Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

LAGU 19 Ngéling-éling Pengorbanané Yésus

Apa Njenengan Siap kanggo Acara Peringatan Taun Iki?

Apa Njenengan Siap kanggo Acara Peringatan Taun Iki?

”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”LUK. 22:19.

INTI

Gatèkna ngapa kok acara Peringatan kuwi acara sing istiméwa, piyé carané bèn isa luwih menghargai acara kuwi, lan piyé bèn wong liya ya isa mèlu teka.

1. Ngapa kok Peringatan Kematiané Yésus kuwi acara sing paling penting? (Lukas 22:​19, 20)

 UMATÉ Yéhuwah nganggep nèk Peringatan Kematiané Yésus kuwi acara sing paling penting. Soalé, kuwi siji-sijiné acara sing dipréntahké Yésus bèn diperingati murid-muridé. (Wacanen Lukas 22:​19, 20.) Iki acara sing awaké dhéwé entèn-entèni. Lha ngapa?

2. Apa waé sing marakké acara Peringatan kuwi acara sing dientèn-entèni?

2 Pas acara Peringatan, awaké dhéwé diélingké nèk tebusané Yésus kuwi berharga lan bermanfaat banget. Awaké dhéwé ya diélingké piyé carané mbuktèkké nèk menghargai pengorbanané Yésus. (2 Kor. 5:​14, 15) Terus, kuwi ya kesempatan bèn isa ”padha-padha nguwatké”. (Rm. 1:12) Akèh sedulur sing wis suwé ora ngibadah biasané ya mèlu acara Peringatan. Ana sing akhiré dadi semangat nglayani Yéhuwah manèh merga ngrasa disambut. Terus ya ana sing dadi gelem sinau Alkitab merga terkesan karo acara lan ceramahé. Kuwi kabèh sing marakké acara Peringatan iki acara sing paling dientèn-entèni.

3. Kok isa acara Peringatan marakké umaté Yéhuwah sak donya bersatu? (Deloken gambar.)

3 Acara Peringatan kuwi ya marakké umaté Yéhuwah sak donya bersatu. Dina kuwi, kabèh ngumpul bar matahari terbenam, terus ngrungokké ceramah sing isiné nandheské soal tebusan. Ing acara kuwi ya ana loro lagu pujian sing dinyanyèkké, roti lan anggur diédarké, terus ndonga ping papat. Pas dina kuwi, kabèh jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya acarané padha kaya ngono. Bayangna bahagiané Yéhuwah lan Yésus pas ndelok awaké dhéwé bersatu ngluhurké meréka ing acara kuwi.

Acara Peringatan marakké sedulur-sedulur sak donya isa bersatu (Deloken paragraf 3) f


4. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

4 Ing artikel iki bakal dibahas: Piyé bèn isa luwih menghargai acara Peringatan? Piyé bèn wong liya ya isa éntuk manfaat saka acara kuwi? Terus, piyé carané mbantu para sedulur sing wis suwé ora ngibadah? Nèk mikirké pertanyaan-pertanyaan kuwi, awaké dhéwé bakal luwih siap kanggo teka ing acara Peringatan.

BÈN ISA LUWIH MENGHARGAI ACARA PERINGATAN

5. (a) Ngapa kok kudu ngrenungké manfaat tebusané Yésus? (Mazmur 49:​7, 8) (b) Apa sing njenengan pelajari saka vidéo Ngapa Yésus Kudu Mati?

5 Salah siji cara bèn isa luwih menghargai acara Peringatan kuwi nèk ngrenungké tebusané Yésus sing berharga lan bermanfaat. Nèk nganggo upayané dhéwé thok, awaké dhéwé ora isa bébas saka dosa lan kematian. (Wacanen Mazmur 49:​7, 8; terus deloken vidéo Ngapa Yésus Kudu Mati?) a Mulané, Yéhuwah ngongkon bèn Yésus mati kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah karo Yésus nggawé pengorbanan sing gedhé banget. (Rm. 6:23) Semakin ngrenungké pengorbanané meréka, awaké dhéwé ya semakin menghargai tebusan.

6. Tebusan kuwi maksudé apa, lan ngapa kok kudu Yésus sing dadi tebusan?

6 Tebusan kuwi rega sing kudu dibayar kanggo nebus sesuatu. Pas diciptakké, Adam kuwi sampurna. Tapi merga dosa, dhèwèké karo kabèh keturunané dadi ora sampurna lan ora isa urip saklawasé. Bèn keturunané Adam isa dadi sampurna manèh, Yésus kudu mati dadi korban. Selama ing bumi, Yésus ”ora nindakké dosa lan ora tau ngapusi”. (1 Ptr. 2:22) Pas mati, Yésus kuwi sampurna kaya Adam pas sakdurungé dosa. Dadi, Yésus isa nebus lan nggawé manungsa dadi sampurna manèh.—1 Kor. 15:45; 1 Tim. 2:6.

7. Apa waé tantangan sing diadhepi Yésus pas ing bumi?

7 Pas ing bumi, Yésus selalu manut karo Yéhuwah meskipun ora gampang. Misalé, pas isih cilik, Yésus kudu manut karo wong tuwané sing ora sampurna, padahal Yésus sampurna. (Luk. 2:51) Pas remaja, Yésus mesthi kudu terus berjuang bèn isa manut karo Yéhuwah lan wong tuwané. Bar wis gedhé, Yésus digodha Sétan sing ngongkon dhèwèké nggawé dosa lan ora setya karo Yéhuwah. (Mat. 4:​1-11) Sétan selalu berusaha bèn Yésus dadi dosa lan ora isa dadi tebusan.

8. Apa manèh tantangan sing kudu diadhepi Yésus?

8 Yésus ya ngadhepi tantangan sing luwih abot manèh. Dhèwèké dianiaya lan arep dipatèni mungsuh-mungsuhé. (Luk. 4:​28, 29; 13:31) Yésus ya kudu sabar ngadhepi murid-muridé sing ora sampurna. (Mrk. 9:​33, 34) Wektu diadili, Yésus ya disiksa lan diécé. Terus, Yésus dihukum mati kaya penjahat lan matiné ya sengsara. (Ibr. 12:​1-3) Bahkan pas wis arep mati, Yésus kudu berjuang dhèwèkan. bMat. 27:46.

9. Nèk ngrenungké pengorbanané Yésus, awaké dhéwé dadi piyé? (1 Pétrus 1:8)

9 Bèn isa dadi tebusan, Yésus kudu sengsara lan menderita. Nèk ngrenungké kabèh pengorbanané Yésus, awaké dhéwé mesthi dadi tambah sayang karo dhèwèké, ta?—Wacanen 1 Pétrus 1:8.

10. Bèn Yésus isa dadi tebusan, apa sing dikorbanké Yéhuwah?

10 Bèn Yésus isa dadi tebusan, apa sing dikorbanké Yéhuwah? Yéhuwah karo Yésus kuwi akrab banget. Ora ana bapak karo anak sing hubungané luwih akrab timbang meréka. (WB. 8:30) Makané, bayangna piyé perasaané Yéhuwah pas ndelok Yésus sengsara ing bumi. Yéhuwah mesthi sedhih banget ndelok anaké menderita merga disiksa lan dianiaya.

11. Critakna conto sing nggambarké piyé perasaané Yéhuwah pas Yésus dihukum mati.

11 Wong tuwa sing anaké mati mesthi ngerti banget piyé sedhihé pas kélangan wong sing disayangi. Meskipun yakin nèk wong mati bakal diuripké manèh, awaké dhéwé mesthi tetep ngrasa sedhih banget pas ana keluarga utawa kanca sing mati. Ya kaya ngono sing dirasakké Yéhuwah pas 14 Nisan taun 33 M. cMat. 3:17.

12. Apa waé sing isa dilakukan sakdurungé acara Peringatan?

12 Kèt saiki, njenengan isa mempelajari luwih akèh soal tebusan pas pelajaran pribadi utawa pas Ibadah Keluarga. Njenengan isa nganggo Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah utawa publikasi liyané. d Terus, njenengan ya kudu ngikuti Jadwal Maca Ayat kanggo Acara Peringatan sing ana ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Terus pas dinané, aja lali nonton Ibadah Ésuk sing khusus kanggo acara Peringatan. Nèk awaké dhéwé wis ’nyiapké ati’ bèn luwih menghargai acara Peringatan, awaké dhéwé ya dadi isa mbantu wong liya bèn éntuk manfaat saka acara kuwi.—Ézr. 7:10.

PIYÉ BÈN WONG LIYA ISA ÉNTUK MANFAAT?

13. Bèn wong liya isa éntuk manfaat saka acara Peringatan, awaké dhéwé kudu piyé?

13 Bèn wong liya isa éntuk manfaat saka acara Peringatan, ya meréka kudu diundang bèn teka. Sakliyané ngundang wong-wong sing ditemoni pas nginjil, awaké dhéwé ya isa nggawé daftar wong-wong sing awaké dhéwé kenal. Misalé keluarga, kanca kerja, kanca sekolah, lan liya-liyané. Nèk undangan tercétaké ora akèh, meréka isa dikirimi undangan vèrsi èlèktroniké. Sapa ngerti ana akèh sing gelem teka.—Pkh. 11:6.

14. Apa pengaruhé nèk wong dikèki undangan langsung? Kèkana buktiné.

14 Biasané, wong bakal luwih berminat kanggo teka nèk dikèki undangan langsung. Ana sedulur wédok sing bojoné ora seiman. Sedulur kuwi sakjané wis bola-bali ngejak bojoné teka ing acara Peringatan, tapi bojoné ora tau gelem. Suatu hari, bojoné ngomong nèk arep teka ing acara Peringatan. Sedulur kuwi dadi kagèt. Lha ngapa kok bojoné akhiré gelem teka? Ternyata bojoné éntuk undangan tercétak saka pinituwa sing kenal karo dhèwèké. Kèt kuwi, bojoné mesthi teka ing acara Peringatan.

15. Apa waé sing isa disiapké pas ngundang wong ing acara Peringatan?

15 Wong-wong sing diundang isa waé takon-takon soal acara Peringatan. Apamanèh nèk kuwi pertama kaliné meréka teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Bèn ora bingung njawabé, awaké dhéwé kudu mikirké sik pertanyaan-pertanyaan kuwi. (Kol. 4:6) Misalé, mungkin ana sing takon: Acarané kaya apa? Acarané pirang jam? Kudu nganggo klambi apa? Nèk mèh mèlu, mbayar apa ora? Dijaluki kolèkte apa ora? Wektu ngundang, awaké dhéwé isa takon, ”Apa njenengan ana pertanyaan soal acara kuwi?” terus jawaben pertanyaan kuwi. Awaké dhéwé isa nyetèlké vidéo Memperingati Kematiané Yésus. Terus bèn wongé nduwé gambaran acara ibadahé awaké dhéwé kuwi kaya apa, isa disetèlké vidéo Ana Acara Apa Waé ing Balai Ibadah? Ing buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 28 ya ana akèh keterangan sing apik sing isa dicritakké.

16. Pertanyaan apa manèh sing mungkin ditakonké sing teka ing acara Peringatan?

16 Bar teka ing acara Peringatan, wong sing berminat isa waé dadi péngin ngerti luwih akèh. Misalé, meréka mungkin takon: Ngapa kok ora ana sing mangan roti lan ngombé anggur, utawa nèk ana kok mung sithik? Acara kuwi diadakkéné setaun ping pira? Apa kabèh pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah acarané kaya Peringatan? Meskipun pertanyaan-pertanyaan kuwi wis dibahas pas acara Peringatan, wongé mungkin isih péngin dijelaské luwih akèh. Keterangan-keterangan kuwi ya dijelaské ing artikel ing jw.org sing judhulé ”Ngapa Kok Carané Seksi Yéhuwah Nganakké Perjamuan Dalu Gusti Ora Padha karo Gréja Liyané?” Awaké dhéwé mesthi péngin ngupayakké apa waé sakdurungé, selama, lan sakwisé acara Peringatan kanggo mbantu ”wong sing nduwé sikap sing bener” bèn isa éntuk manfaat saka acara kuwi.—Kis. 13:48.

MBANTU SEDULUR-SEDULUR SING WIS SUWÉ ORA NGIBADAH

17. Piyé carané para pinituwa mbantu sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah? (Yèhèzkièl 34:​12, 16)

17 Ing minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan, para pinituwa ya isa mbantu sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah. Buktèkna nèk njenengan perduli karo meréka. (Wacanen Yèhèzkièl 34:​12, 16.) Upayakna bèn sakdurungé acara Peringatan, kabèh sedulur-sedulur kuwi dihubungi. Ngomonga nèk njenengan perduli lan péngin mbantu meréka sak isa-isané. Undangen meréka teka ing acara Peringatan. Nèk meréka teka, ya kudu disambut. Sakwisé acara Peringatan, meréka isa terus dikunjungi utawa dihubungi lan dibantu bèn isa semangat manèh nglayani Yéhuwah.—1 Ptr. 2:25.

18. Piyé carané kabèh sedulur ing jemaat isa mbantu sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah? (Roma 12:10)

18 Kabèh sedulur ing jemaat ya isa mbantu sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah. Piyé carané? Buktèkna nèk njenengan sayang, ngajèni, lan nyambut meréka. (Wacanen Roma 12:10.) Élinga nèk kanggo teka ing acara kuwi mungkin ora gampang kanggo meréka. Mungkin meréka wedi nèk ora disambut. e Mulané, aja ngomong utawa takon-takon sing marakké meréka isin utawa tersinggung. (1 Tés. 5:11) Meréka kuwi sedulur seimané awaké dhéwé. Mesthi nyenengké banget isa ngibadah bareng karo meréka manèh.—Mzm. 119:176; Kis. 20:35.

19. Apa waé manfaaté memperingati kematiané Yésus?

19 Isa memperingati kematiané Yésus saben taun kuwi luar biasa. Kuwi ana akèh manfaaté kanggo awaké dhéwé lan wong liya. (Yés. 48:​17, 18) Awaké dhéwé dadi tambah sayang karo Yéhuwah lan Yésus. Kuwi ya dadi bukti nèk awaké dhéwé menghargai pengorbanané meréka. Awaké dhéwé ya bakal tambah bersatu karo para sedulur. Terus, awaké dhéwé ya isa mbantu wong liya bèn meréka ya isa ngrasakké manfaaté tebusané Yésus. Mulané, ayo ngupayakké sing paling apik bèn isa siap kanggo acara sing paling penting taun iki.

PIYÉ CARANÉ AWAKÉ DHÉWÉ . . .

  • isa luwih menghargai acara Peringatan?

  • mbantu bèn wong liya isa éntuk manfaat saka acara Peringatan?

  • mbantu sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah?

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

a Nèk mèh nggolèki artikel lan vidéo sing disebutké ing artikel iki, ketiken judhulé ing kothak pencarian ing jw.org.

b Deloken artikel ”Pitakonané Sing Maca” ing Warta Penting April 2021.

d Deloken kothak ” Idé kanggo Pelajaran Pribadi”.

e Deloken gambar lan kothak ” Piyé Tanggepané Awaké Dhéwé?” Sedulur sing wis suwé ora ngibadah awalé ragu-ragu pas mèh mlebu Balai Ibadah. Tapi dhèwèké berusaha bèn ora wedi manèh, terus akhiré mlebu. Dhèwèké disambut lan menikmati pergaulan.

f PENJELASAN GAMBAR: Pas Seksi Yéhuwah ing siji negara lagi ngadakké acara Peringatan, sedulur-sedulur ing negara liyané lagi nyiapké acara kuwi.