Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 3

LAGU 35 ’Mastèkké sing Luwih Penting’

Nggawé Keputusan sing Marakké Yéhuwah Seneng

Nggawé Keputusan sing Marakké Yéhuwah Seneng

”Cara pertama bèn dadi wicaksana yaiku wedi marang Yéhuwah. Pengetahuan soal Sing Mahasuci kuwi disebut pemahaman.”WB. 9:10.

INTI

Isa nggawé keputusan sing bener nèk nduwé pengetahuan, pemahaman, lan pertimbangan sing apik.

1. Hal apa sing mesthi saben dina kudu dilakukan?

 SABEN dina, awaké dhéwé mesthi nggawé pilihan utawa kudu mutuské sesuatu. Kadhang kuwi gampang. Misalé, soal arep sarapan apa utawa arep turu jam pira. Tapi, kuwi isa waé dadi angèl nèk ana hubungané karo keséhatan, kebahagiaan, keluarga, lan ibadah. Awaké dhéwé mesthi pénginé hasil saka keputusan kuwi isa bermanfaat kanggo diri sendiri, keluarga, lan sing terutama isa nyenengké Yéhuwah.—Rm. 12:​1, 2.

2. Bèn isa nggawé keputusan sing bener, apa waé langkah-langkahé?

2 Ing artikel iki bakal dibahas langkah-langkah sing nèk ditrapké mengko isa marakké nggawé keputusan sing bener. Langkah-langkahé yaiku: (1) nggolèk luwih akèh informasi, (2) memahami karepé Yéhuwah, lan (3) kabèh kuwi dipertimbangké sik. Hasilé, saya suwé awaké dhéwé bakal saya nduwé pertimbangan sing apik.—WB. 2:11.

NGGOLÈK LUWIH AKÈH INFORMASI

3. Ana perumpamaan apa soal pentingé nggolèk informasi sik?

3 Langkah pertama bèn isa nggawé keputusan sing bener kuwi kudu nggolèk luwih akèh informasi. Ngapa kok kuwi penting? Bayangna nèk ana dokter sing lagi nangani pasièn sing lara parah. Sakdurungé ngekèki obat utawa nyaranké perawatan tertentu, dokter mesthi bakal mriksa utawa nakoni sik pasièné soal keluhané. Njenengan ya isa nggawé keputusan sing bener nèk nggolèki sik luwih akèh informasi soal situasi sing lagi diadhepi. Nah, carané piyé?

4. Piyé pathokan ing Wulang Bebasan 18:13 isa ditrapké wektu arep nggawé keputusan? (Deloken gambar.)

4 Biasané, isa éntuk luwih akèh informasi kuwi nèk takon. Misalé, wektu mikirké arep teka apa ora pas ana sing ngundang kumpul-kumpul. Nèk njenengan ora pati kenal karo sing nggawé acara utawa ora ngerti mengko acarané kuwi mèh ngapa, njenengan isa takon karo sing ngundang: Acarané kuwi ing endi lan kapan? Sing teka ana pira? Mengko ana sing ngawasi apa ora? Sapa waé sing diundang? Ana kegiatan apa waé ing acara kuwi? Apa bakal ana minuman keras? Nah, nèk mikirké jawaban pertanyaan-pertanyaan kuwi, njenengan bakal luwih isa nggawé keputusan sing bener.—Wacanen Wulang Bebasan 18:13.

Isa éntuk luwih akèh informasi nèk takon (Deloken paragraf 4) a


5. Apa sing kudu dilakukan sakwisé ngerti kabèh informasiné?

5 Nah bar kuwi, kudu mikirké tenanan kabèh informasi sing wis dingertèni mau kanggo nggawé keputusan. Misalé pikirna, ’Piyé nèk ternyata sing diundang kuwi ana wong sing ora nganggep penting pathokané Yéhuwah? Utawa, piyé nèk mengko bakal disedhiakké minuman keras tapi ora ana pengawasan? Apa suwé-suwé acarané mengko isa dadi pésta bébas?’ (1 Ptr. 4:3) Sakliyané kuwi pikirna, ’Piyé nèk acarané kuwi wektuné ngepasi karo wektuné ngibadah utawa nginjil?’ Nah sakwisé ngerti kabèh situasiné, njenengan mungkin dadi ngerti arep nggawé keputusan apa. Tapi sakdurungé kuwi, sing luwih penting manèh kudu mikirké piyé karepé Yéhuwah soal kuwi. Nah, piyé carané?—WB. 2:6.

MEMAHAMI KAREPÉ YÉHUWAH

6. Menurut Yakobus 1:​5, ngapa kok kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah?

6 Ing Alkitab, Yéhuwah janji nèk bakal ngekèki kawicaksanan bèn awaké dhéwé isa ngerti apa sing nggawé Yéhuwah seneng. Yéhuwah ngekèkiné kuwi ”murah hati” lan ’ora nggolèk-nggolèk salahé njenengan’. (Wacanen Yakobus 1:5.) Mulané, nèk péngin ngerti sing dikarepké Yéhuwah, njenengan isa ndonga njaluk bantuané Dhèwèké.

7. Bar ndonga, piyé bèn isa ngerti karepé Yéhuwah? Kèkana perumpamaan.

7 Bar ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah, kudu piyé? Perumpamaané ngéné: Nèk njenengan lagi jalan-jalan, terus kesasar, mungkin njenengan bakal takon karo penduduk setempat. Nah, wektu wong kuwi lagi nerangké kudu liwat dalan endi, njenengan mesthi bakal ngrungokké tenanan ta, ora malah ditinggal lunga? Nah padha kaya ngono, bar njaluk kawicaksanan saka Yéhuwah, njenengan bakal éntuk tuntunané saka pathokan lan aturan ing Alkitab sing cocog karo situasiné njenengan. Makané, njenengan kudu nggatekké tenanan tuntunané Yéhuwah kuwi. Misalé, wektu mutuské arep teka ing acara kumpul-kumpul mau apa ora, njenengan isa mikirké pathokan ing Alkitab soal pésta bébas, pergaulan sing ora apik, lan pentingé ngutamakké Yéhuwah timbang pilihan pribadi.—Mat. 6:33; Rm. 13:13; 1 Kor. 15:33.

8. Njenengan isa nggolèk saran sakdurungé nggawé keputusan kuwi saka endi? (Deloken gambar.)

8 Mémang, njenengan kadhang isa éntuk saran saka para sedulur sing luwih berpengalaman. Tapi nèk riset dhéwé, njenengan bakal éntuk luwih akèh manfaat. Ana akèh banget sarana riset saka organisasi. Misalé, Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah lan Tuntunan saka Alkitab. Élinga, tujuané njenengan kuwi kanggo nggawé keputusan sing isa marakké Yéhuwah seneng.

Memahami karepé Yéhuwah (Deloken paragraf 8) b


9. Piyé bèn isa yakin nèk keputusané awaké dhéwé bakal nggawé Yéhuwah seneng? (Éfésus 5:17)

9 Piyé bèn isa yakin nèk keputusané awaké dhéwé bakal nggawé Yéhuwah seneng? Kudu ngerti tenan sik soal Yéhuwah. Ing Alkitab disebutké, ”Pengetahuan soal Sing Mahasuci kuwi disebut pemahaman.” (WB. 9:10) Dadi, bèn isa nduwé pemahaman, kudu ngerti sifat-sifaté Yéhuwah, sing Dhèwèké karepké, sing Dhèwèké senengi, lan sing Dhèwèké sengiti. Makané pikirna, ’Berdasarkan sing tak ngertèni soal Yéhuwah, aku kudu nggawé keputusan apa bèn isa nggawé Dhèwèké seneng?’—Wacanen Éfésus 5:17.

10. Ngapa kok ngetrapké pathokan ing Alkitab luwih penting timbang tradhisi keluarga utawa budaya?

10 Kadhang, kanggo nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé malah kudu melakukan sesuatu sing marakké keluarga utawa kanca dadi kecéwa. Misalé, sedulur wédok sing dipeksa wong tuwané kanggo nikah. Dhèwèké dikon nikah karo sedulur lanang sing sugih utawa isa ngekèki maskawin sing akèh, tapi kerohaniané sedulur lanang kuwi ora patia apik. Mémang wajar nèk wong tuwa péngin anaké kecukupan. Tapi sedulur wédok kuwi kudu mikirké, ’Apa sedulur lanang iki isa marakké hubunganku karo Yéhuwah dadi luwih apik?’ Apa pandhangané Yéhuwah soal iki? Jawabané ana ing Matius 6:33. Ing ayat kuwi disebutké nèk kabèh wong Kristen kudu ’ngutamakké Kerajaané Gusti Allah’. Meskipun péngin menghormati wong tuwa lan menghargai wong liya, sing paling penting kuwi nggawé Yéhuwah seneng.

DIPERTIMBANGKÉ TENANAN

11. Menurut Filipi 1:​9, 10, sakdurungé nggawé keputusan kudu nduwé apa?

11 Sakwisé mikirké pathokan ing Alkitab sing ana kaitané karo keputusan sing arep digawé, njenengan bakal nduwé pilihan-pilihan. Nah, kabèh pilihan kuwi kudu dipertimbangké tenanan. (Wacanen Filipi 1:​9, 10.) Nèk nduwé pertimbangan sing apik, njenengan isa mikirké sik manfaat utawa akibaté saka saben pilihan. Kadhang-kadhang ana keputusan sing nggawéné gampang, tapi ya ana sing ora gampang. Nah nèk nduwé pertimbangan sing apik, njenengan tetep isa nggawé keputusan sing bener meskipun situasiné rumit.

12-13. Apa manfaaté nduwé pertimbangan sing apik wektu ditawani gawéan?

12 Bayangna situasi iki: Njenengan lagi nggolèk gawéan kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Ana loro tawaran. Njenengan wis nggolèk kabèh informasi soal loro gawéan kuwi. Misalé soal gawéané kuwi apa, kerjané saka jam pira nganti jam pira, suwéné wektu kanggo mangkat mulih, lan liya-liyané. Loro gawéan kuwi ya ora apa-apa dilakukan wong Kristen soalé ora marakké dadi nglanggar pathokan ing Alkitab. Terus, mungkin ana salah siji gawéan sing luwih njenengan senengi merga gajiné luwih gedhé utawa mémang kuwi sing dikarepké. Tapi sakdurungé nggawé keputusan, ana hal-hal liya sing kudu dipertimbangké.

13 Misalé, apa saka loro gawéan kuwi ana sing bakal marakké njenengan ora isa rutin ngibadah ing jemaaté njenengan? Apa kuwi marakké keluargané njenengan ngrasa ora disayangi, dilindhungi, utawa digatèkké kerohaniané? Mikirké pertanyaan-pertanyaan kuwi isa mbantu njenengan luwih ngutamakké ”sing luwih penting”, yaiku ibadah lan kebutuhan keluarga, dudu nggolèk dhuwit luwih akèh. Hasilé, mengko isa nggawé keputusan sing marakké Yéhuwah seneng.

14. Nèk nduwé pertimbangan sing apik lan nduduhké nèk sayang wong liya, njenengan bakal piyé karo wong liya? Jelasna.

14 Nèk nduwé pertimbangan sing apik, mesthi ya bakal mikirké bèn aja nganti keputusan sing digawé kuwi marakké wong liya ”tersinggung”. (Flp. 1:10) Kuwi penting wektu nggawé pilihan soal pakaian lan dandanan. Misalé, mungkin awaké dhéwé seneng gaya utawa modhèl pakaian lan dandanan tertentu. Tapi, piyé nèk kuwi marakké para sedulur utawa wong liya sing dudu umaté Yéhuwah dadi risi? Nèk nduwé pertimbangan sing apik, mesthi bakal mikirké perasaané meréka. Nèk sayang, mesthi ya bakal ”mikirké kepentingané wong liya” lan berupaya tetep sederhana. (1 Kor. 10:​23, 24, 32; 1 Tim. 2:​9, 10) Hasilé, awaké dhéwé bakal nggawé keputusan sing nduduhké nèk sayang lan mikirké perasaané wong liya.

15. Sakdurungé menjalankan keputusan sing gedhé, apa waé sing kudu dipertimbangké?

15 Terutama wektu arep nggawé keputusan sing gedhé, kudu mikirké apa waé sing dibutuhké kanggo menjalankan sing wis diputuské kuwi. Yésus ngongkon awaké dhéwé kudu ”ngétung biayané”. (Luk. 14:28) Pikirna, ’Bèn keputusan kuwi isa berhasil, sepira akèhé wektu, sumber daya, lan upaya sing kudu njenengan tokké?’ Kadhang, njenengan mungkin butuh bantuan saka anggota keluarga, makané rembugen keputusan kuwi karo meréka. Bar rembugan kuwi, mungkin ana hal-hal sing kudu disesuaikké utawa malah keputusané kudu diubah. Nèk anggota keluarga dilibatké, meréka isa ngekèki saran-saran lan dadi luwih siap ndhukung keputusané njenengan.—WB. 15:22.

BÈN KEPUTUSAN ISA BERHASIL

16. Apa waé sing kudu dilakukan bèn isa nggawé keputusan sing bener? (Deloken kothak ” Langkah-Langkah Nggawé Keputusan sing Bener”.)

16 Nah, nèk wis mengikuti langkah-langkah sing mau disebutké, saiki njenengan siap nggawé keputusan. Njenengan wis ngerti kabèh informasiné lan ya wis ngerti pathokan-pathokané ing Alkitab. Nah bèn keputusané isa berhasil, njaluka bantuané Yéhuwah.

17. Njenengan isa nggawé keputusan sing bener kuwi sakjané merga apa?

17 Isa waé njenengan wis tau nggawé akèh keputusan sing berhasil. Tapi élinga, nèk kuwi dudu merga njenengan pinter utawa berpengalaman, tapi merga kawicaksanan saka Yéhuwah. Mung Yéhuwah sing isa ngekèki pengetahuan, pemahaman, lan pertimbangan sing apik. Kuwi hal-hal sing marakké njenengan dadi wicaksana. Dadi, élinga nèk kudu selalu ngendelké Yéhuwah. (WB. 2:​1-5) Nèk dibantu Yéhuwah, njenengan mesthi isa nggawé keputusan sing marakké Dhèwèké seneng.—Mzm. 23:​2, 3.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

a PENJELASAN GAMBAR: Sedulur-sedulur enom lagi ngomongké soal undangan pésta sing meréka tampa ing HP-né.

b PENJELASAN GAMBAR: Salah siji sedulur kuwi riset sik sakdurungé mutuské arep teka apa ora ing pésta kuwi.