Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

LAGU 108 Tresnané Yéhuwah Saklawasé

Manfaat saka Tebusané Yésus

Manfaat saka Tebusané Yésus

”Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa.”1 TIM. 1:15.

INTI

Manfaaté tebusan lan carané mbuktèkké nèk menghargai tebusan.

1. Bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, kudu piyé?

 BAYANGNA wektu njenengan ngekèki wong hadiah. Njenengan wis milihké hadiah sing paling apik lan mesthi bermanfaat kanggo dhèwèké. Tapi, wektu ngerti nèk ternyata hadiahé kuwi ora dienggo lan mung disimpen thok, njenengan mesthi sedhih, ta? Tapi, nèk hadiahé kuwi dienggo lan dhèwèké ya ngomong maturnuwun karo njenengan, njenengan mesthi seneng banget. Nah merga sayang awaké dhéwé, Yéhuwah wis ngekèki Anaké bèn mati dadi tebusan. Yéhuwah bakal seneng banget nèk awaké dhéwé menghargai tebusan kuwi.—Yoh. 3:16; Rm. 5:​7, 8.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Tapi suwé-suwé, hadiah sing istiméwa saka Yéhuwah kuwi isa waé dianggep biasa waé, seolah-olah kaya mung disimpen thok. Nah bèn isa terus bersyukur lan menghargai, kudu kerep-kerep mikirké sing wis dilakukan Yéhuwah lan Yésus. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki. Ayo mbahas apa waé manfaaté tebusan kanggo awaké dhéwé saiki lan sukmbèn. Terus selama minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan, apa waé sing isa dilakukan kanggo mbuktèkké nèk menghargai tebusan?

MANFAAT KANGGO SAIKI

3. Apa salah siji manfaat saka tebusan sing isa dirasakké saiki?

3 Awaké dhéwé saiki wis ngrasakké manfaaté tebusané Yésus. Misalé, merga ana tebusan, Yéhuwah ngampuni awaké dhéwé. Yéhuwah sakjané ora kudu ngampuni, tapi Yéhuwah gelem ngampuni. Nah merga bersyukur wis diampuni Yéhuwah, sing nulis Mazmur ngomong, ”Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura.”—Mzm. 86:5; 103:​3, 10-13.

4. Yéhuwah ngekèki tebusan kanggo sapa? (Lukas 5:32; 1 Timotius 1:15)

4 Mungkin ana sing ngrasa ora pantes diampuni Yéhuwah. Sakjané mémang kabèh wong kuwi ora pantes diampuni. Rasul Paulus ya tau ngrasa nèk dhèwèké ”ora pantes disebut rasul”. Tapi dhèwèké ngomong, ”Aku isa nindakké tugasku saiki merga Gusti Allah apikan banget marang aku.” (1 Kor. 15:​9, 10) Nèk bertobat lan ora nglakoni dosa manèh, Yéhuwah gelem ngampuni. Tapi Yéhuwah ngampuni kuwi dudu merga awaké dhéwé mémang pantes diampuni, tapi merga Yéhuwah sayang. Dadi wektu ngrasa ora berharga, élinga nèk Yéhuwah ngekèki tebusan kuwi dudu kanggo wong sing ora tau nggawé dosa, tapi kanggo wong dosa sing gelem bertobat.—Wacanen Lukas 5:32; 1 Timotius 1:15.

5. Apa éntuk ngrasa nèk wis sak mesthiné diampuni Yéhuwah? Jelasna.

5 Tapi ana wong sing ngrasa nèk Yéhuwah wis sak mesthiné ngampuni, merga wong kuwi wis bertaun-taun nglayani Yéhuwah. Mémang, Yéhuwah ora bakal nglalèkké sing wis dilakukan kanggo Dhèwèké. (Ibr. 6:10) Tapi tebusan kuwi dikèkké dadi hadiah, dudu seolah-olah Yéhuwah mbayar sing wis awaké dhéwé lakukan kanggo Dhèwèké. Dadi, aja nganggep mung merga wis melakukan akèh hal kanggo Yéhuwah, dadi ngrasa nèk mémang pantes diampuni. Nèk mikir kaya ngono, kuwi berarti seolah-olah ngrasa nèk ora butuh tebusan.—Bandhingna Galatia 2:21.

6. Ngapa kok Paulus kerja keras nglayani Yéhuwah?

6 Paulus ngerti nèk ora soal sepira akèhé kerja kerasé kanggo Yéhuwah, dudu kuwi sing marakké Yéhuwah gelem ngampuni dhèwèké. Lha terus, ngapa kok Paulus gelem kerja keras nglayani Yéhuwah? Paulus péngin mbuktèkké nèk dhèwèké bersyukur merga Yéhuwah wis apikan lan ngrasa mesakké karo dhèwèké. (Éf. 3:7) Nah kaya Paulus, awaké dhéwé kerja keras nglayani Yéhuwah dudu bèn diampuni, tapi merga péngin nduduhké nèk bersyukur karo Yéhuwah.

7. Apa manèh manfaat saka tebusan sing isa dirasakké saiki? (Roma 5:1; Yakobus 2:23)

7 Manfaat liyané saka tebusan sing isa dirasakké saiki kuwi nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. a Kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, kèt lair awaké dhéwé kuwi dudu sapa-sapané Yéhuwah. Tapi merga tebusan, awaké dhéwé isa ”nduwé hubungan sing apik” lan isa cedhak karo Yéhuwah.—Wacanen Roma 5:1; Yakobus 2:23.

8. Ngapa kok isa ndonga kuwi kesempatan sing istiméwa?

8 Merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa kanggo ndonga. Yéhuwah gelem ngrungokké dongané umaté pas pertemuan ibadah. Tapi, bahkan wektu umaté lagi ndonga dhèwèkan, Yéhuwah ya gelem ngrungokké. Nèk ndonga, pikiran isa dadi ayem. Tapi ora mung kuwi thok manfaaté ndonga. Kuwi isa marakké hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah tambah akrab. (Mzm. 65:2; Yak. 4:8; 1 Yoh. 5:14) Wektu ing bumi, Yésus kerep ndonga merga yakin nèk Yéhuwah ngrungokké dongané lan kuwi isa marakké hubungané karo Yéhuwah tambah akrab. (Luk. 5:16) Rasané mesthi bersyukur banget isa ndonga lan dadi kancané Yéhuwah merga ana korban tebusané Yésus.

MANFAAT KANGGO SUKMBÈN

9. Apa manfaat saka tebusan sing isa dirasakké sukmbèn?

9 Manfaat saka tebusan sing isa dirasakké sukmbèn kuwi umaté Yéhuwah isa urip saklawasé. Merga kèt mbiyèn manungsa kuwi wis mesthi bakalé mati, dadi kétoké janji kuwi ora mungkin bakal kelakon. Tapi sakjané, karepé Yéhuwah kèt awal kuwi bèn manungsa isa urip saklawasé. Nèk Adam karo Hawa ora nggawé dosa, manungsa mesthi isa urip saklawasé. Malah, Yéhuwah waé wis ngekèkké Anaké dadi tebusan. Kuwi jaminan nèk sing dikarepké Yéhuwah mesthi bakal kelakon.—Rm. 8:32.

10. (a) Sukmbèn, sing nduwé harapan munggah swarga bakal ngapa? (b) Sing nduwé harapan urip ing bumi bakal ngapa?

10 Meskipun harapan urip saklawasé kuwi kelakoné sukmbèn, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngarep-arep kuwi kèt saiki. Mengko sing nduwé harapan munggah swarga bakal dadi raja mréntah bumi bareng Yésus. (Why. 20:6) Terus, sing nduwé harapan ing bumi bakal urip bahagia, ora lara, lan ora susah manèh. (Why. 21:​3, 4) Nèk njenengan termasuk sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi, aja ngrasa nèk harapan kuwi ora seapik harapan munggah swarga. Soalé kèt awal, karepé Yéhuwah mémang manungsa urip saklawasé ing bumi. Dadi, urip saklawasé ing bumi ya bakal marakké bener-bener bahagia.

11-12. Apa waé sing isa dinikmati ing Firdaus sukmbèn? (Deloken gambar.)

11 Urip saklawasé ing Firdaus kuwi mengko kaya apa? Bayangna: Njenengan ora bakal lara utawa mati. (Yés. 25:8; 33:24) Kabèh sing njenengan pénginké bakal dipuaské Yéhuwah. Merga urip saklawasé, mengko bakal ana akèh banget kesempatan kanggo ajar main musik, nglukis, utawa belajar luwih akèh soal kéwan. Terus ya bakal ana akèh wektu kanggo mempelajari ketrampilan-ketrampilan, misalé ngrancang, mbangun, utawa nandur-nandur. Mengko ya mesthi butuh akèh wong kanggo ngolah panganan, nggawé peralatan, lan ngrawat taman-taman sing apik.—Yés. 35:1; 65:21.

12 Bayangna piyé senengé wektu nyambut wong-wong sing diuripké manèh. (Kis. 24:15) Njenengan ya bakal isa mempelajari luwih akèh manèh soal Yéhuwah saka ciptaané. (Mzm. 104:24; Yés. 11:9) Terus sing paling luar biasa, merga wis ora nduwé dosa, njenengan isa nglayani Yéhuwah tanpa perasaan bersalah. Njenengan mesthi ora bakal réla ta ngorbanké berkah-berkah sing luar biasa kuwi mung bèn isa seneng-seneng saiki? (Ibr. 11:25) Malah, bèn isa éntuk berkah-berkah kuwi, awaké dhéwé mesthi bakal réla ngorbanké apa waé. Nah nèk wis wektuné, Firdaus kuwi dudu sesuatu sing isih kudu dientèn-entèni, merga kuwi bakal dadi kenyataan tenan. Kuwi kabèh isa kelakon merga Yéhuwah sayang banget karo manungsa nganti gelem ngekèkké Anaké dadi tebusan.

Berkah ing Firdaus apa sing paling njenengan entèn-entèni? (Deloken paragraf 11-12)


BUKTI NÈK BERSYUKUR MERGA TEBUSAN

13. Apa buktiné nèk menghargai tebusan? (2 Korintus 6:1)

13 Apa buktiné nèk menghargai tebusan? Élinga nèk Yésus mati ”bèn kabèh wong ora urip kanggo kepentingané dhéwé, ning kanggo Kristus sing wis mati kanggo kabèh wong kuwi lan sing wis diuripké manèh”. (2 Kor. 5:15) Dadi, nèk menghargai tebusan lan menghargai sing wis dilakukan Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngutamakké nglayani Yéhuwah.Mat. 6:33; wacanen 2 Korintus 6:1.

14. Apa buktiné nèk percaya tuntunané Yéhuwah?

14 Cara liyané mbuktèkké nèk menghargai tebusan kuwi percaya lan manut tuntunan saka Yéhuwah. Kuwi berarti, wektu arep nggawé keputusan, misalé soal pendidikan utawa gawéan, kudu mikirké sik apa sing dikarepké Yéhuwah. (1 Kor. 10:31; 2 Kor. 5:7) Nah nèk melakukan kuwi, awaké dhéwé bakal tambah akrab, tambah percaya Yéhuwah, lan tambah yakin nèk janjiné mesthi bakal dadi kenyataan.—Rm. 5:​3-5; Yak. 2:​21, 22.

15. Ing minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan, piyé carané mbuktèkké nèk menghargai tebusan?

15 Mbuktèkké nèk menghargai tebusan selama minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan. Sakliyané nggawé rencana kanggo teka, njenengan ya isa ngundang wong-wong liya bèn ya mèlu teka. (1 Tim. 2:4) Jelasna kaya apa acarané. Mungkin ya isa nyetèlké vidéo saka jw.org sing judhulé Memperingati Kematiané Yésus lan Ngapa Yésus Kudu Mati? Para pinituwa ya isa ngundang sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah. Bayangna piyé bahagiané Yéhuwah, Yésus, para malaékat, lan para sedulur wektu ana sing bali manèh ing jemaat. (Luk. 15:​4-7) Terus mengko pas acarané, ayo nyambut kabèh sing teka, khususé sing lagi pertama kali teka utawa sing wis suwé ora ngibadah. Awaké dhéwé péngin nggawé meréka ngrasa disayangi.—Rm. 12:13.

16. Nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil selama minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan kuwi bukti apa, lan manfaaté apa?

16 Selama minggu-minggu sakdurungé lan sakwisé acara Peringatan, njenengan ya isa nggunakké luwih akèh wektu dienggo nginjil. Kuwi bukti nèk menghargai sing wis dilakukan Yéhuwah lan Yésus. Semakin sering nginjil, bakal semakin sering ngrasakké bantuané Yéhuwah, lan hasilé bakal tambah percaya karo Dhèwèké. (1 Kor. 3:9) Terus, ya aja lali ngikuti jadwal maca Alkitab kanggo acara Peringatan sing ana ing Nliti Alkitab Saben Dina utawa ing Jadwal Kagiyatan. Ayat-ayat sing ana ing kono ya isa dienggo bahan pelajaran pribadi.

17. Apa sing didelok Yéhuwah saka umaté? (Deloken kothak ” Bukti Nèk Menghargai Tebusan”.)

17 Mémang, isa waé ora kabèh saran ing artikel iki isa njenengan lakukan. Tapi élinga, ora soal sepira sing isa dikèkké, Yéhuwah ora bakal mbandhing-bandhingké umaté. Sing didelok Yéhuwah kuwi rasa sayangé njenengan ing Yéhuwah lan sepira gedhéné njenengan menghargai tebusan.—1 Sam. 16:7; Mrk. 12:​41-44.

18. Awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus kuwi merga apa?

18 Merga ana tebusan, awaké dhéwé dadi diampuni Yéhuwah, isa akrab karo Yéhuwah, lan nduwé harapan urip saklawasé. Makané, ayo nduduhké nèk bersyukur karo Yéhuwah merga wis ngekèki berkah-berkah kuwi. (1 Yoh. 4:19) Sakliyané kuwi, ayo bersyukur karo Yésus merga wis réla mati kanggo awaké dhéwé.—Yoh. 15:13.

LAGU 154 Tresna Saklawasé

a Yéhuwah ngampuni umaté bahkan sakdurungé Yésus mati dadi tebusan. Yéhuwah isa melakukan kuwi merga Dhèwèké yakin nèk Yésus bakal terbukti setya nganti mati. Dadi kanggoné Yéhuwah, seolah-olah tebusan kuwi wis dibayar sakdurungé Yésus mati.—Rm. 3:25.