Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cobanen Iki

Cobanen Iki

Apa njenengan seneng maca kisahé sedulur-sedulur?

Ana suami istri sing saben ésuk seneng maca kisahé sedulur-sedulur. Wong loro kuwi ngomong, ”Aku karo bojoku seneng maca kisahé sedulur-sedulur. Nèk maca kisah kuwi, aku karo bojoku dadi péngin terus setya karo Yéhuwah, ora soal apa masalahé.” Sedulur liyané ya ngomong, ”Aku dadi disemangati nèk maca kisahé sedulur-sedulur. Sedulur-sedulur kuwi bener-bener bahagia. Aku dadi péngin luwih semangat nginjil. Terus, aku ya péngin mbantu anak-anakku bèn gelem nglayani dadi perintis utawa éntuk tugas-tugas liyané saka organisasi.”

Nèk maca kisahé sedulur-sedulur, njenengan isa éntuk conto sing apik soal carané bèn bener-bener bahagia meskipun ngadhepi masalah. Tapi, kisahé sedulur-sedulur kuwi ana ing endi?

  • Ing jw.org utawa JW Library®, deloken ing bagéan ”Kisah Hidup Saksi-Saksi Yehuwa”.

  • Ketiken ”Kisah Hidup Saksi-Saksi Yehuwa” ing PERPUSTAKAAN ONLINE Menara Pengawal utawa Watchtower Library.