Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 4

Upayané Awaké Dhéwé Teka Ing Peringatan Nggawé Yéhuwah Seneng

Upayané Awaké Dhéwé Teka Ing Peringatan Nggawé Yéhuwah Seneng

”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”​—LUK. 22:19.

LAGU 19 Ngéling-éling Pengorbanané Yésus

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Ngapa kok awaké dhéwé teka ing Peringatan Kematiané Yésus?

 YÉSUS wis masrahké uripé bèn awaké dhéwé isa urip saklawasé. Sakdurungé mati, Yésus ngongkon awaké dhéwé memperingati kematiané nganggo roti lan anggur.​—1 Kor. 11:23-26.

2 Awaké dhéwé manut karo préntah kuwi merga sayang karo Yésus. (Yoh. 14:15) Kuwi sebabé, saben ana acara Peringatan, awaké dhéwé mikirké tenanan soal pengorbanané Yésus lan ndonga ngucap syukur. Awaké dhéwé ya luwih kerep nginjil kanggo ngundang akèh wong bèn isa teka. Ora soal piyé keadaané, awaké dhéwé ya berupaya bèn isa teka ing acara kuwi.

3. Apa sing arep dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki arep dirembug telu cara umaté Yéhuwah nggawé Yéhuwah seneng pas acara Peringatan: (1) Memperingati acarané sesuai karo sing diajarké Yésus, (2) Ngundang wong liya teka ing acarané, lan (3) Berupaya teka ora soal piyé keadaané.

MEMPERINGATI ACARANÉ SESUAI KARO SING DIAJARKÉ YÉSUS

4. Keterangan apa waé sing dibahas pas acara Peringatan, lan kenapa kuwi aja dianggep sepélé? (Lukas 22:19, 20)

4 Pas acara Peringatan, ana ceramah Alkitab sing mbahas kenapa Yésus mati kanggo awaké dhéwé. Ing ceramah kuwi ya dibahas kok isa wong siji nebus dosané wong akèh. Awaké dhéwé ya diélingké sapa sing éntuk mangan roti lan ngombé anggur lan apa artiné lambang-lambang kuwi. (Wacanen Lukas 22:19, 20.) Wektu acara kuwi, awaké dhéwé ya isa mikirké harapan urip saklawasé ing donya anyar. (Yés. 35:5, 6; 65:17, 21-23) Kuwi kabèh aja dianggep sepélé. Wong liya ora paham soal kuwi. Wong-wong kuwi ora paham kenapa Yésus mati kanggo awaké dhéwé, terus carané memperingati kematiané Yésus ya ora padha kaya sing diajarké Yésus mbiyèn. Kok isa ngono?

5. Apa sing kelakon sakwisé para rasul mati?

5 Sakwisé rasul-rasulé Yésus mati, mulai ana wong Kristen palsu. (Mat. 13:24-27, 37-39) Wong-wong kuwi ”mulangké ajaran sesat bèn murid-murid dadi pengikuté wong-wong kuwi”. (Kis. 20:29, 30) Misalé, wong-wong kuwi ngajarké nèk Yésus ora ”dikorbanké ping pisan kanggo saklawasé kanggo nanggung dosané akèh wong”, tapi kudu dikorbanké bola-bali. (Ibr. 9:27, 28) Saiki ana akèh sing percaya ajaran kuwi. Misalé, wong Katolik ngumpul saben Minggu utawa malah saben dina kanggo ngrayakké sing disebut ”Misa Ékaristi”. b Gréja-gréja liyané memperingati kematiané Yésus setaun pisan, tapi anggotané ora bener-bener paham kenapa Yésus ngorbanké nyawané. Malah, ana sing ora percaya nèk Yésus isa nebus dosané kabèh manungsa. Nèk bener-bener manut karo Yésus, sikapé kuduné piyé?

6. Charles Taze Russell karo kanca-kancané isa nyimpulké apa pas taun 1872?

6 Taun 1870, Charles Taze Russell karo kanca-kancané mulai mempelajari Alkitab. Wong-wong kuwi péngin ngerti sing bener ngapa kok Yésus ngorbanké uripé dadi tebusan lan piyé kuduné kematiané diperingati. Taun 1872, wong-wong kuwi isa nyimpulké saka Alkitab nèk Yésus dadi tebusan kanggo kabèh manungsa. Kuwi dicritakké karo wong liya liwat koran, majalah, lan buku. Wong-wong kuwi ya mulai memperingati kematiané Yésus setaun pisan, padha kaya wong Kristen pas jamané para rasul.

7. Merga Charles Taze Russell karo kanca-kancané wis mempelajari Alkitab, apa manfaaté kanggo awaké dhéwé?

7 Merga bantuané Charles Taze Russell karo kanca-kancané, awaké dhéwé isa ngerti kenapa Yésus mati dadi tebusan lan apa manfaaté kanggo awaké dhéwé. (1 Yoh. 2:1, 2) Awaké dhéwé dadi ngerti nèk ana harapan urip saklawasé ing swarga lan ing bumi. Awaké dhéwé ya dadi tambah akrab karo Yéhuwah merga ngerti nèk tebusan kuwi bukti Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. (1 Ptr. 3:18; 1 Yoh. 4:9) Mula, awaké dhéwé péngin ngundang wong liya mèlu acara Peringatan.

NGUNDANG WONG LIYA TEKA ING PERINGATAN

Aku kudu piyé bèn luwih semangat ngundang wong mèlu Peringatan? (Deloken paragraf 8-10) e

8. Apa waé upayané umaté Yéhuwah kanggo ngundang wong-wong teka ing Peringatan? (Deloken gambar kanggo paragraf 8-10.)

8 Wis kèt mbiyèn umaté Yéhuwah ngundang wong liya ing Peringatan. Taun 1881, sedulur-sedulur sak Amerika diundang kanggo memperingati kematiané Yésus ing omahé salah siji sedulur ing Allegheny, Pennsylvania. Terus, saben jemaat mulai nganakké Peringatan dhéwé-dhéwé. Mulai Maret 1940, sedulur-sedulur dikongkon ngundang wong sing berminat ing acara Peringatan. Taun 1960, Bètel mulai nyedhiakké undangan tercétak. Nganti saiki, milyaran undangan wis dibagèkké kanggo wong-wong sak donya. Ngapa kok ndadak ngundang wong liya ing Peringatan?

9-10. Sapa waé sing diundang ing acara Peringatan, lan apa manfaaté? (Yohanes 3:16)

9 Salah siji alesané, supaya wong sing pertama kali teka ing acara Peringatan isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo wong-wong kuwi lan wis mènèhké Yésus dadi tebusan. (Wacanen Yohanes 3:16.) Awaké dhéwé berharap wong-wong kuwi akhiré gelem sinau Alkitab lan dadi abdiné Yéhuwah.

10 Yéhuwah sayang karo kabèh wong. Mulané, sing wis suwé ora ngibadah lan nginjil ya diundang. Pas teka ing acara Peringatan, sedulur-sedulur kuwi mesthi kèlingan nèk mbiyèn isa seneng wektu nglayani Yéhuwah. Kuwi sing dialami Sedulur Monica. c Dhèwèké mulai nginjil manèh pas pandemi COVID-19. Sakwisé teka ing Peringatan taun 2021, dhèwèké ngomong ngéné, ”Acara Peringatan taun iki istiméwa banget. Sakwisé 20 taun, akhiré aku isa nginjil manèh lan ngundang wong liya ing acara Peringatan. Aku berupaya sak isa-isané merga aku bersyukur Yéhuwah wis mènèhi Yésus dadi tebusan.” (Mzm. 103:1-4) Ora soal piyé tanggepané wong-wong, awaké dhéwé péngin ngundang sak akèh-akèhé wong teka ing acara Peringatan. Yéhuwah nggatèkké upayané awaké dhéwé.

11. Apa buktiné Yéhuwah mberkahi upayané awaké dhéwé ngundang wong liya ing acara Peringatan? (Hagai 2:7)

11 Yéhuwah mberkahi upayané awaké dhéwé ngundang wong liya ing Peringatan. Buktiné selama pandemi COVID-19, sing teka ing Peringatan ana 21.367.603. Kuwi luwih saka ping pindhoné jumlah Seksi Yéhuwah wektu kuwi. Meskipun sing teka akèh, tapi Yéhuwah nggatèkké kabèh siji-siji. (Luk. 15:7; 1 Tim. 2:3, 4) Awaké dhéwé mesthi seneng isa ngundang wong liya teka ing Peringatan. Awaké dhéwé isa yakin kuwi carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ketemu karo wong-wong sing péngin kenal karo Dhèwèké.​—Wacanen Hagai 2:7.

BERJUANG TEKA ING ACARA PERINGATAN MESKIPUN ANA MASALAH

Yéhuwah mesthi mberkahi nèk awaké dhéwé ngupaya teka ing acara Peringatan (Deloken paragraf 12) f

12. Kenapa awaké dhéwé mungkin kudu berjuang bèn isa teka ing acara Peringatan? (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Yésus ngramalké nèk ing akhir jaman awaké dhéwé bakal ngalami akèh masalah. Misalé dimungsuhi keluarga, dianiaya, ana perang, wabah penyakit, lan liya-liyané. (Mat. 10:36; Mrk. 13:9; Luk. 21:10, 11) Nèk ngalami kuwi, awaké dhéwé kudu berjuang bèn isa teka ing acara Peringatan. Ana sedulur-sedulur sing berhasil. Kok isa? Piyé carané Yéhuwah mbantu?

13. Apa buktiné Yéhuwah mberkahi upayané Artem kanggo memperingati kematiané Yésus?

13 Dipenjara. Sedulur-sedulur sing dipenjara kudu berjuang bèn isa mèlu acara Peringatan. Kuwi sing dialami Sedulur Artem. Taun 2020, dhèwèké dipenjara merga dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Dhèwèké dipenjara ing sèl sing ukurané 17 mèter persegi lan sak sèl isiné wong lima. Ing penjara, dhèwèké nyiapké lambang-lambang Peringatan nganggo apa sing ana. Dhèwèké ya nyiapké ceramah Peringatan. Tapi, sing sak sèl karo dhèwèké seneng ngrokok lan misuh-misuh. Terus piyé? Dhèwèké njaluk bèn wong-wong kuwi ora ngrokok lan misuh-misuh paling ora sak jam. Ndilalah, wong-wong kuwi gelem. Sakdurungé acara, Artem wis crita soal acara Peringatan. Tapi ora ana sing ngrungokké. Meskipun ngono, sakwisé acara, wong-wong sing sak sèl karo Artem takon-takon soal acara Peringatan.

14. Piyé carané sedulur-sedulur isa tetep memperingati kematiané Yésus meskipun ana pandemi?

14 Pandemi COVID-19. Wektu pandemi, awaké dhéwé ora isa teka langsung kanggo memperingati kematiané Yésus. d Dadi, organisasi ngatur bèn acara kuwi dianakké liwat sambungan Internèt. Tapi, sedulur-sedulur sing ora nduwé Internèt piyé? Ing beberapa negara, acarané disiarké liwat TV utawa radio. Kantor-kantor cabang sak donya ya ngrekam acarané ing luwih saka 500 basa. Terus, rekaman-rekaman kuwi dikirim ing sedulur-sedulur sing mbutuhké.

15. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Susi?

15 Dimungsuhi keluarga. Ana sing kudu berjuang mèlu acara Peringatan merga dimungsuhi keluarga. Kuwi sing dialami Susi. Dhèwèké isih sinau Alkitab. Pas taun 2021, sakdurungé Peringatan, Susi ngomong karo sing ngajari Alkitab nèk ana keluargané sing ora seneng. Sing ngajari Alkitab macakké Lukas 22:44. Sedulur kuwi njelaské nèk ana kesulitan, kudu ndonga lan percaya karo Yéhuwah. Sésuké, Susi nyiapké lambang Peringatan lan nonton Ibadah Ésuk Pas Peringatan. Benginé, Susi mèlu Peringatan liwat sambungan télpon. Sakwisé kuwi, Susi maturnuwun karo sing ngajari Alkitab merga wis disemangati. Dhèwèké ya ngomong, ”Aku bener-bener bersyukur karo Yéhuwah merga wis dibantu.” Nèk ana keluargané njenengan sing ora seneng, Yéhuwah mesthi isa mbantu njenengan.

16. Kenapa Yéhuwah mesthi bakal seneng lan mberkahi nèk awaké dhéwé teka ing acara Peringatan? (Roma 8:31, 32)

16 Nèk berusaha teka ing acara Peringatan, kuwi bukti nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah merga wis mènèhi tebusan. Yéhuwah mesthi seneng lan bakal mberkahi awaké dhéwé. (Wacanen Roma 8:31, 32.) Dadi, ayo mèlu acara Peringatan lan luwih semangat nginjil pas minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan.

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

a Dina Selasa tanggal 4 April 2023, awaké dhéwé bakal memperingati kematiané Yésus. Ana akèh sing lagi pertama kali teka. Terus, sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah lan nginjil ya bakal teka. Sing liyané kudu berjuang bèn isa teka merga ngadhepi masalah. Ora soal piyé keadaané, Yéhuwah mesthi seneng nèk njenengan berupaya teka.

b Wong-wong sing ngrayakké perayaan kuwi ana sing percaya nèk roti lan anggur bakal berubah dadi badan lan getihé Yésus. Nèk ngono, badan karo getihé Yésus dikorbanké saben perayaan kuwi dianakké.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d Deloken artikel ”Acara Peringatan 2021” ing jw.org basa Indonesia.

e GAMBAR: Sekitar taun 1960, undangan Peringatan mulai digawé lan mutuné saya suwé saya apik. Saiki, ana vèrsi èlèktroniké.

f GAMBAR: Sedulur-sedulur sing meragakké acara Peringatan pas ana kerusuhan.