Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 4

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

Yéhuwah Sayang Banget karo Njenengan

Yéhuwah Sayang Banget karo Njenengan

”Yéhuwah kuwi . . . nduwé rasa sayang.”YAK. 5:11.

INTI

Merga Yéhuwah sayang, awaké dhéwé ngrasa dilindhungi, digatèkké, dikuwatké, lan dadi péngin nyedhak karo Dhèwèké.

1. Menurut njenengan, Yéhuwah kuwi kaya apa?

 PAS lagi ndonga, njenengan mbayangké Yéhuwah kuwi kaya apa? Mémang Yéhuwah ora kétok, tapi ing Alkitab Yéhuwah digambarké ”kaya matahari lan tamèng” lan ”kaya geni sing isa ngobong nganti entèk”. (Mzm. 84:11; Ibr. 12:29) Ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl, Yéhuwah kuwi kaya watu safir, logam sing bersinar, lan pelangi sing bercahaya. (Yèh. 1:​26-28) Bar ngerti gambaran-gambaran soal Yéhuwah mau, apa njenengan dadi ngrasa kagum utawa malah rumangsa ora isa cedhak karo Dhèwèké?

2. Apa waé sing mungkin marakké wong dadi ora isa cedhak karo Yéhuwah?

2 Merga ora isa ndelok Yéhuwah, ana sing angèl mbayangké piyé Yéhuwah sayang karo manungsa. Terus, merga kèt mbiyèn uripé susah, ana sing mikir nèk Yéhuwah ora sayang karo meréka. Utawa, ana sing ora tau ngrasakké disayangi bapaké. Kuwi sing marakké wong dadi ora isa cedhak karo Yéhuwah. Yéhuwah ngerti perasaan-perasaan kaya ngono kuwi. Mulané liwat Alkitab, Yéhuwah ngandhani nèk Dhèwèké sayang banget karo manungsa.

3. Ngapa kok kudu mempelajari soal kasih sayangé Yéhuwah?

3 Ing Alkitab disebutké nèk ”[Yéhuwah] kuwi katresnan. (1 Yoh. 4:8) Kabèh sing dilakukan Yéhuwah kuwi merga sayang. Kasih sayangé Yéhuwah gedhé banget. Saking gedhéné, Yéhuwah bahkan ya sayang karo wong-wong sing ora sayang karo Dhèwèké. (Mat. 5:​44, 45) Ing artikel iki, ayo mbahas soal Yéhuwah lan kasih sayangé kuwi. Nèk semakin akèh ngerti soal Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa semakin sayang karo Dhèwèké.

YÉHUWAH SAYANG BANGET KARO AWAKÉ DHÉWÉ

4. Kasih sayangé Yéhuwah kaya kasih sayangé ibu. Piyé perasaané njenengan bar ngerti soal kuwi? (Deloken gambar.)

4 ”Yéhuwah kuwi . . . nduwé rasa sayang.” (Yak. 5:11) Ing Alkitab, Yéhuwah digambarké kaya ibu sing penyayang. (Yés. 66:​12, 13) Bayangna ibu sing lagi ndhekep, mangku, lan nimang-nimang bayiné. Swarané ya mesthi lembut. Pas bayiné nangis, ibu kuwi mesthi tanggap karo kebutuhané bayiné. Padha kaya ngono, wektu strès utawa susah, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Sing nulis Mazmur ngomong, ”Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.”—Mzm. 94:19.

”Kaya ibu sing menghibur anaké, Aku ya bakal menghibur kowé” (Deloken paragraf 4)


5. Apa manfaaté kanggo njenengan merga Yéhuwah nduwé katresnan sing langgeng?

5 Yéhuwah nduwé katresnan sing langgeng. (Mzm. 103:​8, cathetan ngisor) Meskipun awaké dhéwé nggawé kesalahan, Yéhuwah tetep sayang. Bangsa Israèl bola-bali nggawé Yéhuwah kecéwa. Tapi pas meréka bertobat, Yéhuwah ngomong, ”Kanggo-Ku, kowé kuwi berharga banget. Kowé pantes diajèni, lan Aku sayang karo kowé”. (Yés. 43:​4, 5) Nganti saiki, kasih sayangé Yéhuwah ya isih kaya ngono. Meskipun awaké dhéwé nggawé dosa sing gedhé, Yéhuwah ora bakal ninggalké. Nèk mertobat lan nglayani Yéhuwah manèh, awaké dhéwé bakal ngrasakké nèk Yéhuwah selalu sayang. Yéhuwah janji nèk Dhèwèké ”bakal bener-bener ngapura”. (Yés. 55:7) Ing Alkitab pengampunan saka Yéhuwah digambarké kaya ”musim sing nyegerké”.—Kis. 3:​19, cathetan ngisor.

6. Apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah saka Zakharia 2:8?

6 Wacanen Zakharia 2:8. Merga sayang, Yéhuwah isa langsung ngerti apa sing awaké dhéwé rasakké lan péngin banget nglindhungi. Yéhuwah ngrasa sedhih pas awaké dhéwé sedhih. Makané, Yéhuwah mesthi nanggepi pas awaké dhéwé ndonga, ”Jaganen aku kaya Njenengan njaga mripaté Njenengan dhéwé”. (Mzm. 17:8) Mripat kuwi anggota tubuh sing penting lan sènsitif banget. Dadi, wektu madhakké awaké dhéwé kaya mripaté, Yéhuwah seolah-olah ngomong, ”Nèk ana sing nglarani umat-Ku, kuwi padha kaya nglarani mripatku”.

7. Ngapa kok kudu yakin nèk Yéhuwah mémang bener-bener sayang karo njenengan?

7 Yéhuwah péngin njenengan yakin nèk Dhèwèké sayang karo njenengan. Merga masalah sing dialami mbiyèn utawa saiki, isa waé njenengan dadi ragu nèk Yéhuwah sayang karo njenengan. Yéhuwah memahami perasaané njenengan. Lha terus, piyé carané bèn isa yakin? Ayo mbahas apa buktiné Yéhuwah sayang karo Yésus, wong sing dipilih munggah swarga, lan kabèh wong.

BUKTINÉ NÈK YÉHUWAH SAYANG

8. Apa sing marakké Yésus yakin nèk Bapaké sayang karo dhèwèké?

8 Yéhuwah karo Yésus wis bareng-bareng ing swarga selama milyaran taun. Dadi hubungané mesthi akrab banget. Meréka ya mesthi saling menyayangi. Buktiné nèk Yéhuwah sayang karo Yésus kuwi ana ing Matius 17:5. Sakjané isa waé Yéhuwah ngomong, ’Iki wong sing nggawé aku seneng’. Tapi, bèn awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah sayang banget karo Yésus, Dhèwèké nyebut Yésus, ”Anak-Ku sing Tak tresnani”. Yéhuwah bangga karo Yésus terutama merga Yésus gelem ngorbanké nyawané. (Éf. 1:7) Yésus bener-bener yakin nèk Bapaké sayang merga Yésus wis ngrasakké dhéwé kasih sayang kuwi. Ping bola-bali Yésus ngomong nèk Bapaké sayang karo dhèwèké.—Yoh. 3:35; 10:17; 17:24.

9. Nèk ndelok basa asliné Roma 5:​5, apa buktiné Yéhuwah sayang karo sing dipilih munggah swarga?

9 Yéhuwah ya sayang karo sing dipilih munggah swarga. Apa buktiné? (Wacanen Roma 5:5.) Ing basa asliné, ayat iki njelaské gagasan nèk kasih sayangé Yéhuwah karo meréka kuwi gedhé banget kaya banyu sing diesokké. Meréka wis ngrasakké dhéwé nèk ”ditresnani Gusti Allah”. (Yud. 1) Misalé, Rasul Yohanes ngomong, ”Bapak tresna banget karo awaké dhéwé, nganti awaké dhéwé disebut anak-anaké Gusti Allah.” (1 Yoh. 3:1) Apa Yéhuwah mung sayang karo wong-wong sing nduwé harapan ing swarga? Ora, Yéhuwah ya sayang karo kabèh wong.

10. Apa bukti sing paling luar biasa nèk Yéhuwah sayang karo njenengan?

10 Tebusan kuwi bukti sing paling luar biasa nèk Yéhuwah sayang banget karo njenengan. (Yoh. 3:16; Rm. 5:8) Yéhuwah gelem ngutus anaké sing disayangi kanggo mati dadi tebusan, bèn manungsa isa diampuni dosa-dosané lan akhiré nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. (1 Yoh. 4:10) Semakin ngrenungké pengorbanané Yéhuwah lan Yésus, mengko isa semakin ngerti sepira gedhéné sayangé meréka karo saben wong. (Gal. 2:20) Yéhuwah ngekèki tebusan ora mung kanggo memenuhi persyaratan, tapi merga bener-bener sayang. Buktiné, sing dikèkké kuwi duwèké sing paling berharga, yaiku Yésus.

11. Saka Yérémia 31:​3, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah?

11 Kaya sing wis dibahas, Yéhuwah ora mung ngrasa sayang, tapi ya nduduhké kuwi. (Wacanen Yérémia 31:3.) Yéhuwah milih awaké dhéwé dadi umaté merga Dhèwèké sayang. (Bandhingna Pangandharing Torèt 7:​7, 8.) Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. (Rm. 8:​38, 39) Bar ngerti soal kuwi, piyé perasaané njenengan? Ayo maca Mazmur 23 lan ndelok piyé perasaané Daud bar ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah, lan piyé perasaané awaké dhéwé.

BAR NGERTI SOAL KASIH SAYANGÉ YÉHUWAH, PIYÉ PERASAANÉ NJENENGAN?

12. Apa intiné Mazmur 23?

12 Wacanen Mazmur 23:​1-6. Daud bener-bener yakin nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo dhèwèké. Kuwi dicritakké ing Mazmur 23. Hubungané Daud karo Yéhuwah kuwi akrab banget. Dhèwèké nyebut Yéhuwah ”Gembalaku”. Daud ngrasa aman merga dituntun Yéhuwah. Dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal terus sayang karo dhèwèké. Apa sing marahi dhèwèké yakin?

13. Apa sing marakké Daud yakin nèk Yéhuwah selalu perduli?

13 ”Aku ora bakal kekurangan apa-apa.” Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhané Daud. Yéhuwah ya terbukti dadi sahabat sing apik kanggo Daud. Makané ora soal apa sing bakal kelakon, Daud yakin nèk kebutuhané mesthi bakal disedhiakké Yéhuwah. Merga percaya banget nèk Yéhuwah selalu sayang lan nggatèkké, Daud ora kuwatir tapi selalu bahagia lan ngrasa puas.—Mzm. 16:11.

14. Terutama pas lagi ana masalah abot, piyé Yéhuwah mbuktèkké nèk sayang lan perduli?

14 Terutama wektu ngalami masalah sing abot, awaké dhéwé isa ngrasakké nèk Yéhuwah bener-bener sayang lan perduli. Misalé Sedulur Clara a sing wis nglayani ing Bètel luwih saka 20 taun. Keluargané ngalami masalah sing bertubi-tubi lan dhèwèké wis ora ngerti kudu piyé. Bapaké stroke, adhiné wédok ditokké saka jemaat, usaha keluargané bangkrut, lan akhiré ora nduwé omah. Piyé Yéhuwah nggatèkké? Clara crita, ”Yéhuwah mastèkké kebutuhané keluargaku saben dina selalu tercukupi. Bahkan beberapa kali, Yéhuwah ngekèki luwih akèh timbang sing kami butuhké. Aku kerep mikirké kasih sayangé Yéhuwah lan kuwi ora bakal tak lalèkké. Kuwi marakké aku terus bahagia nglayani Yéhuwah, meskipun isih kudu ngadhepi masalah.”

15. Apa sing marakké Daud dadi kuwat manèh? (Deloken gambar.)

15 ”Dhèwèké nggawé aku kuwat manèh.” Kadhang-kadhang Daud ngrasa tertekan merga saking akèhé masalahé. (Mzm. 18:​4-6) Daud sing lagi kekeselen isa dikuwatké manèh merga ngrasakké kasih sayang lan keperduliané Yéhuwah. Seolah-olah Yéhuwah nuntun dhèwèké ing ”padhang rumput” lan ”panggonan sing akèh banyuné”. Hasilé, Daud dadi ngrasa seger, kuwat manèh, lan terus bahagia nglayani Yéhuwah.—Mzm. 18:​28-32.

Pas dadi buronan, Daud isa tetep kuwat merga ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah (Deloken paragraf 15)


16. Apa njenengan ya tau dikuwatké bar ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah? Critakna.

16 Pas lagi ngalami masalah sing abot banget, awaké dhéwé ya isa kuwat lan terus bertahan ”merga katresnané Yéhuwah sing langgeng”. (KP. 3:22; Kol. 1:11) Gatèkna pengalamané Rahel. Pas pandemi COVID-19, bojoné ninggalké dhèwèké lan ora nglayani Yéhuwah manèh. Apa Yéhuwah meneng waé? Rahel crita, ”Yéhuwah nggawé aku ngrasa nèk isih ana akèh sing sayang karo aku. Kanca-kanca sing selalu ngancani aku, nggawakké panganan, nge-chat aku, ngirimi ayat-ayat sing apik, senyum karo aku, lan terus ngélingké nèk Yéhuwah selalu nggatèkké aku. Aku bersyukur banget karo Yéhuwah merga dikèki sedulur-sedulur sing kaya keluargaku.”

17. Apa sing marakké Daud ”ora wedi”?

17 ”Aku ora wedi, merga Njenengan nuntun aku.” Daud kerep ngadhepi situasi sing berbahaya. Mungsuh-mungsuhé ya kuwat banget. Tapi Daud ngrasakké nèk Yéhuwah sayang lan selalu nglindhungi dhèwèké. Ing situasi apa waé, Daud selalu ngrasa dikancani Yéhuwah lan kuwi marakké dhèwèké dadi kendel. Makané dhèwèké nyanyi, ”[Yéhuwah] nylametké aku saka apa waé sing nggawé aku wedi.” (Mzm. 34:4) Meskipun kadhang wedi banget, Daud dadi kendel merga ngerti nèk Yéhuwah selalu sayang karo dhèwèké.

18. Kok isa njenengan dadi kuwat nèk ngerti Yéhuwah selalu sayang?

18 Ngerti nèk Yéhuwah sayang ya isa marakké awaké dhéwé kuwat wektu ngalami peristiwa sing nggawé wedi. Perintis sing jenengé Susi crita piyé perasaané dhèwèké karo bojoné pas anaké bunuh diri. Susi crita, ”Kejadian kaya ngono kuwi isa marakké dadi trauma lan putus asa. Tapi merga ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah, kami isa tetep tenang lan ayem.” Rahel, sing mau disebutké crita, ”Aku pernah pas bengi-bengi ngrasa sedhih, kuwatir, lan wedi banget. Aku nganti ndonga karo nangis. Bar kuwi, aku ngrasa Yéhuwah nggawé aku tenang kaya bayi sing ayem merga dielus-elus ibuné. Aku dadi isa turu angler. Aku ora bakal lali karo peristiwa kuwi.” Pinituwa sing jenengé Tasos dipenjara patang taun merga ora gelem dadi tentara. Dhèwèké ya ngrasakké nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo dhèwèké. Tasos crita, ”Yéhuwah nyedhiakké luwih saka sing tak butuhké. Kuwi marakké aku tambah yakin nèk Yéhuwah isa diendelké. Meskipun ing penjara isa marakké frustrasi, tapi Yéhuwah nggawé aku isa terus bahagia. Aku ya dadi yakin nèk semakin percaya karo Yéhuwah, aku mesthi bakal tambah disayangi. Makané pas ing penjara, aku mulai merintis biasa.”

NYEDHAK KARO YÉHUWAH

19. (a) Bar ngerti nèk Yéhuwah sayang, pas ndonga awaké dhéwé dadi piyé? (b) Keterangan sing paling menarik kanggo njenengan soal kasih sayangé Yéhuwah kuwi sing endi? (Deloken kothak ” Kata-Kata sing Nduduhké Nèk Yéhuwah Sayang”.)

19 Pengalaman-pengalaman sing dibahas mau bukti nèk Yéhuwah ”sing gedhé katresnané” selalu ndhukung awaké dhéwé. (2 Kor. 13:11) Dhèwèké nggatèkké saben wong. Yéhuwah ya bakal ”nduduhké katresnan sing langgeng”. (Mzm. 32:​10, cathetan ngisor) Semakin ngrenungké kasih sayangé Yéhuwah, awaké dhéwé isa semakin akrab karo Dhèwèké. Awaké dhéwé isa leluasa ndonga lan ngomong nèk butuh kasih sayangé Yéhuwah. Kabèh sing dikuwatirké isa dicritakké merga yakin nèk Yéhuwah paham lan péngin mbantu.—Mzm. 145:​18, 19.

20. Ngapa kok awaké dhéwé péngin nyedhak karo Yéhuwah?

20 Kaya pas cuacané adhem dadi péngin nyedhak ing api unggun bèn anget, awaké dhéwé ya péngin nyedhak karo Yéhuwah bèn isa ngrasakké kasih sayangé. Rasané mesthi bahagia isa ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah sing gedhé banget. Muga-muga awaké dhéwé ya ngomong, ”Aku sayang karo Yéhuwah”.—Mzm. 116:1.

APA JAWABANÉ?

  • Menurut njenengan, kasih sayangé Yéhuwah kuwi kaya apa?

  • Apa sing marakké njenengan yakin nèk Yéhuwah sayang banget karo njenengan?

  • Bar ngerti soal kasih sayangé Yéhuwah, piyé perasaané njenengan?

LAGU 108 Tresnané Yéhuwah Saklawasé

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.