Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 1

LAGU 2 Yéhuwah Jeneng-Mu

Luhurna Yéhuwah

Luhurna Yéhuwah

AYAT TAHUNAN 2025: ”Luhurna Yéhuwah merga jenengé.”MZM. 96:8.

INTI

Carané ngluhurké Yéhuwah merga Dhèwèké mémang pantes diluhurké.

1. Wong-wong saiki senengé padha ngapa?

 AKÈH wong saiki seneng nggolèk perhatian bèn disanjung-sanjung. Misalé, ing média sosial, meréka pamèr hal-hal sing diduwèni utawa pencapaian-pencapaiané. Tapi, sing gelem ngluhurké Yéhuwah mung sithik. Ing artikel iki, ayo mbahas apa maksudé ngluhurké Yéhuwah? Apa alesané kudu ngluhurké Yéhuwah, lan piyé carané? Terus, mengko ya bakal dibahas piyé Yéhuwah sedhéla manèh ngluhurké jenengé dhéwé.

MAKSUDÉ NGLUHURKÉ YÉHUWAH

2. Ing Gunung Sinai, piyé Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké mémang pantes diluhurké? (Deloken gambar.)

2 Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing hébat lan luar biasa. Beberapa hari sakwisé mbébaské bangsa Israèl saka Mesir, ing Gunung Sinai, Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké mémang pantes diluhurké. Bayangna situasiné: Jutaan wong Israèl ngumpul arep ngrungokké omongané Yéhuwah. Ngerti-ngerti, ana awan sing peteng banget sing nutupi Gunung Sinai. Bar kuwi ana gempa bumi, kilat, bledhèg, lan swara trompèt sing banter banget. (Pa. 19:​16-18; 24:17; Mzm. 68:8) Bangsa Israèl mesthi takjub banget ndelok kehébatané Yéhuwah.

Ing Gunung Sinai, Yéhuwah nduduhké kehébatané ing ngarepé bangsa Israèl (Deloken paragraf 2)


3. Ngluhurké Yéhuwah kuwi carané piyé?

3 Manungsa ya isa ngluhurké Yéhuwah. Salah siji carané, nyritakké soal kuwasané sing gedhé lan sifat-sifaté sing nentremké. Terus wektu berhasil melakukan sesuatu, ya berupaya bèn sing dipuji kuwi Yéhuwah. (Yés. 26:12) Raja Daud dadi conto sing apik soal ngluhurké Yéhuwah. Wektu ndonga ing ngarepé kabèh wong Israèl, Daud ngomong, ”Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi agung, kuwat, mulya, hébat, lan luhur, merga kabèh sing ana ing swarga lan bumi kuwi duwèké Njenengan.” Bar Daud rampung ndonga, ”kabèh jemaat padha muji Yéhuwah”.—1 Bb. 29:​11, 20.

4. Piyé Yésus ngluhurké Yéhuwah?

4 Wektu ing bumi, Yésus ya ngluhurké Yéhuwah. Salah siji carané, wektu nggawé mukjijat, dhèwèké selalu ngandhani nèk Yéhuwah sing ngekèki kuwasa kanggo nggawé mukjijat kuwi. (Mrk. 5:​18-20) Yésus ya ngluhurké Yéhuwah liwat ajaran lan perbuatané. Contoné, wektu Yésus mulang ing sinagogé. Ing antarané wong-wong sing ngrungokké Yésus, ana wong wédok sing wis 18 taun lara merga diganggu roh jahat. Wong wédok kuwi nganti bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg. Yésus ngerti nèk wong wédok kuwi mesthi menderita banget. Merga ngrasa mesakké, Yésus alus wektu ngandhani wong wédok kuwi, ”Bu, penyakitmu bakal tak marèkké.” Bar kuwi, Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wédok kuwi. Wong wédok kuwi langsung isa ngadeg jejeg lan ”ngluhurké Gusti Allah”. (Luk. 13:​10-13) Dhèwèké bersyukur banget merga wis dimarèkké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya nduwé akèh banget alesan ngluhurké Yéhuwah. Apa waé alesané?

ALESAN-ALESAN PÉNGIN NGLUHURKÉ YÉHUWAH

5. Apa waé alesané ngapa kok menghormati Yéhuwah?

5 Merga bener-bener menghormati Yéhuwah. Ana akèh alesan awaké dhéwé menghormati Yéhuwah. Yéhuwah kuwi mahakuwasa lan kekuwatané ora ana entèké. (Mzm. 96:​4-7) Saka ciptaané, terbukti nèk Dhèwèké pinter banget. Yéhuwah ora mung ngekèki urip tapi ya nyedhiakké apa waé sing dibutuhké bèn manungsa isa menikmati urip. (Why. 4:11) Dhèwèké ya setya. (Why. 15:4) Kabèh sing Dhèwèké lakukan mesthi berhasil, lan Dhèwèké selalu nepati janji. (Yos. 23:14) Makané Nabi Yérémia ngomong, ”Ing antarané wong-wong sing wicaksana ing kabèh kerajaan ing bumi ora ana sing kaya [Yéhuwah].” (Yér. 10:​6, 7) Dadi, ana akèh alesan ngapa kok kudu menghormati Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ngluhurké Yéhuwah ora mung merga menghormati Dhèwèké. Apa manèh alesané?

6. Ngapa kok awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah?

6 Merga sayang banget karo Yéhuwah. Ana akèh sifat apiké Yéhuwah sing marakké awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké. Yéhuwah kuwi seneng ngampuni lan gampang mesakké. (Mzm. 103:13; Yés. 49:15) Yéhuwah ngrasa susah wektu awaké dhéwé susah. (Za. 2:8) Yéhuwah ya gampang dicedhaki. (Mzm. 25:14; Kis. 17:27) Dhèwèké ya rendah hati. ”Dhèwèké mbungkuk bèn isa ndelok langit lan bumi. Dhèwèké mbébaské wong cilik saka kesusahané.” (Mzm. 113:​6, 7) Kuwi kabèh mesthi marakké awaké dhéwé péngin ngluhurké Yéhuwah.—Mzm. 86:12.

7. Awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa apa?

7 Merga péngin wong-wong ngerti sing bener soal Yéhuwah. Akèh wong saiki ora isa kenal Yéhuwah merga Sétan wis nyebarké fitnah soal Yéhuwah lan wong-wong padha percaya. (2 Kor. 4:4) Sétan ngomong nèk Yéhuwah kuwi kejem, ora perduli, lan marakké manungsa susah. Tapi, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah ora kaya ngono. Makané, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa kanggo ngandhani wong-wong sing bener soal Yéhuwah bèn wong-wong kuwi akhiré ya isa ngluhurké Yéhuwah. (Yés. 43:10) Isiné Mazmur 96 kuwi terutama soal ngluhurké Yéhuwah. Selama mbahas ayat-ayat ing Mazmur 96, coba pikirna piyé carané njenengan isa ngluhurké Yéhuwah.

CARANÉ NGLUHURKÉ YÉHUWAH

8. Menurut Mazmur 96:​1-3, apa salah siji cara ngluhurké Yéhuwah?

8 Wacanen Mazmur 96:​1-3. Ngluhurké Yéhuwah liwat omongan. Ing ayat-ayat kuwi awaké dhéwé dikon ”nyanyi kanggo Yéhuwah”, ”muji jenengé”, ’ngumumké kabar apik soal tumindaké Dhèwèké wektu nylametké manungsa’, lan ’nyritakké soal kemuliaané ing antarané bangsa-bangsa’. Kuwi kabèh cara-cara ngluhurké Yéhuwah liwat omongan. Umaté Yéhuwah jaman mbiyèn ya kendel mbéla Yéhuwah lan nyritakké soal sifat-sifat lan kabèh sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo meréka. (Dan. 3:​16-18; Kis. 4:29) Nèk awaké dhéwé piyé?

9-10. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Angelina? (Deloken gambar.)

9 Gatèkna pengalamané Angelina a sing manggon ing Amerika Serikat. Dhèwèké kendel mbéla Yéhuwah ing panggonan kerjané. Wektu kuwi ing kantoré ana rapat. Terus, karyawan-karyawan sing anyar dikon nyritakké latar belakangé. Salah sijiné Angelina. Nah, Angelina wis nyiapké foto-foto kanggo nyritakké kegiatan sing nyenengké dadi Seksi Yéhuwah. Tapi, persis sakdurungé gilirané dhèwèké memperkenalkan diri, ana kanca kerjané lanang sing maju lan crita nèk wong tuwané Seksi Yéhuwah. Terus, wong lanang kuwi mulai ngèlèk-èlèk Seksi Yéhuwah lan kepercayaané. Angelina crita, ”Aku wedi banget. Tapi aku mikir, ’Omongané soal Yéhuwah kuwi ora bener. Aku kudu njelaské sing bener soal Yéhuwah.’”

10 Pas wong lanang kuwi rampung memperkenalkan diri, Angelina ndonga singkat ing njero ati. Terus Angelina ngomong, ”Latar belakangku ya padha karo njenengan. Wong tuwaku Seksi Yéhuwah lan aku ya Seksi Yéhuwah.” Meskipun suasanané tegang, Angelina tetep tenang. Terus Angelina nduduhi kanca-kanca liyané foto-fotoné dhèwèké lan para sedulur pas teka ing pertemuan-pertemuan rohani. Angelina ya njelaské kepercayaané. (1 Ptr. 3:15) Pas Angelina rampung memperkenalkan diri, sikapé wong lanang mau dadi luwih apik. Bahkan, dhèwèké ya nyritakké kenangané wektu isih enom pas bergaul karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Angelina ngomong, ”Yéhuwah mémang pantes dibéla. Isa nyritakké sing bener soal Dhèwèké kuwi kehormatan.” Awaké dhéwé saiki ya nduwé kehormatan kanggo ngluhurké Yéhuwah wektu ana sing ngèlèk-èlèk Dhèwèké.

Ngluhurké Yéhuwah kuwi isa liwat omongan (Deloken paragraf 9-10) b


11. Apa buktiné nèk umaté Yéhuwah kèt mbiyèn ngetrapké Mazmur 96:8?

11 Wacanen Mazmur 96:8. Ngluhurké Yéhuwah nganggo sumbangan. Kèt mbiyèn, umaté Yéhuwah seneng ngekèkké sing diduwèni kanggo ngluhurké Yéhuwah. (WB. 3:9) Misalé, bangsa Israèl nyumbang dhuwit lan barang-barang berharga liyané kanggo mbangun lan ngrawat bait. (2 Raj. 12:​4, 5; 1 Bb. 29:​3-9) Beberapa muridé Yésus ya ”nggunakké kabèh sing diduwèni” kanggo ngurus kebutuhané Yésus lan para rasulé. (Luk. 8:​1-3) Terus, pas jamané para rasul, para sedulur ngirimké bantuan kemanusiaan wektu ana sedulur-sedulur sing kelaparan. (Kis. 11:​27-29) Saiki, awaké dhéwé ya isa ngluhurké Yéhuwah nganggo sumbangan sukaréla.

12. Apa buktiné nèk nyumbang kuwi isa ngluhurké Yéhuwah? (Deloken gambar.)

12 Ana pengalaman sing mbuktèkké nèk nyumbang kuwi isa ngluhurké Yéhuwah. Taun 2020, ing Zimbabwe ana kekeringan sing parah sing kelakon suwé banget. Akibaté, ana jutaan wong sing kelaparan nganti mèh mati. Salah siji sing kena dampaké kuwi Sedulur Priska. Uripé susah banget merga kekeringan, tapi Priska tetep nginjil saben Rebo lan Jumat. Bahkan pas tangga-tanggané padha sibuk kerja ing ladhang, Priska tetep nginjil. Meréka nganti ngomong, ”Mengko kowé ora isa mangan lho nèk nginjil terus.” Priska njawab, ”Yéhuwah mesthi bakal ngopèni aku.” Ora suwé bar kuwi, Priska éntuk bantuan saka organisasi. Priska isa éntuk bantuan kuwi merga sumbangané awaké dhéwé. Saiki tangga-tanggané ngomong, ”Gusti Allah tenanan ngopèni kowé ya. Aku mbok dikandhani soal Dhèwèké.” Akhiré, saiki ana wong pitu sing mèlu teka ing pertemuan ibadah.

Ngluhurké Yéhuwah nganggo sumbangan sukaréla (Deloken paragraf 12) c


13. Piyé bèn isa ngluhurké Yéhuwah liwat perbuatan? (Mazmur 96:9)

13 Wacanen Mazmur 96:9. Ngluhurké Yéhuwah liwat perbuatan. Sakdurungé nglayani ing baité Yéhuwah, para imam kudu adus sik bèn awaké resik. (Pa. 40:​30-32) Tapi, sing luwih penting timbang awak sing resik kuwi tingkah lakuné kudu bener. (Mzm. 24:​3, 4; 1 Ptr. 1:​15, 16) Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu nyingkirké ”kepribadian sing lawas” lan nganggo ”kepribadian sing anyar”. Kuwi ora mung berarti aja nganti mikir utawa nglakoni hal-hal sing marakké Yéhuwah ora seneng, tapi ya kudu berjuang bèn pikiran lan tingkah lakuné sesuai karo karepé Yéhuwah. (Kol. 3:​9, 10) Nèk dibantu Yéhuwah, bahkan wong sing bejat banget lan kejem ya isa berubah lan nduwé sifat-sifat sing apik.

14. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Jack? (Deloken gambar.)

14 Gatèkna pengalamané Jack. Jack kuwi penjahat sing kejem lan berbahaya banget nganti wong-wong nyebut dhèwèké ’Sétan’. Merga kejahatané, Jack divonis hukuman mati. Nah wektu nunggu dina arep dièksekusi, Jack gelem belajar Alkitab karo Seksi Yéhuwah sing ngunjungi penjara kuwi. Meskipun mbiyèné kelakuané ora nggenah, suwé-suwé kelakuané berubah nganti isa memenuhi syarat kanggo dibaptis. Merga ndelok nèk Jack wis berubah banget dadi wong sing apik, pas dhèwèké arep dièksekusi, ana beberapa penjaga penjara sing nangis. Ana salah siji sing ngomong, ”Mbiyèn, Jack kuwi salah siji tahanan sing paling bobrok. Saiki, dhèwèké kuwi salah siji sing paling apik.” Seminggu sakwisé Jack dièksekusi, para sedulur sing biasané mandhu pertemuan ibadah ing penjara ketemu karo tahanan sing lagi pertama kali teka ing pertemuan ibadah. Tahanan kuwi gelem teka merga terkesan karo perubahan tingkah lakuné Jack lan péngin ngerti kudu piyé bèn isa nglayani Yéhuwah. Jelas banget nèk awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah liwat perbuatan.—1 Ptr. 2:12.

Ngluhurké Yéhuwah liwat perbuatan (Deloken paragraf 14) d


PIYÉ YÉHUWAH SEDHÉLA MANÈH NGLUHURKÉ JENENGÉ DHÉWÉ?

15. Sedhéla manèh, apa sing bakal dilakukan Yéhuwah kanggo ngluhurké jenengé dhéwé? (Mazmur 96:​10-13)

15 Wacanen Mazmur 96:​10-13. Ayat-ayat terakhir ing Mazmur 96 nggambarké Yéhuwah dadi Raja lan Hakim sing adil. Sedhéla manèh, apa sing bakal dilakukan Yéhuwah kanggo ngluhurké jenengé dhéwé? Yéhuwah bakal ngukum Babilon Gedhé merga wis marakké wong-wong ngèlèk-èlèk jeneng Yéhuwah. (Why. 17:​5, 16; 19:​1, 2) Beberapa wong sing ndelok Babilon Gedhé dihancurké mungkin ya bakal mèlu nyembah Yéhuwah. Pas Armagédon, Yéhuwah bakal nyingkirké donya sing dikuwasani Sétan lan nyingkirké wong-wong sing nentang lan ngèlèk-èlèk jenengé. Wektu kuwi, Yéhuwah ya bakal nylametké wong-wong sing sayang, manut, lan seneng ngluhurké Dhèwèké. (Mrk. 8:38; 2 Tés. 1:​6-10) Ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus lan sakwisé ujian sing terakhir, jeneng Yéhuwah wis bener-bener dadi luhur. (Why. 20:​7-10) Wektu kuwi, ”kaya laut kebak karo banyu, bumi bakal kebak karo pengetahuan soal kemuliaané Yéhuwah”.—Hab. 2:14.

16. Apa tékadé njenengan? (Deloken gambar.)

16 Mesthi nyenengké banget wektu kabèh wong ngluhurké jeneng Yéhuwah. Tapi sakdurungé kuwi kelakon, awaké dhéwé nduwé tanggung jawab kanggo ngluhurké Yéhuwah ing saben kesempatan. Nah, bèn isa terus fokus karo tanggung jawab sing penting kuwi, Pengurus Pusat wis milih Mazmur 96:8 dadi ayat tahunan 2025. Isiné: ”Luhurna Yéhuwah merga jenengé.”

Sukmbèn, kabèh wong bakal ngluhurké jeneng Yéhuwah (Deloken paragraf 16)

LAGU 12 Yéhuwah Pantes Diluhurké

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang pengalamané Angelina.

c PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang pengalamané Priska.

d PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang pengalamané Jack.