Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

”Gunakna Wektumu kanggo Nindakké Apa sing Penting”

”Gunakna Wektumu kanggo Nindakké Apa sing Penting”

”Kowé kudu tumindak kaya wong sing wicaksana, dudu kaya wong sing ora wicaksana. Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—ÉF. 5:15, 16.

LAGU 8 Yéhuwah sing Nglindhungi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Merga péngin cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo apa waé?

 AWAKÉ DHÉWÉ mesthi seneng nèk isa nduwé wektu kanggo bareng-bareng karo wong sing disayangi. Misalé, wong sing nikah mesthi seneng nèk isa bareng-bareng karo bojoné. Sing liyané mesthi ya seneng nèk isa kumpul-kumpul karo kancané utawa bergaul karo sedulur seimané. Tapi sakliyané kuwi kabèh, awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa nduwé wektu kanggo Yéhuwah, misalé kanggo ndonga, maca Alkitab, lan ngrenungké sipat-sipat lan kepénginané Yéhuwah. Nèk isa nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah, kuwi apik banget.​—Mzm. 139:17.

2. Apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé ora nduwé wektu kanggo ndonga lan sinau Alkitab?

2 Ndonga lan sinau Alkitab kuwi mémang nyenengké. Tapi kuwi ora mesthi gampang. Awaké dhéwé kudu nyambut gawé, nduwé tanggung jawab keluarga, lan ya ana tugas-tugas liya sing kudu dikerjakké. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi terlalu sibuk lan akhiré dadi ora nduwé wektu kanggo ndonga, maca Alkitab, utawa ngrenungké soal Yéhuwah.

3. Apa manèh sing isa nggawé awaké dhéwé ora nduwé wektu kanggo ngibadah?

3 Sakliyané kuwi, ana kegiatan sing sakjané ora salah tapi isa ngentèkké wektu. Misalé, awaké dhéwé mémang butuh hiburan. Tapi élinga, nèk kuwi dudu sing paling penting. Dadi nèk ora ngati-ati, kuwi malah isa ngentèkké wektu lan akhiré awaké dhéwé ora isa ngibadah.​—WB. 25:27; 1 Tim. 4:8.

4. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa kok kudu ngutamakké sing luwih penting. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa bener-bener éntuk manfaat pas ndonga lan sinau Alkitab, lan apa manfaaté nèk nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah.

NGGAWÉ PILIHAN SING BENER; NGUTAMAKKÉ SING LUWIH PENTING

5. Bèn isa nggawé pilihan sing bener, kenapa cah-cah enom kudu mikirké Éfésus 5:15-17?

5 Nggawé pilihan sing bener. Cah enom biasané péngin ngerti piyé carané bèn uripé bahagia. Mungkin, guru utawa keluargané sing dudu Seksi Yéhuwah ngongkon dhèwèké nglanjutké kuliah bèn isa éntuk gawéan sing kepénak lan nduwé dhuwit sing akèh. Nèk milih kuwi, dhèwèké isa waé ora nduwé wektu kanggo ngibadah. Tapi, wong tuwa lan kanca-kancané ing jemaat mungkin ngongkon dhèwèké bèn nglayani Yéhuwah. Terus, piyé bèn cah-cah enom sing sayang karo Yéhuwah isa nggawé pilihan sing bener? Dhèwèké isa maca lan ngrenungké Éfésus 5:15-17. (Wacanen.) Sakwisé maca ayat-ayat kuwi, dhèwèké isa mikir, ’Apa sing ”dikarepké Yéhuwah” saka aku? Aku kudu piyé bèn isa nyenengké Yéhuwah? Endi sing kudu tak pilih bèn aku tetep nduwé wektu kanggo nglayani Yéhuwah?’ Élinga nèk saiki awaké dhéwé ”urip ing jaman sing jahat” lan sedhéla manèh donyané Sétan bakal dihancurké. Dadi, luwih apik nèk nggunakké urip kanggo nyenengké Yéhuwah.

6. Apa buktiné nèk Maria ngutamakké sing luwih penting, lan kenapa keputusané kuwi bener?

6 Ngutamakké sing luwih penting. Meskipun ana kegiatan-kegiatan sing sakjané ora salah, tapi awaké dhéwé kudu ngutamakké sing luwih penting bèn isa nduwé wektu kanggo Yéhuwah. Misalé, gatèkna apa sing kelakon pas Yésus teka ing omahé Maria lan Marta. Marta seneng banget merga Yésus mampir ing omahé. Mula, Marta nyiapké akèh panganan. Tapi seduluré wédok, yaiku Maria, lungguh ing cedhaké Yésus lan ngrungokké tenanan pas Yésus lagi mulang. Niaté Marta mémang apik, tapi Maria ”wis milih bagéan sing paling apik”. (Luk. 10:38-42) Maria mungkin bakal lali karo apa sing dipangan wektu kuwi. Tapi, dhèwèké mesthi ora bakal lali karo apa sing diwulangké Yésus. Kaya Maria sing seneng merga nyedhiakké wektu kanggo ngrungokké Yésus, awaké dhéwé ya isa seneng nèk nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah. Tapi piyé carané bèn isa bener-bener éntuk manfaat pas ndonga, sinau Alkitab, lan ngrenungké soal Yéhuwah?

BÈN ÉNTUK MANFAAT PAS NDONGA LAN SINAU ALKITAB

7. Kenapa kudu nyedhiakké wektu kanggo ndonga, sinau Alkitab, lan ngrenungké soal Yéhuwah?

7 Sadhar nèk ndonga, sinau Alkitab, lan ngrenungké soal Yéhuwah kuwi bagéan saka ibadah. Pas ndonga, awaké dhéwé kuwi lagi ngomong karo Yéhuwah sing sayang karo awaké dhéwé. (Mzm. 5:7) Pas sinau Alkitab, awaké dhéwé éntuk ”pengetahuan soal Gusti Allah”, Sumberé kawicaksanan. (WB. 2:1-5) Terus, kabèh sing wis dipelajari kuwi ya kudu direnungké. Kuwi berarti, awaké dhéwé mikirké tenanan sipat-sipaté Yéhuwah, apa sing bakal kelakon sukmbèn pas bumi dadi firdaus, lan piyé carané nyenengké Yéhuwah. Merga ndonga, sinau Alkitab, lan ngrenungké soal Yéhuwah penting banget, awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo kuwi. Tapi, piyé carané bèn isa bener-bener éntuk manfaat pas ndonga lan sinau Alkitab?

Apa njenengan isa nggolèk panggonan sing sepi kanggo sinau Alkitab? (Deloken paragraf 8-9)

8. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Yésus sing dicathet ing Lukas 4:1, 2?

8 Nèk isa, golèka panggonan sing sepi. Gatèkna pengalamané Yésus. Sakwisé dibaptis, Yésus lunga ing padhang belantara. (Luk. 4:1, 2) Selama 40 dina ing panggonan sing sepi kuwi, Yésus isa ndonga lan ngrenungké apa sing dipénginké Yéhuwah saka dhèwèké. Hasilé, Yésus isa ngadhepi kabèh tantangan sing dialami selama pelayanané ing bumi. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Yésus kuwi? Nèk ing omahé njenengan ana akèh wong, mungkin angèl nggolèk panggonan sing sepi ing njero omah. Nèk ngono, nggolèka panggonan liya sing luwih sepi. Gatèkna pengalamané Julie saka Prancis. Merga dhèwèké karo bojoné manggon ing dhaérah sing ramé, Julie dadi kangèlan nèk mèh ndonga. Julié kandha, ”Aku lunga ing taman saben dina kanggo ndonga. Merga ing kono sepi, aku isa konsèntrasi lan ndonga tenanan karo Yéhuwah.”

9. Meskipun sibuk, apa buktiné nèk Yésus tetep nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah?

9 Yésus kuwi sibuk banget. Akèh wong kerep marani lan ngetutké Yésus merga péngin diwulang utawa dimarèkké. Malah, ing Alkitab tau disebutké nèk ”wong sak kutha nglumpuk ing ngarep lawang” merga péngin ketemu Yésus. Tapi, Yésus tetep nyedhiakké wektu bèn isa cedhak karo Yéhuwah. Ing Alkitab disebutké pas ésuk-ésuk Yésus lunga ing ”panggonan sing sepi” bèn isa ndonga ing kono.​—Mrk. 1:32-35.

10-11. Nurut Matius 26:40, 41, Yésus mènèhi naséhat apa kanggo murid-muridé, tapi murid-muridé piyé?

10 Pas bengi sakdurungé dihukum mati, Yésus lunga ing Taman Gètsemani. Merga ing kono sepi, Yésus isa mikirké kepénginané Yéhuwah lan ndonga. (Mat. 26:36) Ing kono, Yésus ya mènèhi naséhat sing penting kanggo murid-muridé soal ndonga.

11 Pas Yésus karo murid-muridé tekan ing Taman Gètsemani mungkin wis jam 12 luwih. Sakwisé ngongkon murid-muridé ’ngancani melèk’, Yésus ndonga. (Mat. 26:37-39) Bar ndonga, Yésus marani murid-muridé lan ndelok murid-muridé lagi turu. Mula, Yésus ngongkon bèn murid-muridé ”terus jaga-jaga lan terus ndonga”. (Wacanen Matius 26:40, 41.) Yésus ora nesu merga murid-muridé lagi akèh pikiran lan kesel banget. Kuwi sebabé Yésus ngomong, ”Senajan wong semangaté gedhé, ning awaké ora kuwat nglakoni.” Bar kuwi, Yésus ndonga manèh nganti ping pindho. Tapi saben Yésus bali lan marani murid-muridé, murid-muridé ora ndonga lan malah turu.​—Mat. 26:42-45.

Apa njenengan isa nggolèk wektu sing cocog kanggo ndonga? (Deloken paragraf 12)

12. Piyé carané bèn isa konsèntrasi pas ndonga meskipun wis kesel utawa lagi akèh pikiran?

12 Milih wektu sing cocog. Nèk pas kekeselen utawa akèh pikiran, isa waé dadi angèl nèk arep ndonga. Nèk kuwi sing njenengan alami, njenengan ora dhèwèkan. Sedulur-sedulur sing biasané nyedhiakké wektu pas bengi kanggo ndonga kandha nèk luwih apik dongané ora terlalu bengi. Sing liyané mènèhi saran nèk kudu nggolèk posisi sing cocog bèn isa konsèntrasi pas ndonga, misalé lungguh ing kursi utawa berlutut. Terus, piyé nèk lagi akèh pikiran utawa kuwatir banget? Critakna perasaané njenengan karo Yéhuwah. Yéhuwah bakal memahami perasaané njenengan.​—Mzm. 139:4.

Piyé carané bèn isa konsèntrasi pas ing pertemuan ibadah? (Deloken paragraf 13-14)

13. Kenapa HP isa ngganggu konsèntrasi pas ndonga, sinau Alkitab, utawa pas ing pertemuan ibadah?

13 Kudu fokus pas sinau. Sakliyané ndonga, awaké dhéwé ya kudu sinau Alkitab lan teka ing pertemuan ibadah bèn isa cedhak karo Yéhuwah. Piyé carané bèn isa fokus pas ing pertemuan ibadah utawa pas sinau Alkitab pribadi? Awaké dhéwé kudu ngerti apa sing kira-kira isa nggawé ora konsèntrasi. Misalé, saiki akèh wong nduwé HP utawa tablèt. Menurut beberapa ahli lan peneliti, HP isa nggawé angèl konsèntrasi lan ora isa fokus ngerjakké sesuatu. Dadi, awaké dhéwé ora isa bener-bener éntuk manfaat nèk sinau Alkitabé karo disambi nampa télpon utawa mbalesi pesan. Ing pertemuan wilayah utawa pertemuan gabungan wilayah, biasané awaké dhéwé dikon nyetèl HP utawa tablèt bèn ora ngganggu liyané. Pas sinau Alkitab pribadi, awaké dhéwé ya isa ngupayakké kuwi bèn isa fokus karo sing dipelajari.

14. Nurut Filipi 4:6, 7, piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn fokus?

14 Njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa fokus. Nèk pas lagi kuwatir utawa akèh pikiran, isa waé angèl nèk kudu konsèntrasi pas sinau Alkitab utawa pas ing pertemuan ibadah. Mula, njaluka bantuané Yéhuwah. Ndongaa bèn Yéhuwah nggawé ati lan ’pikirané’ awaké dhéwé ayem.​—Wacanen Filipi 4:6, 7.

MANFAATÉ NYEDHIAKKÉ WEKTU KANGGO YÉHUWAH

15. Apa manfaaté nèk nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah?

15 Apa waé manfaaté nèk nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah? Sing pertama, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing luwih apik. Ing Alkitab disebutké nèk ”wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana”. (WB. 13:20) Yéhuwah kuwi Sumberé kawicaksanan. Dadi nèk nyedhiakké wektu kanggo ndonga, sinau Alkitab, lan mikirké soal Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi wong sing wicaksana. Awaké dhéwé isa ngerti piyé carané nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah.

16. Kenapa awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn sayang karo Yéhuwah nèk kerep ndonga lan sinau Alkitab?

16 Keloro, awaké dhéwé isa luwih trampil mulang. Awaké dhéwé mesthi péngin mbantu sing sinau Alkitab bèn cedhak karo Yéhuwah. Nèk kerep ndonga lan sinau Alkitab, awaké dhéwé dadi tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk wis ngono, awaké dhéwé isa mbantu sing sinau Alkitab bèn sayang karo Yéhuwah. Yésus ya kaya ngono. Merga sayang karo Yéhuwah, Yésus isa mbantu murid-muridé bèn sayang karo Yéhuwah.​—Yoh. 17:25, 26.

17. Kenapa ndonga lan sinau Alkitab isa nggawé imané awaké dhéwé dadi luwih kuwat?

17 Sing ketelu, imané awaké dhéwé dadi luwih kuwat. Biasané pas ndonga, awaké dhéwé njaluk bèn Yéhuwah mènèhi tuntunan lan kekuwatan. Pas ngrasakké nèk dongané dijawab, imané awaké dhéwé dadi luwih kuwat. (1 Yoh. 5:15) Ing Alkitab ya disebutké nèk ’wong isa nduwé iman nèk wis ngrungokké’ omongané Gusti Allah. (Rm. 10:17) Dadi, awaké dhéwé ya kudu sinau Alkitab pribadi bèn nduwé iman sing kuwat. Ning, ana manèh sing kudu diupayakké.

18. Apa sing isa dipelajari saka omongané sing nulis Mazmur 77?

18 Awaké dhéwé kudu ngrenungké kabèh sing wis dipelajari saka Alkitab. Gatèkna omongané sing nulis Mazmur 77. Dhèwèké sedhih banget merga ngrasa nèk Yéhuwah wis ninggalké umaté. Saking kuwatiré, dhèwèké nganti ora isa turu. (Ayat 2-8) Terus, dhèwèké piyé? Dhèwèké ngomong karo Yéhuwah, ”Aku bakal mikirké tenanan kabèh kegiatan-Mu lan tumindak-Mu.” (Ayat 12) Sing nulis Mazmur mesthiné ngerti nèk Yéhuwah wis kerep mbantu umaté. Tapi, dhèwèké tetep kuwatir lan ngomong, ”Apa Gusti Allah wis lali kanggo apikan marang aku? Apa Dhèwèké ora gelem mesakké manèh merga nesu?” (Ayat 9) Tapi, dhèwèké ngéling-éling carané Yéhuwah mbantu umaté ing jaman mbiyèn sing nduduhké nèk Yéhuwah kuwi apikan lan nduwé rasa mesakké. (Ayat 11) Hasilé, sing nulis Mazmur dadi yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté. (Ayat 15) Padha kaya ngono, imané njenengan ya isa luwih kuwat nèk ngrenungké carané Yéhuwah mbantu umaté ing jaman mbiyèn lan carané Yéhuwah mbantu njenengan dhéwé.

19. Apa manèh manfaaté nèk nggunakké wektu kanggo Yéhuwah?

19 Sing kepapat, awaké dhéwé isa tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi gelem manut karo Yéhuwah, gelem berkorban bèn isa nyenengké Yéhuwah, lan isa sabar ngadhepi masalah apa waé. (Mat. 22:37-39; 1 Kor. 13:4, 7; 1 Yoh. 5:3) Awaké dhéwé mesthi seneng isa cedhak karo Yéhuwah. Ora ana sing luwih berharga timbang hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah.​—Mzm. 63:1-8.

20. Piyé carané bèn isa bener-bener éntuk manfaat pas ndonga, sinau Alkitab, lan mikirké soal Yéhuwah?

20 Kaya sing wis disebutké mau, ndonga, maca Alkitab, lan mikirké soal Yéhuwah kuwi bagéan saka ibadah. Kaya Yésus, nggolèka panggonan sing sepi bèn isa ndonga. Terus, awaké dhéwé kudu fokus pas sinau Alkitab. Nèk angèl konsèntrasi, njaluka bantuané Yéhuwah. Nèk saiki gelem nyedhiakké wektu kanggo Yéhuwah, Yéhuwah bakal mberkahi lan sukmbèn awaké dhéwé isa urip bahagia saklawasé ing donya anyar.​—Mrk 4:24.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

^ Yéhuwah kuwi sahabaté awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi seneng dadi sahabaté Yéhuwah lan péngin isa luwih cedhak karo Dhèwèké. Mula, awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo maca Alkitab, ndonga, lan mikirké sipat-sipaté Yéhuwah. Tapi kan awaké dhéwé sibuk. Dadi, piyé carané bèn isa nduwé wektu kanggo kuwi kabèh, lan apa manfaaté nèk ngupayakké kuwi?