Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 4

Kenapa Kudu Teka ing Peringatan Kematiané Yésus?

Kenapa Kudu Teka ing Peringatan Kematiané Yésus?

”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”​—LUK. 22:19.

LAGU 20 Anak-Mu Wis Dikorbanké

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Biasané, kapan awaké dhéwé kèlingan karo wong sing disayangi sing wis mati? (b) Bengi sakdurungé mati, Yésus nduduhké apa karo murid-muridé?

 AWAKÉ DHÉWÉ mesthi isih terus kèlingan karo wong-wong sing disayangi sing wis mati, meskipun wong-wong kuwi matiné wis suwé. Apa manèh nèk pas tanggal kematiané. Biasané, awaké dhéwé bakal kèlingan manèh karo dhèwèké.

2 Awaké dhéwé mesthi sayang karo Yésus merga Yésus gelem masrahké uripé dadi tebusan. (1 Ptr. 1:8) Hasilé, awaké dhéwé isa dibébaské saka dosa lan kematian. (Mat. 20:28) Mula saben taun, awaké dhéwé teka ing acara Peringatan Kematiané Yésus. Yésus mémang mréntahké bèn kematiané diperingati. Bengi sakdurungé mati, Yésus mangan bareng karo murid-muridé lan nduduhké piyé carané memperingati kematiané. Yésus ngomong, ”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”​—Luk. 22:19.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ora soal harapané ing swarga utawa ing bumi, kabèh wong Kristen bakal teka ing acara Peringatan Kematiané Yésus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa saben taun awaké dhéwé kudu teka ing acara Peringatan. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug apa manfaaté nèk teka ing acara kuwi. Sing pertama, ayo awaké dhéwé ngrembug kenapa wong-wong sing harapané munggah swarga teka ing acara Peringatan.

KENAPA WONG-WONG SING HARAPANÉ MUNGGAH SWARGA TEKA ING PERINGATAN?

4. Kenapa wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga teka ing Peringatan?

4 Saben taun, wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga teka ing Peringatan bèn isa mèlu mangan roti lan ngombé anggur. Kenapa wong-wong kuwi éntuk mangan roti lan ngombé anggur ing acara kuwi? Gatèkna sing kelakon bengi sakdurungé Yésus mati. Sakwisé ngrayakké Paskah, Yésus nduduhké karo 11 rasulé carané memperingati kematiané. Dhèwèké mènèhké roti lan anggur, terus ngongkon 11 rasulé bèn mangan lan ngombé kuwi. Yésus ya nyebutké loro perjanjian, yaiku perjanjian anyar lan perjanjian Kerajaan. * (Luk. 22:19, 20, 28-30) Wong-wong sing ana ing perjanjian kuwi jumlahé 144.000, termasuk 11 rasulé Yésus. Wong-wong kuwi bakal dadi raja lan imam bareng karo Yésus ing swarga. (Why. 5:10; 14:1) Merga wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga kuwi termasuk ing loro perjanjian sing disebutké Yésus, wong-wong kuwi éntuk mangan roti lan ngombé anggur ing acara Peringatan.

5. Wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga sukmbèn bakal isa apa waé?

5 Wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga ya teka ing acara Peringatan bèn isa ngrenungké harapané. Yéhuwah wis mènèhi wong-wong kuwi harapan sing luar biasa. Wong-wong kuwi ngerti nèk sukmbèn bakal isa urip saklawasé ing swarga lan nduwé badan sing ora isa rusak. Wong-wong kuwi ya bakal mréntah dadi raja bareng karo Yésus lan wong-wong sing wis diuripké ing swarga. Sing paling luar biasa, wong-wong kuwi isa nglayani ing ngarep takhtané Yéhuwah. (1 Kor. 15:51-53; 1 Yoh. 3:2) Tapi bèn kuwi isa kelakon, wong-wong kuwi kudu terus setya nganti mati. (2 Tim. 4:7, 8) Pas ngrenungké harapané, wong-wong kuwi mesthi seneng banget. (Tit. 2:13) Saiki ayo ngrembug kenapa ’domba-domba liya’, yaiku wong-wong sing nduwé harapan ing bumi, teka ing acara Peringatan.​—Yoh. 10:16.

KENAPA DOMBA-DOMBA LIYA TEKA ING PERINGATAN?

6. Kenapa domba-domba liya teka ing acara Peringatan?

6 Domba-domba liya teka ing acara Peringatan bèn isa ndelok wektu roti lan anggur diédarké. Meskipun ora mèlu mangan roti lan ngombé anggur, tapi wong-wong kuwi mèlu bahagia. Ing majalah The Watchtower 1 Maret 1938 jelas disebutké nèk domba-domba liya diundang bèn teka ing acara Peringatan. Ing majalah kuwi disebutké ngéné, ”Domba-domba liya kudu teka ing acara iki lan nggatèkké wektu roti lan anggur diédarké. . . . Wong-wong kuwi ya isa mèlu seneng ing acara kuwi.” Kaya wong sing mèlu seneng pas teka ing mantènan, domba-domba liya ya mèlu seneng pas teka ing Peringatan.

7. Apa manfaaté ceramah sing disampèkké ing acara Peringatan kanggo domba-domba liya?

7 Kaya wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga, domba-domba liya teka ing acara Peringatan bèn isa ngrenungké harapané. Ing acara kuwi, ana ceramah sing njelaské apa sing bakal kelakon pas Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Yésus lan 144.000 sing wis dadi raja ing swarga bakal nggawé bumi dadi firdaus lan mbantu manungsa bèn isa sampurna manèh. Pas ngrungokké kuwi, domba-domba liya mesthi seneng merga isa mbayangké nèk bakal urip bahagia ing donya anyar bareng karo kanca lan keluargané. Wong-wong kuwi ya isa mbayangké ramalan ing Yésaya 35:5, 6; 65:21-23; lan Wahyu 21:3, 4 kelakon. Hasilé, wong-wong kuwi isa luwih yakin karo harapané lan nduwé tékad bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah nganti akhir.​—Mat. 24:13; Gal. 6:9.

8. Apa alesan liyané domba-domba liya teka ing acara Peringatan?

8 Alesan liyané domba-domba liya teka ing acara Peringatan merga péngin nduduhké nèk sayang lan ndhukung wong-wong sing dipilih munggah swarga. Alkitab wis ngramalké nèk wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi bakal kerja sama lan ndhukung wong-wong sing dipilih munggah swarga. Ayo ngrembug beberapa ramalan kuwi.

9. Ramalan ing Zakharia 8:23 nduduhké apa soal domba-domba liya?

9 Wacanen Zakharia 8:23. Ramalan kuwi nduduhké nèk domba-domba liya bakal terus ndhukung wong-wong sing dipilih munggah swarga. ”Wong Yahudi siji” nggambarké wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga sing isih ana ing bumi. (Rm. 2:28, 29) ”Wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa lan basa” nggambarké domba-domba liya. Ing ayat kuwi disebutké nèk wong lanang sepuluh kuwi ”nyekel kenceng” jubahé wong Yahudi mau. Iki nggambarké nèk domba-domba liya gelem nglayani Yéhuwah bareng karo wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih ana ing bumi. Dadi pas teka ing acara Peringatan, domba-domba liya nduduhké nèk ndhukung wong-wong sing dipilih munggah swarga.

10. Apa buktiné nèk ramalan ing Yèhèzkièl 37:15-19, 24, 25 kelakon?

10 Wacanen Yèhèzkièl 37:15-19, 24, 25. Apa buktiné nèk ramalan kuwi kelakon? Ing ramalan kuwi disebutké ana tongkat loro. Sing pertama, tongkat ”kanggo Yéhuda”. Mbiyèn, raja-raja Israèl asalé saka suku Yéhuda. Dadi, tongkat kanggo Yéhuda cocog kanggo nggambarké wong-wong sing bakal dadi raja ing swarga. Sing keloro yaiku ”tongkaté Éfraim”. * Kuwi nggambarké domba-domba liyané. Yéhuwah ngomong nèk tongkat loro kuwi bakal didadèkké ”tongkat siji”. Kuwi berarti, Yéhuwah bakal nggawé wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga lan domba-domba liya bersatu lan nduwé raja siji yaiku Yésus Kristus. Ramalan kuwi mémang wis kelakon saiki. Saben taun, domba-domba liya lan wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga teka ing acara Peringatan lan nduduhké nèk dadi ”sak kelompok” sing dipimpin ’gembala siji’.​—Yoh. 10:16.

11. Piyé carané ”domba” sing disebutké ing perumpamaané Yésus ndhukung sedulur-seduluré Yésus?

11 Wacanen Matius 25:31-36, 40. ”Domba” sing disebutké ing perumpamaané Yésus kuwi nggambarké wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi sing terus setya nglayani Yéhuwah selama akhir jaman. Wong-wong kuwi ndhukung sedulur-seduluré Yésus, yaiku wong-wong sing bakal munggah swarga. Bareng karo sedulur-seduluré Yésus, wong-wong sing nduwé harapan ing bumi semangat banget martakké kabar apik lan mbantu wong liya dadi umaté Yéhuwah.​—Mat. 24:14; 28:19, 20.

12-13. Apa manèh buktiné nèk domba-domba liya gelem ndhukung sedulur-seduluré Yésus?

12 Apa manèh buktiné nèk domba-domba liya gelem ndhukung sedulur-seduluré Yésus? Misalé, beberapa minggu sakdurungé acara Peringatan, wong-wong kuwi ngundang wong-wong liyané bèn teka ing acara kuwi. (Deloken kothak ” Apa Njenengan Wis Nggawé Rencana?”) Terus, wong-wong kuwi ya nyiapké acara Peringatan meskipun ing jemaaté ora ana sing nduwé harapan munggah swarga. Yésus nganggep nèk wong-wong sing ndhukung sedulur-seduluré padha kaya ndhukung Yésus dhéwé. Kuwi sebabé, domba-domba liya semangat ndhukung sedulur-seduluré Yésus.​—Mat. 25:37-40.

13 Tapi meskipun harapané béda, domba-domba liya lan wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga nduwé alesan sing padha teka ing acara Peringatan. Apa kuwi?

KENAPA KABÈH WONG KRISTEN KUDU TEKA ING ACARA PERINGATAN?

14. Apa buktiné nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo awaké dhéwé?

14 Bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus. Sakjané, wis akèh buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Tapi sing paling luar biasa, Yéhuwah gelem ngutus Anaké sing disayangi bèn dadi tebusan. Kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé. (Yoh. 3:16) Yésus ya sayang karo awaké dhéwé. Buktiné, Yésus gelem masrahké uripé kanggo manungsa. (Yoh. 15:13) Awaké dhéwé mémang ora isa mbales katresnané Yéhuwah lan Yésus. Tapi, awaké dhéwé isa nduduhké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus léwat perbuatané awaké dhéwé. (Kol. 3:15) Pas teka ing acara Peringatan, awaké dhéwé isa mikirké katresnané Yéhuwah karo Yésus. Kuwi ya bukti nèk sayang karo Yéhuwah lan Yésus.

15. Kenapa wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga lan domba-domba liya nganggep tebusan kuwi berharga?

15 Nganggep berharga tebusané Yésus. (Mat. 20:28) Wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga lan domba-domba liya nganggep nèk tebusan kuwi berharga banget. Merga nduduhké iman karo tebusan, wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga isa dianggep bener lan diangkat dadi anaké Gusti Allah. (Rm. 5:1; 8:15-17, 23) Domba-domba liya ya isa éntuk manfaat nèk nduduhké iman karo tebusan. Wong-wong kuwi isa dianggep bener karo Gusti Allah, isa nglayani Gusti Allah, lan bakal dislametké saka ”sengsara gedhé”.​—Why. 7:13-15.

16. Apa manèh alesan liyané teka ing acara Peringatan Kematiané Yésus?

16 Manut karo Yésus. Sakwisé nduduhké carané memperingati kematiané, Yésus ngomong ngéné, ”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” (1 Kor. 11:23, 24) Dadi, ora soal nduwé harapan munggah swarga utawa urip ing bumi, awaké dhéwé mesthi péngin manut préntahé Yésus kuwi.

MANFAATÉ TEKA ING ACARA PERINGATAN

17. Kenapa awaké dhéwé isa tambah cedhak karo Yéhuwah nèk teka ing acara Peringatan?

17 Tambah cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Kaya sing wis dirembug mau, ing acara Peringatan, awaké dhéwé isa ngrenungké harapan lan pengorbanané Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. (Yér. 29:11; 1 Yoh. 4:8-10) Kuwi nggawé awaké dhéwé tambah sayang lan saya cedhak karo Yéhuwah.​—Rm. 8:38, 39.

18. Apa manfaaté nèk ngrenungké pengorbanané Yésus?

18 Dadi péngin niru Yésus. (1 Ptr. 2:21) Nèk maca ayat-ayat sing dijadwalké kanggo Peringatan, awaké dhéwé dadi isa mbayangké apa sing dialami Yésus sakdurungé lan sakwisé kematiané. Terus pas acara Peringatan, awaké dhéwé isa ngrungokké ceramah sing njelaské soal pengorbanané Yésus. (Éf. 5:2; 1 Yoh. 3:16) Merga ngrenungké pengorbanané Yésus, awaké dhéwé mesthi péngin ”nindakké sing padha kaya sing ditindakké Yésus”.​—1 Yoh. 2:6.

19. Piyé carané bèn tetep ditresnani karo Gusti Allah?

19 Nduwé tékad sing luwih kuwat bèn tetep setya karo Yéhuwah. (Yud. 20, 21) Awaké dhéwé kudu terus setya bèn tetep ditresnani Gusti Allah. Carané, awaké dhéwé kudu manut Yéhuwah, ngluhurké jenengé, lan nyenengké atiné. (WB. 27:11; Mat. 6:9; 1 Yoh. 5:3) Nèk teka ing acara Peringatan, tékadé awaké dhéwé bèn terus setya dadi luwih kuwat. Hasilé, awaké dhéwé tetep ditresnani karo Gusti Allah.

20. Kenapa awaké dhéwé kudu teka ing acara Peringatan?

20 Dadi, kenapa awaké dhéwé kudu teka ing acara Peringatan? Awaké dhéwé sayang karo Yésus. Dadi ora soal nduwé harapan munggah swarga utawa urip ing bumi, awaké dhéwé péngin memperingati kematiané Yésus. Awaké dhéwé ya péngin bersyukur karo Yéhuwah sing wis sayang banget lan gelem ngorbanké Anaké dadi tebusan. Taun iki, acara Peringatan Kematiané Yésus dianakké dina Jumat tanggal 15 April 2022. Merga sayang karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé mesthi péngin teka ing acara kuwi.

LAGU 16 Pujinen Huwah lan Anaké

^ Ora soal nduwé harapan munggah swarga utawa urip ing bumi, awaké dhéwé kudu teka ing acara Peringatan Kematiané Yésus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ayat-ayat sing nduduhké kenapa kudu teka ing Peringatan Kematiané Yésus lan apa manfaaté nèk teka ing acara kuwi.

^ Bèn isa ngerti luwih akèh soal perjanjian anyar lan perjanjian Kerajaan, deloken artikel ”Kamu Akan Menjadi ’Kerajaan Imam’” ing Menara Pengawal 15 Oktober 2014 halaman 15-17.

^ Bèn isa ngerti luwih akèh ramalan soal tongkat loro sing disebutké ing Yèhèzkièl bab 37, deloken buku Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh halaman 130-135, paragraf 3-17.