Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 1

”Wong sing Nggolèk Tuntunané Yéhuwah Ora Bakal Kekurangan Apa-Apa”

”Wong sing Nggolèk Tuntunané Yéhuwah Ora Bakal Kekurangan Apa-Apa”

AYAT TAUNAN 2022: ”Wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah ora bakal kekurangan apa-apa.”​—MZM. 34:10.

LAGU 4 ”Yéhuwah Kuwi Gembalaku”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Wektu ngalami masalah sing abot, Daud ngrasa nèk ’ora kekurangan apa-apa’ (Deloken paragraf 1-3) *

1. Daud ngalami masalah apa waé?

 WEKTU kuwi, Daud mlayu merga arep dipatèni Saul. Terus merga butuh panganan, Daud lunga ing kutha Nob. Ing kono, dhèwèké njaluk roti lima karo Imam Ahimèlèkh. (1 Sam. 21:1, 3) Bar kuwi, Daud karo anak buahé ndhelik ing guwa. (1 Sam. 22:1) Kenapa Daud isa ngalami kaya ngono?

2. Kenapa keputusané Saul kanggo matèni Daud kuwi klèru? (1 Samuèl 23:16, 17)

2 Saking iriné, Saul nganti péngin matèni Daud. Kenapa? Akèh wong kagum karo Daud merga dhèwèké kerep menang perang. Terus merga Saul ora manut, Yéhuwah milih Daud kanggo nggantèni Saul dadi raja. (Wacanen 1 Samuèl 23:16, 17.) Tapi wektu kuwi, Saul isih dadi raja Israèl. Dadi, Saul isih nduwé pasukan lan isih akèh sing ndhukung dhèwèké. Kuwi sebabé, Daud kudu mlayu bèn ora dipatèni. Apa Saul ngrasa nèk dhèwèké bakal berhasil nyegah Gusti Allah sing arep ndadèkké Daud raja? (Yés. 55:11) Alkitab mémang ora nyebutké soal kuwi. Tapi sing jelas, wong sing nglawan kepénginané Gusti Allah mesthi bakal kalah. Dadi, Saul wis nggawé keputusan sing salah merga péngin matèni Daud.

3. Meskipun ngalami masalah sing abot, tapi Daud piyé?

3 Sakjané, dudu Daud sing péngin dadi raja Israèl. Yéhuwah sing milih dhèwèké dadi raja. (1 Sam. 16:1, 12, 13) Iki nggawé Saul dadi benci banget karo Daud. Tapi, Daud ora pernah nyalahké Yéhuwah. Daud ya ora tau sambat meskipun nduwé panganan mung sithik lan kudu ndhelik ing guwa. Malah kétoké pas ndhelik ing guwa kuwi, Daud nggawé lagu kanggo muji Yéhuwah sing dadi ayat téma kanggo artikel iki. Ing lagu kuwi Daud ngomong, ”Wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah ora bakal kekurangan apa-apa.”​—Mzm. 34:10.

4. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug, lan apa manfaaté ngrembug pitakonan kuwi?

4 Saiki, akèh umaté Yéhuwah sing uripé pas-pasan. Sedulur-sedulur kuwi kadhang ora nduwé panganan lan ora isa nyukupi kebutuhan liyané, apa manèh selama wabah COVID-19. * Sakliyané kuwi, sedhéla manèh ”sengsara gedhé” bakal kelakon. (Mat. 24:21) Dadi, keadaané mesthi bakal tambah angèl. Mula bèn terus percaya karo Yéhuwah, ayo ngrembug papat pitakonan iki: Apa maksudé Daud ’ora kekurangan apa-apa’? Kenapa awaké dhéwé kudu ngrasa puas? Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus nyukupi kebutuhané awaké dhéwé? Piyé carané bèn isa siap ngadhepi sengsara gedhé?

”AKU ORA BAKAL KEKURANGAN APA-APA”

5-6. Apa maksudé umaté Gusti Allah ”ora bakal kekurangan apa-apa”? (Mazmur 23:1-6)

5 Apa maksudé omongané Daud nèk umaté Yéhuwah ”ora bakal kekurangan apa-apa”? Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi nèk nggatèkké Mazmur 23. (Wacanen Mazmur 23:1-6.) Ing ayat 1 saka Mazmur kuwi, Daud nggunakké kata-kata sing padha karo Mazmur 34:10. Daud ngomong, ”Yéhuwah kuwi Gembalaku. Aku ora bakal kekurangan apa-apa.” Bar ngomong kaya ngono, Daud nyebutké berkah-berkahé merga Yéhuwah dadi gembalané. Yéhuwah nuntun Daud bèn isa mlaku ”ing dalan sing bener” lan terus ndhukung Daud, khususé pas ngalami masalah. Meskipun isa ngrasa aman kaya domba sing turonan ing ”padhang rumput”, Daud ngerti nèk uripé ora bébas saka masalah. Misalé merga masalahé abot, Daud tau ngrasa kaya lagi ”mlaku ing lembah sing peteng banget”. Terus, ya ana wong-wong sing ora seneng karo Daud. Tapi Daud ”ora wedi” merga Yéhuwah sing dadi gembalané.

6 Dadi, apa maksudé Daud ’ora kekurangan apa-apa’? Daud nduwé kabèh sing dibutuhké bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Daud ngerti nèk sing nggawé bahagia kuwi dudu hartané lan dhèwèké puas karo kabèh sing wis diwènèhké Yéhuwah. Kanggoné Daud, sing paling penting kuwi Yéhuwah mberkahi lan nglindhungi dhèwèké.

7. Nurut Lukas 21:20-24, masalah apa sing diadhepi wong Kristen ing Yudéa?

7 Saka kata-katané Daud, awaké dhéwé ngerti nèk ora éntuk ngutamakké harta. Mémang harta kuwi ana manfaaté, tapi aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk kuwi sing paling penting. Mbiyèn, wong Kristen ing Yudéa ya ora éntuk ngutamakké harta. (Wacanen Lukas 21:20-24.) Yésus ngomong nèk pas kutha Yérusalèm dikepung karo ”akèh tentara”, wong-wong kuwi kudu ”mlayu menyang pegunungan”. Kuwi artiné wong-wong kuwi kudu ninggalké hartané bèn isa slamet. Majalah Menara Pengawal tau nyebutké ngéné, ”Wong Kristen ing Yudéa ninggalké ladhang lan omahé, malah ya ora sempat njupuk barang-barang sing ana ing njero omahé. Wong-wong kuwi ngutamakké ibadahé marang Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi lan nyukupi kebutuhané.”

8. Apa sing isa dipelajari saka contoné wong Kristen ing Yudéa?

8 Apa sing isa dipelajari saka contoné wong Kristen ing Yudéa? Menara Pengawal sing dikutip mau ya nyebutké ngéné, ”Sukmbèn awaké dhéwé ya kudu milih, arep milih harta utawa manut karo Yéhuwah bèn isa dislametké. Mémang pas sengsara gedhé, awaké dhéwé bakal ngadhepi akèh masalah lan kudu nggawé pengorbanan. Senajan ngono, awaké dhéwé tetep gelem manut karo Yéhuwah kaya wong-wong Kristen sing gelem ninggalké Yudéa mau.” *

9. Apa manfaaté naséhaté Paulus kanggo njenengan?

9 Apa njenengan isa mbayangké piyé keadaané wong Kristen sing kudu lunga saka Yudéa? Wong-wong kuwi mesthi susah merga kudu ninggalké hartané lan pindhah ing panggonan sing anyar. Wong-wong kuwi kudu nduwé iman sing kuwat karo Yéhuwah. Limang taun sakdurungé Yérusalèm dikepung tentara Romawi, Rasul Paulus wis mènèhi naséhat sing apik kanggo wong-wong kuwi. Rasul Paulus kandha, ”Aja nresnani dhuwit. Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni, merga Gusti Allah ngomong, ’Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.’ Kuwi sebabé awaké dhéwé bakal dadi kendel lan kandha, ’Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Manungsa isa tumindak apa marang aku?’” (Ibr. 13:5, 6) Nèk manut karo naséhaté Paulus, wong-wong kuwi mesthi bakal luwih gampang ngrasa puas, meskipun ing panggonan sing anyar uripé pas-pasan. Wong-wong kuwi ya isa yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané. Kata-katané Paulus kuwi mesthi ya isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé.

”PUAS NÈK WIS NDUWÉ PANGANAN LAN KLAMBI”

10. Apa maksudé kudu ”puas” nèk wis nduwé panganan lan klambi?

10 Paulus tau ngomong ngéné karo Timotius, ”Dadi, awaké dhéwé bakal puas nèk wis nduwé panganan lan klambi.” (1 Tim. 6:8) Apa iki berarti awaké dhéwé ora éntuk mangan énak, nduwé omah sing apik, utawa tuku klambi anyar? Ora. Sing dimaksud Paulus kuwi awaké dhéwé kudu puas karo apa sing diduwèni. (Flp. 4:12) Merga wis ngerti ”carané bèn ngrasa puas”, dhèwèké isa tetep bahagia meskipun mungkin hartané mung sithik. Dadi, harta sing paling berharga kuwi hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah, dudu barang-barang sing diduwèni.​—Hab. 3:17, 18.

Bangsa Israèl ’ora kekurangan apa-apa’ selama 40 taun ing padhang belantara. Apa awaké dhéwé ya ngrasa puas karo apa sing diduwèni? (Deloken paragraf 11) *

11. Apa sing isa dipelajari saka kata-katané Musa marang wong Israèl?

11 Mungkin, awaké dhéwé durung puas karo sing diduwèni. Tapi, Yéhuwah ngerti apa sing sakjané awaké dhéwé butuhké. Gatèkna omongané Musa sakwisé wong Israèl 40 taun ing padhang belantara. Musa kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kabèh sing mbok tindakké. Gusti Allah ngerti tenan perjalananmu ing padhang belantara iki. Saksuwéné 40 taun, Yéhuwah Gusti Allahmu wis ngancani kowé, lan kowé ora kekurangan apa-apa.” (PT. 2:7) Selama ing padhang belantara, Yéhuwah mènèhi manna bèn wong Israèl isa mangan. Terus, klambiné wong Israèl ya ora rusak. Padahal kèt metu saka Mesir, klambiné ya mung kuwi-kuwi thok. (PT. 8:3, 4) Mémang, ana wong Israèl sing ora puas karo berkahé Yéhuwah kuwi. Musa ngomong nèk sakjané kabèh sing dibutuhké wong Israèl wis dicukupi karo Yéhuwah. Mungkin, saiki uripé awaké dhéwé pas-pasan. Tapi, Yéhuwah mesthi wis nyukupi kabèh sing awaké dhéwé butuhké. Nèk awaké dhéwé ngrasa puas lan bersyukur karo berkah-berkahé Yéhuwah kuwi, Yéhuwah bakal seneng.

TERUS PERCAYA KARO YÉHUWAH

12. Apa buktiné nèk Daud nduwé iman sing kuwat?

12 Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal terus ndhukung umaté sing saktulusé ati nglayani Dhèwèké. Meskipun wektu kuwi Raja Saul péngin matèni dhèwèké, tapi imané Daud tetep kuwat. Daud yakin nèk ”malaékaté Yéhuwah njaga” dhèwèké. (Mzm. 34:7) Daud mungkin madhakké malaékaté Yéhuwah kuwi kaya prajurit sing lagi jaga-jaga bèn ora diserang mungsuh. Mémang, Daud kuwi prajurit sing kendel, lan Yéhuwah dhéwé sing milih dhèwèké dadi raja. Tapi, Daud ora ngrasa isa ngalahké mungsuhé nganggo kekuwatané dhéwé. (1 Sam. 16:13; 24:12) Daud percaya karo Gusti Allah lan yakin nèk malaékaté Yéhuwah bakal ’nylametké wong sing wedi marang Gusti Allah’. Mémang, awaké dhéwé ora berharap bakal dilindhungi karo malaékat. Tapi, awaké dhéwé yakin nèk wong-wong sing percaya karo Gusti Allah bakal isa urip saklawasé meskipun saiki kudu menderita utawa malah nganti mati.

Pas sengsara gedhé, Gog saka Magog bakal nyerang umaté Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé yakin nèk Yésus lan para malaékaté bakal nglindhungi (Deloken paragraf 13)

13. Kenapa kok umaté Gusti Allah kétoké lemah lan gampang dikalahké, lan kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi? (Deloken gambar ing halaman 1.)

13 Pas sengsara gedhé sing sedhéla manèh bakal kelakon, awaké dhéwé kudu nduduhké nèk bener-bener percaya karo Yéhuwah. Wektu kuwi, Gog saka Magog, yaiku gabungan bangsa-bangsa, bakal nyerang umaté Gusti Allah. Mungkin, awaké dhéwé wedi nèk bakal dipatèni. Tapi, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bakal nylametké umaté. Awaké dhéwé mémang ora tau dilatih perang lan ora nduwé senjata. Mula, bangsa-bangsa kuwi bakal nganggep awaké dhéwé lemah lan gampang dikalahké. (Yèh. 38:10-12) Merga nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé ngerti nèk malaékaté Yéhuwah bakal nglindhungi. Tapi merga ora percaya karo Gusti Allah, bangsa-bangsa ora ngerti soal kuwi. Dadi, bangsa-bangsa kuwi bakal kagèt wektu Gusti Allah nggunakké malaékaté kanggo nylametké umaté.​—Why. 19:11, 14, 15.

BÈN SIAP NGADHEPI SENGSARA GEDHÉ

14. Piyé carané bèn isa siap ngadhepi sengsara gedhé?

14 Dadi, piyé carané bèn isa siap ngadhepi sengsara gedhé? Aja ngutamakké harta merga sukmbèn kuwi kudu ditinggalké nèk péngin slamet. Awaké dhéwé ya kudu puas karo apa sing diduwèni lan terus cedhak karo Yéhuwah. Kuwi sing isa nggawé bahagia. Semakin cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé ya semakin yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi pas Gog saka Magog nyerang umaté Gusti Allah.

15. Kenapa Daud isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu dhèwèké?

15 Gatèkna apa manèh sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa siap ngadhepi sengsara gedhé. Daud ngomong, ”Deloken lan rasakna nèk Yéhuwah kuwi apikan. Wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké kuwi bahagia.” (Mzm. 34:8) Merga percaya karo Yéhuwah, Daud isa ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. Misalé pas isih enom, Daud kudu nglawan Goliat sing awaké gedhé. Tapi, Daud ora wedi lan ngomong karo Goliat, ”Dina iki, Yéhuwah bakal mbantu aku ngalahké kowé.” (1 Sam. 17:46) Terus, Daud ya bola-bali arep dipatèni Saul pas dhèwèké dadi pelayané Saul. Tapi ”Yéhuwah nglindhungi Daud”. (1 Sam. 18:12) Merga wis kerep ngrasakké dhukungané Yéhuwah, Daud isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu dhèwèké.

16. Piyé carané bèn isa ’ngrasakké’ dhéwé nèk Yéhuwah kuwi apikan?

16 Nèk saiki wis percaya karo Yéhuwah, sukmbèn awaké dhéwé ya bakal yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi. Misalé, apa awaké dhéwé wani njaluk ijin karo majikan bèn isa teka ing pertemuan wilayah utawa pertemuan gabungan wilayah? Apa awaké dhéwé wani njaluk bèn jam kerjané disesuaikké bèn isa teka ing pertemuan ibadah lan nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil? Kuwi kabèh butuh iman. Terus, piyé nèk majikané awaké dhéwé ora gelem lan awaké dhéwé malah di-PHK? Apa awaké dhéwé bener-bener yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké lan bakal terus nyukupi kebutuhané awaké dhéwé? (Ibr. 13:5) Sedulur-sedulur sing nglayani Yéhuwah sepenuh waktu wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah selalu mbantu pas sedulur-sedulur kuwi mbutuhké. Yéhuwah ora tau ninggalké umaté.

17. Apa ayat taunan kanggo 2022, lan kenapa kuwi cocog?

17 Awaké dhéwé ora perlu wedi karo apa sing bakal kelakon sukmbèn, merga Yéhuwah ndhukung awaké dhéwé. Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté. Sing penting, awaké dhéwé kudu terus ngutamakké Yéhuwah. Bèn siap ngadhepi sengsara gedhé lan percaya nèk Yéhuwah bakal terus mbantu awaké dhéwé, Pengurus Pusat wis milih Mazmur 34:10 dadi ayat taunan 2022, ”Wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah ora bakal kekurangan apa-apa.”

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

^ Sing dipilih dadi ayat taunan 2022 kuwi Mazmur 34:10, yaiku ”Wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah ora bakal kekurangan apa-apa.” Tapi, umaté Yéhuwah akèh-akèhé kan ora sugih. Dadi, apa maksudé ”ora bakal kekurangan apa-apa”? Awaké dhéwé bakal ngrembug soal kuwi. Terus nèk ngrenungké ayat kuwi, awaké dhéwé isa luwih siap ngadhepi sengsara gedhé sing sedhéla manèh bakal kelakon.

^ Deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 September 2014.

^ Deloken Menara Pengawal 1 Mei 1999 halaman 19.

^ GAMBAR: Meskipun kudu ndhelik ing guwa merga arep dipatèni karo Saul, Daud tetep bersyukur karo kabèh sing diwènèhké Yéhuwah.

^ GAMBAR: Sakwisé metu saka Mesir, bangsa Israèl diwènèhi manna bèn isa mangan lan klambiné ora rusak.