Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

Sipat-Sipat sing Nggawé Awaké Dhéwé Teka ing Perhimpunan lan Acara Pèngetan

Sipat-Sipat sing Nggawé Awaké Dhéwé Teka ing Perhimpunan lan Acara Pèngetan

”Kowé martakké sédané Gusti nganti dhèwèké teka.”​—1 KOR. 11:26.

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Apa sing digatèkké Yéhuwah wektu ndelok jutaan wong sing teka kanggo mèngeti kematiané Yésus? (Deloken gambar ing halaman 1.) (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

BAYANGNA wektu jutaan wong ing sakdonya teka kanggo mèngeti kematiané Yésus. Yéhuwah ora mung ndelok sepira akèhé sing teka, ning ya nggatèkké saben wong sing teka ing acara kuwi. Misalé, Yéhuwah nggatèkké wong-wong sing ngupaya teka saben taun senajan ana sing kudu ngalami tentangan utawa dianiaya. Ana manèh sing ora ajeg teka berhimpun, ning mesthi teka ing acara Pèngetan merga nganggep kuwi acara sing penting. Yéhuwah ya nggatèkké wong-wong sing lagi sepisanan teka ing acara Pèngetan, mungkin mung merga péngin ngerti.

2 Yéhuwah mesthi seneng wektu ana akèh sing teka ing acara Pèngetan. (Luk. 22:19) Senajan jumlahé sing teka ya penting, ning alesané wong-wong gelem teka kuwi luwih penting kanggo Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan sing penting iki: Apa sebabé awaké dhéwé ora mung teka ing acara Pèngetan saben taun, ning ya teka ing perhimpunan saben minggu?

(Deloken paragraf 1-2) *

NDUDUHKÉ SIPAT RENDAH HATI

3-4. (a) Apa sebabé awaké dhéwé teka ing perhimpunan? (b) Nèk gelem teka ing perhimpunan lan acara Pèngetan, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé sipat apa? (c) Kaya sing dijelaské ing 1 Korintus 11:23-26, apa sebabé awaké dhéwé kudu teka ing acara Pèngetan?

3 Awaké dhéwé teka ing perhimpunan, khususé merga kuwi bagéan saka ibadah. Nèk teka ing perhimpunan, awaké dhéwé ya isa diwulang karo Yéhuwah. Wong sing sombong biasané rumangsa ora perlu diwulang karo wong liya. (3 Yoh. 9) Ning, awaké dhéwé kepéngin diwulang karo Yéhuwah lan organisasiné.​—Yé. 30:20; Yoh. 6:45.

4 Awaké dhéwé gelem teka ing perhimpunan merga péngin diwulang karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya teka ing acara Pèngetan, ora mung merga rumangsa wajib ning merga manut karo préntahé Yésus. Yésus kandha, ”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” (Wacanen 1 Korintus 11:23-26.) Acara Pèngetan isa ngélingké nèk Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé lan wis mènèhi harapan ing masa depan. Ning, Yéhuwah ya ngerti nèk awaké dhéwé butuh terus dikuwatké, ora mung setaun pisan. Mula, Yéhuwah nyedhiakké acara perhimpunan saben minggu lan ngongkon awaké dhéwé teka. Awaké dhéwé mesthi gelem ngorbanké akèh wektu kanggo persiapan lan teka ing perhimpunan. Kuwi kabèh nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé sipat rendah hati.

5. Apa sebabé wong sing rendah hati gelem nampa undangan saka Yéhuwah?

5 Saben taun, akèh wong sing rendah hati gelem nampa undangan kanggo diwulang karo Yéhuwah. (Yé. 50:4) Wong-wong kuwi gelem teka ing acara Pèngetan, lan sakwisé kuwi mulai teka ing acara-acara perhimpunan. (Za. 8:20-23) Awaké dhéwé lan wong-wong kuwi seneng banget merga isa dituntun lan diwulang karo Yéhuwah, Gusti Allah sing mbantu lan nulungi awaké dhéwé. (Ms. 40:18) Ora ana sing luwih penting ketimbang nampa undangan kanggo diwulang karo Yéhuwah lan Yésus, Putrané sing disayangi.​—Mat. 17:5; 18:20; 28:20.

6. Critakna pengalamané wong lanang sing gelem teka ing acara Pèngetan.

6 Saben taun, awaké dhéwé ngupaya ngundang sak akèh-akèhé wong kanggo teka ing acara Pèngetan. Akèh wong sing rendah hati ya éntuk manfaat merga gelem nampa undangan kuwi. Misalé, pirang-pirang taun kepungkur, ana wong lanang sing nampa undangan Pèngetan. Wong lanang kuwi kandha karo Seksi Yéhuwah sing mènèhi undangan nèk dhèwèké ora isa teka. Ning, pas dinané Pèngetan, wong kuwi teka. Dhèwèké seneng banget merga disambut ing Balé Ibadah. Kuwi nggawé dhèwèké gelem teka terus ing acara perhimpunan. Saksuwéné setaun, mung ping telu dhèwèké ora berhimpun. Sedulur sing ngundang kandha nèk wong lanang kuwi gelem teka merga rendah hati. Saiki wong kuwi wis dibaptis. Awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah sing narik dhèwèké bèn dadi umaté.​—2 Sa. 22:28; Yoh. 6:44.

7. Apa sebabé acara perhimpunan lan maca Alkitab isa mbantu awaké dhéwé nduduhké sipat rendah hati?

7 Awaké dhéwé isa sinau carané nduduhké sipat rendah hati nèk teka ing perhimpunan lan maca Alkitab. Ing acara perhimpunan pirang-pirang minggu sakdurungé Pèngetan, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Yésus lan sipat rendah hatiné sing diduduhké wektu ngorbanké nyawané. Ing dina-dina sakdurungé Pèngetan, awaké dhéwé ya perlu maca ayat-ayat Alkitab sing nyritakké peristiwa sakdurungé lan sakwisé Yésus mati. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé luwih ngajèni pengorbanané Yésus. Terus, kuwi bakal nggawé awaké dhéwé dadi péngin niru sipat rendah hatiné Yésus lan nindakké kersané Yéhuwah senajan kadhang kala ora gampang.​—Luk. 22:41, 42.

NDUDUHKÉ SIPAT KENDEL

8. Apa buktiné nèk Yésus kendel?

8 Awaké dhéwé ya ngupaya niru sipat kendelé Yésus. Sakdurungé mati, Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké nduwé sipat kendel. Yésus ngerti nèk bakal diécé, digebugi lan dipatèni karo mungsuhé. (Mat. 20:17-19) Ning, Yésus ora wedi. Ing taman Gètsemani, Yésus kandha karo para rasulé sing setya, ”Tangia, ayo lunga. Deloken, sing ngianati aku wis teka.” (Mat. 26:36, 46) Terus, wektu ana wong akèh sing nggawa senjata teka kanggo nangkep dhèwèké, Yésus maju lan njaluk bèn para muridé éntuk lunga. (Yoh. 18:3-8) Kuwi bukti nèk Yésus kendel banget. Jaman saiki, wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga lan sing nduwé harapan ing bumi ya niru sipat kendelé Yésus. Apa buktiné?

Awaké dhéwé isa nguwatké wong liya nèk nduduhké sipat kendel kanggo teka ing perhimpunan (Deloken paragraf 9) *

9. (a) Apa sebabé awaké dhéwé mungkin perlu nduduhké sipat kendel bèn isa ajeg teka ing perhimpunan? (b) Apa sebabé awaké dhéwé isa dadi conto kanggo para sedulur sing lagi dipenjara merga imané?

9 Bèn isa ajeg teka ing perhimpunan, awaké dhéwé mungkin perlu nduduhké sipat kendel wektu ngadhepi keadaan sing angèl. Ana sedulur-sedulur sing tetep berhimpun senajan lagi sedhih, cilik ati, utawa nduwé masalah keséhatan. Ana manèh sing tetep berhimpun senajan ditentang karo keluargané utawa pejabat pamréntah. Awaké dhéwé isa dadi conto kanggo para sedulur sing lagi dipenjara merga imané. (Ibr. 13:3) Wektu krungu nèk awaké dhéwé tetep setya senajan ngadhepi tantangan, para sedulur kuwi isa dadi luwih kendel, tetep setya, lan kuwat imané. Kuwi sing dialami karo Rasul Paulus. Wektu dipenjara ing Roma, Paulus seneng banget wektu krungu nèk para sedulur padha setya ngabdi. (Flp. 1:3-5, 12-14) Ora suwé sakdurungé utawa sakwisé dibébaské, Paulus nulis surat kanggo para sedulur ing Ibrani. Paulus nguwatké para sedulur kuwi bèn terus nduduhké ”katresnan paseduluran” lan ora nglalèkké acara perhimpunan.​—Ibr. 10:24, 25; 13:1.

10-11. (a) Sapa waé sing perlu diundang ing acara Pèngetan? (b) Nurut Éfésus 1:7, apa sebabé awaké dhéwé ngundang wong-wong ing acara Pèngetan?

10 Awaké dhéwé ya kudu kendel wektu ngundang keluarga, kanca kerja, lan tangga-tangga kanggo teka ing acara Pèngetan. Awaké dhéwé péngin ngundang wong-wong kuwi merga ngajèni pengorbanané Yéhuwah lan Yésus kanggo manungsa. Awaké dhéwé ya péngin wong-wong kuwi éntuk manfaat saka ”welas asihé [Yéhuwah] sing nggumunké” sing nyata saka anané korban tebusan.​—Wacanen Éfésus 1:7; Why. 22:17.

11 Dadi, teka ing acara perhimpunan nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé sipat kendel. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya nduduhké sipat liya sing diduwèni karo Yéhuwah lan Yésus.

NDUDUHKÉ KATRESNAN

12. (a) Apa sebabé teka ing perhimpunan lan acara Pèngetan isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih nresnani Yéhuwah lan Yésus? (b) Nurut 2 Korintus 5:14, 15, piyé awaké dhéwé isa niru Yésus?

12 Awaké dhéwé gelem teka ing perhimpunan merga nresnani Yéhuwah lan Yésus. Ing perhimpunan, awaké dhéwé terus diélingké nèk Yéhuwah lan Yésus ya nresnani awaké dhéwé. Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi luwih nresnani Yéhuwah lan Yésus. (Rm. 5:8) Ing acara Pèngetan, awaké dhéwé ya bakal diélingké nèk Yéhuwah lan Yésus tresna banget karo kabèh wong, klebu sing durung ngerti pentingé tebusan. Mula, awaké dhéwé dadi péngin niru Yésus saben dina. (Wacanen 2 Korintus 5:14, 15.) Terus, awaké dhéwé ya dadi péngin muji Yéhuwah. Salah siji carané yaiku mènèhi komentar ing perhimpunan.

13. Apa buktiné awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan Yésus? Terangna.

13 Nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé mesthi gelem nggawé pengorbanan. Misalé, awaké dhéwé perlu nggawé pengorbanan bèn isa berhimpun. Senajan kesel merga wis kerja sedina, akèh sedulur sing tetep teka ing perhimpunan tengah pekan. Sakliyané kuwi, bèn isa teka ing perhimpunan akhir pekan, awaké dhéwé ya kudu ngorbanké wektu istirahat. Yéhuwah mesthi nggatèkké lan ngajèni pengorbanané awaké dhéwé.​—Mrk. 12:41-44.

14. Piyé carané Yésus mènèhi conto sing isa ditiru soal nduduhké katresnan?

14 Yésus nggawé pengorbanan kanggo nduduhké katresnané. Iki dadi conto kanggo awaké dhéwé. Yésus ora mung gelem ngorbanké uripé, ning ya terus ngutamakké kepentingané murid-muridé. Misalé, Yésus gelem nggunakké wektu kanggo mulang murid-muridé senajan dhèwèké sakjané lagi kesel lan ngrasa susah. (Luk. 22:39-46) Yésus ora mikirké kepentingané dhéwé, ning luwih mikirké apa sing isa dhèwèké tindakké kanggo murid-muridé. (Mat. 20:28) Kaya Yésus, awaké dhéwé péngin nduduhké rasa tresna marang Yéhuwah lan para sedulur. Mula, awaké dhéwé bakal ngupaya teka ing acara Pèngetan lan perhimpunan.

15. Awaké dhéwé khususé péngin mbantu sapa?

15 Awaké dhéwé seneng nggunakké wektu kanggo ngundang wong-wong bèn isa dadi bagéan saka paseduluran Kristen sing sejati. Ning, awaké dhéwé khususé péngin mbantu ”sedulur-sedulur seiman” sing wis ora tau nginjil utawa teka ing perhimpunan manèh. (Gal. 6:10) Awaké dhéwé isa nduduhké katresnan nèk ngundang para sedulur kuwi ing acara Pèngetan lan perhimpunan. Kaya Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé mesthi seneng banget wektu ana sedulur sing kaya ngono gelem teka manèh ing perhimpunan.​—Mat. 18:14.

16. (a) Piyé carané awaké dhéwé isa nguwatké para sedulur, lan apa manfaaté teka ing perhimpunan? (b) Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngéling-éling omongané Yésus sing dicathet ing Yohanes 3:16?

16 Awaké dhéwé kudu ngundang sak akèh-akèhé wong kanggo teka ing acara Pèngetan sing dianakké dina Jumat bengi tanggal 19 April 2019. (Deloken kothak ” Ayo Ngundang Wong-Wong”.) Yéhuwah wis nyedhiakké acara perhimpunan saben minggu. Ing perhimpunan, awaké dhéwé isa terus dikuwatké lan nguwatké para sedulur. Awaké dhéwé ya dibantu bèn isa nduduhké sipat rendah hati, kendel, lan katresnan ing dina-dina pungkasan. (1 Tés. 5:8-11) Merga Yéhuwah lan Yésus wis nduduhké katresnané, awaké dhéwé mesthi ya kepéngin nduduhké rasa tresna marang Yéhuwah lan Yésus.​—Wacanen Yohanes 3:16.

LAGU 126 Terusa Kuwat lan Santosa!

^ par. 5 Pèngetan kematiané Yésus sing dianakké ing dina Jumat bengi tanggal 19 April 2019 bakal dadi acara sing paling penting. Apa sebabé awaké dhéwé gelem teka ing acara kuwi? Mesthiné merga péngin nyenengké Yéhuwah. Artikel iki bakal ngrembug sipat-sipat apa waé sing nggawé awaké dhéwé teka ing acara Pèngetan lan perhimpunan.

^ par. 50 GAMBAR HALAMAN 1: Jutaan wong ing sakdonya diundang kanggo teka ing Pèngetan kematiané Yésus

^ par. 52 GAMBAR: Sedulur lanang sing lagi dipenjara ngrasa dikuwatké wektu nampa surat saka keluargané. Sedulur kuwi seneng merga ora dilalèkké lan ngerti nèk keluargané ya tetep setya karo Yéhuwah senajan lagi ana kerusuhan politik.