Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

”Katresnané Kristus Wis Nyemangati Aku”

”Katresnané Kristus Wis Nyemangati Aku”

”Katresnané Kristus wis nyemangati aku, . . . Dhèwèké wis mati kanggo kabèh wong bèn kabèh wong ora urip kanggo kepentingané dhéwé.”​—2 KOR. 5:14, 15.

LAGU 13 Ayo Niru Yésus

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. (a) Pas maca kisahé Yésus, awaké dhéwé dadi piyé? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 NÈK ana keluarga utawa kanca sing mati, awaké dhéwé bakal kangen karo wong kuwi. Awaké dhéwé mesthi sedhih nèk kèlingan karo dhèwèké, apa manèh nèk wongé lara parah. Tapi nèk kèlingan karo kata-katané sing nguwatké utawa sipat-sipaté sing apik, awaké dhéwé mesthi terhibur.

2 Padha kaya ngono, nèk maca kisahé Yésus sing sengsara nganti mati, mungkin awaké dhéwé sedhih. Apa maneh sakdurunge lan sakwise Peringatan, awake dhewe bakal luwih kerep mikirke pengorbanane Yesus. (1 Kor. 11:24, 25) Tapi, awake dhewe isa seneng nek ngrenungke soal perbuatan lan ajarane Yesus pas ing bumi. Saiki, Yésus wis dadi raja lan bakal mènèhi berkah kanggo manungsa. Nèk mikirké soal kuwi, awaké dhéwé bakal nggolèk cara kanggo mbuktèkké nèk menghargai tebusan. Kuwi sing bakal dirembug ing artikel iki.

BERSYUKUR KARO YÉHUWAH LAN YÉSUS

3. Ngapa kok awaké dhéwé bersyukur wis dikèki tebusan?

3 Pas ing bumi, Yésus wis ngandhani soal berkah-berkah Kerajaané Gusti Allah. Berkah-berkah kuwi isa ana merga Yéhuwah mènèhké Yésus dadi tebusan. Awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah lan Yésus, isa urip saklawasé, lan ketemu manèh karo wong sing wis mati. (Yoh. 5:28, 29; Rm. 6:23) Sakjané, awaké dhéwé ora pantes nampa berkah-berkah kuwi lan ora isa mbales Yéhuwah lan Yésus. (Rm. 5:8, 20, 21) Tapi, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk bersyukur. Piyé carané?

Nèk mikirké contoné Maria Magdaléna, piyé carané awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus? (Deloken paragraf 4-5)

4. Apa buktiné nèk Maria bersyukur karo Yésus? (Deloken gambar kanggo paragraf 4-5.)

4 Gatèkna contoné Maria Magdaléna. Dhèwèké sengsara banget merga dirasuki roh jahat pitu. Merga Yésus wis mbébaské dhèwèké saka roh jahat mau, dhèwèké mesthi bersyukur banget. Mulané, dhèwèké gelem dadi muridé Yésus lan nggunakké kabèh sing diduwèni kanggo nglayani Yésus. (Luk. 8:1-3) Tapi sakjané, Maria durung ngerti nèk Yésus bakal mati dadi tebusan ”supaya saben wong sing nduduhké iman” marang Yésus isa urip saklawasé. (Yoh. 3:16) Meskipun ngono, Maria terus ndhukung Yésus. Pas Yésus mati, Maria ngadeg cedhak cagak hukumané Yésus kanggo nguwatké Yésus lan sing liyané. (Yoh. 19:25) Bar Yésus mati, Maria lan loro wong wédok liyané nggawa rempah-rempah ing makamé Yésus. (Mrk. 16:1, 2) Merga terus ndhukung Yésus, Maria diberkahi. Dhèwèké isa omong-omongan langsung karo Yésus sing wis diuripké manèh. Mung sithik sing éntuk kesempatan kuwi.​—Yoh. 20:11-18.

5. Piyé carané mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus?

5 Awaké dhéwé isa mbuktèkké bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus nèk nggunakké kabèh sing diduwèni kanggo nglayani Yéhuwah. Contoné, awaké dhéwé isa mèlu mbangun lan ngrawat bangunané organisasi.

SAYANG KARO SEDULUR-SEDULUR LAN WONG LIYA

6. Apa buktiné nèk Yéhuwah mènèhi Yésus dadi tebusan kanggo njenengan?

6 Yéhuwah karo Yésus sayang banget karo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé ya sayang karo Yéhuwah lan Yésus. (1 Yoh. 4:10, 19) Mémang, tebusan kuwi disedhiakké kanggo wong akèh. Tapi sakjané Yésus mati kanggo njenengan. Merga ana tebusan, Yéhuwah isa narik njenengan dadi kancané. (Yoh. 6:44) Kuwi sing dirasakké Rasul Paulus. Mulané dhèwèké ngomong, ’Anaké Gusti Allah nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku. (Gal. 2:20) Nèk mikirké soal kuwi, piyé perasaané njenengan? Yéhuwah wis masrahké Anaké dhéwé bèn njenengan isa dadi kancané. Njenengan mesthi dadi tambah sayang karo Yéhuwah lan Yésus. Merga sayang karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé bakal piyé?

Merga sayang karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé gelem nginjil karo sapa waé (Deloken paragraf 7)

7. Kaya gambar kanggo paragraf 7, merga sayang karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé bakal piyé? (2 Korintus 5:14, 15; 6:1, 2)

7 Merga sayang karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé ya bakal nresnani wong liya. (Wacanen 2 Korintus 5:14, 15; 6:1, 2.) Awaké dhéwé mesthi péngin semangat nginjil marang sapa waé. Ora soal piyé penampilané, asalé, utawa latar belakangé, awaké dhéwé ora bakal mbédak-mbédaké wong. Kuwi cocog karo kepénginané Yéhuwah, yaiku ”bèn kabèh wong dislametké lan nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener.”​—1 Tim. 2:4.

8. Piyé carané mbuktèkké nèk sayang karo sedulur-sedulur?

8 Awaké dhéwé mesthi ya péngin luwih sayang karo sedulur-sedulur. (1 Yoh. 4:21) Misalé nèk ana sing ngadhepi masalah, ya digatèkké. Nèk ana sing ditinggal mati wong sing disayangi, ya dihibur. Nèk ana sing lara, ya ditiliki. Terus nèk ana sing lagi sedhih utawa ora semangat, ya dikuwatké utawa disemangati. (2 Kor. 1:3-7; 1 Tés. 5:11, 14) Awaké dhéwé ya isa ndongakké sedulur-sedulur, soalé ”dongané wong bener kuwi gedhé kekuwatané lan bener-bener isa mbantu wong liya”.​—Yak. 5:16.

9. Apa cara liyané kanggo mbuktèkké nèk sayang karo sedulur-sedulur?

9 Cara liyané mbuktèkké nèk sayang karo sedulur-sedulur kuwi niru Yéhuwah sing seneng ngapura. Nèk Yéhuwah waé gelem mènèhké Anaké dadi tebusan bèn isa ngapura dosané awaké dhéwé, awaké dhéwé ya kudu gelem ngapura sedulur-sedulur. Aja nganti kaya budhak sing jahat ing perumpamaané Yésus. Majikané wis nganggep lunas utangé budhak kuwi. Tapi, budhak kuwi malah ora gelem nganggep lunas utangé kancané sing luwih sithik. (Mat. 18:23-35) Nèk njenengan piyé? Nèk ana sedulur liya sing tersinggung karo njenengan utawa njenengan nggawé sedulur liya dadi tersinggung, apa njenengan isa berusaha rukun manèh sakdurungé acara Peringatan? (Mat. 5:23, 24) Nèk ngupayakké kuwi, njenengan mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah lan Yésus.

10-11. Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah lan Yésus? (1 Pétrus 5:1, 2)

10 Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah lan Yésus? Para pinituwa kudu nggatèkké domba-dombané Yésus. (Wacanen 1 Pétrus 5:1, 2.) Yésus péngin para pinituwa kaya ngono. Yésus ya ngomong ngono karo Pétrus. Bar ora ngakoni Yésus ping telu, Pétrus mesthi sedhih banget. Terus bar Yésus diuripké manèh, Yésus takon karo Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé sayang karo aku?” Merga péngin mbuktèkké nèk sayang karo Yésus, Pétrus mesthi gelem dikongkon apa waé. Yésus ngongkon Pétrus, ”Engonen anak-anak dombaku.” (Yoh. 21:15-17) Pétrus manut préntah kuwi. Dhèwèké tenanan nggatèkké domba-dombané Yésus.

11 Pas sakdurungé lan sakwisé Peringatan, para pinituwa isa mbuktèkké nèk manut karo préntahé Yésus mau. Para pinituwa kudu kerep penggembalaan, terus ya kudu mbantu sedulur-sedulur sing ora tau ngibadah lan nginjil bèn gelem nglayani Yéhuwah manèh. (Yèh. 34:11, 12) Pas acara Peringatan, para pinituwa ya isa nyambut sing isih sinau Alkitab lan wong-wong sing lagi pertama teka. Tujuané, bèn wong-wong kuwi sukmbèn ya gelem nglayani Yéhuwah.

LUWIH KENDEL

12. Kenapa kok awaké dhéwé isa kendel nèk mikirké kata-katané Yésus ing Yohanes 16:32, 33?

12 Sakdurungé mati, Yésus tau ngomong karo murid-muridé, ”Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, ning aja wedi. Aku wis ngalahké donya.” (Wacanen Yohanes 16:32, 33.) Kok isa Yésus tetep kendel lan setya karo Yéhuwah nganti mati? Dhèwèké percaya tenan karo Yéhuwah. Merga ngerti murid-muridé ya bakal dimungsuhi, Yésus njaluk tulung karo Yéhuwah bèn nglindhungi murid-muridé. (Yoh. 17:11) Kok isa kuwi nggawé awaké dhéwé dadi kendel? Soalé awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi kuwat banget. Kabèh mungsuhé awaké dhéwé ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo Yéhuwah. (1 Yoh. 4:4) Yéhuwah ngerti kabèh sing kelakon. Mulané, nèk percaya karo Yéhuwah, mesthi awaké dhéwé isa tetep kendel.

13. Apa buktiné nèk Yusuf saka Arimatéa akhiré isa kendel?

13 Gatèkna kisahé Yusuf saka Arimatéa. Dhèwèké kuwi anggota Sanhèdrin, yaiku Mahkamah Agung Yahudi. Dadi, wong-wong mesthi ngajèni dhèwèké. Tapi pas Yésus ing bumi, Yusuf ora wani ngomong nèk dhèwèké muridé Yésus. Ing Alkitab disebutké, ”Yusuf kuwi muridé Yésus, ning ora wani terus terang soal kuwi merga wedi karo wong Yahudi.” (Yoh. 19:38) Meskipun Yusuf seneng karo ajarané Yésus, tapi dhèwèké ora péngin wong liya ngerti nèk dhèwèké muridé Yésus. Mungkin Yusuf wedi nèk ora diajèni karo wong-wong. Tapi bar Yésus mati, Yusuf akhiré wani ”nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus”. (Mrk. 15:42, 43) Saiki, wong-wong ngerti nèk dhèwèké muridé Yésus.

14. Njenengan kudu piyé nèk ngrasa wedi kaya Yusuf mbiyèn?

14 Apa njenengan tau ngrasa wedi kaya Yusuf? Ing sekolah utawa ing panggonan kerja, apa njenengan isin ngomong nèk njenengan Seksi Yéhuwah? Apa njenengan ora ndang dadi penginjil utawa dibaptis merga wedi wong liya bakal mikir apa? Njenengan mesthi wis ngerti endi sing bener, dadi ora perlu terlalu kuwatir. Ndonga waé karo Yéhuwah bèn isa kendel. Nèk ngrasakké Yéhuwah njawab dongané njenengan, njenengan mesthi dadi tambah kendel.​—Yés. 41:10, 13.

LUWIH BAHAGIA NGLAYANI YÉHUWAH

15. Merga seneng banget ngerti nèk Yésus wis diuripké manèh, murid-murid Yésus ngapa? (Lukas 24:52, 53)

15 Pas Yésus mati, murid-murid mesthi sedhih banget. Bayangna nèk njenengan ana ing kono. Murid-murid kuwi mesthi ngrasa kélangan banget, apa manèh nèk murid-murid kuwi berharap Yésus bakal mbébaské Israèl. (Luk. 24:17-21) Tapi bar diuripké manèh, Yésus nemoni murid-murid kuwi. Yésus mbantu murid-murid kuwi ngerti nèk kabèh peristiwa kuwi bukti nèk ramalané Alkitab wis kelakon. Yésus ya mènèhi tugas kanggo murid-murid. (Luk. 24:26, 27, 45-48) Patang puluh dina bar kuwi, pas Yésus arep munggah swarga, murid-murid mesthi wis ora sedhih manèh. Murid-murid kuwi ngerti nèk Yésus wis urip lan isa mbantu murid-murid kuwi ngrampungké tugasé. Merga seneng banget, murid-murid terus semangat ngluhurké Yéhuwah.​—Wacanen Lukas 24:52, 53; Kis. 5:42.

16. Piyé carané niru murid-muridé Yésus?

16 Piyé carané niru murid-muridé Yésus? Awaké dhéwé isa terus ngrasa seneng wektu nglayani Yéhuwah, ora mung pas sakdurungé utawa sakwisé Peringatan. Awaké dhéwé isa terus bahagia nèk ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Misalé akèh sedulur sing berusaha bèn isa luwih kerep nginjil, teratur teka ngibadah, lan ibadah keluarga. Sing liyané manèh ora tuku barang-barang sing ora dibutuhké bèn isa luwih akèh mbantu sedulur-sedulur utawa pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil. Meskipun kuwi ora gampang, Yéhuwah mesthi mberkahi nèk awaké dhéwé ngutamakké Kerajaané Gusti Allah.​—WB. 10:22; Mat. 6:32, 33.

Pas sakdurungé lan sakwisé Peringatan, coba pikirna, ’Apa manfaat sing tak rasakké merga Yéhuwah wis mènèhi Yésus dadi tebusan?’ (Deloken paragraf 17)

17. Njenengan isa ngapa waé sakdurungé lan sakwisé Peringatan? (Deloken gambar kanggo paragraf 17.)

17 Awaké dhéwé bakal memperingati kematiané Yésus dina Selasa tanggal 4 April. Tapi pas sakwisé utawa sakdurungé Peringatan, awaké dhéwé ya isa ngrenungké soal pengorbanané lan katresnané Yésus lan Yéhuwah. Misalé gatèkna Lampiran B12 ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar sing judhulé ”Minggu Terakhir Uripé Yésus ing Bumi”. Terus bukaken ayat-ayat ing kono. Hasilé, awaké dhéwé bakal bersyukur lan sayang karo Yéhuwah lan Yésus. Awaké dhéwé ya bakal luwih kendel lan luwih bahagia nglayani Yéhuwah. Coba pikirna piyé carané isa mbuktèkké kuwi saiki. Yésus mesthi seneng nèk awaké dhéwé ora lali karo pengorbanané.​—Why. 2:19.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

a Sakdurungé lan sakwisé Peringatan, biasané awaké dhéwé ngrenungké soal Yésus. Merga sayang karo awaké dhéwé, Yéhuwah mènèhi Yésus dadi tebusan. Mikirké soal kuwi gedhé pengaruhé. Awaké dhéwé bakal mbahas carané mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus. Terus nèk mikirké katresnané Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé bakal luwih sayang karo sedulur-sedulur lan wong liya, luwih kendel, lan luwih bahagia wektu nglayani Yéhuwah. Kok isa?