara mikiré Yéhuwah isa mlebu ing atiné awaké dhéwé.​—Wacanen Wulang Bebasan 4:20-22; Ms. 119:97.

16. Apa manfaaté nonton acara JW Broadcasting? Wènèhana conto.

16 Cara liyané bèn awaké dhéwé isa nduwé cara mikiré Yéhuwah yaiku nonton acara JW Broadcasting®. Ana suami istri sing kandha, ”Acara JW Broadcasting saben sasi bener-bener isa njawab donga-dongaku. Aku lan bojoku dadi dikuwatké lan disemangati wektu ngrasa sedhih utawa kesepian. Aku lan bojoku seneng ngrungokké lagu-lagu saka JW Broadcasting wektu lagi masak, resik-resik, utawa pas santai.” Acara JW Broadcasting isa mbantu awaké dhéwé njaga ati. Awaké dhéwé isa sinau saka acara kuwi bèn nduwé cara mikiré Yéhuwah lan nolak godhaan saka Sétan.

17-18. (a) Nurut 1 Para Raja 8:61, apa hasilé nèk awaké dhéwé nindakké apa sing bener? (b) Apa sing isa disinaoni saka contoné Raja Hizkia? (c) Kaya dongané Daud ing Jabur 139:23, 24, apa sing isa awaké dhéwé dongakké?

17 Wektu ngrasakké manfaaté nindakké apa sing bener, imané awaké dhéwé isa dadi saya kuwat. (Yak. 1:2, 3) Awaké dhéwé isa puas merga wis nggawé Yéhuwah bangga, lan awaké dhéwé isa dadi saya péngin nyenengké Dhèwèké. (WB. 27:11) Saben ana godhaan, kuwi dadi kesempatan kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé tenanan ngabdi marang Yéhuwah. (Ms. 119:113) Awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah, yaiku nèk awaké dhéwé bener-bener manut karo Yéhuwah lan nindakké kersané.​—Wacanen 1 Para Raja 8:61.

18 Merga ora sampurna, awaké dhéwé mesthi nggawé kesalahan. Élinga karo contoné Raja Hizkia. Senajan nggawé kesalahan, ning dhèwèké mertobat lan tetep ngabdi marang Yéhuwah ”kalayan setya tuwin tulusing manah”. (Yé. 38:3-6; 2 Bb. 29:1, 2; 32:25, 26) Dadi, awaké dhéwé kudu nolak pengaruhé Sétan sing isa ngrusak ati. Awaké dhéwé ya kudu ndonga bèn nduwé ”ati sing manut”. (1 Ra. 3:9, NWT; wacanen Jabur 139:23, 24.) Awaké dhéwé bakal isa tetep setya marang Yéhuwah nèk terus njaga ati.

LAGU 54 ’Iki Dalané’

^ par. 5 Sétan terus ngupaya bèn awaké dhéwé ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. Wektu digodha karo Sétan, apa awaké dhéwé bakal nyerah utawa tetep setya karo Yéhuwah? Senajan godhaané abot, awaké dhéwé isa tetep setya nèk njaga ati. Sing dimaksud ”ati” kuwi apa? Apa sing ditindakké Sétan kanggo ngrusak atiné awaké dhéwé? Piyé carané njaga ati? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 11 KATRANGAN: Yéhuwah mènèhi hati nurani, yaiku kesanggupan kanggo mriksa pikiran, perasaan lan tumindaké awaké dhéwé. Hati nurani ya isa mbantu awaké dhéwé ngerti kaya apa awaké dhéwé sing saktenané. (Rm. 2:15; 9:1) Hati nurani sing dilatih Alkitab isa mbantu awaké dhéwé ngerti apa pikiran, tumindak, lan omongané awaké dhéwé wis cocog karo pathokané Yéhuwah.

^ par. 56 GAMBAR: Sedulur lanang sing wis dibaptis lagi nonton TV lan ana adegan sing amoral. Dhèwèké kudu mutuské apa sing arep ditindakké.

^ par. 58 GAMBAR: Wong sing njaga kutha ing jaman mbiyèn ndelok ana bahaya. Dhèwèké mènèhi peringatan, lan sing njaga gerbang langsung nutup gerbangé.