Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 3

LAGU 124 Tetep Setya

Yéhuwah Bakal Nulungi Pas Masa Susah

Yéhuwah Bakal Nulungi Pas Masa Susah

”[Yéhuwah] sing nggawé kowé aman.”YÉS. 33:6.

INTI

Kudu piyé bèn ngrasakké bantuané Yéhuwah pas masa susah.

1-2. Apa waé kesulitan sing isa waé dialami umaté Yéhuwah?

 NÈK ngerti-ngerti ngadhepi masalah sing abot banget, keadaan mesthi dadi berubah lan kuwi isa marakké dadi terguncang. Misalé sedulur lanang sing jenengé Luis. a Dokteré ngomong nèk dhèwèké lara kanker sing langka lan uripé mung tinggal beberapa bulan thok. Sedulur Monika karo bojoné kuwi Seksi Yéhuwah sing semangat. Bojoné ya dadi pinituwa. Terus, tiba-tiba Monika ngerti nèk bojoné ternyata wis bertaun-taun nggawé dosa sing gedhé. Sedulur Olivia kudu ngungsi saka omahé soalé arep ana badai. Pas dhèwèké bali, ternyata omahé wis hancur merga badai kuwi. Apa njenengan ya tau kaya meréka, ngerti-ngerti kena masalah sing marahi njenengan terguncang?

2 Meskipun wis dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa ngalami kesulitan-kesulitan kaya wong-wong umumé. Mungkin awaké dhéwé ya ditentang utawa dianiaya wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah. Meskipun Yéhuwah ora nyegah umaté ngalami kaya ngono, Dhèwèké janji nèk bakal nulungi. (Yés. 41:10) Merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep bahagia, nggawé keputusan sing bener, lan tetep setya meskipun ana kesulitan. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané Yéhuwah nulungi lan awaké dhéwé kudu piyé bèn isa éntuk manfaat saka bantuané Yéhuwah kuwi.

YÉHUWAH BAKAL NJAGA NJENENGAN

3. Pas lagi ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin awaké dhéwé dadi ora isa ngapa?

3 Kesulitan. Pas lagi ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin dadi ora isa mikir utawa ora isa nggawé keputusan sing bener. Soalé, mungkin atiné awaké dhéwé kuwatir lan sedhih banget. Mungkin rasané kaya ing sekitaré awaké dhéwé kuwi peteng banget lan awaké dhéwé ora ngerti kudu mlaku ing endi. Kuwi sing dirasakké loro sedulur wédok sing disebutké mau. Olivia crita, ”Bar omahku hancur merga badai, aku bingung banget, ora ngerti kudu piyé.” Monika crita, ”Aku ora mung kecéwa. Atiku rasané lara banget. Bahkan, kanggo melakukan kegiatan sehari-hari waé rasané abot banget. Aku ora nyangka bakal ngalami iki.” Nèk pas ngalami kaya ngono, piyé carané Yéhuwah nulungi?

4. Menurut Filipi 4:​6, 7, Yéhuwah janji apa?

4 Carané Yéhuwah nulungi. Ing Alkitab, Yéhuwah janji nèk ”bakal mènèhi [awaké dhéwé] rasa ayem”. (Wacanen Filipi 4:​6, 7.) Rasa ayem iki maksudé perasaan tenang ing ati lan pikiran merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Rasa ayem iki ”ora isa dipahami manungsa” soalé pengaruhé luar biasa banget. Apa njenengan tau ndonga tenanan karo Yéhuwah, terus bar kuwi ngerti-ngerti langsung ngrasa tenang? Nah, kuwi sing jenengé ’rasa ayem saka Gusti Allah’.

5. Jelasna apa maksudé rasa ayem saka Gusti Allah njaga ati lan pikirané awaké dhéwé.

5 Ing Filipi 4:7 ya disebutké nèk rasa ayem saka Gusti Allah ”bakal njaga” utawa nglindhungi ’ati lan pikiran’. Ing basa asliné, kata ”njaga” kuwi digunakké kanggo njelaské prajurit sing njaga kutha bèn ora diserang mungsuh. Penduduk ing kutha kuwi ngrasa tenang lan aman merga ngerti nèk ana tentara sing nglindhungi. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya bakal ngrasa tenang lan aman merga rasa ayem saka Gusti Allah ’njaga ati lan pikiran’. (Mzm. 4:8) Kaya Hana, awaké dhéwé ya isa tetep tenang meskipun masalahé isih ana. (1 Sam. 1:​16-18) Nèk tenang, awaké dhéwé dadi isa mikir lan isa nggawé keputusan sing bener.

Terus ndonga nganti pikiran lan atiné njenengan dadi ayem (Deloken paragraf 4-6)


6. Bèn isa ngrasakké rasa ayem saka Gusti Allah, awaké dhéwé kudu piyé? (Deloken gambar.)

6 Upayané awaké dhéwé. Wektu ana sing arep nyerang, penduduk kutha bakal njaluk tulung karo prajurit sing njaga kutha. Pas lagi ana masalah, awaké dhéwé ya butuh rasa ayem saka Yéhuwah. Carané, terus ndonga nganti ngrasa ayem. (Luk. 11:9; 1 Tés. 5:17) Pikirna manèh pengalamané Luis sing disebutké mau. Piyé carané dhèwèké karo Anna bojoné isa tetep tabah meskipun dikandhani nèk uripé mung tinggal beberapa bulan thok? Luis crita, ”Pas lagi kaya ngono, nggawé keputusan soal perawatan mèdis kuwi mémang ora gampang. Tapi, kami isa tetep tenang merga ndonga.” Luis karo bojoné ndonga tenanan ping bola-bali. Meréka njaluk tulung bèn Yéhuwah mbantu meréka tetep tenang, pikirané ayem, lan njaluk kawicaksanan bèn isa nggawé keputusan sing bener. Hasilé, meréka ngrasakké bantuané Yéhuwah. Nèk terus ndonga pas lagi ngalami kesulitan, ati lan pikirané njenengan bakal ngrasa ayem.—Rm. 12:12.

YÉHUWAH BAKAL NGGAWÉ NJENENGAN TETEP STABIL

7. Apa sing mungkin dirasakké pas lagi ngadhepi masalah sing abot?

7 Kesulitan. Pas lagi ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin rasané kaya kapal sing olèng merga kena badai. Perasaan lan pikirané awaké dhéwé dadi ora stabil, terus tanggepané awaké dhéwé mungkin ya dadi ora apik. Anna, sing disebutké mau ya ngomong nèk bar bojoné mati, émosiné dadi ora stabil. Anna crita, ”Pas lagi kesepian, aku ngrasa aku wong sing paling susah. Malah, aku ya nesu merga dhèwèké ninggalké aku.” Terus, Anna ya dadi strès merga kudu nggawé keputusan lan ngurusi hal-hal sing biasané diurusi Luis. Kadhang-kadhang, dhèwèké nganti ngrasa nèk wis ora sanggup manèh. Nah, nèk perasaané awaké dhéwé nganti kaya ngono, piyé carané Yéhuwah mbantu?

8. Menurut Yésaya 33:​6, Yéhuwah bakal ngapa?

8 Carané Yéhuwah nulungi. Ing Yésaya 33:6 disebutké nèk Yéhuwah sing nggawé aman. Kuwi berarti Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé bèn ora goyah lan tetep stabil. (Wacanen Yésaya 33:6.) Pas diterjang badai, kapal isa olèng diobat-abitké angin. Nah bèn tetep stabil, ana akèh kapal sing dikèki sirip penyeimbang ing ngisor kapal, ing sebelah kanan lan kiri. Dadi, kapalé ora terlalu goyang lan penumpangé isa ngrasa luwih aman. Biasané, sirip penyeimbang kuwi isa berfungsi maksimal mung nèk kapalé maju terus. Padha kaya ngono, Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé stabil lan ora goyah nèk awaké dhéwé tetep setya nglayani Dhèwèké meskipun ngadhepi masalah sing abot.

Kudu pelajaran pribadi lan perenungan bèn perasaané njenengan isa tetep stabil (Deloken paragraf 8-9)


9. Apa manfaaté sarana riset, lan piyé carané bèn isa éntuk manfaaté? (Deloken gambar.)

9 Upayané awaké dhéwé. Pas perasaan lagi ora karuan, njenengan kudu tetep ndonga, teka ing pertemuan ibadah, lan nginjil. Mémang, mungkin sing dilakukan ora isa kaya sakdurungé. Tapi nèk ngupayakké sing paling apik sesuai keadaané njenengan, Yéhuwah bakal tetep menghargai. (Bandhingna Lukas 21:​1-4.) Terus, aja lali pelajaran pribadi lan perenungan. Ngapa kok kuwi penting? Liwat organisasiné, Yéhuwah wis ngekèki akèh vidéo lan artikel sing isiné naséhat sing apik. Nèk direnungké, kuwi isa nggawé perasaan dadi luwih tenang. Kanggo nggolèki naséhat sing cocog, njenengan isa nganggo sarana riset. Misalé, Indeks Publikasi Menara Pengawal, Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah, lan aplikasi JW Library®. Monika sing disebutké mau ngomong, nèk pas lagi sedhih banget utawa nglokro, dhèwèké ya riset. Misalé dhèwèké nggolèki kata ”nesu”, ”dikhianati”, utawa ”setya”. Terus, dhèwèké maca bahan kuwi nganti perasaané luwih tenang. Dhèwèké crita, ”Pas mulai riset, perasaanku isih ora karuan. Tapi selama maca, aku ngrasa kaya dipeluk Yéhuwah. Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah ngerti banget perasaanku, lan Dhèwèké nulungi aku.” Yéhuwah isa mbantu bèn émosi lan pikirané njenengan luwih stabil.—Mzm. 119:​143, 144.

YÉHUWAH BAKAL NDHUKUNG NJENENGAN

10. Apa sing isa waé dirasakké bar ngadhepi masalah sing abot?

10 Kesulitan. Bar ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin awaké dhéwé dadi nglokro lan males ngapa-ngapa. Rasané mungkin kaya atlét sing biasané mlayu banter, tapi saiki dadi pincang. Tugas-tugas sing wis biasa dilakoni mungkin saiki dadi krasa abot. Bahkan, kanggo nglakoni hal-hal sing sakdurungé disenengi waé, saiki dadi males. Kaya Èlia, awaké dhéwé mungkin dadi péngin turu terus. (1 Raj. 19:​5-7) Nèk awaké dhéwé ngalami kaya ngono, Yéhuwah janji apa?

11. Yéhuwah nulungi awaké dhéwé nganggo cara apa manèh? (Mazmur 94:18)

11 Carané Yéhuwah nulungi. Yéhuwah janji arep ndhukung awaké dhéwé. (Wacanen Mazmur 94:18.) Kaya atlét sing pincang mau butuh dipapah bèn isa mlaku, awaké dhéwé ya butuh dhukungané Yéhuwah bèn isa terus semangat nglayani Dhèwèké. Yéhuwah wis janji, ”Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, bakal nyekel tanganmu tengen lan ngomong karo kowé, ’Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.’” (Yés. 41:13) Raja Daud tau ngrasakké dhukungané Yéhuwah. Pas ngalami kesulitan lan ngadhepi mungsuhé, dhèwèké ngomong karo Yéhuwah, ”Tangan-Mu sing kuwat ndhukung aku.” (Mzm. 18:35) Yéhuwah ndhukungé piyé?

Tampanen dhukungan saka keluarga, kanca, lan para pinituwa (Deloken paragraf 11-13)


12. Yéhuwah isa ndhukung awaké dhéwé liwat sapa waé?

12 Yéhuwah kerep-kerepé ndhukung awaké dhéwé liwat wong liya. Misalé, pas Daud lagi nglokro, Yonatan marani lan nyemangati dhèwèké. (1 Sam. 23:​16, 17) Yéhuwah ya ngongkon Èlisa kanggo mbantu Èlia. (1 Raj. 19:​16, 21; 2 Raj. 2:2) Saiki, Yéhuwah ya isa ndhukung awaké dhéwé liwat keluarga, kanca, utawa para pinituwa. Mémang nèk lagi nglokro, wajar nèk pénginé dhèwèkan, ora diganggu sapa-sapa. Tapi bèn isa éntuk dhukungané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

13. Bèn isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah, kudu piyé? (Deloken gambar.)

13 Upayané awaké dhéwé. Kudu berusaha bèn aja nganti menyendiri. Nèk menyendiri, mengko mung dadi mikirké diri sendiri utawa masalah sing lagi diadhepi. Akibaté, dadi ora isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 18:1) Mémang, nèk pas lagi ngadhepi masalah sing abot kadhang-kadhang pénginé dhèwèkan. Tapi, nèk menyendiri terus, awaké dhéwé dadi ora isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah liwat wong liya. Dadi meskipun ora gampang, pas keluarga, kanca, utawa para pinituwa ngekèki bantuan, ya kudu ditampa. Anggepen nèk kuwi carané Yéhuwah ndhukung njenengan.—WB. 17:17; Yés. 32:​1, 2.

YÉHUWAH BAKAL NGGAWÉ NJENENGAN TENANG

14. Apa waé sing mungkin marakké awaké dhéwé wedi?

14 Kesulitan. Kadhang awaké dhéwé ya isa waé ngrasa wedi. Ing Alkitab, umaté Yéhuwah tau ana sing wedi merga ngadhepi kesulitan utawa merga dimungsuhi. (Mzm. 18:4; 55:​1, 5) Saiki, awaké dhéwé ya isa waé ngadhepi tantangan saka kanca sekolah, kanca kerja, keluarga, utawa pamréntah. Bahkan pas ngalami masalah keséhatan, isa waé awaké dhéwé ya dadi wedi mati. Pas ngadhepi kuwi kabèh, mungkin rasané kaya cah cilik sing kewedèn. Nah, Yéhuwah nulunginé piyé?

15. Menurut Mazmur 94:​19, Yéhuwah bakal ngapa?

15 Carané Yéhuwah nulungi. Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé tenang lan ayem. (Wacanen Mazmur 94:19.) Gambarané, mungkin kaya cah cilik sing kewedèn lan ora isa turu merga krungu suara bledhèg. Bar kuwi bapaké teka, nyekel dhèwèké, terus meluk nganti bocah kuwi isa turu. Mémang bledhègé isih ana, tapi bocah kuwi isa ngrasa aman lan ayem merga dipeluk bapaké. Pas ngadhepi situasi sing marakké wedi, awaké dhéwé ya butuh Yéhuwah bèn seolah-olah ”meluk” awaké dhéwé. Bèn isa ngrasakké kuwi, awaké dhéwé kudu piyé?

Wacanen Alkitab bèn isa ngrasakké penghiburan saka Yéhuwah (Deloken paragraf 15-16)


16. Bèn isa luwih tenang, awaké dhéwé kudu piyé? (Deloken gambar.)

16 Upayané awaké dhéwé. Njenengan ya kudu kerep ndonga lan maca Alkitab. (Mzm. 77:​1, 12-14) Nèk kuwi wis dadi kebiasaan, pas lagi strès ngadhepi masalah, njenengan bakal langsung njaluk tulung karo Yéhuwah. Critakna kabèh karo Yéhuwah apa waé sing marakké njenengan wedi utawa kuwatir. Terus, ya kudu maca Alkitab. Soalé, Yéhuwah isa menghibur njenengan liwat omongané ing Alkitab. (Mzm. 119:28) Isa waé ana ayat-ayat tertentu sing marakké njenengan dadi ora wedi manèh. Misalé, kata-kata ing buku Ayub, Mazmur, lan Wulang Bebasan utawa kata-katané Yésus ing Matius bab 6. Nèk njenengan ndonga lan maca Alkitab, Yéhuwah bakal nggawé njenengan luwih tenang lan ayem.

17. Awaké dhéwé isa yakin soal apa?

17 Nèk pas ngadhepi masalah sing abot banget, awaké dhéwé yakin nèk ora bakal dhèwèkan merga Yéhuwah bakal selalu ngancani lan nulungi awaké dhéwé. (Mzm. 23:4; 94:14) Yéhuwah wis janji nèk bakal njaga, ndhukung, lan nggawé awaké dhéwé tetep tenang lan stabil. Ing Yésaya 26:3 disebutké, ’Yéhuwah bakal nglindhungi wong sing ngendelké Dhèwèké. Dhèwèké bakal nggawé wong-wong kuwi ngrasa ayem, merga wong-wong kuwi percaya marang Dhèwèké.’ Dadi, pas lagi ngadhepi masalah sing abot banget, njenengan isa tetep kuwat nèk percaya karo Yéhuwah lan manfaatké kabèh bantuan saka Yéhuwah.

APA JAWABANÉ?

  • Awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah khususé pas apa?

  • Sebutna patang cara Yéhuwah nulungi awaké dhéwé pas ngadhepi masalah sing abot.

  • Apa sing kudu diupayakké bèn isa éntuk manfaat saka bantuané Yéhuwah?

LAGU 12 Yéhuwah Pantes Diluhurké

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.