Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

LAGU 132 Aku Kowé Dadi Siji

Wong-Wong Lanang, Ajènana Bojomu

Wong-Wong Lanang, Ajènana Bojomu

”Wong-wong lanang, . . . kowé kudu ngajèni bojomu.”​—1 PTR. 3:7.

INTI

Carané wong lanang mbuktèkké nèk ngajèni bojoné liwat omongan lan perbuatan.

1. Apa salah siji alesan Yéhuwah ngekèki anugrah perkawinan?

 YÉHUWAH kuwi ”Gusti Allah sing bahagia”. Dhèwèké ya péngin manungsa bahagia. (1 Tim. 1:11) Makané, Dhèwèké ngekèki akèh anugrah bèn manungsa isa seneng uripé. (Yak. 1:17) Salah sijiné kuwi perkawinan. Wektu nikah, wong lanang lan wong wédok janji nèk bakal saling menyayangi lan menghormati. Nèk terus saling menyayangi, meréka bakal bahagia.—WB. 5:18.

2. Piyé akèh-akèhé wong lanang saiki memperlakukan bojoné?

2 Sayangé, akèh wong sing nikah ora bahagia merga wis ora saling menyayangi lan menghormati kaya janjiné pas nikah. Menurut laporan saka Organisasi Keséhatan Dunia, ana akèh wong lanang sing kejem, omongané kasar, lan ngrèmèhké bojoné. Ing ngarepé wong liya mungkin meréka kétok sayang karo bojoné, tapi nèk ing omah ora kaya ngono. Terus, ana akèh wong lanang sing nonton pornografi. Kuwi marakké bojoné ngrasa ora disayangi lan ora bahagia.

3. Apa waé sing mungkin marakké wong lanang kasar karo bojoné?

3 Apa sing marakké ana wong-wong lanang sing kasar karo bojoné? Mungkin merga bapaké ya kejem. Makané, meréka mikir nèk kasar karo wong wédok kuwi ora apa-apa. Sing liyané mungkin merga budayané. Meréka mungkin kasar karo bojoné merga ora péngin dianggep wong lanang sing lemah. Ana manèh sing kèt cilik ora tau diajari carané ngendhalèni perasaané, termasuk émosiné. Terus, merga kerep nonton pornografi, ana sing akhiré nganggep wong wédok kuwi mung kanggo muaské nafsuné. Sakliyané kuwi, selama pandemi COVID-19, masalah iki ya dadi tambah parah. Tapi, ora soal apa waé alesané, wong lanang ora éntuk kasar karo bojoné.

4. Sedulur-sedulur lanang sing wis nikah aja nganti apa, lan apa alesané?

4 Sedulur-sedulur lanang sing wis nikah, aja nganti niru pandhangan sing salah soal wong wédok. a Soalé, biasané perbuatané wong dipengaruhi karo pandhangané. Rasul Paulus ngélikké wong Kristen ing Roma, ”Aja dipengaruhi karo donya iki manèh.” (Rm. 12:​1, 2) Wektu Paulus nulis surat kuwi, para sedulur ing Roma wis beberapa taun dadi Kristen. Tapi ternyata, ana sing isih terpengaruh karo kebiasaan lan pandhangané wong-wong sing dudu umaté Yéhuwah. Mulané, Paulus ngekèki naséhat bèn meréka ngubah pikiran lan tingkah lakuné. Naséhat kuwi ya bermanfaat kanggo sedulur-sedulur lanang sing wis nikah saiki. Sayangé, ana sedulur-sedulur lanang sing terpengaruh pandhangané donya lan dadi kasar karo bojoné. b Nah, Yéhuwah pénginé sedulur-sedulur lanang piyé karo bojoné? Jawabané ana ing ayat téma artikel iki.

5. Menurut 1 Pétrus 3:​7, wong lanang kuduné piyé karo bojoné?

5 Wacanen 1 Pétrus 3:7. Yéhuwah ngongkon wong-wong lanang bèn ngajèni bojoné. Nèk wong lanang ngajèni bojoné, berarti meréka ora bakal kasar utawa ngrendhahké bojoné, tapi menyayangi. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané wong lanang nduduhké nèk ngajèni bojoné. Tapi, sakdurungé kuwi bakal dibahas apa waé perbuatan sing nduduhké nèk ora ngajèni bojo.

PERBUATAN SING NDUDUHKÉ NÈK ORA NGAJÈNI WONG WÉDOK

6. Piyé perasaané Yéhuwah nèk wong lanang kasar karo bojoné? (Kolose 3:19)

6 Kekerasan fisik. Yéhuwah sengit karo wong sing kejem. (Mzm. 11:5) Yéhuwah terutama sengit karo wong-wong lanang sing kasar utawa jahat karo bojoné. (Mal. 2:16; wacanen Kolose 3:19.) Kaya sing disebutké ing 1 Pétrus 3:​7, nèk wong lanang kasar karo bojoné, hubungané dhèwèké karo Yéhuwah isa dadi rusak. Malah, Yéhuwah mungkin ora gelem ngrungokké dongané.

7. Menurut Éfésus 4:​31, 32, omongan sing kaya apa sing aja nganti diomongké wong lanang karo bojoné? (Deloken ”Keterangan”.)

7 Omongan sing kasar. Ana wong lanang sing seneng ngunèk-unèkké utawa omongané nylekit karo bojoné. Tapi, Yéhuwah ora seneng karo wong sing seneng ”nesu, ngamuk, nggetak-nggetak, [lan] ngrèmèhké”. c (Wacanen Éfésus 4:​31, 32.) Bahkan wektu ora ana wong liya, carané wong lanang omongan karo bojoné kuwi digatèkké Yéhuwah. Nèk wong lanang seneng ngomong kasar karo bojoné, hubungané dhèwèké karo bojoné isa dadi rusak. Tapi ora mung kuwi, hubungané dhèwèké karo Yéhuwah ya mèlu rusak.—Yak. 1:26.

8. Piyé perasaané Yéhuwah soal pornografi, lan apa alesané?

8 Nonton pornografi. Yéhuwah sengit banget karo pornografi. Nèk wong lanang nonton gambar-gambar sing saru, hubungané dhèwèké karo Yéhuwah dadi rusak, lan kuwi ya isa marakké bojoné dadi ngrasa ora berharga. d Yéhuwah pénginé wong lanang setya karo bojoné. Kuwi termasuk ora éntuk mikirké sing saru-saru. Yésus tau ngomong nèk wong lanang bahkan lagi ndelok wong wédok waé tapi nganti nafsu, sakjané dhèwèké wis ”laku jina ing njero atiné”. eMat. 5:​28, 29.

9. Ngapa kok Yéhuwah sengit banget nèk ana wong lanang sing melakukan kekerasan sèksual?

9 Kekerasan sèksual. Ana wong lanang sing meksa bojoné melakukan perbuatan sèksual sing marakké hati nuraniné bojoné dadi terganggu lan ngrasa ora disayangi. Yéhuwah sengit karo perbuatan sing égois lan ora berperasaan kuwi. Yéhuwah pénginé wong lanang menyayangi, alus, lan menghargai hati nuraniné bojoné. (Éf. 5:​28, 29) Lha terus, piyé nèk sedulur lanang wis terlanjur melakukan kekerasan karo bojoné utawa nonton pornografi? Piyé bèn dhèwèké ora mikir utawa nglakoni kaya ngono manèh?

PIYÉ BÈN ORA NGONO MANÈH?

10. Bèn ngerti carané memperlakukan bojoné, wong-wong lanang kudu piyé?

10 Bèn ora kasar utawa ngrendhahké bojoné manèh, wong-wong lanang kudu berupaya niru Yésus. Mémang Yésus ora tau nikah, tapi carané dhèwèké memperlakukan murid-muridé kuwi dadi conto sing apik kanggo wong-wong lanang soal carané memperlakukan bojoné. (Éf. 5:25) Misalé, gatèkna apa sing isa dipelajari saka carané Yésus omongan lan memperlakukan murid-muridé.

11. Piyé Yésus memperlakukan murid-muridé?

11 Yésus selalu apikan karo murid-muridé. Dhèwèké ora tau kejem, kasar, utawa ngrèmèhké meréka. Meskipun murid-muridé nyebut dhèwèké ’Guru’ lan ’Gusti’, Yésus ora tau nggunakké kuwasané kanggo nggawé meréka wedi karo dhèwèké. Yésus malah rendah hati gelem nglayani meréka. (Yoh. 13:​12-17) Yésus kuwi wataké alus. Yésus ngandhani murid-muridé, ”Sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku rendah hati. Kowé bakal seger manèh.” (Mat. 11:​28-30) Wong sing wataké alus kuwi ora berarti wong sing lemah. Malah, dhèwèké wong sing kuwat soalé isa ngendhalèni émosiné. Dhèwèké isa tetep tenang lan ora gampang kepancing nesu.

12. Piyé Yésus wektu omongan karo wong liya?

12 Wektu ngomong, omongané Yésus mesthi nguwatké lan nentremké ati. Yésus ora tau ngomong kasar karo murid-muridé. (Luk. 8:​47, 48) Bahkan, pas mungsuh-mungsuhé ngunèk-unèkké utawa mancing bèn dhèwèké nesu, Yésus ”ora mbales ngécé”. (1 Ptr. 2:​21-23) Kadhang, Yésus pilih meneng timbang jawabané marakké wong liya lara ati. (Mat. 27:​12-14) Kuwi conto sing apik banget kanggo sedulur-sedulur lanang.

13. Apa maksudé wong lanang ”bakal urip bareng karo bojoné”? (Matius 19:​4-6) (Deloken gambar.)

13 Yésus ngongkon wong lanang kudu terus setya karo bojoné. Wektu ngomong nèk wong lanang ”bakal urip bareng karo bojoné”, Yésus sakjané ngutip omongané Bapaké. (Wacanen Matius 19:​4-6.) Ing ayat kuwi, kata Yunani sing diterjemahké ”urip bareng” kuwi sakjané maksudé ”nèmpèl banget kaya dilém”. Dadi, ikatan perkawinan antara wong lanang karo bojoné kuwi kuduné kuwat banget nganti seolah-olah ora isa dipisahké. Nèk salah siji melakukan sesuatu sing nglarani pasangan hidupé, loro-loroné bakal menderita. Nèk bener-bener sayang karo bojoné, wong lanang ora bakal maca, nonton, utawa ngrungokké apa waé sing saru-saru. Dhèwèké bakal langsung nolak bèn ”ora ndelok sing ora ana gunané”. (Mzm. 119:37) Kaya Ayub, dhèwèké bertékad ”ora bakal ndelok wong wédok liya karo mikir sing saru-saru”.—Ayb. 31:1.

Wong lanang sing setya karo bojoné, ora bakal gelem ndelok sing saru-saru (Deloken paragraf 13) g


14. Bèn hubungané karo Yéhuwah lan karo bojoné apik manèh, apa waé sing kudu dilakukan wong-wong lanang?

14 Bèn hubungané karo Yéhuwah lan bojoné isa apik manèh, wong lanang sing wis melakukan kekerasan fisik lan omongané kasar kudu melakukan hal-hal iki: Pertama, kudu sadhar nèk perbuatané kuwi ora isa dianggep sepélé. Yéhuwah ngerti kabèh perbuatan lan omongané. (Mzm. 44:21; Pkh. 12:14; Ibr. 4:13) Keloro, ora éntuk nglarani bojoné manèh lan kudu ngubah kelakuané. (WB. 28:13) Ketelu, kudu ngakoni kesalahané lan tulus njaluk ngapura karo Yéhuwah lan bojoné. (Kis. 3:19) Dhèwèké ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn nduwé kepénginan kanggo berubah lan isa nglakoni sesuai karepé Yéhuwah. (Mzm. 51:​10-12; 2 Kor. 10:5; Flp. 2:13) Kepapat, kudu bertindak sesuai isi dongané, yaiku kudu sengit karo apa waé sing jahat. (Mzm. 97:10) Kelima, kudu langsung njaluk bantuané para pinituwa ing jemaat. (Yak. 5:​14-16) Keenem, mulai mikirké hal-hal sing isa dilakukan bèn sukmbèn ora mbalèni manèh perbuatan kuwi. Langkah-langkah kuwi ya isa ditrapké karo wong lanang sing wis nonton pornografi. Yéhuwah mesthi bakal mbantu upayané kanggo berubah. (Mzm. 37:5) Nah, sakliyané ora melakukan perbuatan sing ora ngajèni wong wédok, wong-wong lanang ya kudu nduduhké nèk ngajèni wong wédok. Carané piyé?

BUKTI NÈK NGAJÈNI BOJO

15. Piyé wong lanang isa nduduhké nèk sayang bojoné?

15 Nduduhké nèk sayang. Sedulur-sedulur lanang sing saben dina biasa nduduhké nèk sayang bojoné, isa menikmati perkawinan sing bahagia. (1 Yoh. 3:18) Cara nduduhkéné isa liwat hal-hal sing sederhana. Misalé, meluk utawa nggandhèng tangané bojoné. Dhèwèké mungkin ya isa ngirimi chat kanggo takon piyé perasaané bojoné dina kuwi, utawa ngomong nèk kangen. Kadhang-kadhang, dhèwèké isa nduduhké rasa sayangé kuwi nèk ngekèki kertu, kembang, utawa hadiah. Nèk melakukan kuwi, wong lanang mbuktèkké nèk ngajèni bojoné lan meréka bakal tambah saling menyayangi.

16. Ngapa kok wong lanang kudu seneng muji bojoné?

16 Menghargai upayané. Wong lanang sing ngajèni bojoné bakal berupaya bèn bojoné ngrasa disayangi lan dihargai. Salah siji carané, aja lali ngomong ”maturnuwun” kanggo apa sing wis dilakukan bojoné. (Kol. 3:15) Nèk wong lanang tulus wektu muji bojoné, sing wédok bakal ngrasa ayem, disayangi, lan diajèni.—WB. 31:28.

17. Wong lanang sing ora sak karepé dhéwé karo bojoné kuwi maksudé apa?

17 Kudu alus lan ora sak karepé dhéwé. Nèk sayang karo bojoné, wong lanang bakal nganggep bojoné kuwi hadiah sing berharga saka Yéhuwah. (WB. 18:22; 31:10) Mulané, dhèwèké ora bakal sak karepé dhéwé utawa kurang ajar. Tapi, bojoné bakal disayang-sayang, termasuk wektu meréka melakukan hubungan sèks. Dhèwèké ya ora bakal meksa bojoné melakukan apa waé sing marakké bojoné ora nyaman, ngrasa direndhahké, utawa hati nuraniné dadi terganggu wektu melakukan hubungan sèks. f Wong lanang kuwi ya ora bakal melakukan apa waé sing bakal marakké hati nuraniné dhèwèké terganggu.—Kis. 24:16.

18. Apa sing kuduné dadi tékadé wong-wong lanang sing wis nikah? (Deloken kothak ” Carané Wong Lanang Ngajèni Bojoné”.)

18 Yéhuwah mesthi menghargai upayané wong-wong lanang sing péngin ngajèni bojoné liwat omongan lan perbuatan. Makané, njenengan kudu bertékad bèn aja nganti nglakoni hal-hal sing isa nglarani perasaané bojoné njenengan. Tapi kudu alus, menghargai, lan sayang karo bojoné njenengan. Kuwi bukti nèk njenengan bener-bener nganggep bojoné njenengan kuwi berharga. Nèk terus ngajèni bojo, kuwi ya berarti njenengan lagi ngupaya bèn hubungané njenengan karo Yéhuwah tetep apik.—Mzm. 25:14.

LAGU 131 Sing Yéhuwah Dadèkké Siji

a Para sedulur lanang sing wis nikah, wacanen artikel ”Sedulur-Sedulur Lanang, Apa Njenengan Niru Carané Yéhuwah Memperlakukan Wong Wédok?” ing Warta Penting Januari 2024.

b Nèk njenengan korban KDRT, isa maca artikel ing jw.org utawa JW Library® sing judhulé ”Bantuan kanggo Korban Kekerasan dalam Rumah Tangga (KDRT)” ing bagian ”Topik Liyané”.

c KETERANGAN: Sing termasuk ”omongan sing ngrèmèhké” kuwi omongan utawa sebutan sing kasar, ngrendhahké, marakké cilik ati utawa lara ati, lan seneng nyalah-nyalahké. Dadi, apa waé sing diomongké wong lanang sing marakké bojoné lara ati utawa cilik ati, kuwi termasuk omongan sing ngrèmèhké.

d Deloken artikel ”Pornografi Isa Nggawé Perkawinan Dadi Ora Harmonis” ing jw.org lan JW Library®.

e Kanggo wong-wong wédok sing bojoné nonton pornografi, wacanen artikel ”Piyé Nèk Bojoné Njenengan Nonton Pornografi?” ing Warta Penting Agustus 2023.

f Ing Alkitab, ora ana perincian soal hubungan sèks sing kaya apa sing dianggep najis utawa ora najis ing antarané wong sing wis nikah. Kuwi isa diputuské dhéwé karo pasangan suami istri. Sing penting, keputusané kuwi kudu tetep ngluhurké Yéhuwah, isa marakké loro-loroné bahagia, lan hati nuraniné ora terganggu. Hal-hal kuwi sifaté pribadi lan ora perlu dibahas karo wong liya.

g PENJELASAN GAMBAR: Ing panggonan kerja, kanca-kanca sing dudu Seksi Yéhuwah ngejak sedulur lanang ndelok majalah porno.