Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 4

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

Apa sing Isa Dipelajari saka Tebusané Yésus?

Apa sing Isa Dipelajari saka Tebusané Yésus?

”Iki carané Gusti Allah nduduhké katresnané.”1 YOH. 4:9.

INTI

Sifat-sifaté Yéhuwah lan Yésus sing dadi luwih menonjol merga kematiané Yésus.

1. Apa manfaaté nèk teka ing acara Peringatan kematiané Yésus saben taun?

 KORBAN tebusan kuwi anugrah sing luar biasa banget saka Yéhuwah. (2 Kor. 9:15) Merga Yésus gelem ngorbanké nyawané, awaké dhéwé isa dadi kancané Yéhuwah lan sukmbèn isa urip saklawasé. Yéhuwah ya gelem nyedhiakké tebusan merga sayang banget karo manungsa. Makané, awaké dhéwé mesthi bersyukur banget. (Rm. 5:8) Teka ing acara Peringatan kematiané Yésus saben taun isa marakké awaké dhéwé semakin menghargai lan ora nganggep kuwi sesuatu sing biasa.—Luk. 22:​19, 20.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Taun iki Peringatan kematiané Yésus kuwi dina Setu, 12 April 2025. Njenengan mesthi bakal teka, ta? Nah ing minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan, njenengan bakal éntuk luwih akèh manfaat nèk ngrenungké apa sing wis dilakukan Yéhuwah lan Yésus kanggo manungsa. Nah nèk mempelajari soal tebusan, awaké dhéwé isa luwih ngerti apa soal Yéhuwah lan Yésus? Kuwi bakal dibahas ing artikel iki. Terus, ing artikel berikuté bakal dibahas apa manfaaté tebusan lan piyé mbuktèkké nèk menghargai tebusan.

DADI LUWIH NGERTI SOAL YÉHUWAH

3. Kok isa wong siji dadi tebusan kanggo wong akèh? (Deloken gambar.)

3 Saka tebusan, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing adil. (PT. 32:4) Kok isa? Pikirna iki: Meskipun awalé sampurna, tapi merga ora manut, Adam marakké kabèh manungsa dadi dosa lan mati. (Rm. 5:12) Nah, bèn manungsa ora dosa lan ora mati manèh, Yéhuwah ngongkon Yésus dadi tebusan. Kok isa wong siji dadi tebusan kanggo wong akèh? Rasul Paulus njelaské, ”Wong siji [yaiku, Adam] sing ora manut karo Gusti Allah nyebabké akèh wong dadi dosa. Wong siji [yaiku, Yésus] sing manut karo Gusti Allah nggawé akèh wong dianggep bener.” (Rm. 5:19; 1 Tim. 2:6) Dadi, sing nyebabké manungsa dosa lan mati kuwi wong siji sing sampurna tapi ora manut. Makané, bèn manungsa ora dosa lan ora mati manèh, sing dibutuhké kuwi wong siji sing sampurna, sing manut karo Gusti Allah.

Wong siji yaiku Adam marakké manungsa dadi dosa lan mati. Wong siji yaiku Yésus marakké manungsa dadi sampurna lan urip saklawasé. (Deloken paragraf 3)


4. Ngapa kok Yéhuwah ora langsung waé ngekèki kesempatan urip saklawasé kanggo keturunané Adam sing manut?

4 Isa waé ana sing mikir, ’Nèk Yéhuwah mémang péngin manungsa isa urip saklawasé, mbok wis keturunané Adam sing manut langsung dikèki kesempatan kuwi waé. Ngapa kok Yésus ndadak mati dadi tebusan?’ Kanggo manungsa sing ora sampurna, kuwi kétok kaya solusi sing paling apik. Tapi, kanggo Yéhuwah kuwi malah ora adil. Merga adil, Yéhuwah ora bakal ngejarké perbuatané Adam sing jelas-jelas ora manut kuwi.

5. Apa jaminané nèk sing dilakukan Yéhuwah kuwi mesthi bener?

5 Terus, nèk Yéhuwah ora ngekèki tebusan, tapi keturunané Adam dijarké urip saklawasé padahal ora sampurna, kuwi malah artiné Yéhuwah ora adil. Nèk Yéhuwah dhéwé ora manut karo pathokané soal sing bener lan sing salah, mengko wong-wong isa mikir nèk pathokané Yéhuwah sing liyané ya bakal dilanggar. Misalé, mengko aja-aja ana janjiné sing ora ditepati. Kuwi ora bakal kelakon. Soalé kanggo ngupayakké sing adil, Yéhuwah waé nganti réla nggawé pengorbanan sing gedhé, yaiku ngekèkké Anaké sing disayangi. Kuwi dadi jaminan nèk kabèh sing dilakukan Yéhuwah mesthi bener.

6. Ngapa kok tebusan kuwi bukti Yéhuwah sayang manungsa? (1 Yohanes 4:​9, 10)

6 Saka tebusan, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi sayang banget karo manungsa. Kuwi sing marakké Dhèwèké gelem ngutus Yésus mati kanggo manungsa. (Yoh. 3:16; wacanen 1 Yohanes 4:​9, 10.) Yéhuwah ora mung péngin manungsa isa urip saklawasé, tapi ya bèn dadi keluargané. Kok isa? Pikirna iki: Wektu dosa, Adam wis ora éntuk dadi anggota keluargané Yéhuwah manèh. Akibaté, kèt lair kabèh keturunané ya ora dadi anggota keluargané Yéhuwah. Tapi merga tebusan, kabèh wong sing beriman lan manut isa diampuni dosané lan nduwé kesempatan kanggo dadi anggota keluargané Yéhuwah. Bahkan saiki, isa ngrasakké diampuni Yéhuwah lan isa akrab karo Yéhuwah lan umaté. Kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang banget karo manungsa.—Rm. 5:​10, 11.

7. Kok isa Yésus matiné sengsara kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang manungsa?

7 Awaké dhéwé isa tambah yakin nèk Yéhuwah sayang manungsa nèk ngrenungké piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok Yésus menderita kanggo dadi tebusan. Sétan nudhuh nèk umaté Yéhuwah ora bakal terus setya nèk menderita. Kanggo mbuktèkké nèk tudhuhan kuwi ora bener, Yéhuwah ngejarké Yésus menderita nganti mati. (Ayb. 2:​1-5; 1 Ptr. 2:21) Yéhuwah ndelok wektu Yésus direndahké para pemimpin agama, dipecuti para prajurit, lan dipaku ing cagak. Yéhuwah ya ndelok wektu Anaké sing disayangi matiné sengsara. (Mat. 27:​28-31, 39) Yéhuwah sakjané nduwé kuwasa kanggo nulungi bèn Yésus ora mati. Wektu mungsuh-mungsuh padha ngomong, ”Nèk Gusti Allah sayang karo dhèwèké, dhèwèké mesthi bakal dislametké Gusti Allah,” Yéhuwah sakjané isa waé langsung turun tangan kanggo nulungi Yésus. (Mat. 27:​42, 43) Tapi nèk Yéhuwah turun tangan, Yésus ora sida mati. Kuwi berarti, ora sida ana tebusan lan manungsa ora nduwé harapan. Dadi, Yéhuwah ngejarké Anaké menderita nganti mati.

8. Kok isa yakin nèk Yéhuwah mesthi sedhih wektu ndelok Anaké menderita? (Deloken gambar.)

8 Wektu ndelok Anaké menderita tapi ora nulungi, apa kuwi berarti Yéhuwah ora nduwé perasaan? Ora ngono. Manungsa waé nduwé perasaan. Padahal menurut Alkitab, manungsa diciptakké sesuai gambaré Gusti Allah. Dadi Yéhuwah ya mesthi nduwé perasaan. Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah ya tau ngrasa ’lara ati’. (Mzm. 78:​40, 41) Renungna kisahé Abraham karo Ishak. Abraham dikon Yéhuwah ngorbanké Ishak, anaké siji-sijiné. (PD. 22:​9-12; Ibr. 11:​17-19) Bayangna perasaané Abraham wektu dhèwèké wis nyekel péso lan arep matèni anaké. Atiné Abraham mesthi sedhih banget lan hancur. Nah wektu ndelok Anaké disiksa nganti mati, Yéhuwah mesthi luwih sedhih lan hancur.—Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Tirunen Imané—Abraham, Bagéan 2.

Yéhuwah sedhih banget wektu ndelok Anaké menderita (Deloken paragraf 8)


9. Sepira gedhéné rasa sayangé Yéhuwah kanggo umaté? (Roma 8:​32, 38, 39)

9 Saka tebusan, awaké dhéwé dadi ngerti sepira gedhéné rasa sayangé Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. Rasa sayang kuwi ngluwihi rasa sayangé keluarga utawa sahabat. (Wacanen Roma 8:​32, 38, 39.) Bahkan, kuwi ya ngluwihi rasa sayangé awaké dhéwé kanggo diri sendiri. Kepénginané Yéhuwah bèn njenengan urip saklawasé lan ora dosa manèh, ngluwihi kepénginané njenengan kanggo ngrasakké kuwi. Sing dijaluk Yéhuwah kuwi awaké dhéwé menghargai tebusan, beriman, lan manut karo Dhèwèké. Tebusan kuwi bener-bener anugrah sing mbuktèkké sepira gedhéné rasa sayangé Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. Sukmbèn, ing donya anyar awaké dhéwé bakal ngerti luwih akèh bukti nèk Yéhuwah sayang.—Pkh. 3:11.

DADI LUWIH NGERTI SOAL YÉSUS

10. (a) Apa sing terutama marakké Yésus sedhih banget wektu arep mati? (b) Apa waé sing dibuktèkké liwat kematiané Yésus? (Deloken kothak ” Yésus Mbuktèkké Nèk Yéhuwah Ora Salah”.)

10 Yésus bener-bener mikirké réputasiné Bapaké. (Yoh. 14:31) Sakdurungé mati, Yésus tau ndonga, ”Bapakku, nèk isa, tulung singkirna gelas iki saka aku.” Yésus ndonga ngono merga sedhéla manèh dhèwèké bakal mati dadi penjahat. Yésus kuwatir nèk kematiané bakal nggawé wong-wong dadi ora ngajèni Bapaké. (Mat. 26:39) Merga Yésus tetep setya nganti mati, Yésus isa bener-bener mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan soal Bapaké ora bener.

11. Apa buktiné nèk Yésus sayang banget karo wong? (Yohanes 13:1)

11 Saka tebusan, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yésus bener-bener mikirké wong liya, terutama murid-muridé. (WB. 8:31; wacanen Yohanes 13:1.) Yésus ngerti nèk tugasé ing bumi kuwi ana sing ora gampang, termasuk dhèwèké kudu mati. Tapi, Yésus gelem melakukan kuwi ora mung merga dikon Bapaké, tapi merga dhèwèké sayang karo wong-wong. Misalé, Yésus sepenuh hati wektu nginjil, mulang, lan mbantu wong liya. Bahkan pas arep mati, Yésus malah ngwijiki sikilé para rasulé lan nguwatké meréka. (Yoh. 13:​12-15) Terus pas ing cagak hukuman, Yésus ngekèki harapan kanggo penjahat ing sampingé lan ya mikirké ibuné. (Luk. 23:​42, 43; Yoh. 19:​26, 27) Dadi, Yésus mbuktèkké nèk sayang karo wong ora mung liwat kematiané. Selama ing bumi, dhèwèké selalu nduduhké nèk sayang karo wong.

12. Apa buktiné nèk nganti saiki Yésus isih terus berkorban kanggo manungsa?

12 Meskipun Yésus mémang wis mati dadi korban ”ping pisan kanggo saklawasé”, pengorbanané Yésus ora mung tekan semono. (Rm. 6:10) Apa buktiné? Nganti saiki, Yésus sibuk banget ngorbanké akèh wektu lan tenaga bèn manungsa isa ngrasakké manfaaté tebusan. Yésus nglayani dadi Raja, Imam Agung, lan kepalané jemaat. (1 Kor. 15:25; Éf. 5:23; Ibr. 2:17) Yésus ya kudu nglumpukké wong-wong pilihan lan kumpulan gedhé. Tugas kuwi kudu rampung sakdurungé sengsara gedhé berakhir. a (Mat. 25:32; Mrk. 13:27) Yésus ya terus mastèkké bèn selama akhir jaman iki para pengikuté dicukupi kebutuhan rohaniné. (Mat. 24:45) Terus selama Pamréntahan Sèwu Tauné, Yésus ya bakal terus kerja keras kanggo awaké dhéwé. Dadi wektu Yéhuwah ngekèkké Yésus kanggo manungsa, tujuané kuwi ora mung bèn Yésus mati, tapi bèn Yésus melakukan akèh hal kanggo manungsa.

TERUS NGGOLÈKI HAL ANYAR WEKTU BELAJAR

13. Bèn isa ngrenungké rasa sayangé Yéhuwah lan Yésus kanggo njenengan, apa waé sing isa diupayakké?

13 Ana akèh banget sing isa dipelajari nèk njenengan terus ngrenungké soal rasa sayangé Yéhuwah lan Yésus kanggo njenengan. Ing minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan taun iki, njenengan isa maca siji utawa loro buku Injil. Tapi, aja ngrasa nèk sekali maca kudu langsung pirang-pirang bab. Macané alon-alon waé karo mikirké hal-hal sing isa marakké njenengan tambah sayang karo Yéhuwah lan Yésus. Terus, sing wis dipelajari kuwi dicritakké karo wong liya.

14. Ngapa kok kudu riset soal tebusan lan ajaran Alkitab liyané? (Mazmur 119:97 lan cathetan ngisor) (Deloken gambar.)

14 Isa waé merga wis bertaun-taun dadi Seksi Yéhuwah, njenengan dadi mikir, ’Apa isih ana hal-hal anyar sing isa tak pelajari saka topik-topik kaya tebusan, sifaté Yéhuwah sing adil, lan sayang?’ Kenyataané, nèk riset mesthi ana sesuatu sing isa dipelajari saka topik-topik kuwi. Dadi, njenengan kudu piyé? Manfaatna kabèh publikasi sing disedhiakké organisasi. Pas nemu ayat sing ora isa langsung dipahami, ya kuwi kudu diriset. Terus, sepanjang hari renungna sing wis njenengan pelajari soal Yéhuwah, Yésus, lan bukti rasa sayangé meréka kanggo njenengan.—Wacanen Mazmur 119:97 lan cathetan ngisor.

Meskipun wis bertaun-taun dadi Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus berupaya bèn tambah menghargai tebusan (Deloken paragraf 14)


15. Ngapa kok kudu terus nggolèki hal sing anyar saka Alkitab?

15 Aja cilik ati nèk njenengan ora nemokké sesuatu sing anyar wektu maca Alkitab utawa riset. Upayané njenengan kuwi isa dipadhakké kaya wong sing lagi nggolèk emas. Biasané, kanggo éntuk emas sing cilik waé, meréka kudu sabar nggolèki berjam-jam utawa nganti pirang-pirang dina. Tapi, merga nganggep bahkan sak cuwil emas kuwi berharga banget, meréka terus nggolèki. Nah, apa sing dipelajari saka Alkitab kuwi luwih berharga timbang emas. (Mzm. 119:127; WB. 8:10) Makané, terusa maca Alkitab lan riset.—Mzm. 1:2.

16. Nèk niru Yéhuwah karo Yésus, berarti kudu ngapa waé?

16 Wektu sinau, golèka hal-hal sing isa dipraktèkké. Misalé, bèn isa niru sifat adilé Yéhuwah, ya ora éntuk mbédak-mbédakké. Nèk niru Yésus sing sayang Yéhuwah lan wong liya, awaké dhéwé ya kudu gelem melakukan sing Yéhuwah karepké lan mbantu wong liya meskipun kadhang kuwi ora gampang. Terus, nèk niru Yésus, awaké dhéwé ya bakal seneng crita karo wong liya soal sing wis Yéhuwah lakukan kanggo manungsa bèn meréka ya beriman karo tebusan.

17. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

17 Nèk terus mempelajari soal tebusan, mengko dadi semakin menyayangi Yéhuwah lan Yésus. Yéhuwah karo Yésus ya bakal tambah sayang karo njenengan. (Yoh. 14:21; Yak. 4:8) Makané, manfaatna kabèh persediaan saka Yéhuwah kanggo mempelajari soal tebusan. Ing artikel berikuté bakal dibahas apa waé manfaaté tebusan, lan piyé mbuktèkké nèk menghargai tebusan.

LAGU 107 Niru Tresnané Yéhuwah

a Gawéan nglumpukké sing disebutké Rasul Paulus lan Yésus kuwi béda. Ing Éfésus 1:10 Paulus nyebutké soal ngumpulké ”kabèh sing ana ing swarga”. Kuwi maksudé, wektu Yéhuwah milih wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga. Nah, nèk ing Matius 24:31 lan Markus 13:​27, Yésus nyebutké soal ’nglumpukké wong-wong pilihan’. Kuwi maksudé, wektu wong-wong pilihan sing isih ana ing bumi diklumpukké ing swarga selama sengsara gedhé.