Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

COBANEN IKI

Nggambar Bèn Isa Ngéling-éling

Nggambar Bèn Isa Ngéling-éling

Apa njenengan ngrasa ora isa ngéling-éling apa sing wis dipelajari? Akèh wong ya ngrasa kaya ngono. Tapi, apa njenengan tau nggatèkké ngapa kok ajarané Yésus kuwi gampang diéling-éling? Soalé wektu Yésus mulang, awaké dhéwé isa langsung mbayangké. Seolah-olah, ing pikiran ana gambaré. Makané wektu belajar, bèn ora cepet lali, njenengan ya isa nggawé gambar.

Biasané wektu mempelajari sesuatu sing anyar, nèk kuwi digambar, hasilé isa luwih gampang diéling-éling. Sing diéling-éling ora mung kata-katané thok, tapi inti pelajarané. Gambaré ora perlu sing rumit-rumit, tapi sing sederhana waé. Cara iki terbukti bermanfaat kanggo wong-wong sing wis tuwa.

Dadi wektu belajar, coba kuwi gambaren. Mengko mesthi bakal ana luwih akèh sing isa njenengan éling-éling.