Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 3

Yésus Nètèské Air Mata

Yésus Nètèské Air Mata

”Yésus nètèské air mata.”​—YOH. 11:35.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-3. Masalah apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé nangis?

 KAPAN terakhir kali njenengan nangis? Kadhang merga saking senengé, awaké dhéwé isa nganti nangis. Tapi biasané awaké dhéwé nangis merga sedhih, misalé nèk ditinggal mati karo wong sing disayangi. Sedulur Lolina saka Amerika Serikat kandha, ”Aku sedhih banget pas anakku wédok mati. Saking sedhihé, aku kadhang nganti ngrasa wis ora kuwat manèh.” *

2 Tapi, awaké dhéwé ya isa nangis merga alesan liya. Sedulur Hiromi saka Jepang sing nglayani dadi perintis ngomong ngéné, ”Aku sedhih banget merga ing kéné akèh sing ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab. Aku kerep ndonga bèn isa ketemu karo wong sing gelem sinau Alkitab. Tapi nèk pas sedhih banget, aku isa ndonga karo nangis.”

3 Akèh sedulur ya ngrasakké sing padha kaya Lolina lan Hiromi. Njenengan mungkin ya tau ngrasa kaya ngono. (1 Ptr. 5:9) Awaké dhéwé mesthiné péngin ngrasa ”seneng” pas nglayani Yéhuwah. (Mzm. 6:6; 100:2) Tapi, isa waé awaké dhéwé ditinggal mati karo wong sing disayangi, ngrasa kurang semangat, utawa ngadhepi masalah sing nggawé angèl manut karo Yéhuwah. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé sedhih utawa malah nganti nangis. Terus piyé nèk ngadhepi kaya ngono?

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Awaké dhéwé isa niru Yésus. Alkitab ya nyebutké nèk Yésus tau ”nètèské air mata”. (Yoh. 11:35; Luk. 19:41; 22:44; Ibr. 5:7) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal njawab pitakonan-pitakonan iki: Pas peristiwa apa waé Yésus nangis? Awaké dhéwé isa ngerti apa waé soal Yéhuwah lan Yésus saka peristiwa-peristiwa kuwi? Awaké dhéwé kudu piyé pas ngadhepi masalah sing nggawé sedhih banget?

YÉSUS NANGIS PAS SAHABATÉ MATI

Kaya Yésus, awaké dhéwé kudu ndhukung sedulur-sedulur sing lagi sedhih merga ditinggal mati karo wong sing disayangi (Deloken paragraf 5-9) *

5. Saka kisah sing dicathet ing Yohanes 11:32-36, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yésus?

5 Yésus nduwé sahabat sing jenengé Lazarus. Lazarus manggon ing Bétani lan nduwé loro sedulur wédok yaiku Marta lan Maria. Yésus sayang banget karo wong telu kuwi. Tapi pas musim dingin taun 32 M, Lazarus lara lan akhiré mati. (Yoh. 11:3, 14) Iki nggawé Marta karo Maria sedhih banget. Pas krungu nèk Yésus teka ing Bétani, Marta langsung marani Yésus. Bayangna Marta ngomong ngéné karo nangis, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” (Yoh. 11:21) Terus pas ndelok Maria karo wong-wong liyané padha nangis, Yésus ”nètèské air mata”.​—Wacanen Yohanes 11:32-36.

6. Kenapa kok Yésus nangis?

6 Kenapa kok Yésus nangis? Buku Pemahaman Alkitab nyebutké ngéné, ”Pas ngerti sahabaté mati lan ndelok sedulur-seduluré wédok Lazarus nangis, Yésus dadi sedhih banget nganti ’nètèské air mata’.” * Yésus mungkin mbayangké Lazarus awaké lara kabèh merga penyakité. Yésus mungkin ya mbayangké perasaané Lazarus pas ngerti nèk wis mèh mati. Terus, Yésus nggatèkké nèk Marta karo Maria nangis merga Lazarus mati. Kuwi kabèh nggawé Yésus sedhih banget nganti akhiré nangis. Kaya Yésus, njenengan mesthi ya sedhih banget nèk ditinggal mati karo keluarga utawa sahabaté njenengan. Apa sing isa dipelajari saka peristiwa iki?

7. Saka kisahé Yésus sing nangis pas sahabaté mati, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

7 Yéhuwah memahami perasaané njenengan. Yésus nduwé ”kepribadian sing padha persis” karo Bapaké. (Ibr. 1:3) Dadi pas Yésus nangis, Yésus nduduhké nèk Bapaké ya sedhih pas ana sing mati. (Yoh. 14:9) Nèk njenengan ditinggal mati karo wong sing disayangi, Yéhuwah ya mèlu sedhih. Yéhuwah memahami perasaané njenengan lan péngin mbantu bèn njenengan ora sedhih manèh.​—Mzm. 34:18; 147:3.

8. Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk sukmbèn bakal isa ketemu manèh karo wong sing disayangi sing wis mati?

8 Yésus péngin nguripké manèh wong mati. Sakdurungé nangis, Yésus ngomong karo Marta, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” Marta percaya karo Yésus. (Yoh. 11:23-27) Marta kuwi umaté Yéhuwah. Dadi, Marta mesthi ngerti nèk mbiyèn Nabi Èlia karo Èlisa tau nguripké wong mati. (1 Raj. 17:17-24; 2 Raj. 4:32-37) Marta mungkin ya krungu nèk Yésus tau nguripké wong mati. (Luk. 7:11-15; 8:41, 42, 49-56) Kaya Marta, njenengan ya isa yakin nèk sukmbèn isa ketemu manèh karo wong sing disayangi sing wis mati. Air matané Yésus kuwi dadi bukti nèk Yésus ora seneng nèk ana wong sing mati lan péngin nguripké manèh wong kuwi.

9. Piyé carané ndhukung sedulur-sedulur sing sedhih merga ditinggal mati? Wènèhana conto.

9 Ndhukung wong-wong sing sedhih merga ditinggal mati. Yésus ora mung nangis karo Marta lan Maria, ning ya ngrungokké lan menghibur wong loro kuwi. Awaké dhéwé ya isa niru Yésus. Sedulur Dani saka Australia ngomong ngéné, ”Aku sedhih banget pas bojoku mati. Tapi, ana beberapa suami istri ing jemaat sing selalu siap ndhukung aku. Sedulur-sedulur kuwi gelem ngrungokké pas aku nyritakké perasaanku lan ora nyalahké pas aku nangis. Sedulur-sedulur kuwi ya mbantu ngumbahké mobilku, blanja kanggo kebutuhanku, lan masakké aku. Terus, sedulur-sedulur kuwi ya kerep ngejak ndonga bareng. Sedulur-sedulur kuwi bener-bener ’kanca sejati sing isa diendelké wektu ana kesusahan’.”​—WB. 17:17.

YÉSUS NANGIS MERGA MESAKKÉ KARO WONG LIYA

10. Critakna peristiwa sing dicathet ing Lukas 19:36-40.

10 Peristiwané kelakon tanggal 9 Nisan taun 33 M. Wektu kuwi, akèh wong ing Yérusalèm padha nggelar klambi njabané ing dalan merga arep nyambut Yésus sing dadi rajané. Iki kuduné dadi peristiwa sing nyenengké. (Wacanen Lukas 19:36-40.) Tapi Alkitab ngomong, ”Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus ndelok kutha kuwi lan nangis.” Murid-muridé mesthi ora nyangka nèk Yésus bakal nangis. Terus, Yésus ngramalké nèk sedhéla manèh Yérusalèm bakal dihancurké.​—Luk. 19:41-44.

11. Kenapa kok Yésus nangis pas ndelok Yérusalèm?

11 Yésus sedhih banget merga akèh wong Yahudi ora gelem ngrungokké kabar apik sing dhèwèké wartakké. Yésus ya ngerti nèk Yérusalèm bakal dihancurké lan wong Yahudi sing ora dipatèni bakal didadèkké budhak. (Luk. 21:20-24) Sayangé sakwisé Yésus ngomong kaya ngono, wong Yahudi tetep ora gelem percaya karo Yésus. Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa wong-wong ing dhaérahé njenengan akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing njenengan wartakké? Apa sing isa dipelajari saka kisahé Yésus sing dicathet ing Lukas 19:41?

12. Saka Lukas 19:41, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

12 Yéhuwah perduli karo manungsa. Peristiwa pas Yésus nangis sakdurungé mlebu Yérusalèm nduduhké nèk Yéhuwah perduli karo kabèh wong. Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah ”ora péngin ana wong sing disingkirké” lan ”péngin kabèh wong mertobat”. (2 Ptr. 3:9) Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk perduli lan sayang karo wong liya? Awaké dhéwé kudu terus ngupaya mbantu wong liya bèn isa ngerti kabar apik saka Alkitab.​—Mat. 22:39.

Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu gelem nyedhiakké wektu bèn isa mbantu wong liya sinau Alkitab (Deloken paragraf 13-14) *

13-14. Apa buktiné nèk Yésus mesakké wong liya, lan piyé carané niru Yésus?

13 Yésus semangat wektu nginjil. Yésus nggolèk kesempatan bèn isa mulang wong liya soal kabar apik. (Luk. 19:47, 48) Yésus gelem kaya ngono merga sayang lan mesakké karo wong-wong kuwi. Saking semangaté, Yésus tau mulang akèh wong nganti dhèwèké karo murid-muridé ”ora kober mangan”. (Mrk. 3:20) Yésus ya gelem nyedhiakké wektu kanggo mulang Nikodémus, padahal Nikodémus isané pas bengi. (Yoh. 3:1, 2) Mémang, akèh wong sing ngrungokké Yésus tetep ora gelem dadi muridé. Tapi paling ora, wong-wong kuwi wis krungu kabar apik. Saiki, awaké dhéwé ya péngin mbantu sak akèh-akèhé wong bèn isa ngerti kabar apik. (Kis. 10:42) Mula, awaké dhéwé kudu gelem nyoba cara-cara liya kanggo nginjil.

14 Nggolèk cara-cara liya kanggo nginjil. Nèk nginjilé ing jam sing padha terus, awaké dhéwé mungkin ora ketemu karo wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik. Perintis sing jenengé Matilda ngomong ngéné, ”Nèk ésuk, aku karo bojoku nginjil ing dhaérah pertokoan. Nèk awan, ana panggonan sing kerep diliwati akèh wong. Dadi, aku karo bojoku jaga gerai ing kono. Terus nèk bengi, aku lagi nginjil ing omah-omah merga wong-wong wis padha balik kerja.” Dadi, awaké dhéwé aja mung nginjil ing wektu sing pénak kanggo awaké dhéwé thok. Awaké dhéwé kudu nyesuaikké jadwal bèn isa ketemu luwih akèh wong pas nginjil. Nèk ngupayakké kuwi, Yéhuwah mesthi seneng.

YÉSUS NANGIS MERGA KUWATIR JENENGÉ YÉHUWAH DIÈLÈK-ÈLÈK

Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu ndonga pas ngadhepi masalah sing abot (Deloken paragraf 15-17) *

15. Critakna peristiwa sing dicathet ing Lukas 22:39-44.

15 Pas bengi tanggal 14 Nisan taun 33 M, Yésus lunga ing Taman Gètsemani. Ing kono, Yésus ndonga karo Yéhuwah. (Wacanen Lukas 22:39-44.) Wektu kuwi Yésus ’ndonga tenanan karo nangis lan nganggo swara banter’. (Ibr. 5:7) Kenapa Yésus ndonga? Yésus ngerti nèk sésuk bakal dihukum mati. Mula, Yésus ndonga njaluk kekuwatan bèn isa tetep setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ngrungokké dongané Yésus. Terus, Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké Yésus.

16. Kenapa pas ing Taman Gètsemani Yésus ndonga nganti nangis?

16 Yésus mesthi sedhih banget merga ngerti nèk wong-wong bakal nganggep dhèwèké ngrèmèhké Gusti Allah. Yésus ngerti nèk ngluhurké jenengé Gusti Allah kuwi penting banget. Dadi, Yésus mesthi ya kuwatir isa tetep setya karo Yéhuwah apa ora. Apa njenengan lagi ngalami masalah sing abot? Apa sing isa dipelajari saka kisahé Yésus iki?

17. Saka kisahé Yésus sing dicathet ing Lukas 22:39-44, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

17 Yéhuwah ngrungokké dongané njenengan. Yésus péngin isa tetep setya lan ngluhurké jenengé Bapaké. Kuwi sebabé, Yéhuwah ngrungokké dongané Yésus. Nèk awaké dhéwé péngin tetep setya lan ngluhurké Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé.​—Mzm. 145:18, 19.

18. Kenapa Yésus kuwi kaya kanca sing apik kanggo awaké dhéwé?

18 Yésus memahami perasaané njenengan. Kanca sing apik mesthi bakal memahami perasaané awaké dhéwé nèk pas lagi sedhih, apa manèh nèk dhèwèké tau ngalami masalah sing padha. Nèk nduwé kanca sing kaya ngono, awaké dhéwé mesthi seneng. Yésus kuwi kaya kanca sing apik mau. Yésus ngerti kelemahané awaké dhéwé lan bakal mbantu ”ing wektu sing pas”. (Ibr. 4:15, 16) Pas ing Taman Gètsemani, Yésus gelem dibantu karo malaékat. Saiki, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé liwat bacaan-bacaan saka organisasi, vidéo, ceramah, para pinituwa, utawa liwat sedulur-sedulur ing jemaat. Nèk gelem dibantu karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa luwih semangat lan ora sedhih manèh.

19. Piyé carané bèn isa tetep setya wektu ngadhepi masalah? Wènèhana conto.

19 Yéhuwah bakal mènèhi ”rasa ayem”. Piyé carané Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé bèn tetep setya? Nèk awaké dhéwé ndonga, Yéhuwah bakal mènèhi ”rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa”. (Flp. 4:6, 7) Hasilé, awaké dhéwé isa tetep tenang. Iki sing dialami karo Sedulur Lusi. Dhèwèké kandha, ”Aku kerep ngrasa kesepian. Kadhang, aku nganti ngrasa nèk Yéhuwah ora sayang karo aku. Ning, pas ngrasa kaya ngono, aku ndonga karo Yéhuwah. Hasilé, aku isa tetep tenang.”

20. Apa waé sing wis dipelajari saka artikel iki?

20 Dadi apa kesimpulané? Nèk saiki lagi sedhih merga ditinggal mati wong sing disayangi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus bakal terus ndhukung awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya kudu ndhukung sedulur-sedulur sing lagi sedhih merga ditinggal mati wong sing disayangi. Mau ya disebutké nèk Yéhuwah lan Yésus perduli karo kabèh wong. Mula, awaké dhéwé péngin terus semangat martakké kabar apik marang kabèh wong. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé mesthi seneng merga ngerti nèk Yéhuwah karo Yésus memahami perasaané awaké dhéwé, ngerti kelemahané awaké dhéwé, lan péngin mbantu awaké dhéwé. Muga-muga awaké dhéwé terus ngetrapké apa sing wis dipelajari saka artikel iki nganti Yéhuwah nepati janjiné lan ”ngusapi air matané” awaké dhéwé.​—Why. 21:4.

LAGU 120 Niru Yésus sing Rendah Hati

^ Kaya sing disebutké ing Alkitab, Yésus ya tau nangis. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telu peristiwa pas Yésus nangis, lan apa sing isa dipelajari saka peristiwa-peristiwa kuwi.

^ Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ Deloken buku Pemahaman Alkitab jilid 2 halaman 1265.

^ GAMBAR: Yésus menghibur Marta karo Maria. Awaké dhéwé ya kudu menghibur sedulur-sedulur sing ditinggal mati karo wong sing disayangi.

^ GAMBAR: Meskipun wis bengi, Yésus tetep gelem mulang Nikodémus. Awaké dhéwé ya kudu gelem nyesuaikké wektu bèn isa mbantu wong liya sinau Alkitab.

^ GAMBAR: Yésus ndonga bèn isa tetep setya karo Yéhuwah. Pas ngalami masalah sing abot, awaké dhéwé ya kudu ndonga bèn isa tetep setya karo Yéhuwah.